Total Tayangan Halaman

Senin, 30 Januari 2023

SENJDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (010)


 

10.

       Kanthi alon-alonan Ki Lurah mlebet dhateng dalem, lajeng madosi papanipun tiyang ingkang nembe rerepen kala wau. Kadya sinamber gelap lepat tinubruk ing mong tuna, kejoting penggalihipun Ki Tambak Kapisan nalika pirsa ingkang nembe ngidungaken sekar kinanthi kinarya ngemban lare alit ingkang nembe beka kala wau. Miturut panyawangipun Ki Lurah, Ki Lurah pirsa menawi ingkang garwa nenggih Nyi Mirasih nembe anggendhong lan angemban putranipun kalih mlampah wira-wiri ngubengi papan patilemanipun Emban Sidhem. Tujunipun Ki Lurah taksih emut menawi ingkang garwa sampun sawatawis dangu anggenipun seda. Dados inggih boten lajeng daya-daya anyaketi. Malah kepara Ki Lurah lajeng mire anebih, nanging panggah pamirsanipun boten uwal saking wewujudanipun Nyi Mirasih ingkang nembe ngemban putranipun kala wau.

       “Mila hawanipun radi sumuk nggih Gus” kapireng dening Ki Lurah pawestri ingkang memper Nyi Mirasih menika gineman dhateng ingkang dipun emban, anggenipun rerepen kendel “nanging boten prayogi menawi Gus Swana lajeng beka. Jengandika menika trahing Kusuma rembesing madu, ingkang mbenjangipun badhe dados pandom lan panutaning para kawula dasih. Boten sae menawi remen beka. Sampun samangke prayogi enggal sare kemawon, keng abdi badhe anenggani anggen jengandika sare”.

       Sasampunipun wicanten makaten menika, pawestri ingkang kados Nyi Mirasih menika lajeng rerepen malih :

       Punapata jampinipun

       Godhong pasrah mring Hyang Widhi

       Berambang lebahing manah

       Temu teminah ing ati

       Adas uyah siring nala

Mung selawat puji dikir

 

Tegese dikir puniku

Manut marang Kanjeng Nabi

Muhammadinil Mustapa

Kalawan maknane dikir

Eling mring Pangeranira

Kang Agung Kang Maha Suci

 

Rerepen makaten kala wau dipun wongsal-wangsuli kaping kathah, satemah lare alit inggih putranipun Ki Lurah ingkang nami Jaka Swana utawi Jaswana menika lajeng tilem. Sasampunipun angler anggenipun tilem, dening ingkang ngemban lajeng dipun selehaken ing bandulan kangge tilemipun lare, dene ingkang ngemban lajeng nglajengaken anggenipun sesekaran asung panglipur dhateng ingkang dipun emong.

Ngantos dalu pawestri kala wau boten tilem, panggah linggih anenggani sarwi mbandul bayi Jaswana. Sanaoasa sampun boten kapireng anggenipun rerepen, suprandene pawestri ingkang miturut panyawangipun Ki Lurah memper ingkang garwa menika panggah boten tilem. Ing wasana Ki Lurah lajeng ngalih, mlebet dhateng patunggonipun piyambak, kalih mapan sare Ki Lurah tansah pitaken ing salebeting penggalih, sinten pawestri ingkang ngemban Jaswana inggih putranipun menika?.

Nembe ing siangipun Ki Lurah nimbali para rewang ingkang menawi dalu nyipeng ing dalem kalurahan mriku, dipun pundhuti pirsa babagan kedadosan kala dalu menika.

“Wangune mau bengi anakku si Jaswana rada rewel lan beka ya?” pandangunipun Ki Lurah dhateng para pawestri ingkang dados rewang ing dalem kalurahan mriku.

“Nyuwun pangapunten Ki Lurah” salah satunggal saking para rewang menika atur wangsulan “ketingalipun makaten, wiwit sonten Jaswana rewel. Nanging kula lan rencang-rencang boten mangertos, Jaswana dipun menapakaken dening Emban Sidhem ? jalaran wiwit rumiyin keng putra Jaswana menika purunipun inggih namung kalihan Emban Sidhem kemawon”.

“Dadi mau bengi sing ngemban lan nuru-nuru Jaswana ya Emban Sidhem?” Ki Lurah mundhut pirsa malih.

“Leres Ki Lurah” wangsulanipun rewang kala wau “malah boten namung kala dalu kemawon, saben siang lan dalu ingkang momong Jaswana inggih namung Emban Sidhem ingkang remenanipun rerepen kalihan ura-ura. Mila inggih kula lan kanca-kanca ingkang ngalahi, mire radi tebih, murih boten keganggu kalih suwantenipun Emban ingkang kados suwantenipun dandang tembaga borot ingkang sineret ing krikilan menika. Ugi kula sakanca nyuwun pangapunten Ki Lurah…….”.

“Ya gene padha nyuwun pangapura?” Ki Lurah ndangu dhateng rewang kala wau malih “kowe kabeh padha tumindak apa?”.

“Boten nglampahi tumindak menapa-menapa Ki Lurah, namung kula sakanca boten wonten ingkang wantun menging Emban Sidhem ingkang remen mlebet patunggonipun suwargi Nyai Lurah, malah ugi asring mendhet nyamping agemanipun Sawargi menapa” atur wangsulanipun rewang kala wau setengah wadul.

“Emban Sidhem wani mlebu patunggone Nyai Lurah?” Ki Lurah nyethakaken anggenipun wadul rewang kala wau “malah wani njupuk agemaning nyamping barang? Banjur dienggo dhewe ngono apa piye?”.

“Inggih Ki Lurah, kula sakanca nyuwun pangapunten, boten wantun menging, awit kula ngertos menawi Emban Sidhem menika embanipun sawargi Nyi Lurah ingkang wiwit rumiyin asring mlebet patunggonipun Nyi Lurah. Mila anggenipun mendhet nyamping menika boten dipun engge piyambak, nanging kangge ngemuli Jaswana. Ngaten menika rak kirang sae ta Ki Lurah? Mosok kemul enggal kemawon kathah, kok agemanipun tiyang ingkang sampun seda dipun engge ngemuli lare alit?” kalodhangan saged wicanten dhateng Ki Lurah menika dipun ginakaken saksae-saenipun dening para rewang kangge madulaken trekahipun Emban Sidhem.

“Saiki Emban Sidhem ana ngendi?” Ki Lurah lajeng mundhut pirsa malih.

“Dhateng pengkeran Ki Lurah” wangsulanipun rewang kasebat “nembe dolanan kalihan Jaswana, lare ingkang dereng saged gineman menapa-menapa kajawi namung gumujeng kalihan nangis menika dening Emban Sidhem asring dipun cariyosi neka-neka”.

“Ya coba mengko nek wis ana wektu longgar Emban Sidhem tak timbalane, tak jake guneman kanthi mirunggan” wangsulanipun Ki Lurah kepireng sareh, nelakaken raos sabaring penggalihipun.

Para rewang lajeng kadhawuhan bibaran, murih nindakaken kuwajibanipun piyambak-piyambak. Kantun Ki Lurah ingkang lajeng lenggah piyambakan. Ki Lurah ketingal kendel, nanging estunipun nembe menggalihaken bab Emban Sidhem ingkang miturut para rewang gadhah pakulinan ingkang aneh-aneh ingkang dipun tamakaken dhateng ingkang putra menika.

“Nek ngono, sing ngemban Jaswana mau bengi cetha nek Sidhem” makaten panglocitaning penggalihipun Ki Lurah “nanging ya gene kok memper banget karo Nyai Lurah? Lan ya kena diarani aneh, wangune mau bengi Sidhem ya ora turu lan ora leren, merga nunggoni lan mbandul Jaswana. Nek aku ngarani, rerepene Sidhem mau bengi kae suwarane kepenak, ora kaya dandang borot sing diseret kaya wadulane rewang-rewang mau. Ora mung kepenak dirungokne, nanging rerepen mau bengi kuwi nyata ngelingake yen titah kuwi kudu tansah eling lan duwe rasa pasrah marang purbaning Gusti. Ah……”.

Sasampunipun radi dangu anggenipun menggalih bab Emban Sidhem, Ki Lurah nunten mutusaken bilih badhe ngulat-ulati kanthi sesidheman, murih ingkang dipun ulat-ulati boten sumerep. Menapa ingkang dipun tindakaken Emban Sidhem mliginipun ingkang wonten sambung rapetipun kalihan Jaswana, putranipun. Salajengipun Ki Lurah ugi emut menawi sampun radi sawatawis dangu boten pirsa kawontenaning Dhusun Tambak ingkang dados tanggel jawabipun. Pitutur lan rembagipun Ki Gilar ingkang dugi kala wingi sonten menika, cumengkling malih angemutaken Ki Lurah murih boten kedangon anggenipun nglirwakaken Dhusun Tambak ingkang estunipun namung titipan saking Kanjeng Sinuwun ing Pajang ingkang wajib dipun reksa, dipun upakara lan dipun budidaya murih langkung sae lan ngrembaka. Lan menawi ngantos kedangon anggenipun lirwa, mangka tartamtu badhe kadosan dhateng Kanjeng Sinuwun Sultan Pajang minggahipun dhateng Gusti Ingkang Maha Kawasa.

Kados jaman dereng katilar seda ingkang garwa rumiyin, Ki Lurah tumunten miyos saking dalem Kalurahan badhe nganglang niti priksa kawontenaning Dhusun Tambak sarta tata pagesanganipun para kawula. Pundi ingkang sakinten mbetahaken kawigatosan ingkang mirunggan. Tindakipun Ki Lurah namung ndharat kemawon, boten nitih kapalipun nenggih Kyai Bandhangangin, ing pamrih saged langkung cetha anggenipun mirsani ingkang katitipriksa. Lan estu, samargi-margi Ki Lurah tansah anggetuni anggenipun nuruti manah sungkawa sadangunipun menika, awit nyata leres awit anggenipun nuruti manah sungkawa lan nglirwakaken kuwajibanipun, ndadosaken kawontenaning padhusunan sanget mrihatosaken.

Ki Lurah nunten ngersakaken mampir ing griyanipun salah satunggaling Bebau ingkang sadangunipun menika kapitados nindakaken pakaryan ingkang estunipun kuwajibanipun Ki Lurah. Inggih menika Ki Wungkul. Bebau ing Dhusun Sela. Suwaunipun ingkang kapasrahan Ki Lurah dede Ki Wungkul, nanging Ki Butulan, Bebau ing Padhusunan Kidul.  Nanging gandheng Ki Butulan sampun kamangertosan dening Ki Lurah bilih piyambakipun kirang mumpuni nanging langkung tumindak kumawasa lajeng Ki Lurah gentos mitados dhateng Ki Wungkul.

Sareng dumugi griyanipun Ki Wungkul, Ki Lurah rumaos ngungun awit griya menika ketingal sepen sanget. Nanging elokipun kori ing regol ngajeng kabikak wiyar, mracihnani menawi ingkang kagungan griya boten nembe kesah. Ki Lurah boten tumunten alok kula nuwun utawi uluk salam, nanging malah milang-miling mirsani kanan keringing griya, panggah sepi boten wonten menapa-menapa. Dumadakan lamat-lamat Ki Lurah mireng wonten tiyang langkung saking setunggal sami rerembagan ingkang boten cetha ingkang dipun rembag. Asalipun suwanten saking salebeting griya, kinten-kinten kemawon saking papan pringgitan ingkang mapan ing sawingkingipun pendhapa. Ki Lurah lajeng minggah ing pendhapa, lenggah ing satunggaling dhingklik ingkang mepet kalihan gebyog wates antawisipun pendhapa kalihan pringgitan. Ing mriku Ki Lurah saged midhangetaken anggenipun tiyang-tiyang ingkang rembagan ing pringgitan.

“nDika niku kudune ngertos Ki Sela, Ki Lurah menika nembe sungkawa malah sakalangkung ing sungkawanipun. Dados ndika sampun mewahi jibeging penggalihipun Ki Lurah. Menawi awakipun piyambak ngadhep lajeng ngaturaken menawi ndika nyelehaken jejibahan minangka wakilipun Ki Lurah, Ki Lurah saged-saged malah duka, awakipun piyambak malah dipun dukani kados dene lare alit ngoten nika” ingkang kapireng dening Ki Lurah suwantenipun Ki Jaladri Bebau Padhukuhan Tengah, ketawisipun Ki Bebau Tengah nembe wicanten dhateng Ki Wungkul.

“Inggih Ki Tengah, kula ngertos bab menika” lajeng kapireng suwantenipun Ki Bebau Sela suka wangsulan “nanging, ndika nggih kedah mesakne dhateng kula Ki Tengah lan Ki Wetan. Saben dinten boten wonten kendele menawi Ki Butulan utawi Ke Bebau Kidul menika tansah pados margi ngajak pasulayan kalihan kula, sedaya kawicaksanan kula tansah dipun ganggu lan dipun lepataken, temah sedaya dhawuh kawicaksanan saking Ki Lurah boten saged dumugi ngandhap, awit Ki Butulan mila julig gadhah tiyang ingkang saged kaginakaken mancasi kawicaksanan kula. Kula rumaos wirang dhateng Ki Lurah dene kawontenaning Dhusun samangke ketingal sansaya mundur kados makaten menika”.

Ki Lurah lajeng nyandhak menapa ingkang nembe dipun rembag para bebau ingkang nembe jagongan ing pringgitan griyanipun Ki Wungkul menika. Ptramila Ki Lurah nunten jumeneng badhe mlebet dhateng Pringgitan nusul ingkang nembe jejagongan.

 

Ana candhake

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...