09.
Kados
menapa sekeling penggalihipun Ki Tambak Kapisan boten saged kagambaraken mawi
ukara. Garwa ingkang sakalangkung dipun tresnani seda kunduran. Ngantos
pinten-pinten wulan Ki Lurah awis kersa paring pangandika, awis dhahar, ugi arang
sare. Wewayanginipun Nyi Mirasih tansah kumanthil kanthil ing padoning netra.
Kathah para sepuh mancakikining Dhusun Tambak sami atur pitutur, kathah para
kawula ingkang caos lelipur suprandene boten nyuda sungkawaning penggalihipun
Ki Tambak Kapisan. Nate kumlembar angen-angen ing manahipun Ki Lurah badhe nganyut tuwuh kemawon, badhe sumusul seda ingkang garwa, nanging
dumadakan Ki Gilar ingkang nate manggihi Ki Lurah ing margi nalika badhe kundur
rumiyin dumadakan ndugeni dalem Kalurahan, andilalah nalika samanten Ki Lurah
nuju lenggah piyambakan wonten ing Pendhapa, unjukanipun ugi sampun cumawis
nanging babar pisan boten dipun senggol.
“Aja
dadi atimu Raden Riyasa, kapeksa aku sowan mrene” tanpa mawi uluk salam
langkung rumiyin Ki Gilar sampun ngadeg ing ngarsanipun Ki Lurah, lajeng
wicanten.
“Ki
Gilar?” kalihan semu kejot ing penggalih Ki Lurah nyebut naminipun tiyang
ingkang nembe dugi menika.
“Bener
Ki Lurah” wangsulanipun Ki Gilar kalih mesem lan tanpa dipun acarani nunten
lenggah ing ngarsanipun Ki Lurah “aku kapeksa mrene maneh, merga aku weruh yen
ana wong sing ora ngerti yen dheweke iku ngerti, sing ora liya kajaba Ki Lurah Raden
Riyasa sing tuhu wicaksana”.
“Menapa
ingkang dipun kersakaken Ki Gilar?” Ki Lurah mundhut pirsa gegayutan kalihan tembung
ingkang dipun ucapaken Ki Gilar nembe kemawon menika.
“Nalika
aku wis duwe niyat mertobat marang Allah” Ki Gilar wicanten “dening Guruku aku
didhawuhi klambrangan utawa basa aluse ngumbara Lan sajroning ngumbara kuwi
mau, Guruku dhawuh yen aku bakal kepethuk wong papat ya iku kang kapisan Wong
sing ora ngerti yen dheweke kuwi ora ngerti, dhawuhe guruku yen aku ketemu wong
kang kaya mangkono iku, aku wajib mbudidaya murih wong ora ngerti kuwi bisoa
dadi ngerti. Lan wong kang mangkono mau, jebul akeh cacahe prasasat separoning
jagat diiseni dening wong ngono kuwi lan aku uga wis ngecakne dhawuhe Guru.
Nanging ora sethithik wong sing ora ngerti yen dheweke kuwi ora ngerti kuwi
banjur gelem ngerti. Mula pambudidaya sing didhawuhne guru marang aku iku sok
ya ana asile nanging ya so kora ana asile malah kepara arep nuwuhake pasulayan.
Mula yen nemoni kang mangkono mau aku banjur mire, wong sing ora gelem ngerti
kuwi kapeksa tak dohi”.
Mireng
wicantenipun Ki Gilar ingkang makaten menika, angen-angenipun Ki Lurah tumut katut
dhateng menapa ingkang dipun ucapaken dening Ki Gilar, temah sakeplasan saged supe
dhateng sungkawanipun.
“Mila
leres pangandika ndika menika Ki Gilar” Ki Lurah malah lajeng ngendika nanggapi
wicantenipun Ki Gilar “mulang tiyang bodho menika langkung angel katimbang mulang
tiyang pinter. Langkung-langkung mucal tiyang ingkang sampun rumaos pinter
kamangka kanyatanipun taksih bodho, menika langkung angel malih”.
“Mula
saka kuwi aku banjur milih ngedohi wong sing wis rumangsa pinter lan ora gelem
pinter kuwi mau” Ki Gilar nglajengaken anggenipun wicanten “dene wong kang
angka loro sing bakal tak pethuki sajroning pangumbaran yaiku, wong sing ngerti
yen dheweke iku ora ngerti. Iki uga wis akeh sing tak temoni, dhawuhe Guru wong
kang mangkono iku kena diibaratake wong sing lagi turu mula aku kadhawuhan
mbudidaya supaya nggugah wong sing ngerti yen dheweke iku ora ngerti kuwi. Awit
yen kongsi wong sing ngerti yen dheweke ora ngerti kuwi ora tumuli digugah lan
kebacut angler anggone turu, mangka negarane bakal dienggoni lan dikuwasani
dening wong sing ora ngerti yen dheweke ora ngerti kuwi mau”.
“Inggih
Ki Gilar” Ki Lurah nyaut wicantenipun Ki Gilar “mila taksih kathah titiyang
ingkang makaten menika kalebet ingkang mapan ing Dhusun Tambak ingkang sampun
dados tanggel jawab kula menika”.
“Dadi
ndika isih rumangsa duwe tanggung jawab marang Desa Tambak iki?” kepireng aneh
nanging ngemu perbawa Ki Gilar nyuwun pirsa dhateng Ki Lurah.
“Tamtu
kemawon taksih Ki Gilar” wangsulanipun Ki Lurah mawi suwanten radi minggah
manginggil “jer menika lakar kuwajiban kula minangka tiyang ingkang katitipan
panguwaos dening Kanjeng Sinuhun ing Nagari Pajang, kangge mangereh Dhusun
tambak menika”.
“Sokur
yen ndika Ki Lurah isih kelingan yen ndika kuwi mung dititipi dening kanjeng
Sultan Adiwijaya ing Pajang, dadi bakal ora angel nggonku arep mbudidaya caos
pemut marang ndika sing lagi supe”
“Aneh”
Ki Lurah nyaut rembagipun Ki Gilar kalihan nedahaken raos ngungunipun “menapa
ingkang kula supekaken Ki Gilar? Mangga kaparenga Ki Gilar ngemutaken”.
“Akeh,
Ki Lurah” wangsulanipun Ki Gilar kalihan mesem “ apa kudu tak udhale siji-siji?”
“Mangga
Ki Gilar”
“Sing
cedhak dhewe wae” Ki Gilar miwiti nyebat ingkang dipun supekaken dening Ki
Lurah “ndika ngrumangsani yen ndika iki dititipi dening Sinuhun ing Pajang
murih becike Desa tambak kene iki, nanging ndika lali yen dititipi kuwi kajaba
mbesuk sawayah-wayah bisa dipundhut dening sing kagungan, uga kasampiran
tanggung jawab murih barang sing dititipne ora bubrah, ora amoh. Nanging
kanyatane ndika wis lali, ndika kerep wae genti nitipake kuwajiban ndika marang
wong liya sing durung karuwan kuwat dipercaya. Lali ndika kuwi awit kagawa saka lali marang tembung ndika
dhewe, kaya sing ndika tuturake marang Ki Kitiran jaman Ki Kitiran lali banjur
gawe kisruh ing Tambak iring lor kae, kamangka lakon ndika iki ora beda karo
lakon sing disandhang dening Ki Kitiran. Mung kaceke ndika ora ngamuk, ora gawe
kisruhing liyan, nanging ndika luwih arep kesasar maneh nalika ndika nduwe
pangira lamun ndika bakal bisa nusul sisihan ndika menyang lokabaka kanthi cara
arep lampus dhiri, nalar kang mangkene iki uga jalaran saka ndika lagi lali
maneh, lali yen pati lan urip ndika kuwi dudu duwek ndika dhewe, nanging
kagungaNe. Malah sing keri dhewe iki, ndika uga lagi lali marang panyuwun ndika
marang Kang Maha Agung………”.
“Panyuwun
ingkang pundi Ki Gilar?” tanpa dipun sengaja Ki Lurah nyela wuwusipun Ki Gilar.
“nDika
nyuwun marang Hyang Agung murih kaparingan turun sing mbesuke bisa nyambung
sejarah ndika, nanging sawuse panyuwun ndika diwujudi malah ndika lirwakne,
babar pisan ora ndika gatekake. Tujune Gusti ora kurang dalan nggone ngayomi
kawulaNe, ana Emban kang tuhu setya marang bendarane, sanajan bendarane wis
kapundhut bali dening Gusti, nanging kuwajiban sing ditinggal dening bendarane
mau ditandangi kanthi legawaning ati tanpa pamrih apa-apa kajaba muhung murih
Jabang Bayi kuwi bisa slamet widada nganti tumekeng diwasa. Lan isih akeh maneh
lali sing cumondhok ana pribadi ndika Ki Lurah, yen ta tak udhal kabeh, sawengi
ora bakal ana pedhote, nanging aku ngerti yen ndika kuwi titah kang lantip ing
panggraita sarta lebda angolah rasa, kanthi mung tak tuduhne sethithik sing
ndika lalekne iki, mesthi bakal nuwuhake ndika bisa bali eling marang kabeh
sing ndika lalekne” kathah-kathah
anggenipun muwus Ki Gilar ingkang nedahaken menapa ingkang sampun kalirwakaken
dening Ki Lurah inggih awit saking anggenipun supe.
Njegreg
kadya tugu waja sinukarta, anjetung kados gunung, Ki Tambak Kapisan awit
ngrumaosi menawi ingkang kaucapaken dening prayangan sepuh ingkang nami Ki
Gilar menika sadaya mila leres. Sartanipun Ki Lurah ugi lajeng ngrumaosi bilih
panjenenganipun sampun anyingkur dhateng Ingkang Maha Wicaksana, temah namung
nuruti suwantening hawa napsu ingkang makantar-kantar anggenipun ngajak dhateng
lekas ingkang boten prayogi.
“Uwis
Raden Riyasa” dereng ngantos Ki Lurah ngendika menapa-menapa Ki Gilar sampun
wicanten malih “tak kira wis cukup nggonku nggugah saka nggonmu turu lan wis
cukup nggonku ngelingne saka anggon ndika lali, samengko aku njaluk pamit arep nutugne
laku klambrangan ngulat-ulati mbok menawa bakal kepethuk wong sing ngerti lamun
dheweke iku ngerti, ya kuwi wong sing sejatining guru sing bakal tak suwitani
kanggo nggayuh pangaksamaNe Dzat Kang Maha Suci”.
Rampung
wicanten makaten menika, Ki Gilar sampun musna, ical saking pandulu, wangsul
manjing alam antara ingkang boten kasat mata. Ki Lurah ingkang katilar ijen ing
pendhapa dalemipun, rumaos pajar penggalihipun kados dene tiyang lumampah wanci
panglong kedadak kepapag obor sewu. Kraos asrep penggalihipun Ki Tambak Kapisan
pindha tetuwuhan ingkang ranggas ron-ronipun awit dangu kapanggang panasing
mangsa katiga, kedadak kedhawahan jawah deres ing wanci mangsa labuh.
Cangkir
tembaga isi unjukan ingkang kala wau kaladosaken dening abdinipun nalika Ki
Lurah wiwit lenggah kala wau nunten kacandhak, kacecep kangge nelesi
gorokanipun ingkang sampun kraos menawi sampung radi garing. Ki Lurah tumunten
jumeneng, badhe nuweni ingkang putra ingkang katengeran mawi asma Jaka Suwana
utawi Jaswana, ingkang sadangunipun menika boten nate kapirsanan babar pisan
awit saking sungkawaning wardaya.
Nalika
Ki Lurah mlebet dalem tengah badhe madosi putranipun, tilaraning sawargi ingkang
garwa, lamat-lamat kapireng suwantenipun pawestri ingkang nembe rerepen ngemban
lare alit ingkang sajakipun nembe beka :
“pitik
tulak pitik tukung
Panulake
jabang bayi
Si
tulak bali mrakatak
Si
tukung makungkung margi
Sarap
sawan padha lunga
Cacing
kremi padha mati”.
Suwanten
rerepen menika kapireng nganyut-anyut, ketawis menawi ingkang nebangaken boten
namung waton nyekar, nanging linandhesan panyuwun puji dikir sarta donga konjuk
dhateng Gusti Kang Maha Suci. Penggalihipun Ki Lurah sansaya angles, kepengin
enggal wangsul ngambah margi ingkang leres, anyaket dhateng Gusti ingkang
sampun sawatawis wekdal siningkur awit nuruti sungkawaning manah ingkang yektosipun
tanpa pedah.
Ana
candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar