08.
Sanaosa
upacara slametan sampun katindakaken dening para warga jumbuh kalih
pamundhutipun Ki Lurah, nanging Ki Lurah boten kesesa kundur dhateng dalem
Kalurahan. Panjenenganipun taksih ngersakaken pirsa menapa Ki Kitiran tuhu
nuhoni menapa ingkang dipun criyosaken, inggih menika lajeng ngajak wangsul
kethek-kethek ingkang dipun engen menapa boten. Saestu, nalika para warga sampun rampung
anggenipun nindakaken slametan, sekul ambengan jangkep salawuhipun ingkang
kawadhahan encek ingkang kadamel saking papah pisang dipun tilar ing ara-ara
sakilening padhukuhan, Ki Lurah, Ki Bebau miwah para sapukawating dhusun sami
mire radi tebih, saperlu ngulati ara-ara ingkang kebak sekul ambengan menika.
Boten watawis dangu ketingal para kethek ingkang boten kasumerepan saking pundi
duginipun, sampun wonten ing ara-ara mriku lajeng sami nedha sekul ambengan
kala wau ngantos telas tapis boten nisa babar pisan. Sasampunipun para kethek
menika rampung anggenipun nedha, ketingal wonten satunggaling priya ingkang
abusana brahmana, ngagem jubah tuwin
serban warni cemeng, astanipun nyepengi tasbeh ingkang dipun pipil mubeng,
ingkang kados ing cariyos wayang ngaten menika, mandhap saking awang-awang lajeng
asung sasmita dhateng para wanara murih sami ngetut lampahipun. Para munyuk
ketingal sami tanggap ing sasmita lajeng sami jumangkah ngetutaken priya
abusana brahmana kala wau tumuju wana ing sisih kilen. Nanging eloking
kawontenan, saderengipun priya ingkang ngagem busana Brahmana lan para wanara menika
dumugi wana, dumadakan sampun ical saking pandulu.
“Ki
Bau lan para sedulurku kabeh” sasampunipun ingkang dipun pirsani boten katingal
malih Ki Lurah lajeng ngendika dhateng Ki Widhig lan para sapukawating
padhusunan tuwin sebagean para warga “Ki Kitiran nyata wis netepi kasaguhane,
ninggalake desa kene temenan, mula saiki enggal padha balia menyang omah ndika
dhewe-dhewe. Aku ya arep tumuli mangkat mulih. Mung welingku marang ndika
kabeh, sanadyan kethek-kethek kae wis padha lunga, ndika kabeh aja nyuda
kaprayitnaning batin, jalaran tekane bebaya kuwi ora mesthi aweh wewara luwih
dhisik”.
“Inggih
Ki Lurah, boten langkung kula sakanca namung saged ngestokaken dhawuh” atur
wangsulanipun Ki Widhig makili para sapukawat lan warga dhusun.
Ki
Lurah Tambak Kapisan lajeng nitih kapalipun ingkang kaparingan nami Kyai
Bandhang Angin. Ginelak wani plajengipun Kyai Bandhang Angin, daya-daya dumugia
ing dalem Kalurahan. Wonten raos kapang ing penggalihipun Ki Lurah ingkang
angel dipun suyudi, inggih raos kapang dhateng ingkang Garwa nenggih Nyi
Mirasih ingkang anggenipun nggarbini sampun sepuh lan nyaketi wancinipun babaran.
Tindakipun
kundur Ki Tambak Kapisan ing margi kepalang wekdal seraping surya. Ki Lurah
emut bilih ing wanci makaten kala wau wonten kuwajibaning gesang dhateng
Gustinipun ingkang boten kenging dipun tilar. Mila Ki Lurah lajeng kendel ing
sacaketing kalen alit ingkang toyanipun mili kapireng kumricik. Ki Lurah nunten
sesuci lan nindakaken panembah dhateng Gustinipun.
Nalika
Ki Lurah sampun rampung anggenipun nindakaken sembahyang maghrib, salebeting
manah badhe tumunten nutugaken lampah. Nanging dumadakan tanpa dipun sumerepi
asalipun, ngertos-ngertos ing wingkingipun Ki Lurah sampun wonten setunggaling
tiyang jaler ingkang lenggah sajak ngentosi anggenipun sembahyang Ki Lurah
rampung.
“Nyuwun
pangapura Ki Lurah, yen tekaku ana kene wis gawe kejoting penggalih ndika”
tiyang sepuh kala wau ngrumiyini wicanten saderengipun Ki Lurah ical raos ngungunipun
dene tanpa kamangertosan jebul sampun wonten tiyang ing sacaketipun.
“Inggih
boten dados menapa Kyai” Ki Lurah paring wangsulan mawi basa krama, salebeting penggalih
paring aos dhateng tiyang ingkang langkung sepuh “nuwun sewu, Kyai menika
sinten? Lan wonten kersa menapa dene mrepegi kula?”.
“Oh,
satemene aku iki klebu wong sing ora baku, dadi saupama ora ana sing weruh
jenengku ya ora ndadekne kapitunan apa-apa” wangsulanipun tiyang sepuh kala wau
kalih gumujeng nyekikik “nanging nek ndika kepengin weruh sapa jenengku ya tak
blakani wae, jenengku Gilar, aku iki titah sing kakehan dosa sing lagi nyadhong
sih kawlasane Gusti muga bisa oleh pangapura, aku ora duwe papan sing jothok,
mung klambrangan ing alam antara. Dene sedyaku nyaketi Raden Riyasa iki mung
sepele wae, ya iku aku kepengin weruh klawan caket marang ndika. Jalarane
kepenginku mangkono mau, awit aku mau bengi krungu ndika asung pitutur sing
tuhu luhur marang Ki Kitiran”.
“Pitutur
ingkang pundi Kyai?” Ki Lurah rumaos nggragap salebeting penggalih, awit boten
nyana menawi ingkang nembe ngajak wicanten menika jebul dede manungsa limrah,
mbok bilih kemawon bangsanipun prayangan.
“Pitutur ndika marang Ki Kitiran sing wis
kesasar ngambah dalan kang luput” Tiyang sepuh ingkang ngaken nami Gilar wau
atur wangsulan “merga ora narimakne panduming Gusti kang mundhut Nyi Kitiran
bali menyang alam langgeng. Mungguhku kuwi pitutur sing tuhu luhur, jalaran
keh-kehane manungsa kuwi padha rumangsa yen gadhah kamangka tenane mung sadrema
nggadhuh kagungane Gusti kang tinitipake marang dheweke. Wong sing bisa nampa
kanthi legawa marang pitutur ndika kuwi mung wong sing pinilih, tegese
akeh-akehe manungsa bakal muring yen krungu pitutur saka ndika kang mangkono
iku, mligine manungsa sing lagi rumangsa kelangan sing rumangsane barang
darbeke. Klebu Ki Kitiran sing maune arep nesu lan meh wae ngajak kerengan
ndika, nanging wekasane kasoran prabawa nalika ndika ndudut Kyai Pantek saka
warangakane”.
“Mila makaten Kyai” Ki Lurah paring
tanggapan dhateng Ki Gilar “kathah titah ingkang wujud manungsa menika ingkang supe,
mila pancen supe menika sampun dados sandhanganing manungsa, nanging
sabegja-begjanipun tiyang ingkang nembe supe menawi nunten kaparingan emut
bilih piyambakipun menika namung titah ingkang katitipan dening Gusti wujud
panguwaos, kalangkungan, kapinteran, kasugihan lan sanes-sanesipun, ingkang
kedahipun tansah emut bilih sawanci-wanci titipan saking Gusti menika badhe
dipun pundhut lan manungsa boten kawenangaken ndaga karsaning Allah”.
“Bener apa sing ndika kandhakne Ki Lurah”
wicantenipun Ki Gilar salajengipun “gandheng aku wis bisa caket karo ndika,
atiku wis krasa lega lan marem, saiki menawa ndika ngersakne nerusake kundur,
aku mung bisa ndherekne kanthi pandonga rahayu. Lan aku uga arep nutugne
nggonku klambrangan ing alam antara, mung pamujiku marang ndika Raden Riyasa
muga-muga ndika ora mung dadi wong sing wasis aweh pututur nanging uga dadia wong sing wasis nampa pitutur lan
sembada nindakne apa sing dikandhakne”.
Dereng ngantos Ki Lurah Tambak Kapisan paring
wangsulan, tiyang sepuh ingkang nami Gilar menika dumadakan sampun musna, ical
saking pandulu. Ki Lurah inggih namung mesem kemawon. Tumuli jumeneng lan
tindak nyaketi Kyai Bandhangangin inggih titihanipun, badhe kaajak nglajengaken
lampah.
Sasampunipun radi sawatawis dangunipun Ki
Tambak kapisan nggelak kanthi rikat plajengipun Kyai Bandhangangin, wasana
dumugi ing dalem kalurahan. Nanging nalika Ki Lurah badhe mlebet griya,
salebeting manah dumadakan ngraosaken bilih wonten ingkang beneh kalihan
padatan. Ing pendhapa ketingal kathah tiyang jaler ingkang sami tumungkul sarwi
maos pamuji lan pandonga, temah sami boten sumerep menawi Ki Lurah rawuh. Ki
Lurah inggih lajeng bablas mlebet dhateng dalem tengah lan badhe madosi ingkang
garwa. Nanging dumadakan Ki Lurah rumaos kejot ing penggalih, nalika dumadakan
saking dalem wingking ketingal Emban Sidhem ingkang lumampah sajak kesesa
lajeng mrepegi panjenenganipun, kanthi praupan sajak bingung.
“Ana apa Sidhem? Kok katone ana sing
beneh klawan padatan?” Ki Lurah daya-daya ndangu Emban kinasihipun Nyai Lurah.
“Atur uninga Ki Lurah” Emban Sidhem atur
wangsulan “ketingalipun Nyai Lurah badhe mbabar, wiwit seraping surya kala wau
Nyai Lurah anyakiti tandha-tandha menawi ingkang putra sampun wancinipun badhe
miyos”.
“Nanging ya gene kowe malah ketok nek
bingung?” Ki Lurah mundhut pirsa malih.
“Anggenipun babaran mBok Mas Lurah radi
randhat Ki Lurah” atur wangsulanipun Emban Sidhem “niki wau kula medal badhe
nekad kengkenan tiyang ingkang nembe cundhuk kemit murih nusul lan atur uninga
dhateng jengandika Ki Lurah, sanaosa dening mBok Mas Lurah kula dipun penging.
Kala wau kula taksih ndherek kersanipun mBok Mas, lajeng kula ngabari tiyang
ingkang nembe rondha murih ngaturi para santri supados mbantu donga puji. Andilalah
Ki Lurah ugi sampun rawuh dados inggih kaleresan sanget. Samangke mangga Ki
Lurah manjing ing sanggar pamujan nenuwun dhateng Gusti murih miyosipun ingkang
putra kaparingan gangsar, kula badhe wangsul ngancani para Dhukun Bayi ingkang
badhe nampeni rawuhipun ingkang putra langkung rumiyin”.
Boten ngentosi wangsulan, Emban Sidhem
tumunten wangsul mlebet ing papanipun Nyai Lurah ingkang badhe nglahiraken. Ki
Lurah ugi lajeng nindakaken sesuci tumunten nindakaken puji donga nyuwun
dhumateng Allah mugi-mugi anggenipun babaran Nyai Lurah kaparingan gangsar.
Boten watawis dangu, kapireng suwantenipun bayi nangis. Ki Lurah lajeng ngrampungi
anggenipun muji donga, penggalihipun rumaos lega awit jabang bayi sampun miyos.
Boten dangu tumunten wonten pawestri ingkang medal saking patunggonipun Nyai
Lurah, ngaturi Ki Lurah murih mirsani ingkang putra ingkang nembe miyos kala
wau.
“Piye Nyai kahananmu Nyai?” Ki Lurah
mundhut pirsa dhateng garwanipun ingkang taksih sarean kanthi wadana ingkang
ketingal sakalangkung pucet, malah socanipun ugi dipun remaken.
“Pangestunipun Ki Lurah, ingakang putra
sampun miyos lan mijil Kakung Ki” atur wangsulanipun Nyai lurah kepireng alon “nanging
kados pundi menika Ki Lurah? Dugi mripat kula boten purun kula ajak melek, kula
ngantuk sanget Ki, kula kepengin sanget tilem”.
“Iya Nyai” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah “nanging
aja mbok turuti, Nyai aja turu, kuwi ora becik”.
Boten ngemungaken Ki Lurah ingkang paring
pitutur murih Nyai Lurah boten sare, sanadyan para Dhukun Bayi ingkang sami
wonten mriku ugi sami matur dhateng Nyai Lurah murih saged ngampet raos
ngantukipun lan boten sare.
Nyai Lurah boten wangsulan menapa-menapa,
nanging socanipun ugi boten dipun bikak. Nyai Lurah sampun kelajeng sare. Ki
Lurah lan para Dhukun Bayi ingkang wonten ing mriku sami bingung, Nyai Lurah
dipun wungu nanging sampun boten semaur malih. Ambeganipun Nyai Lurah kepirang
sansaya cekak, wadananipun katingal sansaya pucet. Lan pungkasanipun Ki Lurah
pirsa menawi ingkang garwa nggeget waja, lajeng kendel boten ebah malih. Nyai
Lurah sampun seda kunduran, limrah sinebat Nyai Lurah Seda ing madyaning Perang
sabilullah………….
Ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar