07.
Sadumugining
griyanipun Ki Widhig, Ki Lurah nunten nindakaken kuwajibaning gesang dhateng
Gustinipun. Ki Widhig lan para warga ingkang wau sami ndherek Ki Lurah ugi
kathah ingkang lajeng ndherek nindakaken panembah ing wanci enjing.
Sasampunipun menika, Ki Widhig kaprentah supados nglempakaken para warga
sanesipun ing pendhapa griyanipun. Suwanten thonthongan kajeng elo ingkang
dipun tabuh Ki Bau mawi irama Dara Muluk
ambal kaping tiga, sampun ngagetaken para warga ing wanci enjang punika. Sadaya
sami daya-daya ndumugeni griyanipun Ki Bau kalihan pitaken salebeting manahipun
piyambak-piyambak, sampun wonten kedadosan menapa dene ing wanci enjing
saderengipun surya jumudhul Ki Bau sampun ngersakaken para warga mlempak ing
griyanipun.
“Para sedulurku kabeh” dhawuhipun Ki Bau
dhateng para warganipun sasampunipun sedaya sami mlempak, lenggah kupeng ing joganing
pendhapa “padha ndadekna ing kawruh ndika kabeh, ya gene mau bengi
kethek-kethek sing padatan padha pating cruwet ngganggu katentreman ndika
kabeh, ora ana sing padha mara?.”
Tiyang-tiyang sami gumrenggeng piyambak,
radin-radin sami nelakaken raos gumunipun dene kala dalu boten kaganggu dening
kethek-kethek siluman ingkang padatan damel gegering dhusun.
“Kang mangkono iku mau, iya awit saka
pambudidayane Ki Lurah kang wis mapag tekane para kethek-kethek ing dalan
sakulone desa kana mau bengi, temah kethek-kethek siluman kae ora sida mlebu
desane dhewe kene” Ki Bau nyethakaken menggah ingkang dados sabab kala dalu
kethek-kethek boten sami dugi “sabanjure, murih kethek-kethek siluman kae ora
teka lan ora ngganggu awake dhewe lan ora ngrusak tandurane dhewe sing ana sawah
lan pategalan, ana sarana sing kudu awake dhewe tindakne. Lha saranane apa, aku
dhewe durung mangerteni, Ki Lurah ingkang pirsa lan bakal didhawuhake marang
awake dhewe, mula tak jaluk para sedulurku kabeh, padha siyagaa nampa dhawuh
saka Ki Lurah”.
“Inggiiiiiiiiih” para warga sami sayuk sesarengan
atur wangsulan.
“Sedulurku kabeh” sasampunipun para warga
sami anteng siyaga nampi dhawuh, Ki Lurah tumunten ngendika “tenane ngono, mau
bengi kuwi aku lan Ki Bau sarta para sapukawate padhukuhan padha nyegat tekane
kethek-kethek siluman ing Gubug sing digawe ana kulone desa kene wingi kae. Iya
awit saka palimirmaning Gusti, nggonku mbudidaya bisa nemoni sing angon
kethek-kethek kae bisa kasembadan. Mau bengi aku klakon bisa lungguh sapajagong
karo sing angon kethek-kethek kae ana gubug kana, lan sing angon kethek-kethek
kuwi dikancani karo sing diengon sing ewon cacahe. Nanging gandheng sing angon
lan sing diengon kuwi kalebu golongane bangsa lelembut sing tenane duwe papan
lan panggonan dhewe, sing beda karo papan lan panggonane bangsa kasar kaya
awake dhewe iki, mbok menawa wae sing diweruhi dening sedulur-sedulur sing
ngancani aku mau bengi rada beda…….”.
“Leres Ki Lurah…..” salah satunggaling
sapukawat padhukuhan sumela atur “kula sakanca ingkang ningali saking
katebihan, boten sumerep kethek-kethek babar pisan, namung mireng suwantenipun
ingkang nggegirisi lan sumerep wewujudan kados lintang ingkang boten kantenan
cacahipun lan warninipun wonten ingkang Abrit, Cemeng, Jene saha Pethak
kumrutug manjing dhateng gubug ingkang dipun lenggahi Ki Lurah lan nalika meh
wanci gagat rahina kala wau, wewujudan menika sami mumbul dhateng langit malih.
Estunipun wewujudan aneh kala wau kedadosan saking menapa Ki Lurah?”.
“Ya kuwi wujude lelembut sing wingi-wingi
nganggo rerupan kethek sing padha teka ing padhukuhan iki kisanak” dhawuh
wangsulanipun Ki Lurah sarwi mesem “rerupaning lelembut sing mawa rupa sing
beda-beda kuwi tenane mung pasemon sing nggambarake sipat sing ana ing awakku
lan awak ndika kabeh. Ya iku sipat abang kang nggambarake nafsu Amarah, sipat kuning
sing nggambarake nafsu Supiyah, Ireng minangka pralambang nafsu Aluamah dene
kang rupane putih minangka pangenthaning nafsu Mutmainah. Ing donya iki kabare
akeh menungsa sing cilaka merga kena ganggu gawene lelembut, satemene beja lan
cilakane manungsa kuwi sing akeh ya merga saka lelembute dhewe sing kaprah
diarani nafsu patang perkara mau. Yen pinter nggone ngengon lakuning nafsu kang
patang prakara mau, bisa ndadekne mulya lan muktine manungsa dene yen ta ora
gelem momong kanthi becik temah seneng ngumbar lakuning nafsu salah siji utawa
kabeh kang cacah papat mau, manungsa bisa cilaka dadi mangsane nafsune dhewe”.
“Inggih Ki Lurah” ingkang atur wangsulan
namung Ki Widhig, dene tiyang anesipun sami tumungkul anggagas kanthi lebet
menapa ingkang dipun dhawuhaken Ki Lurah Tambak Kapisan, inggih Ki Lurah Raden
Riyasa.
“Sabanjure” Ki Lurah nglajengaken anggenipun paring dhawuh
“sawuse aku kepethuk lan jagongan karo sing angon kethek-kethek sing sejatine
bangsa lelembut kuwi, aku banjur ngerti ya gene kethek-kethek kuwi padha ngamuk
ngrusak tetanduran lan gawe kisruh ing padhukuhan ndika kabeh iki”.
“Menapa ingkang dados jalaranipun Ki Lurah?”
Ki Widhig nyela atur nyuwun pirsa dhateng Ki Lurah “menapa jalaran wonten warga
utawi kawula ing mriki ingkang awit boten mangertos sampun ngganggu damel
dhateng para kethek menika?”.
“Ora Ki Bau” dhawuh wangsulanipun Ki
Lurah sarwi mesem “papane Kethek-kethek kuwi adoh saka panggonane dhewe, jeneh
wis beda alam, dadi ya mokal yen awake dhewe ngganggu gawe marang kethek-kethek
mau”.
“Nanging kasunyatanipun Kethek-kethek wau
kados-kados nembe nesu dhateng warga mriki Ki Lurah?” Ki Widhig nyuwun pirsa
malih.
“Bener Ki Bau” Dhawuh wangsulanipun Ki
Lurah “anane Kethek-kethek mau utawa luwih pase sing angon kethek-kethek mau
padha nyuntak kanepsone ing desa ndika iki, jalaran awit iya saka bodhone temah
salah tampa lan gawe gendra, merga saking bodhone kang ora bisa narima sih-E
Kang Maha Wicaksana. Cethane mangkene : Wiwit biyen sing kajibah angon
kethek-kethek kae dumadi saka wong sajodho, ya iku Ki Kitiran lan Nyai Kitiran,
dene manggone ana alam sonya luri sing ana ing sisihe alam wadhag telenging alas
kulone desane dhewe iki. Lha durung suwe iki, awit saka sih-E Kang Maha Kawasa
Nyai Kitiran sing uga sisihane Ki Kitiran, kapulung bali ing Alam Langgeng
dening Gusti kang Maha Agung, temah kang dingerteni Ki Kitiran lan para sing
diengon, Nyi Kitiran ilang. Ki Kitiran bingung rumangsa kelangan bojo, banjur
ngajak kabeh andhahan sing diengon nggoleki sisihane nganti tekan papan kene
iki. Gandheng olehe nggoleki tansah ora nemokne asil, wekasan Ki Kitiran lan
para sing diengon dadi liwung banjur tumindak kaya sing padha ndika weruhi
sasuwene iki”.
“Dados makaten inggih Ki Lurah?” Ki
Widhig matur nyela rembug “lajeng kadospundi salajengipun?”
Para warga Dhusun Tambak Iring Ler
ingkang ugi sami mireng dhawuh pangandikanipun Ki Lurah ingkang makaten kala
wau ugi sami kalihan Ki Widhig. Sami anggenipun ngungun lan sami anggenipun
kepengin sumerep kados pundi murih lepas saking pangganggunipun para kethek
lelembat kala wau.
“Maune Ki Kitiran arep ora nggugu marang
kandhaku malah kepara arep salah tampa” Ki Lurah nglajengaken anggenipun paring
pangandika “kandhaku kang ngandhakne yen Nyai Kitiran kuwi wis kapundhut bali
ing ngarsane Gusti lan minangka kawula kang mung duwe wewenang nggadhuh sing
ora gadhah, becike nampa kanthi ikhlas apa kang dadi pepesthene Kang Maha
Agung, ora banjur nggoleki tekan ngendi-endi malah gawe bubrahing kahanane
wong-wong sing ora weruh jawane ngono kuwi. Ki Kitiran banjur nguman-uman aku,
malah maido yen aku bisa guneman mangkono kuwi mau jalaran aku ora ngrasakne
rekasaning atine sing wis kelangan bojo sing banget ditresnani, malah dheweke
uga banjur guneman yen aku sing kelangan bojo kaya dheweke kuwi kira-kira aku
wis edan ngluwihi dheweke. Lan isih akeh maneh olehe nguman-uman aku, sing
wekasane arep gawe cilakaku barang”.
“Sareng Ki Kitiran boten purun nggega
dhawuhipun Ki Lurah, lajeng Ki Lurah kados pundi?” Ki Widhig nyuwun pirsa
malih.
“Gandheng Ki Kitiran salah tampa lan arep
nesu marang aku, aku banjur ngunus piyandele Desa Tambak, ya Keris Kyai Pantek
iki” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah sarwi nudingi wangkingan ingkang dipun agem “wasana
Ki Kitiran dadi kaget lan takon marang aku ana sambung rapete apa antarane aku
karo Kanjeng Sinuhun ing Pajang. Bareng tak jarwani apa anane, Ki Kitiran
banjur kaweden lan asok kaluputan marang aku sarta nyadhong pangapura awit
tumindake sing wis gawe kisruhe kawula ing Desa kene iki”.
“Ha.. ha…ha..ha, rumangsane Ki Kitiran
kuwi sing diadhepi sapa? Arep wani karo Trahe Kanjeng Sultan Adiwijaya kuwi rak
padha karo arep nandur rekasaning urip
sing bakal nguwohake kasangsayan selawase ha ha ha” salah satunggal saking para
warga ingkang mireng dhawuhipun Ki Lurah, gumujeng sarwi ngudarasa ingkang
kawedal ing lisanipun.
“Aku ya ora kabotan aweh pangapura marang
Ki Kitiran saandhahane pisan, watone Ki Kitiran gelem tumuli ngajak sing
diengon bali marang papane sakawit” boten nanggapi panglocitaning warga kala
wau, Ki Lurah nglajengaken anggenipun ngendika “Ki Kitiran uga banjur nyaguhi
apa sing dadi panjalukku, nanging gandheng para andhahan sing diengon wektu iki
lagi keluwen lan bingung akeh kang ora weruh dalan, mula banjur nembung njaluk pangan
lan sangu kanggo bali. Dene wujude panganan lan sangu sing dijaluk ya iku :
Ambengan sega beras, diwadhahi encek saka papah gedhang, jangkep salawuhane
pisan dene sangune wujud pandonga marang Gusti Kang Maha Agung muga-muga lakune
bali Ki Kitiran lan sing diengon kaparingan slamet. Mulane dina iki uga tak
prentahne marang ndika kabeh supaya mujudi apa sing dadi panjaluke Ki Kitiran
mau, saben wong saomah tak prentah supaya yasa ambengan sega jangkep salawuhe pisan
diwadhahi encek saka papah gedhang, mengko ing wanci bakdal ngasar padha
selehna ing ara-ara sakulone desa. Marang Ki Kaum tak suwun kersaa paring
barokah macakne donga slamet marang Gusti Kang Maha Agung murih lakune Ki
Kitiran saandhahane slamet kabeh nganti tekan papane sakawit”.
Sampun cekap dhawuh pangandikanipun Ki
Lurah, para warga lajeng sami mantuk badhe nindakaken menapa ingkang dipun
dhawuhaken dening Ki Lurah kala wau.
Ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar