06.
Wekasanipun
Nyai Mirasih kelampahan caos pemut dhateng kakungipun murih mangsulaken
tlundhaganing katresnan kanthi saleresipun. Ki Lurah Tambak Kapisan suwaunipun
kraos awrat nglampahi menapa ingkang dipun suwun dening garwanipun, nanging
gandheng Ki Lurah ugi pirsa menawi sadaya ingkang kaaturaken dening ingkang
garwa menika kala wau wujuding katresnan ingkang sejati, wasana Ki Lurah inggih
lajeng wangsul kados padatan. Anggenipun manembah dhateng Gusti inggih lajeng
dipun saeni malih. Pakaryan lan kuwajiban minangka Lurah, ugi nunten dipun
tindakaken kanthi samesthinipun.
Jebul
leres menapa ingkang dipun aturaken Emban Sidhem dhateng bendaranipun kala
samanten. Bebau ingkang nate kaparingan panguwaos murih makili Ki Lurah kala
samanten, dupi Ki Lurah sampun kepareng ngasta malih kuwajibanipun, Bebau
kasebat rumaos cuwa. Jalaran sampun boten saged malih tumindak ingkang
sasekecaning manahipun piyambak kanthi kekudhung dhawuh saking Ki Lurah. Ki
Lurah ugi sampun ngawuningani prakawis menika, nanging Ki Lurah api-api boten
pirsa. Bakenipun miturut Ki Lurah, kawula ing Tambak sampun boten kadamel cuwa
manahipun malih. Prakawis cuwanipun Bebau kasebat, mangke kalih mlampah saged
dipun tata murih leres lan saenipun.
Sanaosa
makaten, jebul ingkang nami cobining Gusti dhumateng kawulanipun menika mila saestu
kathah. Anuju satunggaling wanci, anyarengi sampun anyaketi wancinipun Nyai
Lurah mbabaraken putranipun ingkang dipun kandhut, Ki Lurah Tambak Kapisan
nembe ngayahi jejibahan nentremaken kawula Dhusun Tambak ing iring ler ingkang
nembe dipun repotaken awit wontenipun grombolan kethek ingkang ganggu damel
dhateng para kawula ing Tambak kanthi ngrisak tanemanipun ing sabin saha ing
pategilan. Malah ugi ngganggu katentremaning padhusunan. Sampun maneka cara
dipun cakaken dening para kadang tani lan para kawula ing Tambak iring ler,
murih kethek-kethek menika kesah, suprandene sadaya pambudidaya cabar, gagar
wigar boten wonten asilipun. Malah kepara kethek-kethek menika sansaya ndadra
anggenipun ngresahi para kadang tani lan kawula ing padhusunan mriku.
“Ketingalipun
kethek-kethek ingkang ngrisak taneman menika dede kethek sabaenipun Ki Lurah”
aturipun Ki Widhig , Bebau ingkang mangreh laladan Tambak sisih ler, nalika Ki
Lurah Tambak Kapisan tedhak dhateng mriku.
“Ora
sabaene kepriye Ki Bau?” Ki Lurah mundhut pirsa.
“Kula
kinten kethek-kethek menika dede kethek limrah, nanging kethek siluman ingkang
kedadosan saking bangsanipun Jim Setan Peri Prayangan” atur wangsulanipun Bebau
Widhig “atur kula menika awit saking nitik kawontenanipun kethek-kethek menika
ingkang benten kalihan limrahipun kethek ingkang saba ing wana-wana ngaten
menika”.
“Bedane
manggon ing ngendi Ki Bau?”
“Kethek-kethek
ingkang ganggu damel dhateng kanca tani menika, ngetingalipun namung ing wanci
dalu sasampunipun wanci sirep lare, saben dugi kethek-kethek kasebat kairing
suwanten ingkang nggegirisi. Ingkang ndadosaken kekesing manahipun sedaya warga
ing Tambak iring ler menika. Cacahipun boten kantenan kathahe, kathah ingkang
agengipun meh sajaran teji, anggenipun mlampah kados caranipun mlampah manungsa.
mBok bilih kemawon, kethek-kethek menika kados wadya balanipun Prabu Rama ing
cariyos pawayangan ngaten menika Ki Lurah, inggih wadya bala wanara ingkang
yasa tambak kangge nyabrang dhateng nagari Ngalengka” Bebau Widhig ngaturaken
bentenipun kethek ingkang ganggu damel menika kalihan kethek limrah “menawi ing
wanci siang ngaten menika, dhateng pundi purugipun kethek-kethek kala wau,
boten wonten ingkang sumerep. Para kadang ing Padhusunan sampun kula ajak
mlebet wana ngantos tengah mrika ing wanci siang kanthi gegaman ingkang
jangkep, nanging babar pisan boten kepanggih kalihan kethek-kethek ingkang
dalunipun dugi ngrisak taneman saha ngganggu katentremaning dhusun menika”.
Sawatawis
menika, tiyang-tiyang Tambak ing iring ler ingkang ugi sami wonten ing mriku,
kanthi saur manuk nyuwanten ngleresaken menapa ingkang dipun aturaken dening
Bebau Widhig.
“Yen
pancen mangkono” Ki Lurah nunten paring dhawuh “cara kanggo ngadhepi lan
nundhung kethek-kethek sing sing murang tata kuwi, ora kena nganggo cara sing
wantah. Nanging kudu nganggo carane satriya trah wiku dibya”.
“Caranipun
Satriya Trah Wiku Dibya? menika kados pundi Ki Lurah?” Bebau Widhig nyuwun
pirsa.
“Aku
njaluk tulung marang ndika” tanpa mangsuli pitakenanipun Ki Widhig, Ki Lurah
malah lajeng paring prentah “esuk iki aku yasakna gubug cilik saka alang-alang
kang diwelit, papakna ing pinggiring desa sisih kulon, sing dadi dalane para
kethek kuwi nekani papan kene. Mengko bengi bakal tak gunakne kanggo methuki
kethek-kethek sing jaremu dudu kethek lumrah kuwi, kaya apa wujud sejatine, aku
kepengin ngerti”.
Boten
mawi wangsulan kathah-kathah, Ki Widhig lan para warga padhusunan ing Tambak
iring ler lajeng nindakaken dhawuhipun Ki Lurah. Boten ngantos dangu, gubug
ingkang dipun kersakaken Ki Lurah ugi sampun dados. Nalika wancinupun sampun
bakda serap surya, Ki Lurah ingkang boten kundur dhateng Dalem Kalurahan,
nanging kendel ing griyanipun salah satunggaling warga, nunten nimbali Ki
Widhig lan sapukawatipun padhukuhan.
“Ki
Bau lan para sedulurku kabeh” dhawuhipun Ki Lurah sasampunipun ingkang
katimbalan sampun sami ngadhep “wengi iki yen ora kleru sinebut wengi Anggara
Kasih, utawa malem Selasa Kliwon, wengi kang mirunggan tumrape bangsa alus
kalebu bangsane Jim, Setan, Peri, Perayangan lan sapanunggalane. Luwih-luwih
wengi iki ambarengi wancine wulan purnama sidi. Aku ngersakne wengi iki bisa
kepethuk karo sing angon kethek-kethek sing padha ndika arani kethek-kethek
siluman kuwi. Yen ana siji utawa loro saka sedulur kabeh ana sing wani, tak
keparengake melu aku. Nanging yen ora ana sing wani tak jaluk padha neksenana
saka kadohan, ulatana gubug sing ndika
gawe mau, yen kongsi ana tandha-tandha sing sajak mbebayani lan ora
becik kang tumama marang aku, ndika kabeh padha sumingkira golek slamet
dhewe-dhewe. Nanging yen jebul ora ana apa-apa, tak jaluk ndika padha ngenteni
aku metu saka gubug kuwi lan nemoni ndika kabeh”.
“Ketingalipun
boten wonten ingkang sami wantun Ki Lurah” Ki Widhig matur caos wangsulan
dhateng Ki Lurah “kula piyambak sanadyan sampun Gerang gaplok kados makaten,
suprandene ugi boten wantun menawi kadhawuhan ndherek Ki Lurah manggihi pamongipun
para kethek siluman menika. Inggih boten langkung kula namung saged mituhoni
dhawuhipun Ki Lurah ingkang angka kalih, inggih menika ngulat-ulati
kawontenanipun Ki Lurah ing salebeting gubug saking katebihan, kanthi memuji
dhateng Gusti mugi Ki Lurah tansah kinayoman dening Gusti, temah rahayu ingkang
pinanggih”.
“Iya
aku bisa nampa apa sing ndika aturake kuwi Ki Bau” dhawuh wangsulanipun Ki
Lurah kalihan mesem “saiki mumpung durung kadhung lan wektune isih sore, ayo
padha budhal menyang kuloning desa, aku sing arep mlebu gubug ijen tanpa rowang
lan sepisan maneh padha awat-awatana aku saka kadohan lan kaya welingku mau,
yen ana apa-apa sing sajak mbebayani, ndika kabeh padha enggal sumingkira golek
slamet dhewe-dhewe aja maelu marang kaslametanku”.
Saestu,
Ki Lurah Tambak Kapisan boten kinanthen rowang babar pisan lajeng manjing
salebeting gubug. Dene Ki Widhig lan para warga sami ngulati saking watawis
satus jangkah tebihipun saking papanipun Gubug. Nalika wanci sirep lare,
ingkang criyosipun Ki Widhig wancinipu kethek-kethek siluman menika dugi, Ki
Widhig lan para warga ingkang sami ngulati gubug papanipun Ki Lurah sami mcemeng
suwanten ingkang damel kekesing manah. Sanaosa makaten, nuhoni dhawuhipun Ki
Lurah, Ki Widhig lan para andhahanipun boten wonten ingkang lumajar, awit boten
kados padatan sasampunipun wonten suwanten ingkang nggegirisi tumunten kasusul
medalipun kethek-kethek ingkang ageng lan ngajrih-ajrihi, dalu menika benten
sasampunipun kapcemeng suwanten ingkang nggegirisi boten ketingal
menapa-menapa.
“Adate
nek bar ana suwara kaya mau, banjur kethek-kethek sing aneh kae padha teka. Nanging
iki kok sepi wae ya?” salah satunggal saking warga wicanten kanthi suwanten
alon, bisik-bisik dhateng kancanipun.
“Iya
ya?” wangsulanipun tuyang ingkang dipun bisiki “sepi ora ana kethek sing teka
kaya padatane”.
“St……”
Ki Widhig wicanten sarwi nempelaken drijinipun dhateng ngajeng lathi “aja padha
omong dhewe-dhewe, pancen bener ora ana kethek sing teka, nanging coba waspadakna
apa sing katon ing Gubug sing saiki dienggoni Ki Lurah kae!”.
Sedaya
tiyang ingkang wonten mriku sami ningali lan maspadakaken prenahing gubug.
Tiyang-tiyang kala wau dumadakan sami rumaos ajrih, awit sami sumerep maewu-ewu
rerupan ingkang memper lintang, kanthi warni maneka warna, wonten ingkang
warninipun abrit, wonten ingkang cemeng nanging sumorot, wonten ingkang
warninipun jene lan wonten ingkang warni pethak. Sedaya rerupen kados makaten
kala wau sami kumrutug saking langit dhawah lan mlebet dhateng salebeting gubug
ingkang dipun lenggahi dening Ki Lurah. Ngantos meh dumugi wanci tengah dalu, kumrutugipun
rerupan pindha lintang ingkang warninipun abrit cemeng jene lan pethak menika
nembe sirep. Lan sasampunipun sirep watawis sapanginang dangunipun, rerupan
ingkang kados lintang menika kala wau ketingal sami medal saking gubug ingkang
dipun lenggahi dening Ki Lurah, mumbul manginggil, ical ing tengahing langit
ingkang kasorot sunaring purnama. Makaten kala wau ngantos meh wancinipun gagat
rahina, inggih menika kanthi miyosipun cahya abrit ing sujene langit sisih
wetan.
Sasampunipun
rerupen kados lintang kala wau boten ketingal malih, boten dangu tumunten
katingal Ki Lurah miyos saking Gubug lan tindak mrepegi Ki Widhig sakancanipun.
Ki Bebau lan para warga boten sranta tumuli jumangkah mapag rawuhipun Ki Lurah
Tambak Kapisan kanthi raos “blong” ing manah. Inggih awit sampun sami sumerep
bilih Ki Lurah boten ing salebeting bebaya saha boten kirang setunggal menapa.
“Kados
pundi Ki Lurah?” Bebau Widhig nungsung wartos, dupi sampun caket kalihan
papanipun Ki Lurah.
“Wis
meh rampung Ki Bau” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah kalihan mesem kalegan “saiki
ayo bali dhisik ing omah ndika, aku bakal aweh prentah marang ndika lan para
warga kabeh supaya nyepakne pirantining upacara murih para wanara sing sasuwene
iki padha sanja mrene ora bali mrene maneh”.
Ki
Lurah lajeng nglajengaken tindakipun tumuju bgriyanipun Ki Widhig, dipun
tutaken tiyang-tiyang ingkang kala wau sami ngulati saking katebihan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar