Total Tayangan Halaman

Kamis, 26 Januari 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (005)


 

05.

“Raden Riyasa kagungan garwa setunggal ingkang tuhu sulistyeng warni” Puranta nutugne anggone crita “asmanipun Nyi Mirasih, wanita saking kitha raja Pajang. Dumuginipun ing Tambak awit ndherek tiyang sepuhipun ingkang ugi punggawa Kasultanan Pajang, nalika punggawa kasebat ngintunaken pambiyantu saking Kasultanan awujud redana kangge kamajenganipun Dhusun Tambak. Ki Lurah Riyasa sakalangkung kayungyun ndulu kasulistyaning Nyi Mirasih, nunten katembung dhateng tiyang sepuhipun menawi Mirasih badhe kapundhut minangka garwa. Punggawa Kasultanan kala wau sakalangkung suka manahipun, lajeng kaleksanan Mirasih dados garwanipun Ki Lurah Tambak Kapisan.

Nyi Mirasih sanget bekti dhateng kakungipun, makaten ugi Raden Riyasa ugi sanget anggenipun tresna dhateng garwanipun. Nalika kapundhut garwa dening Raden Riyasa ugi Ki Tambak Kapisan, Nyi Mirasih dening tiyang sepuhipun kinanthen emban ingkang nami Nyai Sidhem, inggih menika embanipun Nyi Mirasih wiwit taksih alit, mila yuswanipun Nyi Mirasih ingkang ugi Nyai Lurah Tambak kalihan Emban Sidhem menika boten patos kathah kaotipun, kepara langkung sepuh Nyi Mirasih katimbang Nyai Sidhem. Inggih Emban Sidhem menika ingkang ngladosi sedaya kabetahanipun Nyai Lurah Tambak Kapisan, awit saking menika boten nama aneh menawi Nyai Lurah sakalangkung kasok tresnanipun dhateng Nyai Sidhem.

Nalika Nyai Lurah Tambak Kapisan anggarbini, Ki Lurah sansaya sanget anggenipun nedahaken raos tresnanipun, bebasan renggang gula kumepyur pulut, sanaosa namung sagebyaring that-thit bebasanipun, Ki Lurah boten nate nilaraken ingkang garwa. Malah kuwajiban-kuwajiban minangka Lurah, kathah ingkang nunten kapasrahaken dhateng para Bebaunipun. Ingkang makaten menika, ndadosaken Nyai Lurah kajawi rumaos rena penggalihipun, ugi rumaos ajrih menawi damel kuciwaning para kawula, ingkang sampun tamtu rumaos dipun lirwakaken dening Ki Lurah. Inggih jalaran menggalih ingkang makaten kala wau, temah ndadosaken Nyi Mirasih asring lenggah kendel kados dene tiyang ingkang nembe ngelamun.

“Nuwun sewu Nyai Lurah” Emban Sidhem ingkang sumerep menawi bendaranipun asring lenggah dhelog-dhelog, susah manahipun mila lajeng munjuk atur “wekdal menika Nyai Lurah nembe anggarbini, ngandhut pasihaning Gusti Ingkang Maha Suci, awit saking menika prayoginipun Nyai Lurah angagengna raos panuwun dhumateng Gusti, boten sae menawi Nyai Lurah menggalih ingkang boten-boten, sansaya malih menawi kagem lenggah dhelog-dhelog kados tiyang ingkang nembe ngalamun, menika kirang prayogi malah kepara boten sae lho, Nyai Lurah”.

“Bener apa sing dadi kandhamu Sidhem” wangsulanipun Nyai Lurah “nalika Rama lan Ibu tedhak menyang Tambak biyen kae uga dhawuh kaya sing mbok kandhakne marang aku iki”.

Nalika samanten Ki Lurah nuju sare siang ing patunggonipun. Dados anggenipun rembagan antawisipun Nyai Lurah lan Emban Sidhem boten kapirsanan dening Ki Lurah Tambak Kapisan.

“Lha inggih awit saking menika” Emban Sidhem nutugaken anggenipun matur dhateng bendaranipun “menawi Nyai Lurah sampun pirsa, prayoginipun inggih dipun tindakaken menapa ingkang dipun dhawuhaken keng Ibu kala wau. Sampun ngulinakaken lenggah dhelog-dhelog makaten menika. Nuwun sewu lho Nyai Lurah, menawi kula  keparengaken ngertos estunipun Nyai Lurah menika nembe menggalih menapa ta?”.

“Hm……” Nyai Lurah unjal napas radi landhung lajeng paring wangsulan “ewuh aya anggonku arep kandha, Sidhem, amarga iki magepokan karo Ki Lurah sing sawuse pirsa nek arep kagungan putra iki, slagane malih beda”.

“Lho benten kados pundi ta Nyai Lurah?” Emban Sidhem matur “miturut panyawang kula, ketingalipun Ki Lurah sru sanget anggenipun tresna dhateng jengandika Nyai Lurah lho? Langkung-langkung sasampunipun Nyai Lurah nggarbini menika, menapa Nyai Lurah taksih rumaos kirang nampi katresnan saha sihipun Ki Lurah?”.

“Aja kliru ing panampa, Sidhem” Nyai Lurah paring wangsulan “merga aku weruh lan ngrasakne yen katresnane Ki Lurah marang aku sing banget gedhe iki, ndadekne aku kuwatir”.

“Kuwatos ingkang kados pundi ta Nyai Lurah? Ditresnani priyantun ingkang dipun tresnani menika harak nami kanugrahan? kok malah Nyai Lurah dhawuh menawi kuwatos, lajeng menapa ingkang dipun kuwatosaken?”

“Aku biyen tau krungu, Eyang Putri sawargi, nate paring pitutur marang Ibu lan Rama” Nyai Lurah lajeng nyethakaken ingkang dipun kuwatosaken “urut-urutaning katresnan kuwi ana pirang-pirang Tlundhagan kaya dene andha. Sing wajib nampa katresnan dhuwur dhewe kuwi  Gusti Kang Nitahake, dadi katresnan marang apa lan sapa wae kudu mapan ing sangisore rasa tresna marang Gusti, kalamun kongsi ana rasa tresna sing ngungkuli rasa tresna marang Gusti, mangka bakal nuwuhake kapitunan kang gedhe. Kaping pindho ing sangisore rasa tresna marang Gusti kuwi ya iku rasa tresna marang kuwajibane. Sok sapawa sing nglirwakne kuwajibane mung merga nuruti rasa tresna marang apa utawa sapa wae, adhakane bakal keduwung ing dina mburine. Tlundhagan sing kaping telu saka dhuwur, wujude katresnan marang kulawarga klebu tresna marang garwa lan putra sarta marang sesamaning titah”.

“Inggih kula lamat-lamat ugi nate mireng bab menika Nyai Lurah” Emban Sidhem nyela rembug.

“Lha wektu iki, Ki Lurah sajake lagi kurang bener anggone ngecakne rasa tresna sing ana penggalihe” Nyai Lurah paring wangsulan.

“Kirang leres kados pundi Nyai Lurah?”

“Urut-urutan tlundhagane katresnan kaya sing tak kandhakne ing ngarep mau dening Ki Lurah kaya diwalik, malah kepara kaya-kaya tlundhagan sing manggon ing dhuwur dhewe lan tlundhagan ing ngisore arep diilangake, kalah karo tlundhagan katresnan sing manggon ing ngisor dhewe”.

“Nuwun sewu Nyai Lurah” Emban Sidhem matur malih “cethanipun kados pundi?”.

“Lire mangkene, katresnane Ki Lurah marang aku iki sansaya suwe ora suda nanging malah tambah-tambah, luwih-luwih sawuse Ki Lurah uninga yen aku ngandhut putra sing ana wetengku iki. Kena diarani kabeh kawigatene Ki Lurah disuntak marang aku. Katresnane marang Gusti mung disambi wae, ketitik anggone manembah marang Gusti, Ki Lurah dadi suda, mung sedhela ora suwe kaya biyen-biyen nalika sepisanan aku teka ing Tambak kene. Kaping pindho, katresnane Ki Lurah marang kuwajiban ya iku kuwajiban dadi Lurah minangka suhing wong sadesa uga akeh sing dilirwakne. Meh kabeh pakaryan sing kudune ditindakne dening Ki Lurah, banjur dipasrahne marang para Bebau sing dipercaya. Ya iki kabeh sing ndadekne aku ewuh aya ing pambudi, Sidhem”.

Mireng wangsulan saking Nyai Lurah ingkang makaten menika, Emban Sidhem dereng saged matur kangge majaraken penggalihing bendaranipun, Emban Sidhem taksih ngrantos dhawuh salajengipun saking Nyai Lurah Tambak Kapisan.

“Kamangka mesthine kowe ya ngerti, Sidhem” Nyai Lurah nglajengaken anggenipun ngendika “katresnan antarane priya wanita sing ana dhadhaku iki mung kagem Ki Lurah wae. Mula aku kewuhan anggonku arep caos pemut marang Ki Lurah supaya tumuli mapanake wajibing tresna jumbuh lan tlundhagan kang bener. Yen nganti ana tembung sing ora pas nggonku paring pemut, kurang bejane bisa-bisa Ki Lurah salah tampa banjur ndakwa yen katresnanku marang panjenengane wis luntur. Nanging, yen aku ora ngaturake pemut, aku kuwatir Ki Lurah bakal nemahi kapitunan kang wekasane bisa gawe papacintrakane wong sadesa”.

“Mila leres Nyai Lurah” Emban Sidhem nyauti pangandikanipun Nyai Lurah “inggih ingkang magepokan kalihan kathahing kuwajiban ingkang kapsrahaken dhateng Bebau ingkang pinitados, menika kula sampun mireng suwanten ingkang kirang sakeca saking sanjawining Dalem Kalurahan mriki”.

“Suwarane sapa lan suwara apa Sidhem?” Nyai Lurah lajeng nlesih dhateng Emban Sidhem.

“Ketingalipun bebau ingkang kapasrahan murih nindakaken kuwajiban ingkang mesthinipun dados kuwajibaning Ki Lurah, pranyata kathah ingkang boten mumpuni nanging rumaos langkung mangertos saha rumaos dumeh kuwaos. Temah para kawula ingkang dipun ladosi kathah ingkang kuciwa manahipun. Awit saking menika, Nyai Lurah kemawon ingkang kedah wantun munjuk ing ngarsanipun Ki Lurah prakawis menika. Awit manawi ngantos para kawula wiwitan kuciwa ing manah lajeng minggah dhateng gelaning pikir awit rumaos dipun lirwakaken dening Ki Lurah, saged nuwuhaken prakawis ingkang boten sae tumrap Ki Lurah miwah Dhusun Tambak mriki”.

“Kajaba saka iku, Sidhem” Nyai Lurah nglajengaken anggenipun ngendika “aku uga tau krungu pituture Eyang Kakung marang rayine Rama yaiku Paman Binangun. Jaman Paman Binangun durung suwe palakrama oleh Bibi Mumpuni biyen”.

“Pitutur ingkang kados menapa Nyai Lurah?” Emban Sidhem nyela rembug.

“Paman Binangun kuwi kaya Ki Lurah wektu iki, ya iku banget tresnane marang Bibi Mumpuni, temah kerep Paman Binangun ninggalake kuwajiban minangka satriyaning negara, merga lumuh adoh karo Bibi Mumpuni. Eyang kakung banjur paring pitutur, yen nresnani kawulaning Gusti kuwi aja nganti ngalahne tresnane marang Gusti, jalaran kang mangkono mau bisa ndadekne kang ditresnani dipisahake karo sing nresnani awit saka karsaning Gusti. Ya jalaran saka ati sing wis kadhung kinuwasan dening rasa gandrung, pituture Eyang kakung mau mung diinggihi dening Paman Binangun nanging babar pisan ora dicakne kanthi becik. Kowe ngerti, Sidhem apa kang wekasane dumadi?”.

“Menapa ingkang lajeng kedadosan Nyai Lurah?” Emban Sidhem matur nyuwun pirsa.

“Ora dingerteni sing dadi sababe, dumadakan Bibi Mumpuni kaganjar gerah dening Gusti Allah, lan madal sakehing tamba, wekasan Bibi Mumpuni seda durung kongsi kagungan putra” Nyai Lurah paring wangsulan “kang mangkono mau sing ndadekne Paman Binangun banjur kaya wong linglung, owah pikire nganti pirang-pirang tahun suwene, wekasan kalerenan saka anggone dadi abdi dalem Kasultanan. Aku kuwatir banget Sidhem, yen nganti aku utawa Ki Lurah bakal nemoni lelakon kaya sing disandhang Paman Binangun lan Bibi Mumpuni kuwi”.

“Inggih Nyai Lurah” Emban Sidhem nuli atur pamrayoga marang bendarane “manawi makaten, sampun nggagas was sumelang malih, prayogi menawi Nyai Lurah enggal atur pemut dhateng ingkang raka, inggih Ki Lurah Tambak Kapisan utawi Kanjeng Raden Riyasa. Nanging ugi kedah mawi basa ingkang sae, sampun ngantos Ki Lurah lepat ing panampi. Kula kinten ugi prayogi menawi Nyai Lurah ugi ngaturaken bilih anggenipun atur pemut dhateng keng raka menika lelandhesan pitutur saking ingkang Eyang tuwin kedadosan ingkang dipun sandhang dening ingkang Paman, pun Raden Binangun kala rumiyin”.

“Iya, iya Sidhem, aku njaluk pambiyantu pandonga marang kowe, muga-muga aku bisa atur pemut marang Ki Lurah tanpa gawe seriking penggalihe” pangandikanipun Nyai Lurah minangka wangsulan dhateng atur pamrayogining embanipun.

 

Ana candhake

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...