Total Tayangan Halaman

Kamis, 26 Januari 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (004)


 

04.

Ya wiwit kuwi Sendhang sing dadi papanku iki tak jenengake Sendhang Tambak, lan aku nganggo sebutan Ki Tambak utawa mBah Tambak.

Tatu-tatu ing ragane Puranta uga bebalunge sing wis padha remuk rengka kuwi, tak tambani nganggo campuran gegodhongan lan oyod-oyodan sing tak bobokne sarta tak blonyohne ing saranduning awake, Puranto katon jodho. Ora nganti telung dina, tatu-tatune wis ilang. Bebalunge sing padha remuk lan rengka kena pasiksan uga wis wiwit pulih. Puranta wis katon seger lan bisa diajak guneman akeh. Mesthi wae Sirep, bojone Puranta ya melu seneng atine. Saben dina Sirep tansah nindakne kuwajibane wong wadon, olah panganan ing pawon. Sirep lan Puranta padha olehe ora ngerti yen satemene sing diolah Sirep lan dipangan karo Puranta kuwi kabeh dumadi saka cipta, ya jalaran kekarone uga ora ngerti yen satemene dheweke wektu kuwi padha manggon ing alam antara, sing saupama ana manungsa liya sing kabeneran liwat ing papan kono ora bakal weruh omah sing sing cekli lan asri, plataran sing resik karengga kekembangan manekawarna ngono kuwi, sing katon ing pandulune wong wantah ora ana liya ya mung wujud alas bebondhotan sing ngubengi belik rada gedhe sing lumrah diarani sendhang.

“Ki Puranta apa dene Nyai Sirep” ing dina kapapat sawise aku rampung menehne adonan jamu sing kudu diombe Puranta aku wiwit nakoni sing ana gegayutane karo wong loro sing lagi tak tulungi iki “aku arep takon marang ndika sakloron, apa kira-kira ndika ora kabotan?”.

“Dhuh Kyai” sing wangsulan Puranta “nDika menika tuhu sampun nyambet nyawa kula, sampun paring pangayoman dhateng kula lan semah kula, kasaenan jengandika ingkang kaparingaken kula lan semah kula boten saged kaetang mawi menapa kemawon. Sampun malih namung caos wangsulan dhateng pandangunipun Kyai, badhe kadhawuhan menapa kemawon kula boten badhe suwala, sedaya badhe kula lampahi kanthi remening manah”.

“Mangga Kyai, kadhawuhna badhe mundhut pirsa menapa?” Sirep uga melu wangsulan “lan nyuwun pangapunten Kyai, dugi sapriki kula tuwin tiyang jaler kula, nyata boten sumerep ing tata, sampun kaparingan pitulungan ingkang kados makaten kathahipun, suprandene kula lan tiyang jaler kula dereng mangertos sinten sejatosipun jengandika Kyai, menapa jengandika menika Dewa ingkang mangejawantah? Menapa Malaikat ingkang amemba manungsa? Mugi Kyai keparenga paring sumerep dhateng kula lan tiyang jaler kula”.

“He he he….” Aku gumuyu krungu wangsulan ngiras pitakone Sirep ngono kuwi, tumuli aku aweh wangsulan “padha ngertenana ya Ki Puranta apa dene Nyai Sirep, satemene bares wae aku iki titah lumrah sing wis kakehan dosa, mula aku banjur manggon neng papan sing sepi iki kanggo mertobat nyuwun pangapuraning Gusti. Jenengku Tambak, ndika bisa nyebut aku Ki Tambak utawa mBah Tambak lan Sendhang sing ana sisihe omah iki jenenge Sendhang Tambak, mbok menawa wae ya padha karo jenenge desa asal ndika sakloron, nanging jeneng ora apa-apa yen jenenge padha”.

“Ngaturaken genging panuwun mBah Tambak” Puranta aweh wangsulan “jebul kula kesah saking Dhusun Tambak lajeng samangke kendel ing Sendhang Tambak. Samangke kaparenga mbah Tambak ndhawuhaken menapa ingkang badhe kapundhutaken pirsa saking kula miwah semah kula?”.

“Ngene ya Ki Puranta lan Nyai Sirep” aku wiwit nakoni wong loro kuwi “wingenane nalika aku kandha yen ndika wong loro kuwi aneh, dene lelungan nanging ora ngerti menyang ngendi papan sing arep dituju. Banjur dening Nyai Sirep diwangsuli nek satemene ora ana sing aneh yen aku ngerti larah-larahe ndika sakloron tekan papan kene iki. Mulane saiki aku kepengin ngerti larah-larahe sing wis dadi sabab ndika sakloron lunga ninggalne omah lan desa ndika kuwi?”.

“Inggih mbah Tambak” sawuse meneng rada sauntara Puranta nuli wangsulan “murih langkung cethanipun atur kula badhe kula wiwiti saking wiwitaning cariyos, inggih mbok menawi mbetahaken wekdal ingkang radi dangu awit mila cariyosipun ugi radi panjang. Menapa mBah Tambak marengaken? Menawi boten inggih badhe kula aturaken cuplikan pungkasan kemawon nanging mbok menawi dereng patos cetha”.

“Lha wong aku ya ora duwe gaweyan apa-apa wae” aku wangsulan karo ngguyu “saupama ndika crita wiwit kawitan, kuwi tak kira luwih prayoga, nanging nek ndika ngrasa kasuwen ndika cuplik sing pungkasan kaya sing ndika kandhakne mau ya ora apa-apa”.

“Inggih mBah” Puranto wangsulan “cuplikan pungkasanipun makaten : kula menika kadakwa dening Ki Lurah Tambak inggih Ki Jaswana, ingkang estunipun maksih kadang kula sepuh tunggal bapa seje biyung. Kula dipun dakwa sampun nyidra utawi nyolong Sipat kandeling Desa Tambak ingkang wujud Wangkingan nama Kyai Pantek. Wangkingan menika wangkingan ingkang sae, yasanipun satunggaling Empu saking Kasultanan Pajang, kadamel saking tosan aji saking Redi Merapi, mawi dhapur Nagasasra lan kapamoran mawi sela lintang ingkang kapendhet saking kawahipun Gunung Merbabu, Kyai Pantek menika ngangem pendhok mas murni ingkang sakalangkung ambalerengi. Gandheng kula ngrumaosi menawi boten nyolong pusaka kala wau, mila kula inggih boten ngaken menawi nyolong. Lajeng Kakang Jaswana duka, nunten marentahaken para bebauning padesan murih meksa kula supados purun ngakeni menawi nyolong wangkingan menika. Nanging kula kukuh boten purun ngaken, temah kula dipun pisakit lan meh mawon kula dipun pejahi nanging boten siyos awit wonten welasing Kakang Jaswana dhateng kula. Kula katundhung kesah saking Dhusun Tambak, boten kaparengaken wangsul malih menawi kula boten saged ngaturaken Wangkingan Kyai Pantek dhateng Ki Lurah Jaswana. Mila kula lajeng kesah kanthi raga ingkang risak jalaran dipun sikara lan dipun siksa dening para bebau ing Tambak. Lha semah kula pun Sirep, boten negakaken kula mlampah piyambak mila lajeng ngancani kula mlampah, ing wekasan dumugi papan menika lan mbok bilih boten kadenangan dening jengandika mBah Tambak, mbok menawi kemawon kula sampun dumugining pejah jalaran sampun  sanget risake raga kula”.

“Kuwi cuplikan pungkasaning crita ndika Ki Puranta?” tumanggapku marang critane Puranta.

“Inggih leres mBah Tambak” wangsulane Puranta.

“Lha larah-larahe nganti ndika kadakwa nyolong sipat kandele desa tambak kuwi mesthine rak ya ana? Luwih-luwih sing ndakwa ndika kuwi isih sedulur tuwa ndika dhewe, keprungu aneh nek ana sedulur sing tega gawe pitnah marang adhine dhewe. Mula saiki becik yen ndika critakne wiwit kawitan wae murih sansaya cethane crita iki”.

“Inggih mBah, kaparengana kula miwiti criyos”.

“Mangga”

“Kawiwitan dhuking kina” Puranta miwiti critane “wonten salah satunggaling putra lembu peteng (Klambu/slambu Peteng) saking Narendra ing Pajang, inggih Kanjeng Sultan Adiwijaya, ingkang asma Raden Riyasa. Sasampunipun Raden Riyasa akil diwasa, wonten utusan saking Pajang dhateng griyanipun Nyi Partini. Utusan kala wau ndhawuhaken sabdanipun Kanjeng Sultan Adiwijaya murih putranipun ingkang nami Raden Riyasa menika boten sisah sowan dhateng Kraton putra ngabekti ing bapa, jalaran nalika samanten kawontenan nagari Pajang radi kirang sae. Sanadyanta makaten, kasok tresnanipun Sinuhun ing Pajang dhateng Raden Riyasa boten ical malah kepara wewah. Kanthi pambiyantu saking nagari Pajang, Raden Riyasa kadhawuhan babad wana ing sacelakipun kanthi wiyar watawis selangkung bahu. Boten dangu wana ingkang kababad menika lajeng dados padhukuhan ingkang dipun wastani Dhusun Tambak lan mawi serat kekancingan saking Nagari Raden Riyasa kajumengaken dados Lurah ing Tambak mriku lan kaparingan Sipat Kandel wujud Wangkingan ingkang wasta Kyai Pantek menika”.

“Dadi cikal bakale Desa Tambak sing saiki dilurahi sedulur ndika kuwi Raden Riyasa kang satemene isih putrane Kanjeng Sultan Pajang?” aku nyelani critane Puranta.

“Leres mBah Tambak” wangsulane Puranta “inggih raden Riyasa ingkang lajeng katelah mawi asma Ki Tambak Kapisan menika estunipun tiyang sepuh kula, ugi tiyang sepuhipun Kakang Jaswana ingkang samangke jumeneng minangka Lurah Tambak menika”.

“Dadi asmane wong tuwa ndika kuwi Ki Tambak Kapisan? Walah kathik banjur aku madhani nganggo jeneng mBah Tambak neh? Ya gandheng ndika kuwi putrane Ki Tambak Kapisan, aku wajib nyuwun pangapura dene jenengku madhani asmane wong tuwa ndika” aku kandha nembung njaluk pangapura marang Puranta.

“Kula kinten ing babagan menika mBah Tambak boten lepat” Puranta aweh wangsulan “jer boten wonten paugeran ingkang ngawisi tiyang nggadhahi nami ingkang sami, menapa malih kanyatanipun mBah Tambak ugi kagungan panguwaos dhateng Sendhang ingkang nami Sendhang Tambak menika?”.

“Pancen ya ana benere apa sing ndika kandhakne kuwi Ki Puranta” wasanane aku mbenerne panemune Puranta lan ngongkon supaya nutugne anggone crita “Saiki ndika tutugne anggon ndika crita”.

Karo guneman ngono kuwi mau, aku nggagas yen pantes lamun Puranta dudu wong sing sembarangan, nadyan nandhang tatu abot parandene isih duwe kekuwatan sing lumayan. Lha wong ya isih trahe Kanjeng Sultan Pajang, sanadyan wong tuwane Puranta mung dhapur putra saka Lembu Peteng. Lan tak sengaja aku ora arep ngowahi sikepku marang wong lanang sak bojone iki, sanadyan aku wis ngerti yen wong kuwi kena diarani isih wayah dalem Kanjeng Sultan Adiwijaya sing luwih kondhang nganggo asma timure ya Karebet utawa Raden Jaka Tingkir.

“Inggih mBah Tambak” wangsulane Puranta sing banjur nata lungguhe maneh kanggo nutugne olehe arep nyritakne larah-larahe lelakon sing lagi disandhang.

“Inggih awit pikantuk pambiyantuning Kanjeng Sinuhun ing Pajang, kawontenanipun Dhusun Tambak langkung cepet ngrembaka. Gesanging para kawula ing mriku ugi langkung sae, kacekapan menapa ingkang dipun betahaken kangge gesang sadinten-dinten. Pramila ugi boten nggumunaken menawi lajeng kathah ingkang sami ndherek bebadra mbabad wana angayom dhateng Dhusun tambak ingkang kaesuhan dening Ki Lurah tambak Kapisan”.

 

Ana candhake

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...