Total Tayangan Halaman

Rabu, 25 Januari 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (003)


 

03.

Krungu olehe rembugan wong lanang lan wong wadon sing lagi teka lan leren neng pinggir Sendhang kuwi, aku sing maune mapanake awak ana ing alaming prayangan, tumuli mlebu ing alam antara, ya iku alam sing manggon ing tengah, antarane alam maya lan alam nyata. Kanthi daya kekuwatan sing ana, wong loro kuwi tak geret manjing alam antara, dimen bisa tak ajak guneman lan jagongan, kaya sing tak tindakne marang sira Ki Sarkara wektu iki. Kang mangkono kuwi tak tindakne merga aku wis oleh dudutan yen wong loro sing lagi teka iki cetha yen lagi mbutuhake pitulungan. Luwih-luwih sawuse nyawang kahanane Puranta, wong lanang sing durung tuwa kuwi wis katon ngenes kahanane. Bener sing dikandhakne mau, yen ora enggal oleh pitulungan, kanthi wewaton kalumrahan sing dadi kukuming alam, Puranta ora suwe maneh bakal kentekan nyawa, jalaran ragane wis amoh sing ndadekne ora kuwat kanggonan jiwane.

Kaya sing tak karepake, dumadakan Sirep, bojone Puranta ngadeg nyawang lumahing sendhang, ing kono Sirep tumuli weruh yen ing sisih kulone Sendhang Tambak kuwi ana omah cilik nanging cekli lan asri. Ya omah sing saiki kanggo jagongan antarane aku lan ndika Ki Sarkara iki. Omah lan pekarangane iki satemene yasane cipta kang asipat maya. Sirep uga weruh yen ing ngarep omah cilik sing cekli lan peni kuwi ana kaki-kaki tuwa sing lagi siram-siram tanduran kembang sing dadi pethetaning latar, sing or aliya ya aku dhewe. Sepisan maneh kanthi daya kekuwataning batinku, jiwa lan angen-angene Sirep tak geret supaya katut mlebu ing alam antara lan nggugu apa sing dadi karepku. Kang mangkono iku padatan mung bisa dicakne marang titah manungsa sing lagi kuwur pikire peteng atine temah benggang karo Gustine sanadyan tata lahir lathine ngucapne asmaNe nanging satemene ya mung tekan dhasaring gorokane wae.

“Kakang …..” Sirep ngajak guneman sisihane nganggo suwara sing beda karo mau, sing iki sajak klesak-klesik kaya wedi yen nganti ana wong liya sing melu ngrungokne gunemane “jebul papan kene iki ana sing ngenggoni…..”.

“Kuwi ya mesthi ta Dhi?” Puranta sing wis tanpa daya meksa semaur mangsuli kandhane sisihane “wong pancen jagad iki digelar dening Gusti kanggo panggonan titahE, sing ngenggoni papan sing katone sepi iki nek ora bangsane kewan alasan ya bangsane brekasakan, mula sepisan maneh aku kandha, sedhela maneh kira-kira aku bakal tumekaning pati, mbuh merga jalaran ragaku sing wis rusak iki, mbuh merga nampani kanepsone kewan alas sing rumangsa keganggu uripe merga tekane awake dhewe ing papane, bisa uga ditekak brekasakan didadekne bekakak kanggo lawuh mangan…….”.

“Aja nglawer tekan ngendi-endi sing ndika gagas Kakang!” karo rada sereng Sirep munggel tembunge Puranta “kae lho, neng kulon sendhang iki jebul ana omahe. Omah sing cekli lan peni lan katon asri, lan sing duwe omah uga lagi makarya nyirami tanduran kembange sing dadi rerengganing latare……”.

“Ngati-ati, aja mbok lokne!” kanthi obahing nalurine Puranta tangi saka anggone ngglethak banjur melu nyawang mengulon nurut sing disawang sisihane “bisa-bisa kuwi omahe Bangsa alus sing mbau reksa sendhang iki. Uwis, awake dhewe ethok-ethok ora weruh wae, lan titenana sedhela maneh omah kae rak ilang saka pandulu, merga pancen satemene omah kae ora manggon ing alam sing dienggoni manungsa, nanging manggon neng alame lelembut kana”.

Sirep katon percaya karo sing dikandhakne bojone, wong wadon kuwi tumuli ndhingkluk karo nyebut asmane Gusti, ndedonga nyuwun pangayoman saking panggodhaning Jim, Setan, Peri Prayangan. Aku mesem, jebul sanadyan  sajroning kahanan kentekan pangarep-arep kanggo mbacutake uripe, ing atine Puranta isih ana rasa percaya lan ora kepengin ngganggu utawa diganggu dening titah seje sing diarani bangsane lelembut kuwi mau. Lan Sirep, sisihane jebul uga ngandel banget karo sing dikandhakne bojone. Mula aku kudu nyaketi papane wong loro kuwi lan kudu bisa nuduhne nek aku ora duwe niyat  utawa sedya ala marang wong sakarone.

“Ehm…ehm….” Aku dhehem-dhehem ing sacedhake wong loro sing padha ndhingkluk karo nyebut-nyebut asmaNe Gusti kuwi, kanggo nuduhne nek aku wis meruhi wong loro kuwi. Pancinganku kena, Puranta karo Sirep padha kaget lan kanthi praupan sing sansaya pucet padha nyawang marang aku.

“Aneh” aku grenengan ijen “ing papan sepi sing sasuwene aku mapan ana kene ora tau diambah menungsa, teka iki ana wong loro lanang wadon sing padha lelungguhan ing pinggiring sendhang. Iki bangsane manungsa apa bangsane lelembut?”.

Wong loro sing krungu anggonku grenengan ijen kuwi, ora nyauti sing tak omongne. Mung mripate ora kedhep nyawang aku, lambene ora leren nggone umak-umik nyebut asmaNe Gusti.

“Nuwun sewu kisanak sakarone” wekasan aku banjur guneman tak tujokne marang Puranta lan Sirep “ndika sakloron kuwi bangsane mananungsa apa bangsane titah saka alam liya? Nek ndika sakloron iki bangsane janma manungsa, ndika iku saka ngendi lan arep menyang ngendi? Nduwe karep apa teka mrepegi papan panggonanku kene? Nek ndika sakloron jebul bangsa lelembut, tak jaluk ndika sakloron tumulia bali menyang alam ndika maneh lan aja pisan-pisan ngganggu gawe titahe Gusti sing wujud manungsa kaya aku iki, jalaran aku ya ora duwe sedya ala marang ndika!”.

Krungu ucapku sing mangkono iku, ketara yen Puranta lan Sirep banjur padha ngerti nek aku iki dudu kaya sing dikira, weruh nek aku iki dudu bangsane lelembut, nanging aku iki bangsane manungsa kaya dheweke wong sakloron.

“Nyuwun pangapunten Kyai” kanthi suwara alon lan keprungu rekasa Puranta guneman aweh wangsulan marang aku “nami kula Puranta lan menika Sirep, semah kula. Kula kekalih tiyang saking Dhusun Tambak sak leripun wana menika, kula kekalih mila nembe kekesahan saking desa Tambak, nanging kula bares kemawon dereng mangertos badhe dhateng pundi purug kula. Lan mugi nDika kepareng paring pangapura dhateng kula kekalih awit sampun damel kejoting penggalih ndika kanthi ndherek kendel ing papan menika”.

“Aneh….” Aku grenengan maneh “ana wong lelungan kok ora cetha ngendi sing dituju?”

“Mila kepireng aneh Kyai” Puranta nyauti nggonku grenengan “nanging mila makaten kasunyatanipun”.

“Inggih Kyai” Sirep melu guneman “kapireng aneh menika jalaran nDika mbok menawi dereng pirsa larah-larahipun, menawi ndika sampun pirsa tartamtu badhe boten mastani aneh malih. Kedahipun kula utawi tiyang jaler kula, ngaturaken dhateng ndika ingkang dados larah-larahipun ngantos kula kekalih keplantrang dugi papan mriki menika. Nanging gandheng kawontenan tiyang jaler kula taksih dereng saged criyos kathah, inggih kula nyuwun pangapunten menawi dereng saged criyos dhateng ndika bab ingkang njalari kula kekalih sampun ngganggu kamardikan ndika Kyai”.

“Iya, iya aku ngerti Nini” aku aweh wangsulan “tak sawang sisihan ndika ya Ki Puranta kuwi sajake lagi nandhang lara sing rada abot lan mbutuhake tetamba murih bisa waras. Apa ora luwih becik yen Ki Puranta kuwi enggal digolekne tamba? Awit miturut petungan nalarku, nek nganti kesuwen ora enggal oleh tamba utawa ora enggal ditambani, ya nuwun sewu iki bisa ndrawasi marang kaslametane”.

“Mila leres makaten Kyai, nanging……….” Sirep ora bisa nutugne olehe wangsulan mung luhe wae sing banjur dleweran mili saka mripat nelesi pipine.

“Uwis aja nemen-nemen nggonmu susah Nini” wekasan aku ngandhani Sirep “saiki ayo Kakungmu kuwi ditambani ana gubugku wae, tak cobane nganggo bobokan-bobokan lan omben-omben sing digawe saka gegodhongan lan oyod-oyodan wewarahe para mbah-mbah biyen, mbok menawa bisa dadi sarana warase lara sing lagi disandhang Ki Puranta”.

Banjur kandhaku marang Puranta :

“Ayo Ki Puranta tak tuntun mlaku menyang omahku wae, kareben ndika bisa leren luwih prayoga”.

“Matur nuwun sanget Kyai” wangsulane Sirep lan Puranta meh bebarengan.

“Ngaturaken Panuwun Gusti…….” Sirep muwuhi olehe guneman “nyata Paduka taksih kepareng paring pitulungan dhumateng kawula Paduka ingkang nembe kinganiaya, lumantar Kyai menika”.

Karo mlaku nuntun Puranta, atiku kober eram. Jebul Puranta iki wong lanang sing klebu duwe daya kekuwatan kanuragan sing ora cethek. Ketitik, balung garese wis padha rengka, sajake lagi wae dipupuh nganggo barang atos, semono uga balung ing lengen lan ing gagere, nanging kanyatane wong lanang bojone Sirep iki isih kuwat ngadeg lan isih kuwat mlaku senajan kanthi ngrekasa. Iki cetha nek Puranta iki satemene dudu wong lumrah, nanging klebu titahing Gusti sing kinacek.

Kanthi panggawening cipta, ing jogan omah maya kuwi wis tak gelarne permadani bludru jangkep sak bantale pisan. Puranta banjur tak kongkon ngglethak neng permadani kuwi. Sepisan maneh aku nggunakne dayaning cipta, banjur aweh prentah marang Sirep :

“Nini ing mburi kae ana pawon sing ing jerone jangkep isen-isene sing wujud prabot lan pirantining pawon. Tulung nggodhoga banyu nganti umub, gaweya wedang jahe sing bebakalane uga ana paga babragan kana lan olaha panganan sacukupe kanggo aku, ndika apa dene kakungmu Ki Puranta”.

“Inggih Kyai” wangsulane Sirep sing banjur mlaku menyang Pawon, Sauntara kuwi, merga tenagane dipeksa kanggo mlaku kamangka mau tenaga kuwi wis entek, Puranta banjur katon lemes dhempes, tanpa daya, ngglethak ora kuwat obah. Untune bola-bali katon digegetne, sajake kanggo ngampet rasa lara ing awake.

Aku tumuli nggoleki bothekan wadhah tamba sing biyen tak gawe saka pituduhe Guruku Ki Tanpa Aran, embuh pirang atus tahun kepungkur, jaman aku isih nggunakne jeneng Raden Bagus Suwanda biyen.

Ana candhake

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...