02.
Tekan
jero guwa, jebul wong-wong andhahane Pradapa wis padha lungguh neng dhuwur
nam-naman ble-ketheple. Wong papat kuwi wis padha ngedhep wedang jahe karo uwi
godhogan sing isih kumebul panas. Ing sisih wetan pancen kanggo Pradapa, Rangga
lan Marga uga wis dicawisake. Mula bareng wong telu sing lagi mulih saka kucur
mau mlebu, lan melu lungguh neng dhuwur ble-ketheple, daya-daya Paing karo
Tanggon ngadeg, marani pancen kanggo wong telu kuwi kanggo disuguhne neng
ngarepe.
“Mangga Gus kalih Adhi Rangga miwah Adhi
Marga” kandhane Tanggon karo ngladekne omben wedang jahe panas sing diwadhahi kethokan
bumbung pring ori ing ngarepe wong telu kuwi “ing guwa tengah wana wontene
namung toya jahe kalih uwi godhogan”.
“Matur nuwun Paman” wangsulane Pradapa
sing uga banjur ngacarani Rangga lan Marga “mangga Dhi, dipun unjuk mumpung
taksih dereng asrep”.
“Iya kakang, matur nuwun” wangsulane
Marga lan Rangga meh bareng.
“Paman-paman kabeh” Pradapa nuli guneman
marang andhahane “sawuse katiti dening Adhi Rangga lan Marga, mau nalika awake
dhewe isih padha angler turu, kanggo sawatara awake dhewe isih aman saka ganggu
gawene Ki Danara sakancane , kanthi awake dhewe mapan ing pandhelikan kene iki.
Jalaran Ki Danara sakancane ora bakal wani nyabrang mengulon , gedhene nganti mlebu
alas ing sakulone Kali Gebyog. Jalaran wong-wong kae jebul isih wedi yen nganti
kena walate mBah Tambak sing mangwasani alas kene iki”.
“Inggih Gus, kaleresan sanget menawi
makaten” sing wangsulan Tanggon “nanging menapa awakipun piyambak badhe terus
mapan ing guwa mriki? Harak boten ta? Samangke mangga Gus Pradapa enggal paring
dhawuh, menapa ingkang kedah awakipun piyambak lampahi?”.
“Sabar dhisik Paman” wangsulane Pradapa
karo mesem “sawuse aku kasil dislametake dening Adhi Rangga lan Adhi Marga,
temah ora sida mati kena gegaman kudhi sing disawatake dening andhahane Ki
Danara, banjur tuwuh rasa wani ing angen-angenku niyat kanggo nglawan Ki Danara
sakancane kae, aku kudu bisa nundhung wong-wong kae saka bumi Kepuh Agal
tinggalane wong tuwaku lan wong-wong sing wis mbabad lan yasa desa kuwi”.
“Lha menawi niku nyata nalar ingkang sae Gus”
Paing genti sing nyaut gunem “kula mathuk sanget niku, awit tegil lan sabin
gadhahane awakipun piyambak nika rumiyin anggenipun yasa para tiyang sepuhipun
awake piyambak nggih direncangi totohan nyawa, lha nek sak niki trimah dados
kukubane tiyang kados Ki Danara sakancane nika, awakipun piyambak niki saged
kenging dosa ageng, boten saged njagi tilaranipun tiyang sepuh ingkang sampun
jinempana ing angin lan boten ngajeni lara lapanipun. Mung jalaran awakipun
piyambak jirih ing getih wedi ing pati. Mula mangga enggal dipun tata lan dipun
rancang., benjang menapa awakipun piyambak wangsul lan nundhung Ki Danara
sakancane saking dhusunipun piyambak?”.
“Sepisan manes aku njaluk marang paman
kabeh supaya sabar” Pradapa wangsulan karo panggah mesem “merga kanggo nundhung
Ki Danara sakancane kae ora mung cukup diudhoni nganggo rasa wani utawa ora
jirih getih wedi pati kaya sing ndika kandhakne kuwi. Tata gelar awake dhewe
iki mung duwe kekuwatan wong lima. Yen mung bandha kendel sangu wani banjur
awake dhewe nglabrag Ki Danara sakancane, tan wurunga bakal nemoni kaya lakone
Sulung sing mlebu geni. Mati sia-sia lan kaniaya tur tanpa guna. Nanging aku
percaya sanajan wektu iki kekuwatane dhewe mung wong lima, mengko nek Adhi
Rangga lan Adhi Marga kepareng paring pituduh sarta rerigen awake dhewe mesthi
nuli bisa gawe minggate Ki Danara sakancane pisan. Lha sadurunge Adhi Rangga lan Adhi Marga
paring eguh pratikel marang awake dhewe, iki aku arep nutugne crita sing wingi
durung rampung kae luwih dhisik, mbok menawa kanthi tak rampungne critaku iki
mengko bisa kanggo landhesan anggone Adhi Marga lan Adhi Rangga paring rerigen
marang awake dhewe”.
Tanggon sakancane padha nglirik marang
Rangga lan Marga, wong papat andhahane Pradapa kuwi percaya karo sing
dikandhakne Lurahe, jalaran wong papat kuwi nduwe pangira yen satemene Rangga
lan Marga kuwi dudu manungsa sabaene, malah bisa uga bangsane malaikat sing
diutus dening Gusti Allah murih paring pitulungan marang titah sing lagi siniya
siya dening wong duraka. Ketitik anggone Marga kanthi cepet bisa mulihne tatu
sing disandhang Pradapa wingi. Kamangka tatu kuwi kudune wis ndadekne Pradapa
mati, nanging nyatane saiki malah wis mari. Lan mau bengi nalika Rangga lan
Marga kanthi sesidheman metu ninggalne guwa, Tanggon ya weruh banjur ngindhik
saka kadohan. Tanggon weruh Rangga lan Marga anggone mlaku ninggalne guwa
tumuju Desa Kepuh Agal luwih kesit
tinimbang genyare that-thit, luwih kebat timbang playune kilat, wong loro kuwi kaya
bisa mabur ngana kae.
“Menika kula kinten inggih langkung
prayogi Gus” wasana Tanggon nyengkuyung apa sing dikandhakne lurahe “samangke
mangga katutugna anggen ndika nyariyosaken lelampahanipun Ki Sarkara nalika
kacariyosan dening mBah Tambak, saderengipun Ki Sarkara ambabad wana temahan
dados padhusunan ing Kepuh Agal, lan manawi kaparengaken kula sakanca ugi
kepengin mirengaken cariyos menika, kaleresan jatah kangge nedha taksih
anyekapi nganyos tigang dinten malih, dados dinten menika menawi boten wonten
ingkang medal pados uwi utawi gembili saha buron wana inggih boten
menapa-menapa”.
“Iya Paman” wangsulane Pradapa sing
banjur guneman marang Rangga lan Marga “mangga ta Adhi, kalih kula cariyos, Adhi
kekalih kaparenga ngrahabi pasugatan saking Paman Tanggon sakadang menika”.
“Iya Kakang” wangsulane Rangga karo
ngranggeh njupuk uwi sing diwadhahi layah watu ing ngarepe “mangga yen ndika
arep nutugne crita sing wingi durung kober tutug”.
“Inggih Adhi, salajengipun mBah Tambak
dhawuh dhateng Ki Sarkara makaten :
Sawise aku ngrumangsani yen aku iki wis
wujud prayangan lan aku ngrumangsani sakehing kaluputanku marang Hyang Agung
lan pepadhaning titah, lan kekuwatanku wis bali pulih, aku banjur duwe niyat
arep nglakoni tapa brata ing Sendhang iki, aku ora kepengin nggayuh apa-apa
kajaba mung siji ya iku nyuwun palimirmaning Gusti supaya antuk pangapura.
Jenenge wong lagi nindakne tapa, aku ya
cegah mangan cegah turu karo ngulat-ulati kahanan sakiwa tengene papan kene. Karepku,
manawa ana titahing Gusti mbuh apa wae wujude, sing mbutuhake pitulungan bakal
tak tulungi kanthi rila legawa tanpa pamrih apa-apa. Ora adoh saka Sendhang
iki, mung watara lakon setugel dina ana padhukuhan, wong-wong ngarani jenenge
Desa Tambak. Mula aku banjur njenengake Sendhang iki Sendhang Tambak.
Olehku
weruh nek ing saelore Sendhang Tambak iki jebul wis ana padhukuhan sing jeneng
Desa Tambak kuwi, jalarane merga aku weruh ana wong loro lanang wadon, mlaku
ngliwati papan kene, kahanane katon memelas, lan sajak kentekan tenaga. Sing
lanang saranduning awake katon tatu kabeh, tatu sing jalaran katone kena
pasiksan saka wong liya. Raine babak belur ora karuwan, lambene pecah, mripate
abuh. Olehe mlaku kanthi dituntun dening sing wadon. Wong loro kuwi banjur
leren ana pinggiring sendhang.
“Wis
Dhi tekan kene wae anggonmu ngeterne aku” karo mapan ngglethak ing lemah tanpa
lemekan apa-apa wong lanang kuwi kandha marang sing wadon “tak kira aku wis ora
kuwat maneh nutugne laku, lan mbok menawa ora suwe aku tumuli mati ing papan
kene. Luwih becik nek sliramu tumuli bali wae”.
“Ora
Kang” wangsulane sing wadon karo ngusapi eluhe “wis dadi tekading atiku, wiwit
aku mbok rabi kae, aku wis janji marang atiku dhewe, mbuh bakal nemoni lakon
sing kaya apa wae, aku panggah bakal setya ngabekti dadi bojomu. Nek Kakang
ngongkon aku bali menyang omah, apa pancen kakang wis ora tresna maneh marang Sirep
bojomu iki?”.
“Aja
salah tampa ya Rep” sing lanang semaur “tresnaku marang sliramu kuwi wis padha
karo tresnane rasa legi marang gula, dadi sanadyan nganti tekan jaman apa wae,
aku Puranta ora bakal kalong rasa tresnane marang Sirep, ya sliramu bojoku.
Mung wae, nek sedhela maneh aku mati ana kene, sliramu banjur kepriye?. Nek aku
ngongkon sliramu bali, kuwi ya merga saka rasa tresnaku marang sliramu. Nek sliramu
panggah nunggoni bathangku ana kene, mendah kaya apa rekasane uripmu?. Aku ora
bakal nglilani bojoku rekasa lan kaniaya. Kosok baline nek sliramu bali, tata
gelar sliramu iku isih nom lan isih kasinungan rupa sing nggambar, tak kira
wong-wong sing biyen tau ngarepake sliramu dadi bojone nanging ora kasembadan
merga sliramu wis kadhung milih aku, bakal mbaleni nyaketi sliramu lan ngajak
urip bebarengan. Sliramu Sirep bisa milih salah siji saka wong-wong kuwi,
minangka gantiku. Aku lila lan legawa lahir trusing batin, sliramu winengku
priya seje, merga kanyatane aku ora bisa nutugne urip nyisihi sliramu, malah
matiku wae mati sing nggawa jeneng sing njejemberi, kabeh wong ing Tambak wis
ngarani nek aku iki maling sing luwih dening nistha merga wani nyolong darbeke
bendara sing kudune tak reksa lan tak jaga……”.
“Kakang
Puranta, aku luwih percaya marang Adile Sing Maha Kuwasa” wangsulane Sirep
nigas rembuge sisihane “Kakang ora kena mati, Kakang kudu panggah urip lan bali
waras kaya wingi uni, Kakang kudu percaya yen Kakang kuwat nampani coba saka
Gusti iki, mbuh kapan wektune Gusti mesthi bakal miyak wewadi sing saiki durung
ana sing ngerti iki, sapa satemene sing wis kumawani nyolong pusaka Sipat
Kandele Desa Tambak sing wujud keris sing pendhoke emas kuwi. Mula aja kakang
tutugne nggone guneman nek wis arep tumekan pati, elinga kakang kabeh iki
pacoban saka Gusti kakang kudu kuwat nampani coba kanggo nggayuh drajat sing
luwih mulya……..”.
Ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar