Total Tayangan Halaman

Senin, 23 Januari 2023

TIKANING WARIH 7 (001)


 

01.

Hawane krasa atis, rasa adhem ora mung tekan lumahing kulit wae, nanging krasa nusup tekan jero balung. Mula ora mokal yen Tanggon, Tolu, Paing lan Pangkas banjur padha ngrapetaken kemule kanggo nutupi awake, murih rasa adhem ora nemen-nemen nyiksa awake. Wong papat andhahane Bagus Pradapa kuwi sajak ora mikir bebaya apa-apa, anggone turu bener-bener dikepenakne. Suwara siliring angin  parak esuk sing nerjang gegodhongan ing alas, tumlethoking banyu bun sing kaya suwara udan arep teka saya nambahi wong papat kuwi ngrapetake mripat, supaya ora tangi dhisik. Gagasane padha. Wong papat kuwi duwe panemu yen wektune isih “bengi”, durung wayahe tangi.

Sauntara kuwi, ing pajokan sing rada kiwa, Bagus Pradapa wis tangi saka anggone turu. Bocah nom kuwi ngrasakne segering awake, tatu tilas kena kudi ing lempenge wis pulih lan ora krasa lara babar pisan. Menang-meneng Pradapa rumangsa gumun marang bocah nom loro sing wis nulungi dheweke, temah ora sida mati ing tangane Lurah Danara lan andhahane. Yen nitik saka tamba sing ditibakne marang tatune sing nduweni daya ngedab-edabi kaya ngono kuwi, cetha yen nom-noman sing jeneng Marga kuwi dudu menungsa sabaene. Adat sing lumrah, nambani tatu kaya sing disandhang dheweke wingi kae, yen sing nambani kuwi Dhukun sekti sing nduweni japa mantra mandi, paling ora mbutuhake wektu sepasar munggahe tekan sesasi lagi tatu tilas gegaman bisa nutup. Nanging Marga lan Rangga ora nganti setugel dina olehe nibakne tambane, wis bisa mulihake tatune.

“Apa wong loro kae, Dewa sing ngejawantah ya?” pitakonan kang mangkono kuwi bola-bali keprungu saka telenging atine Pradapa. Banjur dititugne anggone ngudarasa :

“Wingi wis akeh nggonku nyritakne lelakon sing disandhang Mbah Tambak, paraga sing wis nulungi wong tuwaku biyen. Lan dina iki mengko kudu tak tutugne nganti entek, ya tekan lelakon sing kudu tak sandhang dina iki. Nanging menyang ngendi wong loro mau?. Kamangka aku tangi mau ora let suwe sawise suwara rijalolah meneng. Nanging wong loro sing mau mapan turu ana sandhingku kuwi wis ora ana”.

Pradapa banjur ngadeg, mripate lirak-lirik ngulati papan kiwa tengene, nggoleki Rangga lan Marga sing ora katon ing panyawange. Karo nyandhak gaman sing dadi sipat kandele, Pradapa mlaku arep metu saka jero guwa, nggoleki Rangga lan Marga ana jaba. Tekan lawanging guwa, Pradapa weruh yen wayahe wis saput lemah. Pedhut peteng mbaka sethitik wiwit sumingkir kaya-kaya wedi marang srengenge sing wis aweh tengara yen sedhela maneh bakal teka, njudhul saka bantala sisih wetan, kanthi rupa abang sing sansaya suwe sansaya cetha, madhangi jagad sing mentas wae dikemuli dening petenging wengi. Pradapa kepengin mlaku nggoleki Rangga lan Marga, nanging isih tidha-tidha, dheweke isih metung ing jabaning guwa kuwi ora mokal akeh bebaya sing ngarah marang dheweke. Nanging Pradapa selak kepengin ngaweruhi, saiki iki Marga lan Rangga ana ngendi?.

“Sugeng enjang Kakang ……” dumadakan Pradapa dikagetne dening suwara alus kang nyapa dheweke. Ora let suwe katon Rangga mlaku nyaketi dheweke ditutne Marga sing mlaku ana mburine. Liwat padhanging esuk sing durung sepiraa cetha, Pradapa weruh yen Rangga lan Marga awake teles dening kringet.

“Oh, Sugeng enjing” karo semu gragapan Pradapa wangsulan “saking pundi niki wau Adhi? Kok ketingalipun sampun gemrobyos?”

“Saka sesuci neng kucur, banjur nindakne wajibing urip sembahyang subuh Kakang” wangsulane Rangga  “rampung subuhan banjur golek kringet ngiras nglemesne otot-otot sing kaku merga kegubet adheming bedhidhing wayah esuk iki”.

Pradapa rada kaget karo wangsulane Rangga sing ngandhakne nek mentas sesuci lan nindakne wajibing urip sembahyang subuh. Pradapa kelingan, jaman biyen dheweke saben dina ajeg nindakne laku sembahyang limang wektu, wong tuwane banget anggone wanti-wanti, repota sing kaya apa jenenge sembahyang kuwi ora kena ditinggal. Nanging sawuse wong tuwane ora ana, ora ana maneh sing ngelingake kuwajiban kuwi, luwih-luwih sawuse Pradapa sansaya kerep srawung karo wong-wong sing dierami merga duwe kaluwihan-kaluwihan ing jagading kanuragan sing kabeh mau ora tepung karo jenenge sembahyang, Pradapa mbaka sethithik ninggalne kuwajiban sing wektune wis ditemtokne sedina kaping lima kuwi. Ana rasa sing tuwuh ing atine Pradapa, kepengin bali kaya biyen, nindakne kuwajibaning urip kaya jaman wong tuwane isih ana biyen.

“Lha kakang Pradapa kok wis metu saka guwa?” genti Marga sing takon “arep menyang ngendi?”.

“Bares mawon Adhi” wangsulane Pradapa blaka “estunipun, kula wau madosi ndika kekalih, nanging sareng kula mireng menawi adhi kekalih nembe kemawon nindakaken sembahyang subuh, dumadakan kula kepengin sanget nglampahi sembahyang malih, awit sampun sawatawis wekdal kuwajiban menika kula lirwakaken. Menapa Adhi kepareng nedahaken kula margi dhateng kucur kangge sesuci?”.

“Ayo tak terne menyang Kucur Kakang” wangsulane Marga rumangsa seneng.

“Mangga Adhi kula dherekaken”

“Aku tak ya melu menyang kucur maneh nek ngono” Rangga melu guneman.

Wong telu kuwi banjur budhal mlaku menyang Kucur, ngeterne Pradapa sing arep sesuci lan nindakne kuwajiban.

“Kanggo sauntara manggon neng guwane Kisanak Tanggon lan kanca-kancane apa dene kluyuran ing sakiwa tengene kuwi ora mbebayani tumrap ndika Kakang Pradapa” kandhane Rangga sawuse Pradapa rampung nindakne kuwajibane, ing dhuwure watu kumalasa sing duwe raen leter. Wektu kuwi Rangga lungguh neng watu ora adoh saka papane Pradapa lan Marga uga lungguh ing watu sandhinge.

“Kok Adhi saged paring dhawuh makaten?” Pradapa takon semu gumun.

“Mau sasirepe suwara rijal, aku karo adhiku nyoba kanthi sesidheman ngendhangi Desa Kepuh Agal lan kober mampir ing  Kalurahan ya omah ndika kae” wangsulane Rangga “nganti dina iki, omah sing ndika tinggal ora mutawatiri, merga ki Danara lan andhahane durung wani blaka marang kawula ing Kepuh Agal nek wis gawe cilaka ndika. Mau kuwi, nganti rijal sirep Ki Danara isih lungguh neng pendhapa omah ndika, ngandhani marang wong-wong sing padha jaga ing regol panjagan yen ndika ilang durung kena dilari ing ngendi papane. Ki Danara ya kandha nek dheweke rumangsa kelangan merga ndika ngilang kuwi mau. Mula olehe kandha marang wong-wong sing sajake isih duwe kasetyan marang ndika, Ki Danara arep nggoleki ndika nganti ketemu lan bisa bali menyang Kepuh Agal maneh. Mung wae, nalika ana salah sijine wong sing padha rondha kuwi ngajak nggoleki ndika menyang alas sakulone kali, Ki Danara kandha mokal ana wong sing bisa slamet yen wani mlebu alas sakulone kali kuwi, jalaran Ki Danara kandha nate oleh weling saka Ki Sarkara yen alas sing manggon neng sakulone kali kuwi dadi reh-rehane mBah Tambak lan sing sapa wani ngambah alas kuwi tranpa ana palilah saka mBah Tambak, bakal kena walat, kurang-kurang bejane mulih wis dadi wong sing owah pikire, banjur mati. Lan kandhane Ki Danara iku uga dibenerake dening wong liyane singluwih tuwa. Mula aku banjur duwe dudutan nek Ki Danara saandhahane pisan ora bakal wani ngambah papan kene iki”.

“Mila leres prakawis wana sakilene lepen menika kagunganipun mBah Tambak, dugi sapriki taksih kathah ingkang pitados Adhi” wangsulane Pradapa “lan mila leres, jaman rumiyin kathah titiyang ingkang njarag ngambah wana sakilene lepen menika, sareng wangsul lajeng ewah nalaripun lan jaman tiyang sepuh kula taksih wonten, lajeng dipun suwunaken pangaksami dhateng mBah Tambak, ing ngriku lajeng tiyang ingkang ewah nalaripun menika saged mantun. Malah wonten ingkang sasampunipun saras saking sakitipun criyos ingkang sarwa nggegirisi magepokan kalihan wadya balanipun mBah Tambak. Nanging menapa inggih Ki Danara ugi pitados bab walat saking mBah tambak menika Adhi, angemuti menawi Ki Danara menika tiyang ingkang neneka dede asli Dhusun Kepuh Agal menika?”.

“Katone percaya lan ngandel kakang” sing wangsulan genti Marga “jalaran nalika Ki Danara ninggalne pendhapa dalem ndika ditutne karo andhahane, ing dalan andhahane takon bab angkere alas ing manggon ing kulon kali iki Ki Danara kober nesu, merga andhahane dianggep ora percaya lan wani ngrasani mBah Tambak, kamangka mBah Tambak kuwi jarene Ki Danara nek dirsasani sapa wae mesthi ngerti, lan nek nganti mBah Tambak nesu sing ngrasani bisa cilaka”.

“Inggih Adhi” Pradapa banjur guneman njaluk rerigen “samangke kula nyuwun eguh pratikelipun Adhi Rangga lan Adhi Marga, menapa lampah ingkang kedah kula tindakaken? Menapa kula nerusaken lampah mangsulaken Keris Sipat kandeling Dhusun Kepuh Agal menika dhateng Sendhang Ngiyom murih boten dipun kuwaosi dening Ki Danara inking nedya njonkeng kawibawan ing Kepuh Agal? Menapa kula pados srayan kangge nundhung ki Danara saandhahanipun ? Lajeng dhateng pundi anggen kula kedah padaos sraya?”.

“Kanggo nemtokne endi sing kudu ndika lakoni” Rangga aweh wangsulan “luwih dhisik ndika kudu ngrampungne crita ndika marang aku bab lelakone mBah Tambak sing dicritakne marang Ki Sarkara ya wong tuwa ndika sing wingi durung rampung kae”.

“Inggih Adhi” wangsulane Pradapa karo mesem “mangga suwawi kula dherekaken wangsul dhateng guwa malih, ing mrika mangke saged kula lajengaken cariyosipun”.

Wong telu banjur menyat, mlaku bebarengan bali menyang guwa papan pandhelikane Tanggon sakancane.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...