28.
Mireng wicantenipun Puranta ingkang nyamekaken
Ki Bebau Kidul kalihan Ki Jagabaya Bontot kalihan kirik utawi anak segawon,
tiyang kalih menika sansaya muntab kanepsonipun. Ki Jagabaya ingkang nembe
saged tangi saking anggenipun dhawah, ketingal praupanipun dados abrit
mangar-mangar samanten ugi praupanipun Ki Jagabaya dados kados ulam urang
ingkang dipun bakar ing latu mawa, abrit semu cemeng. Kalih misuh-misuh nyebat
namining kewan-kewan remeh, Ki Bebau Kidul lan Ki Jagabaya Bontot sesarengan
majeng ngintunaken serangan dhateng Puranta, mawi gegamanipun
piyambak-piyambak. Tumbakipun Ki Bebau Kidul ngarah dhadha dene Pedhangipun Ki
Jagabaya kasabetaken ngarah sirahipun Puranta. Nanging Puranta ingkang wiwit
alit klawan dhedhemitan wineleg ngelmu kanuragan dening Ki Lurah Tambak
Kapisan, sampun siyaga saderengipun. Kanthi ngebahaken raganipun prasaja
kemawon, samberan pedhang lan panjojohing tumbak saged dipun endhani. Malah
kalih endha Puranta kober ngangkat dhengkulipun kanan, sikilipun kadugangaken
temah ngengingi sangandhaping cangklakanipun Ki Jagabaya Bontot. Ki Jagabaya
ingkang boten nyana badhe kaparingan dlamakanipun Puranta, sakala misuh
badanipun kontal mundur watawis sekawan jangkah lajeng dhawah jekangkangan.
Pisuhanipun Ki Jagabaya ngagetaken Ki Bebau Kidul, boten sranta lajeng noleh
pamanipun ingkang kontal mundur menika, Puranta langkung prayitna kalih
mencolot cendhak kemawon, tanganipun ingkang ngepel dipun dhawahaken ing
dhadhanipun Ki Bebau Kidul, nanging mleset temah namung ngengingi salang pundhak.
Nadyanta makaten, Bebau Kidul sampun koming temah dhawah ing siti. Pisuhipun
boten kantenan.
“Ya gene ndadak nganggo misuh-misuh
nyeluki kewan sing neng kene ora ana Ki Bau lan Ki Jagabaya?” kalih mesem sarwi
nyawang tiang kalih ingkang nembe badhe tangi saking anggenipun dhawah, Puranta
wicanten “ayo padha tangia, ndika kena maju bebarengan utawa yen kurang bisa
ngundang kanca kanggo nyoba anake Ki Tambak Kapisan iki. Bisa tukaran apa ora?”.
“Setan alas ora genah kowe Puranta!” Ki Bebau
Kidul misuh kalih wangsulan “Maling licik kaya kowe kuwi pancen ora pantes
diwenehi urip, nanging sadurunge tumeka pati, kowe kudu ngrasakne pasiksan sing
luwih abot jalaran saka tumindakmu sing wis wani nyolong piyandel Kalurahan Tambak”.
“Aja mung waton ndakwa tanpa ana bukti
kang nyata Ki Bau” wangsulanipun Puranta “wis sansaya tuwa umur ndika kuwi mbok
ya disuda anggon ndika ngecakne laku culika kaya ngono kuwi. Eling Ki Bau, ora
nganti satus tahun maneh ndika kuwi mesthi wis ora bisa ngrasakne kanikmataning
donya, luwih-luwih Paman ndika Ki Jagabaya Bontot kuwi, ora nganti ngenteni
gedhene anak ndika sing ragil kae, paling ya wis jempo, bisa mlaku ora dibantu
nganggo reken kuwi wae jeneng wis aran beja”.
“Iblis keparat tenan kowe Puranta” Ki Jagabaya
sakala nggetak kalih majeng sajangkah sarwi ngencengi anggenipun nggegem
gaganging pedhang “pancen lambene maling kaya lambemu kuwi ora bisa guneman nek
ora nyelaki tumindakmu”.
“Sapa sing maling Ki Jagabaya?” Puranta
mesem kalih wangsulan “kanthi nyawang polah ndika sakloron, saiki aku weruh
sapa satemene sing wis wani nyolong Kyai Pantek saka plangkane”.
“Nek kowe pancen ngerti kandhawa” Ki
Bebau Kidul gentos ingkang nggetak “sapa he?”.
“Salah siji saka ndika wong loro” wangsulanipun
Puranta “yen aku diarani nyolong Kyai Pantek arep tak enggo apa hara? Upama aku
kepengin dadi Lurah ing Tambak kene, wis biyen-biyen aku bisa dadi Lurah
tanpa kudu nyolong Kyai Pantek luwih
dhisik jalaran paugeraning Kalurahan cetha nyebutake yen aku duwe wewenang nutugne
sesanggemane wong tuwaku. Beda karo ndika wong loro kuwi, wis diwelasi dening
Ki Tambak Kapisan, diparingi kalungguhan sing murwat, ewa samono isih kurang trima,
malah sajake saiki kepengin dadi Lurah pisan…….”.
“Celeng setan tenan kowe Puranta!” Ki
Bebau Kidul mendhot wicantenipun Puranta kalih pisuhipun “mbuh apa sing mbok
sedya kowe wis maling Kyai Pantek, banjur kanggo nutupi letheking gegedhohanmu
kowe malah wani ndakwa aku karo Paman Bontot. Cangkemmu kuwi pancen durung bisa
leren nggone gawe crita ngayawara yen durung tak kekrek nganggo wilahaning
tumbakku iki…..”.
“Aja mung bisa guneman wae Ki Bau”
Puranta sampun wiwit suda kasabaranipun “ayo yen nyata ndika bisa, buktekna
bisa apa ora tumbakmu ngekrek cangkemku!”.
Dipun tantang kados makaten kala wau, Ki
Bebau Kidul lan Ki Jagabaya Bontot lajeng majeng siyaga badhe ndhawahaken
dedamelipun dhateng Puranta. Nanging Puranta langkung waspada lan prayitna
wiwit kala wau. Boten dangu ing kalangan ingkang kinepung kupeng dening titiyang
ing Kalurahan Tambak menika sampun rame awit kangge ngunggar kasudiran
antawisipun Ki Bebau Kidul lan Ki Jagabaya Bontot ingkang musus dedamelipun
piyambak-piyambak ngrubut Puranta
ingkang tanpa mbekta dedamel menapa-menapa.
Saking plataran papan anggenipun sami
kerengan Puranta ingkang kakrubut Ki Jagabaya Bontot lan Ki Bebau Kidul,
wongsal-wangsul kepireng keplok lan surak ambata rubuh suwantenipun. Titiyang
Tambak ingkang sadangunipun menika ngertosipun Puranta menika namung tiyang
limrah ingkang sarwa prasaja, sakniki sami sumerep menawi Puranta menika tuhu
putranipun Ki Tambak Kapisan, ingkang nggadhahi ngelmi ulah kanuragan.
Tiyang-tiyang menika wongsal-wangsul keplok-keplok kalih surak-surak nalika
sumerep Ki Bontot, Jagabaya ingkang kondhang cendhala lan asring damel sakiting
tiyang limrah warga Kalurahan Tambak ingkang dipun anggep lepat, menika
wongsal-wangsul dipun damel gulung koming dening Puranta. Makaten ugi Ki Waruju
ingkang dereng dangu nampi kapitadosan saking Ki Tambak Kapindho minangka
sesepuhing para Bebau ingkang remen tumindak sesongaran, dhemen nenantang adu
katiyasan dhateng sok sintena kemawon ingkang benten pamanggih kalih
piyambakipun, asring dhawah kalenggak awit solahipun piyambak jalaran dipun
endhani pangrangsangipun dening Puranta. Tumbak pusaka ingkang kala wau saged
damel tatu ageng ing pupunipun Ki Sarana, jebul tanpa wonten pedahipun nalika
badhe kangge mrawasa Puranta. Tumbakipun Ki Waruju lan Pedhangipun Ki Bontot
babar pisan boten saged nyenggol badanipun Puranta, malah dugangan lan
kepelanipun Puranta ingkang saben-saben dipun ebahaken kuwawa ndadosaken tiyang
kalih menika sami dhawah jekangkangan ing plataran Kalurahan Tambak.
Dangu-dangu ketingal menawi Ki Jagabaya
Bontot tuwin Ki Bebau Kidul sampun katelasan kekiyatan. Malah ambeganipun ugi
sampun cekak-cekak, krenggosan kados maesa ingkang kekeselen awit nggeret garu
utawi waluku ing wanci tengange.
“Saiki kepriye sing dadi kersa ndika Ki
Bau lan Ki Jagabaya?” sumerep mengsahipun sami kesayahen, Puranta boten
nutugaken anggenipun neter kekalihipun kalihan jurus-jurus kanuraganipun,
nanging malah pitaken dhateng kekalihipun “isih nekad arep nutugne nggon ndika
arep nyikara aku, apa ndika ngakoni wae yen pandakwa ndika marang aku mau satemene
mung gawe-gawe wae?”
Ngantos dangu Ki Bebau Kidul lan Ki
Jagabaya Bontot boten mangsuli pitakenipun Puranta. Sanaosa sampun boten wantun
majeng nrajang mawi dedamelipun malih, nanging kekalihipun dereng purun ngakeni
menawi sampun kasoran ing juritipun.
“Yen ndika sakoloron isih kepengin
nutugne anggon ndika gegojegan karo aku ing lataring pendhapa Kalurahan iki, ya
ora apa-apa” Puranta wicanten malih “ndika bisa ngombe-ngombe luwih dhisik
murih kekuwatan ndika pulih, banjur nutugne nggon ndika nekad arep gawe
cilakaku. Aja pakewuh, aku sabar kok ngenteni ndika sakloron”.
“Nyata ndika wong sekti sing pilih
tandhing sembada jayeng palugon Gus” dereng ngantos Ki Bebau Kidul lan Ki
Jagabaya semaur, dumadakan wonten tiyang sepuh ingkang nyangking tulup mlebet
ing salebeting kalangan lan wicanten dhateng Puranta “nanging tak jaluk aja
girang gumuyu luwih dhisik, jalaran satemen ndika durung kena diarani nek wis
menang”.
“Nuwun sewu Kyai” Puranta radi kaget awit
duginipun tiyang sepuh ingkang nyangking tulup menika, sakeplasan Puranta emut
bilih tiyang menika kala wau ingkang nglepasaken Paser Angin ingkang kasurung
mantram gaib dhateng Ki Lurah Tambak Kapindho, nanging Puranta api-api dereng
mangertos “ndika menika sinten lan wonten kersa menapa dene murugi papan kula
gegojegan kalihan Ki Bebau Kidul lan Ki Jagabaya Bontot?”.
“He he he…..” Tiyang sepuh menika
gumujeng ngekek lajeng wangsulan “ditepungake wae ya Gus? Jenengku Kyai Lopara,
ya senadyan mung kaya mangkono asile, sing aweh tuntunan ngelmu kanuragan
marang si Waruju lan Si Bontot kuwi ora ana liya kajaba ya aku Ki Lopara iki”.
“Oooo dados jengandika menika Gurunipun
Ki Bebau saha Ki Jagabaya Bontot ingkang sekti mandraguna menika?” Puranta
wicanten kalihan mesem, anggenipun nyebat Ki Bebau saha Ki Jagabaya kaimbetan
pangalembana ingkang cengkah kalihan kawontenan ingkang sanyatanipun.
“Bener, kaya sing wis tak kandhakne lan
ora bakal tak selaki yen aku iki pancen Gurune Waruju lan Bontot. Ora prelu
ndadak ndika mamerne kasekten ndika kanthi ngandhakne yen Waruju lan Jagabaya
kuwi sekti mandraguna sing wis bisa ndika gawe dolanan” Ki Lopara suka wangsulan
kanthi suwanten ingkang sengak nedahaken boten remening manahipun.
“Nyuwun pangapunten Kyai……” Puranta
nyuwun pangapunten dhateng Ki Lopara, awit anggenipun ngalembana semu dhateng
Ki Bebau miwah Ki Jagabaya.
“Ora prelu ndika njaluk pangapura Gus”
wangsulanipun Ki Lopara salajengipun “saiki ngene wae, kanggo ngringkes wektu,
aku kepengin nyoba sepira kasudiran ndika ing papan kene”.
“Kersanipun Kyai Lopara menapa?” Puranta
rumaos menawi Ki Lopara badhe males wirangipun para murid-muridipun dhateng
piyambakipun.
“Yen ndika kuwat ora nganti rubuh
sajroning selawe jurus ngadhepi aku” Ki Lopara wicanten “aku ngaku kalah lan
bakal njabut pandakwane Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot marang ndika sing
kadakwa wis nyidra Pusaka Kalurahan sing jeneng Keris Kyai Pantek kuwi mau.
Kosok baline nek ndika ora wani ngadhepi aku utawa sajroning selawe jurus ndika
wis rubuh ora bisa tangi, ndika aja selak maneh yen temen-temen ndika sing nyolong
Kyai Pantek saka plangkane. Piye Gus Puranta?”.
Rumaos runtik manahipun Puranta mireng
panantangipun Ki Lopara, ingkang meksa murih piyambakipun ngladosi panantang
ingkang estunipun boten klebet ing nalar menggah ingkang dados sirikanipun.
Mila kanthi suwanten ingkang alon nanging cetha, Puranta lajeng wangsulan :
“Ngantosa langit rubuh pisan, kula boten
badhe ngakeni manawi kula ingkang nyolong piyandel Kalurahan Tambak menika, jer
kula estu boten nyolong. Nanging gandheng Ki Lopara ingkang paring dhawuh
supados kula ngladosi anggenipun badhe paring panuntun ing reh kanuragan
dhateng kula, mangga suwawi kula dherekaken Kyai, badhe kula ladosi menapa
ingkang jengandika kersakaken”.
Titiyang ingkang ngepung kupeng kalangan
ing latar Pendhapa Kalurahan menika meh sedaya sami ngempet ambegan, mireng wangsulanipun
Puranta ingkang teteg lan tatag boten ketingal ajrih babar pisan menika. Awit
titiyang ing mriku sampun asring mireng menggah Ki Lopara menika tiyang sekti
ingkang tanpa tandhing ingkang kondhangipun saged nyepeng lan nggraji angin. Ki
Lopara lajeng nyilakaken sinjangipun tata-tata badhe ngecakaken jurusipun
kangge nyerang Puranta.
Ana
candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar