29.
Puranta mila nate mireng bab kondhanging
kasektenipun tiyang ingkang nami Ki Lopara menika, satunggaling Dhukun ingkang
nggadhahi pinten-pinten prewangan saking bangsaning Jim Setan Priprayangan.
Kasektenipun prasasat saged njara langit. Inggih awit saking menika Puranta
rumaos kedah langkung ngatos-atos, jalaran kirang-kirang begjanipun, wantun
mengsah kalihan Ki Lopara menika saged dumugining tiwas lajeng yitmanipun dipun
dadosaken mangsanipun para prewangan srayanipun Ki Lopara.
Jurus kapisan dipun wiwiti, Ki Lopara
majeng kalihan ngebahaken kepelanipun ngarah dhadha, Puranta boten purun
nangkis mawi tangan, nanging milih ngendhani temah kepelanipun Ki Lopara namung
ngengingi awang-awang, ewa samanten sumiyuting angin saged karaosaken dening
Puranta bilih kepelan tanganipun Ki Lopara menika ngemu tenaga ingkang ageng
sanget. Ngertos menawi kepelanipun dipun endhani, Ki Lopara lajeng ngingset
adegipun tanpa ngangkat sukunipun, ngetutaken plajenging pangendhanipun Puranta.
Lajeng gentos sukunipun ingkang dipun ginakaken nyerang Puranta, sukunipun Ki
Lopara nyadhuk ngarah lambung. Puranta boten saged ngendhani, lajeng
ngginakaken tangan kananipun ingkang kabekuk, sikutipun kangge nutupi lambung
dene tanganipun kering kadamel mikuwati tangkisan tanganipun kanan.
Kepireng suwanten gumebrug. Puranta
kontal sekawan jangkah mundur, kuda-kudanipun buyar, nanging namung sakedhap
sampun jejeg malih adegipun. Ki Lopara piyambak, kabendalan tenaganipun ingkang
nanggor sikutipun Puranta, kontal mundur gangsal jangkah, sempoyongan nanging
boten ngantos dhawah ing siti. Sami kalihan pangudasmaraning Puranta, Ki Lopara
rumaos eram ndulu kekiyataning Puranta, sanaosa taksih timur suprandene kiyat
nampani duganganipun ingkang sinurung kekiyatan hawa murni ingkang ageng. Adat
ingkang sampun, sinten kemawon ingkang kadugang dening Ki Lopara
begja-begjanipun badhe kontal rebah ing siti. Nanging jebul Puranta sajak boten
pati kraos, sanadyan kuda-kudanipun kober ambyar nanging tumuten saged ndandosi
adegipun. Ki Lopara ugi eram daya panangkising Puranta pranyata kuwawa
mbendalaken tenaganipun piyambak temah kontal mundur, lan kober sempoyongan.
“Aja kesusu ngguyu dhisik Puranta” Ki
Lopara nggereng kalih nyawang Puranta “tenaga sing tak cakne kanggo iki mau
durung ana setelon saka kekuwataning jususku, mula pantes wae yen kowe durung
rubuh ndhepani lemah”.
“Matur nuwun Ki Lopara” wangsulanipun
Puranta kadamel ayem “tuhu kekiyataning jurus ndika ngedab-edabi, sanaosa
namung kirang saking satelon, ewa dene saged damel badan kula mencelat mundur. nDika
nyata tiyang sepuh ingkang nggegirisi, mugi-mugi anggen kula atur lelados
dhumateng jengandika boten adamel cuwaning penggalih”.
“Keparat, alus basamu nanging ngemu rasa
sing paite ngluwihi godhogan babakan pule” Ki Lopara semaur, praupanipun
sansaya abrit awih kaobong dening genining kanepson “muga-muga ora ana sing
ngluputake aku yen kapeksa kowe mati ketiban jurusku”.
“Mangga Ki Lopara, sampun tidha-tidha,
paring tuntunan dhateng kula, kula pitados boten badhe wonten ingkang nglepataken
ndika menawi kula boten kiyat nglampahi piwucal saking Ki Lopara” kepireng
boten ngemu raos kuwatos, Puranta suka wangsulan.
Ki Lopara sansaya mindhak anggenipun
nesu, lajeng ngambali anggenipun ngrangsang lan nyerang Puranta, nanging
Puranta panggah boten kendhat anggenipun tansah prayitna. Ngantos dangu lan
pinten-pinten jurus sampun dipun cakaken dening Ki Lopara, ewa samanten dereng
wonten tandha-tandha sinten ingkang badhe unggul ing salebeting perang tandhing
menika. Jalaran nalika samanten Puranta namung sadremi ngladosi jurus ingkang
dipun pasang dening mengsahipun, menawi saged dipun endhani inggih Puranta
endha, nanging menawi boten saged inggih dipun tangkis. Lan saben-saben jurus
seranganipun Ki Lopara kenging dipun tangkis dening Puranta, mesthi nuwuhaken
suwanten jumleggur, wonten kekiyatan ageng kalih ingkang tatapan. Lan saben-saben kalih kekiyatan menika
tempuk, mesthi ingkang ngadhahi kekiyatan sami dene anggenipun kontal mundur.
Ingkang menika nedahaken bilih kekiyataning Puranta kalihan kekiyataning Ki
Lopara Dhukun Sekti gurunipun Ki Bebau Kidul lan Ki Jagabaya Bontot menika mila
boten tebih kaotipun. Tiyang-tiyang Tambak inggih para Sapukawating Kalurahan
lan Para Pamong ingkang sumerep perang tandhing menika sami anggenipun gumun
wor lan raos eram, jebul Puranta menika tebih saking anggenipun sami nginten
ing saderengipun.
Nalika samanten anggenipun perang
tandhing tiyang kalih menika sampun kliwat saking tigang dasa jurus. Ki Lopara
sampun rumaos bosen kalihan anggenipun namung nyerang lan Puranta namung endha
sarta nangkis kemawon. Ki Lopara sampun boten ngrewes kalihan ucapipun piyambak
nalika nantang Puranta kala wau, inggih menika namung nyukani selangkung jurus
dhateng Puranta lan piyambakipun sampun pitados bilih Puranta saged dipun
kawonaken boten ngantos selangkung jurus. Nanging Ki Lopara api-api supe
dhateng ucapipun kala wau. Malah lajeng wicanten dhateng Puranta :
“Puranta sanadyan aku wis tuwa tak jaluk
kowe aja banjur ngremehake marang aku!”.
“Sinten ingkang wantun ngremehaken
jengandika Kyai?” wangsulanipun Puranta “inggih nyuwun pangapunten menawi awit
saking bodho kula, boten saged ngladosi kanthi sae dhumateng jengandika ing
gladhen menika”.
“Aja api-api bodho kanthi ngajeni marang
aku, kowe Puranta” Ki Lopara nggetak sora “apa kok kira aku ora ngerti nek kowe
nedya nguras tenagaku kanthi mung wani ngendhani seranganku tanpa wani genti
males nyerang?. Ayo yen nyata kowe perwira, genti tibakna jurusmu marang aku!”.
“Kyai ngersakaken kula sinau nyerang?” wangsulanipun
Puranta panggah mawi suwanten ingkang alus lan sareh “menawi menika ingkang
ndika kersakaken, inggih nyuwun pangestu Kyai, kula badhe nuruti menapa
pamundhutipun Ki Lopara”.
“Bagus! Ayo kaya apa tandangmu lan sepira
kekuwataning jurusmu, tak enteni tibakna marang ragaku, Keparat!” Ki Lopara
nyuwanten kanthi suwanten sajak ngremehaken dhateng Puranta.
Puranta lajeng nata adeging
kuda-kudanipun, badhe nuruti panantanging mengsahipun. Sawatawis menika ngantos
pinten-pinten glugu ing Padhukuhan Tambak ingkang dipun tingali dening Ki Bebau
Tengah ingkang madosi Dawegan ijem ingkang sajanjang namung isi setunggal badhe
kangge njampeni Ki Tambak Kapindho, ingkang kados tiyang kecalan nalar awit
ketaman Paser Angin ingkang sinurung mantram gaib. Sareng anggenipun
mider-mider sampun radi kraos kesel, Ki Bebau Tengah sumerep wonten klapa ijem
genjah ing pinggiring margi ingkang wonten daweganipun, sejanjang namung isi
setunggal. Boten sranta, dawegan nuli kapethik lan kapacakan lajeng dipun bekta
wangsul dhateng Kalurahan.
Jebul nalika Ki Bebau tengah dumugi
Kalurahan, Ki Tambak Kapindho sampun dipun elih dhateng amben dipun tenggani
Nyai Lurah lan para abdi. Sadaya sami bingung nyumerepi kawontenanipun Ki
Tambak Kapindho ingkang kados makaten menika. Sampun dipun unjuki mawi unjukan
jahe ingkang anget lan saliranipun Ki Lurah ingkang asrep njejet dipun seka mawi
toya lan awu benter, ewa samanten Ki Lurah panggah boten ewah, tetep
dlongap-dlongop domblang domblong boten saged guneman menapa-menapa.
“Nuwun sewu kula ingkang sowan Ki Lurah”
Ki Bebau Tengah nyuwun idi badhe mlebet dhateng panggenanipun Ki Lurah dipun
lenggahaken.
“Mangga, mangga Paman Bau” Nyai Lurah
nunten paring wangsulan jalaran Ki Lurah boten paring tanggapan menapa-menapa.
“Matur nuwun Nyi Lurah” Ki Bau Tengah
wicanten kalih nyepengi dawegan ijem ingkang sampun dipun pacaki sepetipun “nyuwun
pangapunten menawi sowan kula radi randhat, awit nembe kemawon jejampi kangge
Ki Lurah saged kula panggihaken ing pategilan celak margi pekarangan kula”.
“Jampi kangge Ki Lurah, Paman Bau?” Nyai
Lurah ketingal gumun, boten nginten menawi Ki Bau Tengah jebul kesah pados
jampi kangge Ki Lurah “menapa menika Paman Bau?”.
“Dhawuhipun angger Puranta kala wau, kula
kadhawuhan pados dawegan ijem ingkang sajanjang namung isi setunggal kapurih
ngunjukaken dhateng Ki Lurah. Lha menika wujudipun dawegan kala wau, samangke
mangga kaparenga Nyai Lurah ngunjukaken toyaning dawegan menika dhateng Ki
Lurah” wangsulanipun Ki Bau Tengah kalihan nyaosaken dawegan ingkang dipun
cepeng dhateng Nyai Lurah.
“Inggih Paman Bau” wangsulanipun Nyai Lurah
“nyuwun tulung ndika cepengi badan lan astanipun Ki Lurah murih boten nampel
dawegan ingkang badhe kula unjukaken toyanipun”.
Kasembadan Ki Lurah sampun ngunjuk toya dawegan
kados ingkang kaparentahaken dening Puranta dhateng Ki Bebau Tengah. Waunipun
Nyai Lurah lan Ki Bebau Tengah radi ngedhap manahipun, awit sasampunipun
kaunjukan toyaning dawegan, Ki Lurah ngeremaken netranipun lajeng mapan sare
ing amben. Sakujuring salira ngedalaken riwe ingkang kados toya banjir temah rasukan
tuwin sinjang ingkang dipun agem teles kebes kados kacelup ing toya.
Nyai Lurah kober mirsani praupaning Ki
Bebau Tengah kalihan ngemu raos sujana. Ki Bebau tengah ingkang boten nginten
menawi Ki Lurah badhe kados makaten, sakalangkung ing ajrihipun. Boten kraos rasukanipun
ugi lajeng teles dening riwe asrep.
“Ehm…em….” Dumadakan Ki Lurah Tambak
Kapindho sampun lenggah malih, slaganipun sampun kados tiyang ingkang nglilir
saking tilem, lajeng dhehem lan ngendika “ana ngendi aku iki?”.
“Sokur bage sekethi jumurung Kyaine……”
Nyai Lurah nyebut sokur lajeng matur caos wangsulan dhateng Ki Lurah “Kyaine
sampun waluya jati jati temahan Nirmala, awit sampun kaunjukan jejampi
piwucaling Dhimas Puranta ingkang dipun padosaken dening Paman Bebau Tengah”.
“Dhimas Puranta?” Ki Lurah mundhut pirsa “menyang
ngendi bocahe saiki? Ya gene aku digolekne jamu dening Ki Bebau Tengah? Aku kena
apa?”.
“Nyuwun pangapunten Ki Lurah” Ki Bau
Tengah lajeng munjuk atur “estunipun boten wonten ingkang sumerep kajawi Angger
Puranta lan tiyang ingkang nedya damel kisruhing Kalurahan Tambak mriki, Ki
Lurah sampun kadhawahan Paser Angin ingkang sinurung mantram gaib saking tiyang
sekti ingkang nedya damel kisruh ing Kalurahan Tambak mriki, katujunipun Angger
Puranta pirsa, mila lajeng dhawuh dhumateng kula murih pados jejampi murih Ki
Lurah lepas saking sawabing Paser Angin kala wau”.
“Iya….iya Ki Bau” Ki Lurah paring
wangsulan kalihan ngemut-emut menapa ingkang sampun kedadosan, lajeng
dhawuhipun malih “aku kelingan, mau ing Pendhapa Kalurahan, aku nyrengeni
Puranta awit miturut palapurane Paman Bebau Kidul lan Paman Jagabaya Bontot,
sing nyidra Keris Kyai Pantek kuwi Puranta. Nanging mau Puranta nyelaki kabeh
sing dadi pandakwaku lan ndadekne Paman Bebau Kidul nesu. Sabanjure aku banjur
ora eling apa-apa. Aku mung kelingan bareng karo Paman Bebau Kidul mencolot
nyedhaki Puranta, aku weruh cahya biru sing banget mbalerengi mripatku. Lan ana
suwara sing mlebu ing kupingku mangkene : - Ki Lurah, salah siji saka ndika
karo Puranta kudu lunga saka Kalurahan Tambak kene, yen ora, kabeh turune Ki
Tambak Kapisan bakal tak tumpes kelor ora ana sing kari -. Bubar kuwi aku wis
ora weruh lan ora krungu apa-apa maneh. Ngerti-ngerti wis ana kene. Mula bareng ndika kandha yen aku ketaman Paser
Angin sing sinurung mantram gaib lan sing nuduhi jamu kanggo aku kuwi Puranta, aku
banjur dadi sansaya bingung, endi sing kudu tak percaya?”.
Ana
candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar