30.
Ki Bebau Tengah dereng saged atur
wangsulan dhateng Ki Tambak Kapindho, senadyan estunipun Bebau ingkang yuswanipun
sampun sepalih umur menika langkung pitados dhateng Puranta, nanging badhe
ngaturaken pamanggihipun rumaos ajrih menawi dipun lepataken dening Ki Lurah. Nyai
Lurah ingkang ugi taksih wonten ing papan mriku, inggih namung kendel kemawon,
awit sampun wongsal-wangsul piyambakipun mireng saking Bebau Kidul bilih wonten
kekiyatan ingkang badhe njungkeng kawibawanipun Ki Lurah menika.
“Sabanjure Ki Bau Tengah” Ki Lurah
ngendika malih “yen mau ndika wis aweh kabar marang aku, aku ketiban Paser
Angin kang sinurung mantram gaib sing dilepasne dening wong sing nedya gawe
kisruh ing Kalurahan kene. Miturut Paman Bau sapa menungsane kuwi he?”.
“Ingkang langkung mangertos menika namung
Angger Puranta Ki Lurah” atur wangsulanipun Bebau Tengah.
“Dadi ndika ora weruh dhewe?” Ki Lurah
mundhut pirsa malih.
“Leres Ki Lurah” atur wangsulanipun Bebau
Tengah blaka.
“Padha karo aku Ki Bau” Ki Lurah ngendika
malih “aku ya ora ngerti dhewe, nek ana wong-wong sing nedya arep njungkeng
kawibawanku minangka lurah ing Tambak kene. Nek ndika merga dikandhani Dhimas
Puranta, lha yen aku merga diwaduli dening Ki Jagabaya Bontot lan Paman Bebau
Kidul. Sedina sadurunge Keris Kyai Pantek ilang saka plangkan, Paman Bebau
Kidul lan Ki Jagabaya Bontot nemoni aku karo nganthi gurune sing asmane Ki Lopara.
Miturut Paman Bebau Kidul lan Ki Jagabaya Bontot, pusaka piyandele wong loro
kuwi asung sasmita manawa Kalurahan Tambak arep geger, jalaran ana wong sing nyusun
kekuwatan lan nedya ngrebut panguwasa saka tanganku. Aku weruh dhewe nalika keris
sekti sing duweke Paman Bebau Kidul lan Ki Jagabaya Bontot kuwi ditakoni dening
Ki Lopara, keris-keris mau padha aweh sasmita yen ana wong sing duwe sedya kaya
sing diwadulake Paman bebau lan Ki Jagabaya Bontot mau, kanthi bisa ngadeg jejeg
ing dhuwuring jubinan ukirane ana ing dhuwur. Banjur Ki Lopara nambahi maneh
yen satemene sing duwe sedya ala kuwi mau, isih sedulurku dhewe. Mula sanadyan
Ki Lopara ora nyebutne jeneng, aku banjur duwe gagasan yen sedulurku kuwi mung
siji ya iku Dhimas Puranta”.
“Nanging kanyatanipun ingkang paring
dhawuh dhumateng kula murih madosaken jampi Ki Lurah menika malah Angger
Puranta Ki Lurah?” Ki Bebau tengah munjuk atur “dede Ki Lopara, utawi Ki Bebau
Kidul menapa dene Ki Jagabaya Bontot”.
“Mula kuwi, aku ya dadi rada bingung
dhewe ngrasakne lelakon iki” Ki Lurah paring wangsulan “lha saiki Dhimas
Puranta, Paman Bebau Kidul lan Ki Jagabaya sarta para pamong lan Sapukawating Kalurahan
padha menyang ngendi?”.
Ki Bebau Tengah lajeng nyariyosaken,
wiwit Ki Bebau Kidul ndugang Puranta lajeng Ki Sarana nantang Ki Bebau Kidul, ngantos
Puranta utusan piyambakipun murih pados Dawegan Ijem ingkang sajanjang namung
isi setunggal.
“Dados mbok menawi kemawon taksih sami
wonten ing Plataran Pendhapa Kalurahan, Ki Lurah” Ki Bebau Tengah mungkasi
anggenipun cariyos lan matur mbok bilih kemawon titiyang kala wau taksih ing
Plataran .
“Elho dadi iki mau wong-wong padha kerengan
dhewe-dhewe, Ki Bau?” Ki Lurah ketingal kejot penggalihipun midhanget aturipun
Ki Bebau Tengah.
“Kula kirang mangertos kanthi cetha Ki
Lurah awit kula namung nggagas murih enggal saged kepanggih Dawegan Ijem
ingkang sajanjang namung isi setunggal, namung kemawon saking katebihan kula wongsal-wangsul
mireng suwanten keplok-keplok saha surak ingkang ambata rubuh saking Plataran
Kalurahan” Ki Bebau Tengah matur jumbuh kalihan menapa ingkang dipun ngertosi.
“Yen mangkono, aku kudu ngerti dhewe apa
sing wis dumadi ing Plataran Kalurahan, sajake wong-wong kae wis tumindak sing
dudu karepe dhewe, gawe gendra ana Plataran Kalurahan tanpa ana idi palilah
saka aku, Lurah Tambak sing sejati” Ki Lurah ketingal radi duka, lajeng jumeneng
nunten miyos menjawi badhe dhateng Plataran Pendhapa Kalurahan. Ki Bebau Tengah
lajeng daya-daya nututi.
Amangsuli cariyosipun Puranta ingkang
nembe perang tandhing mengsah Ki Lopara. Saestu Puranta sampun nuruti pakenipun
Ki Lopara ingkang nantang murih Purata purun gentos nyerang mawi jurusipun,
boten namung endha utawi nangkis serangan saking Ki Lopara kemawon. Pranyata ngelmi
kanuragan ingkang wonten ing angganipun Puranta boten nguciwani. Sanaosa dereng
migunakeken kekiyatan ingkang wetah, ewa samanten saben-saben pangrangsanging
Puranta dipun tangkis dening Ki Lopara, lajeng nuwuhaken suwanten ingkang
banter. Papan ing sakanan keringipun kados ketrajang lindhu, horeg. Sampun
watawis kalih dasa jurus anggenipun Puranta suka panyerang dhateng Ki Lopara,
lan saben-saben jurus kapungkasan kanthi mencelatipun Ki Lopara gangsal ngantos
pitung jangkah lajeng dhawah klumah golung koming ing nginggiling siti. Lan
Puranta ugi kontal mundur watawis tigang jangkah, sanaosa boten ngantos dhawah,
nanging panggah kuda-kudanipun ambyar, malah sok ngantos adegipun dados sempoyongan
menapa.
Ngancik jurus kaping selangkung kapetang
saking anggenipun Puranta suka panyerang, Ki Lopara boten namung siyaga
anangkis kemawon. Nanging malah tata-tata badhe gentos angrangsang malih.
“Tak sabari jebul kowe ora njawa Puranta”
Ki Lopara wicanten kados sima ingkang nggereng.
“Nyuwun pangapunten Kyai” wangsulanipun
Puranta kepireng sansaya tatag “inggih awit saking cetheking kawruh kula, temah
boten mangertosi menapa ingkang Ki Lopara kersakaken”.
“Aja kakehan cangkem!” Ki Lopara
wangsulan kalihan nggetak “saiki tata-tataa kanggo manjing menyang dhasaring
neraka!, kuwat nadhahi Jurus Upas Naga Biru, tak sembah dlamakanmu kowe Puranta”.
Rampung wicanten makaten menika, Ki Lopara
lajeng ngeremaken mripatipun. Sapandurat sampun dados biru sedaya saliranipun,
ing tangan lan epek-epekipun ketingal kumendheng kukus keluk warni biru. Ki Lopara
sampun nedya nglepasaken jurus pamungkasipun kangge nyirnakaken Puranta.
Sakeplasan Puranta nggragap, nanging tumunten emut bilih dening tiyang
sepuhipun nate kaparingan jurus sekti ingkang nami Aji Tawakalan. Aji ingkang
namung kenging kaginakaken menawi nembe kepepet kemawon. Lan sedinten namung
kenging ngecakaken aji menika kaping sepisan.
Tiyang-tiyang ingkang ngepung kalangan
sami ngampet ambegan, nalika sumerep kawontenanipun Ki Lopara ingkang sampun kawungkus
pega warni biru lan Puranta ingkang dumadakan santun warni dados pethak memplak
kados pethakipun salju ing pucaking wukir. Prabawanipun tiyang kalih menika
sakalangkung ageng, temah kuwawa damel tiyang-tiyang ingkang ngepung sami mundur
ngantos pinten-pinten jangkah.
mBaka sakedhik Ki Lopara majeng nyaketi
Puranta, samanten ugi ingkang dipun tindakaken Puranta. Nalika leting tiyang
kalih menika kantun watawis setunggal dhepa. Kepireng Ki Lopara ngrapalaken
mantram sekti ingkang kirang cetha menawi kapirengaken dening tiyang limrah.
Puranta ugi lajeng angimbangi maos mantra piwucalipun Ki Tambak Kapisan inggih
menika mantram Aji Tawakalan : - asalku saka Gusti lan mung marang Gusti aku
bali, tan ana daya kekuwataning titah kang angungkuli pangwasaning Allah, aku
ringkih lan apes mung Allah kang tan bisa kinalahake dening sok sapa wae – .
Rampung anggenipun sami ngrapal mantram,
Ki Lopara mencolot badhe namakaken epek-epekipun dhateng dhadhanipun Puranta.
Puranta langkung prayitna, epek-epekipun Ki Lopara dipun papag mawi
epek-epekipun ugi. Dumadakan srengenge kados surem, kawontenan dados peteng
kados badhe jawah deres. Sakedhap-sakedhap ing sanginggilipun tiyang kalih kala
wau, ketingal kilat warni biru lan warni pethak sami sesamberan lan nuwuhaken
suwanten gumrebeg kados suwantenipun sindung riwut. Sansaya kekes manahipun tiyang-tiyang
ingkang sami ningali, malah boten sakedhik tiyang-tiyang ingkang waunipun pados
papan ing ngajeng piyambak, lajeng sami ndhesel mundur nebihi papan ingkang
kangge perang tandhing Ki Lopara lan Puranta.
Sareng sampun radi sawatawis dangu
epek-epekipun Ki Lopara lan Puranta tempuk. Dumadakan wonten suwanten bledheg
ingkang tanpa karumiyinan dening kilat, ndadosaken tiyang-tiyang sami gragapan
kaget lan boten sranta sami nutupi kupingipun piyambak-piyambak.
Anyarengi
suwanten bledheg kala wau, ketingal Puranta mencelat mumbul lajeng dhawah ing
siti, dhawahipun jengkeng. Lajeng mutahaken rah seger saking tutuk warni abrit
watawis sakemonan kathahipun. Praupanipun ketingal pucet, mratandhani menawi
nembe nandhang tatu lebet. Puranta lajeng nindakaken lampah samadhi, epek-epekipun
kekalih dipun tangkebaken dipun papanaken ing sangajenging dhadha. Alon-alonan
Puranta nata wedaling napas. Sareng sampun sawatawis anggenipun asikep makaten
menika, lon-lonan cahyanipun ingkang pucet pulih dados radi abrit malih.
Nanging Puranta boten daya-daya ngadeg, namung mripatipun tansah waspada
ngulati papanipun Ki Lopara.
Sauntawis
menika, Ki Lopara ingkang ugi kontal mundur radi tebih, dhawahipun klumah.
Saking tutukipun ngedalaken rah mateng warni cemeng kenthel radi kathah. Benten
kalihan Puranta ingkang namung kendel lan boten nyuwanten menapa-menapa, Ki Lopara
kalih ngathang-athang ing siti, mripatipun merem dhipet, nanging saking tutuk
ngedalaken suwanten nggereng kados suwantenipun sima ingkang badhe nubruk
mangsanipun.
Ki
Bebau Kidul lan Ki Jagabaya Bontot ingkang sumerep gurunipun rebah kapidara
kados makaten menika, lajeng sami daya-daya anyaketi ing pangangkah badhe atur
usada dhateng Ki Lopara. Ki Jagabaya Bontot lajeng, ngangkat sirahipun Ki Lopara
dipun pangku ing pupunipun. Ki Bebau Kidul lajeng ngedalaken gembes bumbung isi toya, Ki Lopara badhe dipun
unjuki toya. Kajawi menika Ki Bebau ugi lajeng ngrogoh kanthongan rasukan
ingkang dipun engge gurunipun. Mendhet bumbung isi jampi arupi bunderan warni
soklat agengipun sa wijining kates. Ki Bebau Kidul mendhet bunderan kala wau
cacah tiga, lajeng kalebetaken ing tutuking gurunipun lan kasentor mawi toya.
Sasampunipun
kaunjukan jampi warni soklat kala wau, ketingal Ki Lopara saged mbikak
mripatipun, nanging praupanipun inggih taksih pucet sanget. Ki Lopara lajeng
suka sasmita dhateng Ki Jagabaya Bontot bilih piyambakipun ngersakaken lenggah.
Ki Jagabaya tanggap, kanthi alon-alonan Ki Lopara dipun lenggahaken, Ki
Jagabaya Bontot lenggah ing wingkingipun, dhadhanipun dipun engge sendhen
dening Ki Lopara.
Puranta
ingkang sampun radi pulih tenaganipun, rumaos welas sumerep kawontenanipun Ki
Lopara. Miturut petanganing nalaripun, tiyang sepuh ingkang kondhang sekti
mandraguna menika badhe boten saged katulungan umuripun menawi boten tumuli
dipun usadani, kanthi kapulihaken tenaganipun. Puranta lajeng ngadeg, nyaketi
papanipun Ki Lopara lajeng mapan linggih, kanthi suwanten ingkang alus Puranta
wicanten :
“Nuwun
sewu Kyai, miturut panyawanging mripat kula, Ki Lopara mbetahaken pambiyantu
hawa murni kangge nututi plajengipun tenaga ingkang badhe oncat. Mugi wonten
dhanganing penggalih, kula badhe atur pambiyantu ngaturaken hawa murni dhateng
salira jengandika Kyai Lopara”.
Ki
Lopara boten semaur, malah mripatipun wangsul merem malih, wajanipun dipun
gegetaken sajak ngampet raos sakit ing badanipun. Ki Jagabaya Bontot miwah Ki Bebau
Kidul, ketingal sami pucet praupanipun, mracihnani menawi kekalihipun nembe
ngampet raos kuwatos.
Ana
candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar