Total Tayangan Halaman

Minggu, 19 Februari 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (031)

 

31.

       Gandheng Ki Lopara boten semaur, Puranta inggih lajeng mendel kalihan nyawang kemawon. Awit Puranta ajrih menawi Ki Lopara lan siswa-siswanipun lepat ing panampi kalihan sedyanipun ingkang sae. Sareng kawontenanipun Ki Lopara sansaya ketingal nguwatosi, katitik kalihan ambeganipun ingkang sansaya krenggosan lan cekak-cekak. Ki Jagabaya Bontot lajeng mbisiki ing talinganipun Ki Lopara :

       “Guru, menika Angger Puranta badhe caos hawa murni kangge ngusadani tatunipun Guru, menapa Guru ngeparengaken?”.

       Ki Lopara panggah boten semaur, nanging saged mbikak mripatipun malih lan saged manthuk, menika minangka tandha bilih piyambakipun purun dipun usadani dening Puranta mawi kekiyatan hawa murni.

       “Mangga Gus, Guru sampun kersa nampi hawa murni saking ndika” wicantenipun Ki Jagabaya Bontot dhateng Puranta.

       “Matur nuwun saderengipun Gus” Ki Bebau Kidul ugi tumut wicanten “mugi-mugi hawa murni ndika saged caos pitulungan dhateng Ki Lopara”.

       “Inggih Ki Bau lan Ki Jagabaya” wangsulanipun Puranta cekak.

       Puranta lajeng mapan linggih, ngempalaken kekiyataning batin, tanganipun kados dene lampahing tiyang samadhi, inggih menika mripatipun kados dipun remaken, nanging estunipun nglirik pucuking grana. Epek-epek dipun tangkepaken lan kapapanaken ing sangajenging dhadha. Mlebet lan medaling ambegan dipun tata. Sareng sampun sawatawis anggenipun lampah makaten, lajeng epek-epekipun ingkang kanan kaangkat majeng, ngarah dhateng raganipun Ki Lopara ingkang semendhe dhateng Ki Jagabaya Bontot. mBaka sakedhik, cahyanipun Ki Lopara pulih, boten pucet malih, ambeganipun ugi lajeng limrah kados padatan. Nanging panggah taksih dereng mbukak mripatipun. Sanaosa makaten Ki Bebau Kidul lan Ki Jagabaya ketingal wiwit ayem malih, kekalihipun rumaos bilih Gurunipun boten siyos pejah awit kasoran tandhing kalihan Puranta.

       Manawi Ki Lopara mbaka sakedhik ketingal sansaya sae, benten malih kalihan kawontenanipun Puranta. Praupanipun ketingal pucet, abang dluwang kawontenanipun, kringet asrep mbanjir saking badanipun kados ilining toya banjir. Hawa murni ingkang dipun ginakaken kangge mbiyantu Ki Lopara pranyata boten sakedhik, meh sedaya kekiyataning Puranta telas kakuras kalebetaken dhateng raganipun Ki Lopara. Wekasan Puranta ngraosaken sakujuring salira kados linolosan bebayunipun. Nalika nglirik dhateng papanipun Ki Lopara ingkang sampun boten katingal pucet malih, Puranta ngendeli anggenipun kintun hawa murni. Nanging tenaganipun ugi sampun kantun sakedhik. Mila Puranta inggih lajeng, nata ambeganipun kangge mulihaken tenaganipun piyambak kanthi nglajengaken anggenipun linggih kados lampahing tiyang samadhi.

       “Ha…ha….ha……” dumadakan Ki Lopara mencolot saking papanipun sendhen dhateng Ki Jagabaya Bontot, lajeng gumujeng lakak-lakak. Tiyang-tiyang ingkang sumerep sami ningali kanthi praupan ngungun lan eram dhateng kawontenanipun Ki Lopara ingkang sampun pulih kados wau saderengipun perang tandhing kalihan Puranta.

       “Puranta wong bodho…….” Ing sela-selaning gumujengipun Ki Lopara wicanten seru “aku nedha nrima marang kowe sing wis lila aweh hawa murni marang aku, nanging sumurupa Puranta, uripku ora bakal krasa tentrem yen jagad iki isih kanggonan menungsa kaya kowe kuwi. Saiki rasakna lan tampanana Paser Angin saka Ki Lopara bakal tak tibakne menyang ragamu!”.

       Rampung anggenipun wicanten ngaten menika, Ki Lopara lajeng ndudut tulupipun ingkang kala wau dipun sengkelit ing geger. Lajeng lathinipun komat-kamit ngrapal mantram. Boten dangu tulup kaarahaken dhateng Puranta ingkang nembe samadhi mulihaken kekiyatan. Saking pucuking tulupipun Ki Lopara ketingal wonten cahya biru ingkang mencolot nyamber dhadhanipun Puranta.

       Kados gedebog ingkang kawratan uwoh, kadhawahan Paser Anginipun ki Lopara, Puranta lajeng nggeblag ing siti, rebah boten saged ebah. Kekiyatanipun ingkang badhe kapulihaken malah lajeng telas kenging ampuhipun Paser Angin ingkang dipun lepasaken Ki Lopara.

       “Bontot karo Waruju, saiki kari bageyanmu. Mongsaborong nggonmu arep males lara wirang marang menungsa sing jeneng Puranta iki. Aku arep leren ing padhepokan dhisik”. Ki Lopara lajeng mencolot, miyak tiyang-tiyang ingkang sami ngadeg ngupengi papan menika, lajeng gegancangan mlajar boten wonten ingkang sumerep purugipun.

       Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot, tanggap kalihan ingkang dipun prentahaken dening Gurunipun. Tiyang kalih menika lajeng nyaketi papanipun Puranta ingkang ngglethak tanpa daya. Kados tiyang ingkang kesurupan setan, Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot lajeng mrawasa Puranta kanthi sasekecaning manahipun. Gentosan tiyang kalih niku nyadhuk lan nepang tuwin ndugangi Puranta ingkang sampun boten saged males malih menika. Sakujuring badanipun Puranta lajeng dipun pidak-pidak badhe dipun remuk bebalungipun. Nalika samanten Sirep, semahipun Puranta dugi. Sumerep kawontenanipun Puranta ingkang dados pangewan-ewanipun Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot, sakala njerit kamigilan, boten tega ndulu kawontenanipun tiyang jaler ingkang dados pangayomanipun menika.

       Mireng suwantenipun Sirep ingkang njerit kala wau. Jagabaya Bontot lan Bebau Kidul, ingkang inggih dhasaripun sampun ngraosaken sayah lajeng minggir nebih. Ngiras pantes badhe kendel, ngunjuk toya kangge nelesi gorokanipun ingkang sampun sami kraos ngelak.  Sirep lajeng nubruk kakungipun kalihan dipun tangisi.

       “Gek iki lelakon apa ta Kakang?” kalih nangis Sirep wicanten dhateng Puranta “apa luput ndika nganti ndika dipilara lan disiksa kaya mengkene dening Ki Bebau Kidul lan Ki Jagabaya Bontot iki?”.

       “Aja nangis Sirep” dumadakan Puranta ingkang wiwit kala wau namung kendel sanaosa dipun dadosaken pangewan-ewan dening Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot jebul taksih saged guneman “mbok menawa iki wis dadi lakonku sajroning urip. Ora prelu digetuni lan ora pantes ditangisi, lakon kuwi wajibe ya dilakoni, awit iki wis dadi lakuning urip kang kudu dilakoni dening Puranta, mula kudu nggedhekne sangu kanggo nglakoni lakon sing dadi lakuning urip iki, ya iku kesabaran lan rasa pasrah marang Gusti. Aja sambat, aja nangis lan aja ngresula awit tangis, sambat lan pangresula kuwi ora dibutuhake ing laku, kajaba mung bakal ngrerendheti nggonku bisa oleh pitulungan saka Gusti”.

       Sirep boten saged wicanten menapa-menapa mireng pitutur ingkang medal saking lathinipun Puranta ingkang sampun boten nggadhahi daya menapa-menapa menika. Inggih ing wanci menika, Ki Lurah Tambak Kapindho ingkang dipun dherekaken Ki Bebau Tengah rawuh, miyak titiyang ingkang sami rapet jejer ngepung kupeng.

       Bebau Kidul lan Ki Jagabaya ketingal kaget, boten nyana menawi Ki Tambak Kapindho sampun lepas saking panyengkereming Paser Angin ingkang dipun tamakaken dening Ki Lopara kala wau. Nanging bawanipun tiyang ingkang sampun sugih pengalaman, tiyang kalih kala wau tumuli saged nindakaken lampah samudana temah babar pisan boten nedahaken kageting manahipun. Malah kekalihipun ugi lajeng nyaketi Ki Lurah, lajeng ndheprok ing ngarsanipun.

       “Nyuwun pangapunten lan tadhah duka Ki Lurah” saderengipun Ki Lurah paring pandangu menapa-menapa Bebau Kidul ngrumiyini caos atur dhateng Ki Lurah.

       “Apa sing wis kedadeyan Paman Bau?” Ki Lurah mundhut pirsa.

       “Kapeksa kula kalihan Paman Jagabaya Bontot ngginakaken pamrawasa dhateng Gus Puranta, Ki Lurah” aturipun Bebau Kidul “jalaran sanaosa sampun kebukten panjenenganipun ingkang ndhustha Kyai Pantek, nanging panggah boten purun ngakeni. Inggih kapeksa kula lan Paman Bontot sakedhik damel sakit saliranipun Gus Puranta”.

       “Wis kebukten yen sing njupuk Kyai Pantek kuwi Dhimas Puranta, sedulurku dhewe?” Ki Lurah ketingal ngincangaken alisipun “ana bukti apa Paman?”.

       “Kala wau Guru, inggih Ki Lopara rawuh ing papan menika lajeng ngawontenaken prajanjen kalihan Gus Puranta, menawi Gus Puranta saged ngladosi Guru perang tandhing ngantos selangkung jurus ateges Gus Puranta boten ndhustha Kyai Pantek, kosok wangsulipun menawi saderengipun selangkung jurus Gus Puranta sampun boten kiyat nandhingi Guru, mangka menika bukti menawi Gus Puranta ingkang mendhet Kyai Pantek ing plangkanipun. Gus Puranta inggih sampun sarujuk, wekasan saderengipun selangkung jurus Gus Puranta sampun boten saged ngglawat. Angkah kula menawi Gus Puranta kersa ngakeni tumindakipun, inggih badhe kula usadani nanging panjenenganipun Gus Puranta milih boten ngendika menapa-menapa. Wasana kula kalih Paman Jagabaya mbudidaya murih Gus Puranta kersa ngendika lan ngakeni tumindakipun” kanthi trawaca Bebau Kidul atur wangsulan dhateng Ki Lurah.

       “Goroh…..!” dumadakan saking wingking wonten suwantenipun tiyang mbengok. Lan nalika Ki Lurah noleh, jebul ingkang mbengok menika Ki Sarana ingkang pupunipun ketingal dipun blebet mawi suwekan jarit.

       “Apa karepmu Sarana? Sapa sing mbok kandhakne goroh he ?” Ki Lurah mundhut pirsa “lan ya gene pupumu katone lagi tatu kena gegaman kuwi?”.

       “Kowe aja nyoba mbebuket banyu sing wis wening Sarana” Jagabaya Bontot mencerengi Ki Sarana saderengipun Ki Sarana atur wangsulan dhateng Ki Lurah “yen nganti kowe wani guneman sing nyulayani apa sing wis diaturne Ki Bau Kidul mau, aja takon dosa nek klakon tak suwek-suwek lambemu!”.

       “Gampang kuwi Ki Jagabaya” Ki Sarana ngencepaken lambe dhateng Jagabaya Bontot “perkara sing mau bisa ditutugne nek aku wis rampung matur marang Ki Lurah”.

       Dipun wangsuli makaten menika Jagabaya Bontot lajeng kendel, namung mripatipun mencereng kados badhe nglethak-nglethaka sirahipun Ki Sarana.

       “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” Ki Sarana lajeng matur dhateng Ki Tambak Kapindho “ingkang goroh menika Ki Bau Kidul. Ki Bau Kidul sampun criyos ngayawara dhateng Ki Lurah, ingkang leres menika boten Lopara ingkang saged ngasoraken Gus Puranta, nanging kosok wangsulipun, malah upami boten dipun welasi Gus Puranta, tiyang tuwek tukang tenung nika wau mesthi sakniki sampun pejah. Nanging dhasar Tukang Tenung kancane dhemit, sampun ditulung malah males menthung dhateng Gus Puranta”.

       Ki Sarana lajeng nyariyosaken lelampahan wiwit Puranta kadugang dening Bebau Kidul ing Pendhapa Kalurahan, kasambet anggenipun Ki Sarana kerengan kalihan Bau Kidul lan Jagabaya Bontot ingkang ndadosaken pupunipun suwek kenging tumbak, ngantos dumugi anggenipun Puranta kadhawahan Paser Angin dening Ki Lopara.

       “Makaten menika lelampahanipun ingkang leres Ki Lurah” Ki Sarana mungkasi anggenipun cariyos, lajeng noleh dhateng wingking sarwi pitaken sora dhateng tiyang-tiyang ingkang wonten mriku “leres makaten ta sedulur sedaya?”.

       “Nggiiiiiiiiiiih…………..” meh sepalih langkung tiyang-tiyang ing mriku sami wangsulan.

       “Boten leres menika Ki Lurah” Jagabaya Bontot munjuk atur saderengipun Ki Lurah paring wangsulan dhateng anggenipun Ki Sarana cariyos “Ki Sarana menika kala wau dumadakan ngamuk ing Pendhapa, boten cetha sababipun ngamuk, kula kinten nembe kasambet utawi kapencokan dhedhemit. Gandheng anggenipun ngamuk kalih nyepeng tumbak kapeksa kula larak dhateng plataran lan kula lumpuhaken mawi tumbak kenging pupunipun. Lajeng tumindak kula kala wau dipun lepataken dening Gus Puranta. Meh kemawon kula kerengan kalih Gus Puranta, tujunipun Guru Kyai Lopara tumunten rawuh lan ngawontenaken prajanjen kalih Gus Puranta kados ingkang dipun aturaken Ki Bebau Kidul dhateng Ki Lurah kala wau. Kalih malih, mesthinipun Ki Lurah ugi sampun pirsa menggah kasektenipun Guru kula Ki Lopara, dados ketingal sanget menawi cariyosipun Sarana menika kala wau menawi ngayawara, inggih awit inggih cariyosipun tiyang ingkang nembe kepencokan dhedhemit ingkang nusup ing raganipun”.

Ana candhake

 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...