32.
Sanaosa menapa ingkang dipun aturaken
dening Ki Jagabaya Bontot menika cetha menawi dora, suprandene gandheng tiyang
menika sampun kulina wicanten goroh, panggah kemawon wicantenipun kepireng
kados estu. Kathah tiyang ingkang sami mangertos menawi Jagabaya Bontot menika
sampun dora dhateng Ki Lurah, ewa samanten boten wonten ingkang wantun gineman.
Ajrih menawi mangke badhe dipun damel cilaka dening Jagabaya ingkang kondhang
kejem lan mentalan menika.
“Nuwun sewu Ki Lurah” dumadakan Ki Bebau
Tengah kanthi suwanten alus matur dhateng Ki Tambak Kapindho.
“Iya piye Ki Bau?” Ki Lurah mundhut
pirsa.
“Kok ingkang dipun aturaken Ki Jagabaya
Bontot menika benten kalihan menapa ingkang kula sumerepi inggih ?” Bebau
Tengah matur malih.
“nDika bisa kandha mangkono dhasare apa
Ki Bau?” Ki Lurah mundhut pirsa “gajege ndika rak ora ana kene nalika sing
dicritakne Paman Jagabaya Bontot iki mau kedadeyan?”.
“Leres Ki Lurah” Bebau Tengah atur
wangsulan “ingkang kula kajengaken, saderengipun kula bidhal pados Dawegan ijem
sajanjang isi satunggal kados ingkang kadhawuhaken dening Anakmas Puranta kala
wau, langkung rumiyin kula sumerep tumindakipun Ki Bebau Kidul ingkang misakit
dhateng Anakmas Puranta, malah sesumbar mawi basa ingkang sampun nungkak krama.
Malah meh kemawon kula ingkang badhe majeng ngadhepi Ki Bebau Kidul, nanging
kaselak karumiyinan dening Ki Sarana ingkang nantang Ki Bau Kidul. Dados Ki
Sarana boten kados ingkang dipun aturaken dening Ki Jagabaya menawi sampun
kesurupan dhemit ngaten menika. Nanging majengipun Ki Sarana jalaran boten
trimah sumerep Anakmas Puranta dipun suwiyah dening Ki Bebau Kidul”.
“Aturipun Ki Bebau Tengah menika mila
leres Ki Lurah” dumadakan Bebau Sela ndherek matur dhateng Ki Lurah “malah kula
ugi sumerep, bilih estunipun Ki Bebau Kidul menika kala wau boten kuwawa
ngadhepi Ki Sarana ingkang taksih timur menika, nembe sareng Ki Jagabaya Bontot
tumut angrubut, Ki Sarana saged kataman tumbakipun Ki Bebau Kidul kenging
pupunipun, ewa samanten Ki Jagabaya Bontot taksih dereng trimah, Ki Sarana
badhe dipun jojoh dhadhanipun mawi pedhang. Tujunipun wonten Angger Puranta
ingkang paring pitulungan, temah Ki Bebau Kidul lan Ki Jagabaya Bontot ingkang
majeng sareng sarwi mandi dedamelipun menika babar pisan boten saged ngasoraken
Angger Puranta ingkang pranyata nyimpen kadigdayan ingkang boten kanyana-nyana”.
“Piye iki sabenere?” Ki Lurah ngunandika
ingkang kawiyos ing lathi “critane kok dadi cengkah antarane siji lan sijine?”.
“Menika makaten Ki Lurah” Bebau Kidul
ingkang kala wau sampun pucet jalaran kadenangan menawi Ki Jagabaya Bontot
sampun wicanten dora, dumadakan matur kanthi suwanten ingkang sareh “mila leres
menawi kula kalihan Paman Bontot kala wau boten saged mimpang mengsah Gus
Puranta. Estunipun kula sampun pikantuk sasmita saking Dhuwung kula menika
menawi Gus Puranta menika sampun ngingsep sawabipun Kyai Pantek, boten badhe
wonten tiyang ingkang saged nandhingi kadibyanipun Gus Puranta, kalebet kula
menapa dene Paman Jagabaya Bontot”.
“Nanging nyatane saiki Dhimas Puranta
isih ngglethak sing ditunggoni sisihane kae? Kepriye iki nalare Paman Bau?” Ki
Lurah lajeng mundhut pirsa malih dhateng Bebau Kidul.
“Sasampunipun kula kalihan Paman Jagabaya
Bontot boten kiyat ngadhepi Gus Puranta ingkang sampun kacondhokan sawabipun
Kyai Pantek, meh kemawon kula kekalih badhe dumugi ing tiwas. Katujunipun, Bapa
Guru Kyai Lopara rawuh saprelu milujengaken kula kalih Paman Jagabaya saking
krodhanipun Gus Puranta” Ki Bebau Kidul kanthi wijang matur dhateng Ki Lurah.
“Dadi sing bisa ngalahake Dhimas Puranta
iki mau Kyai Lopara Guru ndika lan Gurune Paman Jagabaya Bontot?” Ki Lurah
paring wangsulan lajeng mundhut pirsa malih “Lha saiki Kyai Lopara ana ngendi?”.
“Nyuwun pangapunten Ki Lurah” Bau Kidul
lajeng atur wangsulan “nyata menawi daya kekiyatan saking sawabipun Kyai Pantek
menika tuhu ngedab-edabi, Guru kemawon meh-meh boten saged nelukaken, nanging Guru
nyata menawi tiyang sepuh ingkang sampun kathah ngraosaken gempalaning jagad,
wasana kanthi caranipun Guru saged damel Gus Puranta rebah ing siti. Menika
kemawon Guru ugi nandhang kanin ingkang radi santer, wasana Guru lajeng mire
saking mriki badhe mulihaken saha ngusadani kanin ingkang kasandhang, dene kula
lan Paman Jagabaya ingkang kadhawuhan murba Gus Puranta murih kersa ngakeni
menapa ingkang sampun dipun lampahi”.
Ki Lurah Tambak Kapindho rumaos eram
kalihan kedadosan ingkang nembe kemawon menika. Aturipun Bebau Kidul saged
tinampi ing panggalihipun Ki Lurah. Menapa malih saderengipun menika Ki Lurah
sampun pirsa piyambak sasmita ingkang medal saking pusaka piyandelipun Ki Bebau
Kidul nalika dipun purba dening Kyai Lopara. Nanging kabekta saking taksih emut
menawi Puranta menika taksih kadang pribadi, sanaosa benten biyung. Sarta malih
Ki Lurah ugi kemutan menawi wiwit alit tansah dipun mong kanthi sae dening
biyungipun Puranta, Ki Lurah rumaos boten tega menawi ngantos ndhawahaken
pidana ingkang awrat dhateng Puranta. Menapa malih, sasampunipun menggalih
sanaosa kapidana awrat, dereng kantenan Puranta purun mangsulaken Pusaka
Piyandel Kalurahan nenggih Kyai Pantek.
“Nuwun sewu Ki Lurah” sasampunipun radi
dangu kawontenan sidhem boten wonten ingkang nyuwanten, Bebau Tengah matur
dhateng Ki Lurah.
“Iya piye Ki Bau Tengah?” Ki Lurah paring
wangsulan sarwi mundhut pirsa.
“Estunipun kula lan para kadang Bebau
sanesipun kajawi Ki Bebau Kidul sarta para Jagabaya sampun sami rerembagan
prakawis murcanipun Kyai Pantek saking plangkanipun menika” Bebau tengah atur
wangsulan.
“Karep ndika kepiye?” Ki Lurah mundhut
pirsa malih.
“Sanaosa wiwit sepisanan Ki Bebau Kidul
tuwin Ki Jagabaya nggadhahi pandakwa bilih icalipun Kyai Pantek menika awit
kacidra dening Anakmas Puranta, nanging kula lan para kadang Bebau tuwin para
Jagabaya kathah ingkang boten saged nampi pandakwa dhumateng Anakmas Puranta
menika. Jalaran boten wonten bukti ingkang kasat mata kajawi namung cariyos
ingkang medal saking lathinipun Ki Bebau Kidul tuwin Ki Jagabaya Bontot
kemawon. Lan malih menawi dipun emut-emut, saestu boten pinanggih nalar menawi
Anakmas Puranta ndhustha Kyai Pantek awit kagadhuhan melik kepengin nggentosi
kalenggahanipun Ki Lurah, jalaran jumenengipun Raden Bagus Jaka Suwana utawi
Jaswana dados Lurah rumiyin cetha awit saking rerigenipun Anakmas Puranta,
kamangka Paugeraning Kalurahan sampun nyebataken bilih Anakmas Puranta ingkang
mesthinipun nampi piyandel Kyai Pantek saking Ki Lurah Tambak Kapisan, ewa
samanten Anakmas Puranta malah matur dhateng ingkang Bapa murih Kalenggahan
Lurah kapasrahaken dhateng jengandika Ki Lurah” radi panjang anggenipun atur
wangsulan Bebau tengah dhateng Ki Lurah Tambak Kapindho.
“Mengke rumiyin Ki Bau Tengah” Ki Bau
Kidul dumadakan nyela rembagipun Ki Bau Tengah, saderengipun Ki Lurah paring
wangsulan “ndika niku sansaya tuwek kok boten sansaya pinter, rumaos kula kok
remen sanget ndika niku waton sulaya kalih atur kula dhateng Ki Lurah, kajeng
ndika niku jane napa?”.
Dipun congklok kalihan pitaken makaten
menika Bebau Tengah sakala kemropok, kalih tembung ingkang sengit sanaosa boten
seru, lajeng wangsulan :
“nDika kuwi sing tak gagas-gagas, saben
aku guneman mesthi ndika pancasi klawan tembung sing ngabangne kuping. Saiki
sapa sing senengane waton sulaya ? aku apa ndika?. nDika kudu ngerti Ki Bau
Kidul, aku matur marang Ki Lurah kuwi nganggo dhasar sing tinemu nalar, ora
ngawur. Merga aku ngerti yen sing tak aturi kuwi Ki Lurah sing kagungan
kawicaksanan lan bisa menggalih kanthi weninging ati. Beda karo atur ndika sing
mung ngendelne dumeh lemes ilate wae, matur sing tanpa ana buktine babar pisan…….”.
“Sakedhap Ki Bau Tengah” Bebau Kidul nugel
rembagipun Bebau Tengah mawi suwanten ingkang nedahaken sengiting manahipun “kula
ngertos, ndika mesthi boten ajeng percaya kalih omongan kula ingkang magepokan
kalih Gus Puranta, merga ponakane ndika niku rak sisihane Gus Puranta?. nDika
saged muni nek Gus Puranta mokal melik palenggahan Lurah, niku rumiyin Ki Bau.
Sak niki saged benten malih, mergi rumiyin taksih wonten Ki Tambak Kapisan lan
Gus Puranta saged ugi mila pados rai dhateng Bapakipun, benten kalih sak niki……”.
“Ndika sansaya ngawur Ki Bau Kidul” Bebau
Tengah mencereng “yen pancen ndika mung nggoleki dhadhakan sulaya karo aku,
dumeh ndika duwe kasekten sing pilih tandhing kena wae Ki Waruju. nDika kena
ngerti, sanadyan wujudku wis kampong perot, jambulku wis wanen ngene, ngadeg
ora pati jejeg nek ora dituwak nganggo teken, nanging aja ndika kira aku wedi
nek mung arep ndika ajak kerengan? Ayo neng ngendi tak ladeni sagendhing ndika
leganing atiku!”.
“Sabar…..sabar…..sabar……!” Ki Lurah ingkang
wiwit wau nimbang-nimbang antawis atur ingkang dipun tampi saking Bebau Tengah
menapa dene Bebau Kidul, rumaos duka, midhanget anggenipun bebau kalih kala wau
sami paben piyambak. Nanging anggenipun duka inggih lajeng sinamudana.
“Nyuwun pangapunten Ki Lurah” Bebau Tengah
tumunten nyuwun pangaksami lan ndhingklukaken sirahipun, ngrumaosi menawi
sampun degsura ing ngarsanipun Ki Lurah.
“Ngene lho Ki Bau lan kabeh wae sing ana
kene” Ki Lurah lajeng ngendika “mesthine kabeh wae wis padha ngerti yen wektu
iki atiku lagi kisruh, merga ilange Kyai Pantek saka plangkane. nDika kabeh
kuwi kudune padha melu golek dalan kepriye murih atiku bisa bali padhang, ora
malah padha geger dhewe ngono kuwi”.
“Inggih Ki Lurah” Bebau Tengah atur
wangsulan “kula sampun ngrumaosi lepat, awit estunipun atur kula dhateng Ki
Lurah menika kala wau ugi murih pajaring kawontenan. Awit kula lan para kadang Bebau
lan para Jagabaya ingkang dereng nate sumerep wujuding wilahipun Kyai Pantek,
nggadhahi kapitadosan menawi Kyai Pantek ingkang samangke boten wonten ing
plangkanipun menika, boten awit kadhusta dening tiyang”.
“Lha nek ora merga dijupuk wong, banjur
apa sing njupuk bangsane lelembut Ki Bau?” Ki Lurah munggel aturipun Bebau
Tengah.
“Mosok dhemit kok nyolong keris? Arep dienggo
bangkrah apa?” sanadyan mawi suwanten ingkang alon lan lirih, kepireng Bebau
Kidul grenengan piyambak.
“Boten makaten Ki Lurah” Bebau Tengah
nglajengaken aturipun “saged ugi, gandheng Kyai Pantek menika Tosan Aji ingkang
dipun pandhe dening Empu linangkung, saged ugi nggadhuh kekiyatan ingkang boten
pinangih nalar, saged murca saking plangkanipun awit kepengin mirsani
kawontenan ing sanjawining plangkan. Utawi saged ugi kados cariyosipun Dhuwung
Kyai Condhongcampur ing jaman Majapahit rumiyin, ingkang murca saking warangka
awit rumaos ewa dhateng Prameswari Majapahit, lajeng kepanggih Kyai Sengkelat
miwah Kyai Sabuk Inten ingkang ugi saged miyos saking warangkanipun
piyambak-piyambak”.
Ki Lurah ketingal kendel boten tumuli
paring wangsulan, awit nalika samanten wonten suwanten ingkang namung saged
kapireng dening telenging manahipun Ki Lurah piyambak.
Ana
candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar