33.
Ki Lurah estunipun boten mangertos saking
pundi asalipun lan sinten ingkang ngintun aji dipa-paweling dhateng
penggalihipun menika. Nanging sareng kalimbang-limbang, mila pantes lamun
suwanten ingkang mlebeti ing penggalihipun menika menawi ta dipun turuti. Pramila
Ki Lurah nunten, jumangkah anyaketi papanipun Puranta ingkang taksih linggih
ing siti, kanthi tatu lebet ingkang nemen, dipun tenggani dening Sirep
semahipun. Para Bebau ingkang wau sami linggih ing sacaketipun Ki Lurah ugi
lajeng ndherek, tumut ing wingkingipun Ki Lurah.
“Piye kahananmu saiki Dhimas?” sasampunipun
caket papanipun Puranta, Ki Lurah nunten ngendika mundhut pirsa kawontenanipun
Puranta.
“Awit pangestu jengandika, kawontenan
kula sae Ki Lurah” atur wangsulanipun Puranta, kalih ing salebeting manah
rumaos remen dene Ki Lurah ingkang kala wau kenging teluhipun Aji Paser Angin,
samangke sampun waluya.
“Puranta, satemene wektu iki aku
sajroning kahanan kang bingung awit ilange Keris Kyai Pantek” Ki Lurah ngendika
malih “lan arep nggorohake ature Paman Jagabaya Bontot apa dene Paman Bebau
Kidul kang nibakne pandakwa marang awakmu kuwi rasane angel sajroning atiku.
Jalaran sanadyan tanpa ana bukti kang nyata, nanging aku duwe rasa percaya marang
katiyasane Keris Pusaka piyandele Paman Bebau Kidul sing asung sasmita lamun
pandakwane Paman Bebau Kidul lan Paman Jagabaya Bontot kuwi bener”.
“Inggih Ki Lurah” Puranta ingkang kawontenanipun
dereng pulih menika atur wangsulan “menawi Ki Lurah langkung pitados dhateng Ki
Bebau Kidul tuwin Ki Jagabaya Bontot tinimbang dhateng atur kula, kula boten
saged menapa-menapa. Lan menawi kula kapeksa dipun anggep lepat, kula sagah
nampi pidana alitipun sakit agengipun dumugi pejah, kula boten badhe suwala.
Namung kemawon, menawi kula kadhawuhan nedahaken Dhuwung Kyai Pantek samangke wonten pundi?,
kula boten sagah. Jer kula pancen boten mangertos ing pundi papanipun”.
“Mengko dhisik Dhimas, aja kesusu kaduk
ati bela panampa nggonmu nampa rembug saka aku sing durung rampung iki” Ki
Lurah paring wangsulan dhateng Puranta malih “tenane ngono, olehku ora bisa
nggorohake ature Paman Bebau Kidul apa dene Paman Jagabaya Bontot kuwi padha
wae anggonku ora bisa ora percaya karo ature dhimas Puranta lan Bebau Tengah
apa dene Bebau Sela kang ngandhakake yen ora tinemu ing nalar yen ta Dhimas
Puranta sing ndhustha Dhuwung Kyai Pantek saka Plangkane. Apa maneh bareng aku
ngerti sing ngongkon nggolekne usada kanggo nambani nggonku ketiban Aji Paser
Angin jebul Dhimas Puranta dhewe”.
Ketingal Bebau Tengah, Bebau Sela lan
para Jagabaya, kathah ingkang saderengipun ketingal suntrut awit Ki Lurah
ndhawuhaken menawi pitados dhateng wadulanipun Bebau Kidul tuwin Ki Jagabaya
Bontot, samangke dados radi lejar malih. Benten kalihan praupanipun Bebau Kidul
lan Jagabaya Bontot, ingkang suwaunipun ketingal bingar, dupi mireng menawi Ki
Lurah ugi pitados dhateng aturipun Bebau Tengah, sakala lajeng ketingal radi
surem. Langkung-langkung sareng ngertos menawi anggenipun Ki Lurah saged waluya
sasampunipun kedhawahan Paser Angin ingkang kalepasaken kanthi dhedhemitan
dening Ki Lopara, jebul awit Puranta sampun ngengken tiyang murih madosaken
jampinipun. Tanpa kraos tiyang kalih menika lajeng mencerengi dhateng Puranta,
nanging boten gineman menapa-menapa.
“Lajeng kersanipun Ki Lurah kados pundi?”
Puranta lajeng matur nyuwun pirsa dhateng Ki Lurah.
“Saiki saupama aku minangka Lurah ing
Tambak kene, njaluk lelabuhan lan pangorbanane Dhimas Puranta murih Kalurahan Tambak iki bisa
lepas saka sakehing sambekala apa Dhimas Puranta kira-kira ora kabotan?” dumadakan
Ki Lurah mundhut pirsa lan nanting kasetyanipun Puranta dhateng Kalurahan
Tambak.
“Ki Lurah” kanthi suwanten ingkang teteg
Puranta lajeng matur “wiwit sumerep alam padhang menika, kula sampun kepotangan
budi dhateng Kalurahan Tambak, hawa ingkang kula serot, menika hawa ing
Kalurahan Tambak, toya ingkang kangge ngresiki badan sarta kula ombe saben
dintenipun inggih toyanipun Kalurahan Tambak makaten ugi tetedhan ingkang
sampun mlebet ing weteng kula inggih medal saking buminipun Kalurahan Tambak,
dados boten wonten pawadan tumrap kula menawi kadhawuhan ndhawahaken lelabuhan
lan pangorbanan kangge Kalurahan Tambak , kajawi namung badhe sendika
anglampahi kanthi rila legawaning manah”.
“Sumurupa Dhimas” Ki Lurah nglajengaken
anggenipun ngendika “ing sajroning atiku lagi bingung nimbang bener lupute atur
saka Paman Bebau Kidul tuwin Paman Jagabaya Bontot sarta ature saka Bebau Tengah
lan Bebau Sela, iki mau aku nampa sasmita gaib sing rumasuk ing sajroning atiku.
Dene isine sasmita ya kuwi, ora ana sing bisa nggoleki lan nemokne Keris Kyai
Pantek sing wektu iki wis murca saka Kalurahan Tambak, kajaba mung Dhimas
Puranta sarta sisihanmu ya Adhi Sirep kuwi. Mula yen Dhimas nyata ora kabotan, aku
njaluk tulung golekana Kyai Pantek nganti ketemu. Sasmita kang tak tampa mung
ngabarake lamun wektu dina iki Kyai Pantek wis ora ana ing Kalurahan Tambak
kene maneh, dadi menyang ngendi nggonmu arep nggoleki aku ya ora bisa aweh
pituduh sing cetha. Lan minangka sangu nggonmu mlaku nggoleki Kyai Pantek,
mengko bakal dicukupi dening kas kayaning Kalurahan, sepira sing mbok butuhne
bakal diwujudi”.
Salebeting manahipun Puranta rumaos kaget
semu boten pitados kalih ingkang kadhawuhaken dening Ki Lurah menika. Nalaripun
Puranta lajeng mlampah, ambok bilih menika margi tengah tumrap Ki Lurah murih
boten ngantos dumados perang kadang ing Kalurahan Tambak. Inggih menika perang
kadang antawisipun Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot miwah para pandherekipun
lumawan Bebau Tengah lan Bebau Sela miwah tiyang-tiyang ingkang boten pitados
kalihan Bebau Kidul sarta Jagabaya Bontot. Puranta mesem, sampun jangkep kaping
kalih menika piyambakipun rumaos kedah ngaturaken pangorbanan dhumateng
Kalurahan Tambak. Ingkang kapisan, piyambakipun sampun ngurbanaken kalenggahan Lurah
ingkang estunipun dados wenangipun, nanging kangge njagi murih sedherekipun
sepuh ingkang dipun dombani Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot, ingkang rumiyin taksih
dados Kebayan boten damel dahuru, Puranta milih ngawon nyuwun dhumateng Ki
Tambak Kapisan murih masrahaken Kalenggahan Lurah dhateng Jaswana. Dinten
menika, jebul Kalurahan Tambak taksih mbetahaken pangurbanan saking
piyambakipun malih, inggih menika kedah kesah saking Kalurahan Tambak.
Pangintenipun Puranta, kanthi dhawuh dhateng piyambakipun miwah Sirep
sisihanipun madosi Kyai Pantek ing sanjawining Kalurahan Tambak menika namung
dhapur apus krama murih Puranta kesah saking Kalurahan Tambak.
“Piye Dhimas?” sareng sampun radi dangu
kawontenan sepen, Ki Lurah wangsul ndangu malih dhateng Puranta “Pancen gaweyan
sing kudu dhimas tindakne iki luwih dening abot. Mula aku dhewe ya ora wani
meksa marang Dhimas Puranta, nek sajake Dhimas rumangsa ora keduga ngayahi
gaweyan iki, ya ora apa-apa”.
“Inggih Ki Lurah” wasana kalih mesem
Puranta atur wangsulan “sanadyan kawontenan kula namung kados makaten, nanging
kula boten badhe selak menawi kula menika taksih kadang anem saking jengandika
Ki Lurah. Lan minangka adhi kula boten badhe miring-mirangaken kadang kula
sepuh, nami nistha tumrap rayinipun Ki Lurah Tambak Kapindho menawi kula
ngantos ajrih ing rekaos kangge kamulyaning Kalurahan Tambak. Inggih awit
saking menika keparenga kula nyuwun pangestu badhe bidhal madosi Kyai Pantek dinten
niki ugi. Kula kalihan semah kula boten mbetahaken prabeya menapa-menapa kangge
ngayahi jejibahan menika. Namung ambok bilih wonten keparengipun Ki Lurah, kula
ndherek titip griya lan pekarangan saisinipun tuwin sabin lan pategilan ingkang
dados dhedhakon kula, mugi kadhawuhna dhumateng sinten murih angupakara. Dene
menawi ngantos sekawan dasa dinten kula dereng saged wangsul awit dereng
manggihaken Kyai Pantek, mangka keparenga Ki Lurah mundhut samudayanipun menika
dadosa kas-kayaning Kalurahan Tambak”.
Ki Lurah sakecap kemawon boten kuwawa
angucap kangge paring wangsulan dhumateng Puranta ingkang pamitan badhe bidhal
madosi Keris Kyai Pantek ngaten menika. Namung ing pojoking netra ketingal
kekembeng toya luh, kados badhe rentah. Makaten ugi para Bebau salintunipun
Bebau Kidul, sedaya sami tumungkul nyingidaken raos sungkawanipun. Namung Ki
Sarana ingkang taksih dereng saged ngadeg jejeg labet pupunipun kenging tumbak,
ingkang lajeng nangis ngguguk kados dene lare alit ingkang katilar biyungipun kesah
badhe blanja.
Puranta piyambak estunipun inggih ngraos
awrat pepisahan kalihan titiyang menika. Mila inggih lajeng ngadeg kanthi dipun
lawani dening Sirep. Sepisan malih ngaturaken sasmita kurmat dhateng Ki Lurah,
lajeng nggandheng semahipun kaajak bidhal nilaraken plataran Kalurahan Tambak.
Lampahipun mangener ngidul, boten mangertos badhe dhateng pundi purugipun.
Lampahipun Puranta lan Sirep, babar pisan boten tolah-toleh kanan utawi kering
langkung-langkung noleh dhateng wingking, babar pisan boten. Nembe sareng anggenipun
mlampah sampun tebih saking Padhukuhan Tambak, dumugi sapinggiring wana, tiyang
kalih menika lajeng mandheg. Puranta sambat menawi sikil lan bebalungipun
taksih kraos sakit, awit kala wau dipun pidak-pidak dening Bebau Kidul lan
Jagabaya Bontot saderengipun Sirep dugi ing Plataran Kalurahan.
“Leren dhisik Rep” Puranta wicanten
dhateng semahipun “bebalungku rasane kaya arep copot kabeh iki, mengko wae nek
wis rada suda awake dhewe nerusne laku maneh”.
“Iya Kakang” wangsulanipun Sirep “nerusne
laku menyang ngendi?”.
“Aku durung ngerti” Puranta blaka dhateng
semahipun “sing baku, awake dhewe utawa mligine aku, kudu adoh ninggalake
Kalurahan Tambak. Jalaran satemene Ki Lurah dhewe ora bakal percaya yen awake
dhewe bisa nemokne neng ngendi papane Kyai Pantek, anggone dhawuh marang aku
lan awakmu iki mau tak kira mung minangka pawadan murih rada tinemu nalar kanggo
nglungakne aku saka Kalurahan Tambak sing dikira sawayah-wayah kepengin dadi
Lurah”.
“Aku ora ngira lan ora nyana babar pisan
jebul Ki Lurah kagungan penggalihan sing kaya mangkono marang Kakang, tak kira
kuwi kabeh mung saking wasise micara Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot wae sing duwe
pamrih nyingkirne wong-wong sing cedhak karo Ki Lurah, kalebu ndika Kakang
Puranta” Sirep wicanten kados dhateng awakipun piyambak.
Puranta boten semaur, awit kajawi boten
kepengin manjangaken ngrembag titiyang ingkang ketingal menawi boten remen
dhateng piyambakipun, ugi ngraosaken badanipun ingkang sansaya kraos sakit
sedaya.
Dumadakan tiyang kalih menika dipun
kagetaken dening suwantenipun tracak kapal saking katebihan, asalipun kados
saking Kalurahan Tambak, tumuju dhateng papanipun kendel. Boten dangu lajeng
katingal wonten tiyang cacah gangsal welasan ingkang sami nunggang kapal
nyaketi papanipun Puranta lan Sirep. Puranta boten pangling, tiyang-tiyang
ingkang sami numpak kapal kala wau para sapukawating kalurahan ingkang asalipun
saking Padhukuhan Kidul. Puranta rumaos boten sekeca salebeting manah, mila
lajeng ngadeg sanadyan badanipun dereng patosa kiyat menawi kangge ngadeg.
Ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar