Total Tayangan Halaman

Kamis, 23 Februari 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (034)


 

34.

       Tiyang-tiyang ingkang sami kekapalan kala wau sampun dumugi sacaketing Puranta lan Sirep. Sedaya sami cukat mlumpat mudhun saking kapalipun, lajeng siyaga angepung Puranta mawi sikep dedamel, sedaya sami nyepengi pedhang ingkang sampun dipun lolos saking warangakanipun. Puranta sampun nggraita bilih titiyang ingkang sami ngangge sandhangan Sapukawating Kalurahan Tambak menika andhahanipun Bebau Kidul utawi Jagabaya Bontot. Pramila sanadyan kawontenan raganipun taksih keraos labet saking tatu ing lebeting badanipun, nanging Puranta boten badhe pasrah bongkokan menawi tiyang-tiyang menika badhe ganggu damel dhateng piyambakipun tuwin Sirep, semahipun.

       “Kaget atimu Puranta ?” salah satunggal saking Sapukawating Kalurahan menika pitaken kalihan gumujeng ngece “apa malah wis krasa nek tekaku iki arep aweh bebantu marang kowe he?”.

       “Mengku karep apa ndika ngajak kanca-kanca nututi lakuku Ki Puludan?” Puranta gantos pitaken dhateng pangajenge para Sapukawat,  ingkang jebul nami Puludan.

       “Ha ha ha…. ngertia Puranta, tekaku sakanca iki arep aweh pambiyantu marang kowe, merga awit saka dhawuh sing tak tampa saka Ki Lurah lumantar Ki Bebau Kidul” wangsulanipun Puludan mawi basa ingkang babar pisan boten ngaosi dhateng Puranta. Kamangka sadangunipun menika ing Tambak boten wonten tiyang-tiyang ingkang njangkar lan boten mawi basa krama dhateng Puranta, nanging Puranta ketingal boten serik manahipun.

       “Nedha nrima Ki Puludan yen teka ndika sakanca iki arep aweh pambiyantu marang aku” wangsulanipun Puranta panggah mawi tembung ingkang sareh “nanging aku ora mbutuhake pambiyantu saka sapa-sapa kalebu saka ndika sakanca. Tak kira luwih becik yen ndika tumuli bali wae lan matur marang Ki Bebau yen aku ora mbutuhake pambiyantu apa-apa”.

       “Mengko dhisik, aja kesusu nampik pitulungan saka aku sakanca iki Puranta” Puludan suka wangsulan “jalaran ing babagan iki, kowe ora bisa selak yen kowe ora bakal bisa dhewe”.

       “Apa kuwi Ki Puludan?” Puranta pitaken suwantenipun wiwit minggah.

       “Dhawuh saka Ki Lurah Tambak Kapindho, temune Pusaka Kyai Pantek nek kowe wis dipendhem utawa dikubur ing alas kene” wangsulanipun Puludan kalih ngebah-ebahaken pedhang ing tanganipun “mula aku arep mbantu mendhem kowe neng alas kene, kari kowe milih dipendhem urip-uripan apa milih sadurunge tak pendhem tak lunasi dhisik? Lan pitulungan sing ora bisa mbok tampik maneh, ya iku aku sing bakal ngajak bali lan ngopeni Sirep kareben rupane sing ayu ora ilang muspra tanpa guna he he he”.

       “Lancang tembungmu Puludan” Puranta wangsulan kalih nggegetaken untu rumaos tembungipun Puludan sampun nglangkungi wates “sembada kowe mendhem ragaku yen wis koncatan sukma. Ayo majua bareng bakal tak ladeni sagendhingmu, leganing atiku!”.

       Puranta lajeng nata adegipun, siyaga ngadhepi Puludan sakancanipun. Puludan piyambak ugi lajeng suka sasmita dhateng rencang-rencangipun, ngajak majeng sareng ngebyuk dhateng Puranta. Puranta ingkang sampun siyaga babar pisan boten ngedhap manahipun. Piyambakipun boten pitados menawi Ki Lurah Tambak kapindho sampun ndhawuhaken kados ingkang dipun criyosaken dening Puludan wau. Duginipun serangan sesarengan saking Puludan sakanca rowangipun, dipun tadhahi kalihan jurus-jurus ingkang sampun nate katampi saking tiyang sepuhipun. Ing jurus kapisan, Puranta saged ngendhani panrajangipun mengsah lan malah taksih saged ngginakaken tangan lan sikilipun kangge gentos nerjang mengsahipun. Puludan tuwin rencangipun sekawan malih ingkang ngraosaken kepelan saha sadhukanipun Puranta ing jurus kapisan menika. Tiyang gangsal menika ketingal sami dhawah glangsaran ing siti kalih sambat lan misuh-misuh boten kantenan, wonten ingkang kalih ngrayahi weteng ugi wonten ingkang ngelus-elus dhadhanipun piyambak. Tiyang-tiyang sanesipun sami radi mundur nebih sarwi siyaga badhe nata serangan enggal.

       “Setan alas kowe Puranta!” kalih tangi saking anggenipun glangsaran, Puludan misuh-misuh lan ngundamana Puranta “ora keneng disabari tenan, titenana bakal tak cacah-cacah tenan kuwandhamu mengko”.

       Kancanipun sekawan ingkang  ugi badhe tangi  sami misuh-misuh langkung serem malih.

       “Aja kakehan gunem sing tanpa guna Puludan” Puranta wangsulan kalih mesem “ayo nek pancen kowe kepengin gawe patiku, enggal bali majua mrene”.

       “Setan!” boten wangsulan kathah-kathah Puludan namung misuh, lajeng tata-tata badhe ngrangsang Puntara, boten Kantun Puludan ugi lajeng wangsul suka sasmita dhateng rencang-rencangipun murih boten ajrih ngrubut Puranta.

       Boten dangu papan mriku wangsul dados rame malih, Puranta dipun krubut tiyang gangsal welas ingkang majeng sareng. Ewa samanten Puranta ketingal boten gigrig. Sanaosa samun wongsal-wangsul kenging jotosan utawi sadhukan, malah setunggal kalih ugi wonten pucuking pedhangipun para Sapukawat menika ingkang saged nggarut gegeripun, temah rasukan ingkang dipun engge Puranta ing sisih wingking dados santun warna abrit, warnanipun kringet ingkang campur rah, ewa samanten tandangipun Puranta taksih sansaya nggegirisi. Sampun sekawan Sapukawat ingkang  kenging duganganipun lajeng rebah boten saged tangi malih, nadyat boten pejah nanging inggih boten saged tangi malih.

       Kawontenan dados sansaya rame, sareng dumadakan wonten tiyang cacah sedasa, ingkang dugi lajeng nrambul tumut perang. Tiyang-tiyang ingkang nembe dugi menika, sami mbebela dhateng Puranta lan kanthi trengginas gentos ngadhepi para Sapukawating Kalurahan ingkang saking padhukuhan Kidul menika. Puludan minangka pangajenge para Sapukawat andhahanipun Bebau Kidul lajeng mencolot mundur lan mbengoki para rewangipun murih ngendeli anggenipun perang, kanthi mripat ingkang murup lajeng wicanten dhateng titiyang ingkang tumut nrambul wau :

       “Hee…. Aku, Puludan  rumangsa ora duwe petung apa-apa karo wong sak liyane Puranta, ya gene iki ana wong-wong sing tanpa nganggo tata melu nrambul nggonku arep gawe petung karo Puranta. Leren dhsisik Kisanak, ndika kuwi sapa lan mengku karep apa he?”.

       “Mripatmu apa wis wuta Puludan?” salah satunggal saking tiyang sedasa ingkang nembe dugi menika semaur “aku Sabekti, Sapukawat saka Padhukuhan Sela, karo kanca-kancaku iki andhahane Ki Bau Tengah lan Ki Bau Sela, sing ngeman kowe sakancamu murih aja nganti babak bundhas merga saking goblogmu, wani-wani ganggu gawe marang Gus Puranta”.

       “Apa karepmu  Sabekti ?” Puludan wangsulan kalihan nggetak.

       “Apa kurang cetha nggonku wangsulan he Puludan?” Sabekti semaur kalih gumujeng ngece “wis cetha kaya ngana olehku guneman, nanging kowe panggah ora mudheng? Pantes nek kowe diblusukne dening bendaramu menyang njero pawon ya ora njawa. Mosok kowe mau ora weruh nek bendaramu Bebau Kidul karo Jagabaya Bontot malah gurune sing jeneng Ki Lopara sing kondhang sektine sundhul langit wae ora ana apa-apane ngadhepi Gus Puranta? Lha kok kowe semrinthil rindhik asu digitik dikongkon nututi tindake Gus Puranta? Apa pancen kowe wis bosen urip? Kowe kuwi satemene duwe utek apa ora Puludan?”.

       “Aja mung langap-langap waton ngucap kowe Sabekti. Tekaku kene iki ngemban dhawuhe Ki Lurah” Puludan wangsulan kalih mencereng “dadi nek kowe teka kene arep aweh pambiyantu marang aku, aja banjur kowe sakancamu ngalang-alangi nggonku arep mendhem Puranta, malah kepara rewangana aku murih enggal rampung gaweyanku iki. Mengko nek wis bakal tak aturke Ki Lurah bab lelabuhanmu iki tak suwunke ganjaran sing jumbuh karo lelabuhanmu”.

       “Kowe kuwi jebul wis mendho kathik malah kemeruh Puludan” Sabekti semaur kalihan gumujeng “kowe kuwi wis diapusi karo Bebau Kidul, Ki Lurah ora tau paring prentah kaya mangkono kuwi lan maneh saupama kuwi prentah saka Ki Lurah kowe sakancamu mesthi diparingi tandha yen kowe lagi ngayahi jejibahane Kalurahan, kowe sakancamu rak ya padha ora duwe tandha kuwi ta? Beda karo aku, aku iki temen-temen lagi ngayahi kuwajiban saka Kalurahan ya kuwi memanuki tindake Gus Puranta, lan sing sapa wonge wani ganggu gawe marang Gus Puranta nyawaku bakal sing dadi udhune. Nek kowe kepengin weruh tandha sing tak gawa, sawangen Samir sing tak kalungne guluku iki lan sing dienggo kanca-kancaku kuwi. Mula nek kowe sakancamu nekad arep nindakne prentahe Bebau Kidul sing kekudhung asmane Ki Lurah, sadurunge kowe bisa nyenggol salirane Gus Puranta kowe kudu bisa nglangkahi bangkeku luwih dhisik. Ngerrti ?!?”

       Mireng wicantenipun Sabekti ingkang cetha kados makaten menika, para rowangipun Puludan lajeng sami sawang-sawangan sesamining rowang. Salah setunggal saking rencangipun Puludan lajeng nyaketi Puludan kalih pitaken klesik-klesik :

       “Piye ta kakang tenane? Awake dhewe iki mau temen-temen nindakne dhawuhe Ki Lurah apa ora?” .

       “Embuh” wangsulanipun Puludan “aku dhewe  ya banjur dadi bingung. Kowe kabeh ya padha krungu. Mau Ki Bau dhawuh yen awake dhewe bisa nyingkirne klilipe Ki Lurah sing wujude Gus Puranta, bakal kaparingan ganjaran sing gedhe, timang lan pendhok saka emas lan aku kang piniji dadi pengarep kajaba nampa ganjaran pendhok lan timang emas, ya dikeparengake nglungsur warandhane Gus Puranta minangka bojo sing kaping telu. Nanging iki Sabekti sakancane teka kathik nggawa tandha minangka Gegaman Kalurahan. Mula aku banjur dadi bingung”.

       “Lha awake dhewe dening Ki Bau mau ora diparingi tandha kaya tandha sing dituduhne Sabekti mau Kakang?” tiyang wau taken malih.

       “Tandha matamu kuwi?!?” Puludan mencereng, andhahanipun dipun sentak lan dipun pisuhi “genah mau kowe ya weruh dhewe nek awake dhewe diprentah banjur budhal ngono wae kok ndadak takon tandha barang?!”.

       “Saiki piye Puludan?” dumadakan Sabekti nyuwanten malih, kanthi suwanten ingkang seru “kowe isih arep nutugne sedyamu marang Gus Puranta apa kowe bali maneh menyang Tambak?” .

       “Mengko dhisik Ki Sabekti” Puludan wangsulan mawi suwanten ingkang sareh “bares wae, saiki iki aku dadi bingung dhewe”.

       “Bingung kepiye Ki Puludan?” Sabekti pitaken.

       “Yen aku nutugne dhawuh saka Ki Bau Kidul, tan wurunga aku kudu adhep-adhepan karo ndika sakanca minangka mungsuh. Kamangka paugeraning Kalurahan Tambak wis nyebutne sing sapa wonge wani ganggu gawe marang gegaman Kalurahan Tambak mangka ora ana pidana sing pantes disandhang kajaba ditugel gulune banjur sirahe disunduki dipanjer neng dalan Prapatan…..”

       “Kuwi wis cetha Ki Puludan” Sabekti munggel tembungipun Puludan “yen ndika nekad arep ganggu gawe marang Gus Puranta, mbuh ndika bisa menang mungsuh aku sakanca, embuh bakal kalah, sing cetha ndika bakal nampa pidana kaya sing ndika kandhakne kuwi mau”.

       “Nanging, sadurunge aku budhal mau, Ki Bau sing uga disekseni Ki Jagabaya Bontot, yen baliku sakanca menyang Tambak ora oleh gawe kaya sing dikersakne Ki Bau, mangka aku sakanca ya bakal ditugel gulune dening Ki Jagabaya Bontot” Puludan suka wangsulan kalihan nedahaken jibeging pikiripun “aku bingung Ki Sabekti, aku njaluk tulung aku ndika tuduhne kudu kepiye?”.

       Boten namung Puludan piyambak ingkang ketingal judheg pikiripun, sanadyan para rowangipun ugi ketingal sami bingung. Bebasan badhe maju ajrih menawi tatu, badhe mundur ajrih menawi ajur.

 

Ana candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...