35.
Mireng
rembagipun Puludan miwah polatanipun tiyang-tiyang andhahanipun Bebau Kidul
ingkang makaten kala wau, Sabekti lajeng mrangkakaken pedhangipun. Tanganipun
kumlawe asung sasmita dhumateng rowangipun murih mrangkakaken dedamelipun
sedaya. Puludan ingkang ugi sumerep nunten tiru-tiru mrangkaken pedhangipun,
makaten ugi kanca rowangipun sedaya. Sabekti lajeng nyaketi Puludan, lajeng wicanten
mawi suwanten ingkang sareh :
“Aku
ngerti lan bisa ngrasakne sepira repote ati ndika Ki Puludan. Nanging aku ya durung
nemu cara dalan endi sing kudu ndika ambah murih padha slamete. Saiki ngene
wae, coba ayo nyuwun rerigen Gus Puranta, mbok menawa panjenengane bisa paring
kalidamar marang awake dhewe, mligine ndika sakanca”.
Puludan
noleh dhateng rencang-rencangipun minangka sasmita nedhi tetimbanganing
pamanggih. Ingkang dipun toleh boten wonten ingkang semaur, namung sami
manthuk-manthuk tandha menawi nyarujuki rembagipun Sabekti.
“Kula
sakanca ngaturaken sedaya kalepatan Gus” wicantenipun Puludan sasampunipun
caket kalihan Puranta lan Sirep “inggih awit saking bodho kula, kasurung
pambujuking hawa nepsu, meh kemawon kula kacemplung ing neraka lumantar
jengandika Gus Puranta”.
“Sokur
ta Ki Puludan yen ndika wis ngrumangsani kleru” wangsulanipun Puranta sabar “tujune
iki mau Ki Sabekti sakancane tumuli teka ana kene, yen ora mbok menawa klakon aku
wis ndika pendhem ing pinggiring alas kene iki”.
“Ora
mung Kakang Puranta sing bakal dipendhem” Sirep numpangi rembagipun Puranta “sanadyan
aku, tinimbang dadi wong jarahan, luwih becik mati suduk salira nganggo patrem
tinggalane biyungku iki”.
“Kula
ingkang lepat mBok Ayu” Puludan wangsulan kalihan ndhingklukaken sirahipun “mugi
mBok Ayu saha Gus Puranta kepareng paring pangapura dhumateng kula sakanca”.
“Uwis
Ki Puludan, sing uwis ya uwis, mbesuk maneh aja kesusu selak muluk barang sing
melok, kaya wektu iki. Aku ngerti, anane ndika sakanca wani lan gelem nuruti
prentahe Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot kuwi merga ndika wis padha weruh nek
kahananku isih remuk ketiban Paser Angin saka tulupe Ki Lopara lan katambahan
disikara dening Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot. nDika babar pisan ora metung
tekane Ki Sabekti sakancane iki mau. Sing ndika etung mung ganjaran sing
dijanjekne Ki Bebau Kidul wae. Iya apa ora?” wangsulanipun Puranta suka pitutur
dhateng Puludan.
Puludan boten semaur, namung
sirahipun ketingal sansaya konjem ningali siti.
“Sabanjure”
Puranta wicanten malih “aku wis krungu kabeh sing padha ndika rembug karo Ki
Sabekti mau. Mula mbok menawa Ki Puludan mathuk, aku duwe rerigen sethithik
sing mbok menawa ana gunane tumrap Ki Puludan lan sedulur-sedulur Sapukawat
saka Padhukuhan Kidul iki”.
“Ngaturaken
sewu gunging panuwun Gus” Puludan ndengengekaken sirah, nyawang dhateng Puranta
kalih wicanten “sedaya eguh pratikel saking jengandika badhe kula lampahi
sak-sae-saenipun”.
“Ki
Kebad…..” boten mangsuli wicantenipun Puludan, Puranta malah ngundang Kebad,
salah satunggal Sapukawating Kalurahan ingkang saking Padhukuhan Tengah”.
“Inggih,
wonten dhawuh Gus?” Wangsulanipun Kebad.
“nDika
ngerti ta? Sangajale Ki lan Nyai Undhagi Sinung, wong tuwane Sirep” Puranta
lajeng wicanten “tegal, sawah lan pekarangan saisine duweke Ki lan Nyi Undhagi
Sinung rak dadi kukubane Sirep kabeh, iya awit anake Ki lan Nyi Undhagi Sinung
ya mung siji, Sirep dhewe?”.
“Inggih
leres, kula ngertos bab menika Gus” Kebad nyela rembag, sanadyan dereng
mangertos menapa ingkang badhe dipun kajengaken dening Puranta.
“Lan
Sirep wis masrahake bandha donya warisan saka wong tuwane kabeh kae marang aku”
Puranta nglajengaken anggenipun wicanten, lajeng kacundhukaken dhateng semahipun
“rak ya bener mangkono ta Rep?” .
“Iya
bener Kakang” wangsulanipun Sirep.
“Ing
Pategalan sing ambane kurang luwih ana telung bau kae ana tanduran Pari Gaga
sing sedhela maneh wayahe panen, lha tanduran pari sing ana sawah lagi wayahe
merit sedhela engkas arep njebul” Puranta wicanten malih.
“Leres
Gus, tiyang tegil gaga taneman jengandika ing Pategilan tilaranipun suwargi Ki
Undhagi menika gandheng kalihan pategilan kula lan taneman pantun jengandika
ing sabin ingkang jengandika dhawuhaken kala wau mapan ing sapinggiring margi
ingkang saben dinten kula langkungi, dados kula inggih ngertos sedaya” Kebad
anumpangi rembagipun Puranta.
“Iya”
Puranta suka wangsulan “lan ing lumbung omah tinggalane Ki lan Nyi Undhagi kae
isih kasimpen pari garing, embuh pirang gedheng cacahe, gajege wiwit diunggahne
menyang lumbung durung tau ana sing ditutu”.
“Inggih
Gus”
“Lha
saiki aku arep njaluk tulung marang ndika Ki Kabad lan ndika Ki Sabekti,
gegayutan karo apa sing dibingungake dening Ki Puludan sakancane iki” Puranta
lajeng wicanten malih dhateng Kabad.
“Gus
Puranta badhe paring dhawuh menapa?” Kabad miterang dhawuh.
“Inggih
Gus suwawi kadhawuhna, estu badhe kula estokaken dhawuh jengandika” Sabekti ugi
semaur anyagahi.
“Gandheng
dina iki Ki Puludan sakancane cetha yen ora wani bali menyang Padhukuhan Kidul”
Puranta wicanten malih “mengko aku njaluk tulung supaya ndika sakloron padha nglarapake
Ki Puludan sakancane marang Paman Bebau Tengah, ndika critakne kabeh kedadeyan
ing papan kene iki mau marang Paman Bebau Tengah, banjur ndika aturne panyuwunku
marang Paman Bebau ya iku murih Paman Bebau paring pangayoman marang Ki Puludan
sakancane. Sabanjure aturna marang Paman Bebau, kanggo nyumbang wragad sing
dibutuhake kanggo ngayomi lahir lan batine Ki Puludan sakancane, pari neng lumbung
lan tanduran sing ana tegal lan sawah kae kabeh tak pasrahne marang Paman Bebau
murih dirigenake kanggo nyukupi kabutuhane Ki Puludan sakancane. Minangka
tandha yen ndika temen-temen tak jaluki tulung, patrem simpenane bojoku ya Sirep
iki ndika tampani lan ndika aturne marang Paman Bau”.
“Inggih
Gus, pangestunipun Gus Puranta ingkang kula suwun, mugi saged lebda ing karya”
wangsulanipun Kebad.
“Sadaya
dhawuh saking jengandika badhe kula aturaken dhateng Ki Bebau Tengah Gus” Sabekti
ugi suka wangsulan.
“Samanten
kamirahan jengandika Gus Puranta dhateng kula sakanca?” Puludan boten saged
nyingidaken ngondhok-ondhoking manahipun, klawan waspa ingkang kekembeng ing
mripat lajeng wicanten ngaturaken panuwun dhateng Puranta “kula sakanca namung
saged ngaturaken genging Panuwun, mugi Gusti tansah paring karahayon dhumateng
jengandika Gus Puranta”.
“Iki
wektune wis meh surup, ndika enggal padha bali wae menyang Tambak, aku ndherek
titip ndika aturne bektimu marang Ki Lurah, Paman Bebau Tengah lan taklimku
marang Bebau liyane. Aku karo Sirep arep nerusne laku, ora pati-pati bali
menyang Tambak yen ora nggawa Keris Kyai Pantek” Puranta wicanten lajeng suka sasmita
dhateng Sirep semahipun, kaajak nglajengaken mlampah.
Para
Sapukawating Kalurahan ingkang sampun sami rukun menika, kanthi kekembeng waspa
namung saged nyawang lampahipun Puranta lan Sirep ngantos ical katutupan
gegrumbulan. Sareng suwantenipun tracak
kapal ingkang dipun tunggangi para Sapukawating Kalurahan sampun sansaya alon
ing pamireng, Puranta ngajak semahipun kendel malih. Jalaran ngraosaken
sakiting badanipun mila sansaya santer.
“Leren
dhisik Rep” wicantenipun Puranta dhateng semahipun “rasane awakku sansaya ora
karu-karuwan. Lan maneh iki wis wancine nyedhaki surup, ora prayoga nek awake
dhewe mlaku ing wayah ngene iki”.
“Iya
Kakang, ayo golek papan sing sajake rada kepenak yen kanggo leren” wangsulanipun
Sirep kalihan natag-natagaken manah ingkang kraos keranta-ranta.
“Sing
ngati-ati lan aja ninggal kawaspadan Sirep” wicantenipun Puranta salajengipun “aku
isih ngira, yen nganti sore iki Puludan sakancane mau ora nemoni Bebau Kidul
utawa Jagabaya Bontot, mangka wong loro kuwi ora mokal yen banjur ngongkon wong
liyane supaya nututi lakune awake dhewe”.
“Iya,
Kakang”.
Leres,
dereng ngantos Puranta lan semahipun manggihaken papan kangge kendel, lamat-lamat
kepireng suwantening tracaking kapal ingkang murugi papan mriku. Sansaya dangu
sansaya cetha. Purun boten purun Puranta inggih lajeng radi ngresula, salebeting
manah ngudaraos :
“Ndelalah
awakku kok lagi tatu kaya ngene, yen awakku isih waras ora bakal aku ngresula
nadyan kudu ngadhepi wong-wong bodho sing gelem dadi ketiplake Bebau Kidul lan Jagabaya
Bontot”.
Raosing
badanipun Puranta sansaya sakit, tenaganipun diketog inggih panggah boten saged
tambah, malah sansaya lemes panyawangipun dados klemun-klemun. Suwantening
tracak kapal sansaya caket kalih papanipun. Malah suwantenipun tiyang ingkang
nunggang jaran ingkang nembe rembagan kalihan rencangipun sampun kapireng.
Puranta nyipta menawi sampun dumugi titiwancinipun pejah. Samanten ugi kalihan
Sirep, semahipun Puranta menika ugi ngertos menawi Puranta sampun katelasan
tenaga lan boten saged malih ngginakaken tenaga cadhangan, awit tenaga
cadhanganipun sampun telas kangge ngadhepi Puludan sakancanipun wau.
“Banjur
piye iki Kakang?” kalih keket anggenipun nggujengi tanganipun Puranta, Sirep
pitaken.
“Ora
sah kuwatir Sirep” wangsulanipun Puranta ngedhem-edhem manahipun Sirep, ingkang
estunipun ugi ngedhem manahipun piyambak “urip iki ana sing kagungan, yen Gusti
ngersakne awake dhewe kudu mati dina iki utawa kapan wae, minangka titah awake
dhewe mung bisa pasrah. Awit satemene apa sing dikersakne Gusti, kuwi mesthi
becike. Becik tumrap awake dhewe manawa awake dhewe gelem pasrah kanthi wutuh
marang Gusti”.
“Nanging……”
“Ora
sah ndadak nganggo nanging-nangingan” Puranta nempelaken driji ing ngajeng
lambe “aku wis weruh ana lawa sing metu saka pandhelikane, iki nuduhne yen
surya wis surup. Ayo mumpung isih ana wektu kanggo manembah marang Gusti, awake
dhewe tumuli nindakne kuwajibaning urip manembah ing wektu suruping surya”.
Boten
ngentosi wangsulan saking semahipun, Puranta lajeng sesuci mawi lebu ing papan
mriku. Sirep ugi lajeng tumut-tumut sesuci mawi lebu kados ingkang katindakaken
Puranta. Sareng sampun sami rampung anggenipun sami sesuci, kekalihipun lajeng nindakaken
panembah dhumateng Gusti, boten nggagas menapa-menapa kajawi namung kados
ingkang kaucapaken ingkang awujud panyuwunan dhumateng Gusti jumbuh kalihan
panyuwunan ingkang kawucalaken dening guru-gurunipun, inggih menika panyuwunan
ing salebeting nindakaken laku sembahyang.
Nalika
kekalihipun sampun rampung manembah, nembe suwantening tracak kapal ingkang
kala wau kepireng sansaya cetha sampun boten kepireng malih. Ingkang kepireng
malah suwantenipun tiyang ingkang rerembagan kalih rencangipun.
“Lha
nek nganti kedhisikan petenging wengi, genah nek kangelan nemokne menungsane ta
Kakang?” wonten suwantenipun tiyang ingkang wicanten dhateng rencangipun “tujune
aku mau wis nggagas, bocah-bocah kae mau padha tak kongkon nyepakne obor”.
“Ya
yen ngono bocah-bocah kae ndang dikongkon ngurupne obore wae, merga nek nitik
saka panggandaku Puranta karo bojone isih durung adoh saka papan kene, mbok
menawa wae wong loro kuwi wis krasa nek awake dhewe sakanca arep nusul, banjur
padha umpetan” wonten suwanten ingkang benten suka wangsulan.
Dereng
ngantos kepireng suwanten malih, dumadakan kepireng suwanten pambekering kapal
ingkang mungel sareng. Nitik suwantenipun kapal-kapal kala wau nembe ajrih
jalaran wonten bebaya ingkang ngadhang margi. Nalika samanten kawontenan dereng
patosa peteng, dados inggih menawi wonten menapa-menapa taksih saged
katingalan. Namung kemawon gandheng kawontenanipun Puranta mapan kaling-kalingan
sela ingkang ageng, tiyang-tiyang wau boten sumerep. Benten kalihan Puranta lan
Sirep ingkang kekalihipun saged ningali
titiyang numpak kapal ingkang nembe dugi, lan mandheg ing papan mriku badhe
madosi piyambakipun.
Suwanten
pambekering kapan sansaya rame, malah lajeng nggedrug-gedrugaken sukunipun
dhateng siti, suka sasmita dhateng bendaranipun murih boten nglajengaken lampah
sarta kapal-kapal wau sami anggenipun ngajak wangsul, awit panggraitaning
kapal-kapal kala wau nyumerepi bilih ing ngajengipun wonten bebaya ingkang
sakalangkung mbebayani.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar