36.
Puranta
lan Sirep ingkang ugi mangertos lan mireng pambekering kapal-kapal kala wau,
rumaos ngungun. Adat ingkang sampun, kapal nggadhahi polah ingkang makaten, jalaran
sumerep sato galak ingkang piyambakipun boten wantun ngadhepi utawi wonten
tiyang musthi dedamel ingkang badhe misakit piyambakipun. Kamangka wiwit kala
wau, Puranta mangertos boten wonten tandha-tandha bilih ing papan mriku wonten
panunggalaning kewan galak kados dene Sima gembong utawi Sima Tutul ingkang luru
mangsan. Nanging Puranta inggih namung kendel kemawon, kajawi ajrih yen ngantos
kadenangan tiyang-tiyangipun Bebau Kidul ingkang nembe dugi, ugi tenaganipun
mila sampun telas kadya kakuras. Dados saupami wonten macan ingkang luru mangsa
ingkang nubruk piyambakipun, Puranta inggih boten badhe saged ngendhani menapa
malih nganto lumawan.
“He
kanca-kanca obormu padha uripna!” tiyang ingkang kala wau reraosan kalih
kancanipun mbengok ngaba andhahnipun murih nyumet oboripun “sajake neng ngarepe
dhewe ana wong ndhelik lan arep ndingkik, mbok menawa wae tunggale Sabekti sing
mau wis kasil ngglembuk Puludan sakancane”.
Boten
mawi wangsulan, tiyang-tiyang lajeng sami nyumet oboripun piyambak-piyambak. Boten
dangu ing wana mriku sampun padhang awit kacolokan obor ageng-ageng ingkang cacahipun
wonten pitu. Sepinten kagetipun Puranta, Sirep lan tiyang-tiyang ingkang sami
nunggang kapal kala wau, dupi kawontenan sampun ketingal padhang. Ing
ngajengipun Puranta lan Sirep sami linggih, wonten Sima Pethak ingkang agengipun
meh sagajah-gajah cacah kalih, ingkang sami ngisis siyung lan mripatipun
mencorong abrit, siyaga badhe nubruk lan ngrangsang dhateng para tiyang ingkang
sami kekapalan wau. Ketingalipun sima kalih ingkang warninipun pethak menika
rumaos boten remen awit tiyang-tiyang sami nyumet obor. Ketitik Sima kekalih
lajeng sami nggereng sareng, suwantenipun kuwawa damel horeg siti ing sakanan
keringipun.
Tiyang-tiyang
srayanipun Bebau Kidul menika sami miris sumerep Sima ingkang agengipun
kelangkung-langkung menika, langkung malih sasampunipun mireng panggerenging
sima kekalih. Boten sranta, pangajenge tiyang ingkang sedaya cacah sedasa
menika lajeng prentah, kanca rowangipun dipun ajak mlajar sesarengan.
Kapal-kapal ingkang waunipun sampun beker-beker ajrih, dupi lisipun sinendhal
dening ingkang nunggang kaajak mlajar wangsul, inggih lajeng nggemprang mlajar
kados kasawataken plajengipun. Obor-obor ingkang wau dipun cepengi dening
tiyang-tiyang ingkang sampun sami mlajar wau, dipun buccal makaten kemawon,
ndadosaken papan mriku panggah padhang. Temah Puranta kanthi cetha saged
ningali Sima Kalih ingkang agengipun boten kantenan menika mlampah kados badhe
nguber tiyang-tiyang ingkang nembe mlajar.
“Aneh,
kok dumadakan ana macan semono – mono gedhene, kuwi bangsane macan apa Kakang?”
pitakenipun Sirep sareng sima kekalih sampun boten ketingal ing ngajengipun.
“Aku
ora ngerti Sirep” wangsulanipun Puranta “Sasuwene aku urip, ngerti yen macan
sing rupane putih kuwi ora mung ing dedongengan ya lagi iki mau, luwih-luwih
gedhene macan-macan mau tak kira kliwat saka tikel kaping telune macan gembong
sing gedhe dhewe. Lan maneh tekane saka ngendi, aku babar pisan ora ngerti”.
“Lha
banjur macan-macan mau menyang ngendi Kakang?” Sirep pitaken malih.
“Katone
arep mburu wong-wonge Bebau Kidul sing mlayu mau, embuh arep dikapakne aku ora
ngerti. Ya mesakne yen nganti ana sing dadi pakane macan loro kae mau”
wangsulanipun Puranta.
“Nanging
wong-wong mau padha mlayokne jarane Kakang, dadi ya mbok menawa ora bakal
katututan” Sirep lajeng wicanten “atake macan kae mau banjur mbalik mrene
maneh, nek kahanane awake dhewe kaya ngene banjur piye carane mlayu golek
slamet Kakang?” .
Puranta
unjal ambegan landhung, lajeng wangsulan :
“Ora
sah ngebot-eboti pikir kanggo mangsuli pitakonan sing cetha nek ora ana
wangsulane. Luwih becik awake dhewe nata ati, ing sajroning kahanan kaya
mangkene iki, mung marang Gusti awake dhewe bisa masrahake pati lan urip, awit
pati lan uripe titah kuwi gumantung kersane sing Kagungan Patil an Urip, ya iku
Gusti Sing Maha Agung. Yen Gusti ngersakne awake dhewe isih kudu nglakoni urip
ing lumahing bumi kaya saiki iki, mangka Gusti ora bakal kangelan paring sarana
murih awake dhewe panggah urip. Kosok baline, yen Gusti ngersakne awake dhewe
ngalih saka alam kang saiki dipanggoni menyang alam liya sing jarene luwih
langgeng kuwi, awake dhewe ya ora bakal bisa suwala. Mung wae, sabegja-begjane
titah kuwi ora ana sing ngungkuli begja lan mulyane titah kang bisa raket
marang Gustine. Mula tinimbang awake dhewe mung nggagas marang lelakon sing
arep teka sing awake dhewe ora bisa nggambarake kaya apa wujude, luwih becik
yen awake dhewe nindakne laku samadhi, muji lan dikir marang Gusti Kang Maha
Wicaksana”.
“Iya
Kakang, yen pancen ngono butuhku mung arep manut lan miturut apa sing dadi
kersa ndika wae” wangsulanipun Sirep.
Kekalihipun
tumuli kendel, nata ilining napas nyawijekaken cipta kangge masrahaken jiwa lan
raga dhateng Gusti Ingkang Maha Wicaksana. Sasampunipun saged nata lampahing
angen-angen lan manah, nyawijekaken antawisipun nalar lan pangraos lan sedaya
kapasrahaken dhateng Purbaning Gusti Ingkang Maha tan kena Kinaya Apa. Ing
ngriku Puranta lan Sirep ketingal ayem lan tentrem kawontenanipun. Sadaya
panandhanging gesang sampun boten kraos malih, ingkang wonten namung raos ayem
lan tentrem bebasan sampun manunggal kalihan kersaning Gusti.
Dumadakan
wonten angin sumilir ingkang mbekta ganda arum, dede gandaning sesekaran
ingkang tuwuh ing wana mriku, nanging gandanipun kayu cendhana wangi.
Wongsal-wangsul angin menika ngelus-elus praupanipun Puranta lan Sirep, temah
kekalihipun lajeng amungkasi anggenipun sami lampah samadhi. Radi kaget lan
semu nratab sasampunipun Sirep lan Puranta ambikak mripatipun. Jebul Sima
Pethak ingkang kala wau kesah kakinten mbujung plajaring tiyang-tiyangipun Bau
Kidul, sak mangke sampun njerum boten tebih ing ngajengipun Puranta lan Sirep.
Saderengipun Puranta lan Sirep ical kagetipun, kados tiyang nedahaken mawi
janggutipun, salah satunggal saking Sima kekalih menika suka sasmita dhateng
Puranta lan Sirep. Lan nalika Puranta ningali dhateng papan ingkang katuduhaken
Sima kala wau, ing mriku jebul sampun wonten Pisang Raja Satangkep ingkang
ageng-ageng lan nedhengipun mateng. Sareng Puranta sampun ningali pisang
ingkang katedahaken kala wau, Sima kekalih lajeng kados kucing ingkang lulut,
manthukaken sirahipun lan saderengipun Puranta lan Sirep ngucap menapa-menapa,
Sima kekalih lajeng ngadeg, mecolot dhateng gegrumbulan ical boten wonten
tilasipun malih.
“Jebul
Gusti isih kepareng ngersakne awake dhewe nutugne urip ing alam donya iki,
Sirep” Puranta ngajak gineman semahipun “aku ora bisa ngarani macan putih loro
mau bangsane malaikat kang memba rupa, utawa dewa sing salin warna, sing cetha
lumantar Macan Putih loro mau Gusti wis kepareng nylametake awake dhewe saka
wong-wonge Bebau Kidul sing mbujung laku, kaping pindho gandheng awake dhewe
isih kadhawuhan nutugne urip, mula awake dhewe ya kudu nindakne laku sing dibutuhake
raga kanggo urip ya iku panunggalane mangan ngombe lan sapiturute, Macan Putih loro
mau wis aweh sasmita marang awake dhewe supaya mangan gedhang raja satangkep
sing neng ngarepe dhewe iki, merga Gusti Kang Maha Wikan pirsa yen wiwit esuk
mau awake dhewe durung klebon panganan apa-apa”.
“Iya
Kakang” Sirep wangsulan lajeng mendhet pisang setangkep anggenipun milari Sima
Pethak kala wau, dipun pothel satunggal lan dipun ulungaken dhateng Puranta.
“Kowe
kudu tansah eling Sirep” kalih nampani pisang ingkang dipun ulungaken sisihanipun
Puranta wicanten malih “Gusti kuwi maringi pangan marang manungsa murih
manungsa gelem padha mangan kanggo njaga ragane supaya bisa awet, dadi aja
nganti manungsa duwe pangira kang ora
pas, kang ngira manawa kuwajiban mangan kuwi mung kanggo nuruti karepe hawa
napsu, yen kongsi kleru nggone ngecakne kuwajiban mangan iki bakal nuwuhake
kapitunan marang raga sing kudune dijaga murih awete, nanging malah disikara
sarana nuruti malah anguja hawa nepsune”.
“Iya
Kakang” wangsulanipun Sirep kalihan mothel pisang setunggal malih kangge
awakipun piyambak “pitutur lan piwulange Kakang bakal tansah tak eling-eling
lan mbesuk samangsa-mangsa Gusti kepareng paring anak marang awake dhewe, kabeh
piwulang saka Kakang bakal genti tak wulangake”.
“Sokur
yen pancen mangkono Sirep” Puranta nglajengaken anggenipun wicanten “ujaring
para winasis nyebutake biyung ngono guru kang kapisan tumraping manungsa. Dadi apa
sing diwulangake Biyung marang anake bakal dadi dhasar lakuning uripe titah. Akeh
bocah sing satemene isih resik lan suci, merga saka klerune laku sing ditempuh
wong tuwane malah ndadekne bocah sing suci kuwi mau dadi bubrah ora karuwan,
mung merga klerune wong tuwane”.
“Iya
Kakang, pancene dadi wong tuwa kuwi kudu ngati-ati, aja nganti anak sing ora
ngerti kenthang kimpule dadi bubrah uripe merga wong tuwane” wangsulanipun
Sirep.
“Lan
kang ora kalah wigatine, minangka wong tuwa kang duwe kuwajiban aweh pangane
anak sing durung bisa golek pangan dhewe, aja nganti aweh pangan marang anak
kuwi pangan sing asale saka tumindak sing ora bener, pangan saka asil colong jupuk,
ngapusi utawa ngrebut pangane wong liya” Puranta suka tutur malih.
“Iya
kakang”.
Ngantos
dangu tiyang kalih niku anggenipun sami rembagan, tanpa kraos kekalihipun sami
anggenipun ketileman piyambak. Nglilir-nglilir nalika mireng suwantening ayam
wana ingkang sami kluruk, ing wanci gagat rahina. Gandheng kekalihipun sami boten
sumerep sumber toya utawi lepen ingkang caket kalih papan mriku, kekalihipun angggenipun
nindakaken sembahyang gagat rahina inggih sesucinipun mawi lebu kados kala wingi
sonten.
Rampung
anggenipun sami sembahyang, Puranta ngajak semahipun nglajengaken lampah murih
sansaya tebih kalihan Kalurahan Tambak. Salebeting manahipun tiyang kalih menika
wonten raos kuwatir menawi taksih caket kalihan Kalurahan Tambak badhe
kepanggih titiyangipun Bebau Kidul menapa dene Jagabaya Bontot. Boten sande
menawi ngantos kepanggih, tartamtu badhe tuwuh pasulayan malih. Kanthi rekaos Puranta
tuwin Sirep nglajengaken lampah.
Dumadakan
ing manahipun Puranta tuwuh gagasan enggal, menika linandhesan pocapipun
Puludan kala wingi saderengipun Sabekti sakancanipun dugi. Inggih menika
ingkang dipun arah pejahipun menika estunipun namung Puranta dede Sirep.
Pramila Puranta kepengin nglampahi kasangsaran awit katundhung Saking Kalurahan
Tambak menika piyambakan kemawon. Sirep
badhe kaparentah murih wangsul kemawon. Puranta sampun rila lan legawa menawi
Sirep badhe emah-emah malih kalihan priya sanes, sauger Sirep boten katut
rekaos awit tumut piyambakipun. Nanging Sirep langkung setya dhateng Puranta.
“Ing
wasana kula lajeng kepanggih jengandika menika, mBah Tambak” Puranta mungkasi
nggone crita marang aku.
“Iya,
iya dadi satemene nggon ndika wong loro lunga saka Kalurahan Tambak kuwi durung
suwe ya? Lagi rong dina saka kepethuke ndika karo nggon ndika budhal ninggalake
Kalurahan Tambak?” aku genti takon maneh marang Puranta lan Sirep.
“Leres
mBah” wangsulane Puranta “menawi dipun etang ngantos sapriki inggih watawis
sampun sepeken langkung, tiyang anggenipun mBah Tambakj ngupakara kula ngantos
dados waras kados makaten menika saemut kula sepeken inggih langkung”.
Merga saka critane
Puranta sing mangkono kuwi, aku dadi kelingan yen durung suwe sadurunge aku
kepethuk Puranta lan Sirep, ing papanku kene ketekan dhayoh saka Kraton Pangayoman
sapukawate Kang Mbok Ratu Setyawati sing aran Ki Jurudah lan Ki Prasanta.
Ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar