37.
Aku
mau ya ora ngira yen Ki Jurudah apa dene Ki Prasanta sing tau tukaran karo aku
jaman semana isih gelem sanja ing panggonanku iki. Lan bares wae, aku ya wis
rada pangling karo senapati Kraton Katentreman loro kuwi, merga sandhang
panganggone beda banget karo jaman ketemu aku biyen. Sing dienggo ora beda karo
sandhang panganggone wong padesan sing kerep tak weruhi. Ora krasa, aku ya
banjur nyawang kahananku dhewe sing saiki ya wis beda adoh karo jaman aku
kepethuk Kang mBok Setyawati biyen. Jaman aku isih nganggo jeneng Raden Bagus
Suwanda. Nadyanta mangkono, aku wis ngerti nek wong loro kuwi dudu manungsa
lumrah, jalaran mokal banget nek manungsa lumrah bisa nemoni aku ing alamku
sing saiki iki, tanpa ana palilah saka aku luwih dhisik.
“Mosok
ndika pangling karo aku Gus Wanda?” pitakone Ki Jurudah nalika sepisanan teka
neng ngarep omahku.
“nDika
iki sapa? Ing kene wis ora ana Raden Bagus Suwanda!” wangsulanku karo namatne
praupane wong loro kuwi gentenan.
“Iya
aku wis ngerti nek Raden Bagus Suwanda wis ora ana sing ana rak mBah Tambak ta?”
Ki Prasanta genti sing guneman. Ya suwarane Ki Prasanta kuwi sing ndadekne aku
kelingan nek wong loro kuwi Ki Jurudah karo Ki Prasanta.
“Ki
Jurudah lan Ki Prasanta…….?” Alon-alon lambeku menga nyebut jenenge senapati
Kraton Katentreman kuwi.
“Sokur,
gene ndika wis bali kelingan marang aku wong loro iki” wangsulane Ki Jurudah
karo ngguyu.
Wong
loro kuwi banjur tak jak mlebu omah, tak jagongi kaya lumrahe tamu. Bareng wis
rada sauntara kabar kinabaran bab kaslametan, Ki Jurudah banjur ngandhakne apa
sing dadi sedyane teka ing papanku iki :
“Ana
kabar sing wigati sing klebu kabar kang nyenengake kanggo ndika mBah Tambak”
kandhane Ki Jurudah alon “Kanjeng Ratu utusan aku karo Adhi Prasanta mrene iki,
saprelu ngabarake yen ora suwe maneh ndika bakal mundhak drajat”.
“Mundhak
drajat Ki?” aku durung nyandhak karo karepe Ki Jurudah kuwi.
“Bener”
sing wangsulan genti Ki Prasanta “laku patobatan ndika wis kari sethithik
maneh, nek wis rampung, ndika bakal diterne dening Gustiku Setyawati marak
marang Kanjeng Sinuhun Brawijaya sing saiki jumeneng ing Gunung Lawu kanthi
sebutan Kanjeng Sunan Lawu, ndika bakal dadi siswa lan pandhereke Kanjeng Sunan
Lawu kanggo nyampurnakne laku ndika, murih ing mbesuke bisa bali ing jaman
kelanggengan kanthi tentrem ora kesasar awor brekasakan”.
“Matur
nuwun banget Ki Jurudah lan ndika Ki Prasanta awit kabar saka ndika sakloron
iki” wangsulanku ayem wae “lan aku banget nedha nrima marang Kanjeng Ratu
Setyawati sing jebul isih kagungan rasa welas lan mesakne marang aku titah sing
kakehan dosa iki. Yen pancen bener apa sing ndika kandhakne mau, nyata-nyata
kuwi sawijining kanugrahan sing tanpa upama marang wong sing wis dosane akeh
kaya aku iki”.
“Aja
nemen-nemen nggon ndika nelangsa, mBah Tambak” Ki Jurudah mesem amba “satemene
meh kabeh titah sing tau dadi manungsa, kuwi tau tumindak luput lan nate
tumindak dosa. Nanging yen titah kang kaya mangkono kuwi, klebu ndika lan aku apa
dene Adhi Prasanta iki, isih duwe kapitayan yen sepira gedhening kaluputan sing
tau dilakoni bakal dingapura dening Gusti yen ta gelem nyuwun pangapura kanthi
nindakne laku patobatan kang bener, kaya sing ndika tindakne saiki iki. Awit
sepira gedhening dosane kawula tuhu isih Agung Maha Pangapuraning Gusti”.
“Iya
Ki Jurudah” wangsulanku “senadyan temene aku ora wani ngarep-arep kanugrahan
kajaba pangapura saka Hyang Kang Maha Agung marang kabeh dosa lan kaluputanku,
apa aku luput yen aku kepengin weruh mbesuk kapan kanugrahan sing ndika critakne
saka Kanjeng Ratu ing Kraton Pangayoman bisa tak tampa?”.
“Miturut
dhawuh sing tak tampa saka Kanjeng Ratu, ora suwe maneh” wangsulane Ki Jurudah “ya
kuwi sawise anggon ndika aweh pitulungan marang titah kang kaaniaya, anyukupi
kanggo sangu laku ndika budhal menyang papan dununge Kanjeng Sunan Lawu. Lan
salah siji saka sing tak kandhakne sing keri dhewe iki, sajroning wektu sing
ora suwe ing papan kene bakal ana wong sing mbutuhake pitulungan jalaran kaaniaya
kamangka tanpa dosa. nDika aja takon maneh, kapan wong sing susah lan mbutuhake
pitulungan kuwi teka. Mengko wae yen wis ndika tulungi nganti pulih tenagane
wong sing nampa pangaiaya mau, pitulungan sabanjure bakal ndika lakoni
bebarengan karo aku lan Adhi Prasanta. Kuwi dhawuh saka Kanjeng Ratu ing Kraton
Katentreman. Wis ngono wae, kabar sing tak aturne marang ndika, saiki aku arep bali
dhisik menyang Kraton Pangayoman. Awake dhewe bareng-bareng ngenteni tekane
wong sing mbutuhake pitulungan kuwi, ndika ngenteni neng kene dene aku ngenteni
ana Kraton Pangayoman kana”.
Bubar
muni ngono kuwi, Ki Jurudah lan Ki Prasanta banjur mesat lunga ninggalne aku.
Pirang-pirang
dina apa sing dikandhakne Ki Jurudah karo Ki Prasanta kuwi tansah ngranuhi
pamikirku. Ora merga aku selak kepengin nampa kanugrahan kaya sing dikandhakne
Senapati Kraton Pangayoman loro mau,
nanging aku kuwatir yen nganti ana wong sing liwat utawa teka ing papanku kene,
sing mbutuhake pitulungan kuwi, aku ora ngerti. Nanging jebul awit saka Maha
Asihing Gusti, wasana sing tak enteni wis teka, ya sing wujude Puranta karo
sisihane sing jeneng Sirep kuwi mau.
***
“Inggih,
mBah Tambak” sasampunipun radi dangu mBah Tambak kendel nyariyosaken lelampahanipun
Puranta, Ki Sarkara lajeng sumela atur “mila saestu mesakaken lelampahanipun
Puranta ingkang ndika cariyosaken kala wau “lajeng kados pundi candhaking
cariyos sasampunipun mBah Tambak paring usada dhateng pun Puranta?”.
“He
he he …..” mBah Tambak gumujeng “ketoke ndika ya melu ngrasakne susah lan
sedhihe wong sing jeneng Puranta sing tak critakne marang ndika iki mau, Ki Sarkara?”
“Leres
mBah” wangsulanipun Ki Sarkara “Puranta ingkang estunipun taksih trahing Kusuma
rembesing madu, ingkang nggadhahi budi tuwin pakerti ingkang sae, parandene
ngundhuh lelampahan ingkang sakalangkung mrihatosaken kados makaten…….”.
“nDika
kliru Ki Sarkara” mBah Tambak munggel rembag “Puranta durung ngundhuh nanging
lagi nandur, malah nganti dina iki uga olehe nandur durung rampung dadi ya
durung panen.Awit satemene ing jagad padhang iki mula papan kanggo nenandur,
lan woh sing bisa diundhuh saka anggone nandur kuwi, lagi bisa diraksakne
sawuse manjing alam kang langgeng. Yen ta ana siji loro sing katone
undhuh-undhuhan, kuwi satemene dudu undhuh-undhuhan kang sejati. Kaping
pindhone ndika aja duwe panyangka dumeh trahing Kusuma banjur ora nemu ing urip
iki kasangsayan kaya sing dialami Puranta ngono kuwi. Jalaran jenenge trah kuwi
beda karo sing nurunake, dadi kusuma utawa dadi wingka kuwi dumunung ana
lakuning manungsa dhewe-dhewe, ora gumantung marang sapa sing nurunake. Malah
ana kalane watu sing maune katon arep dadi inten merga kleruning laku bisa dadi
watu gombong lan kosok baline. Kaya lelakone Puranta sing durung rampung
nggonku nyritakne iki mau”.
“Inggih
mBah” Ki Sarkara ngrumaosi lepating ucapipun “matur nuwun awit piwucalipun mBah
Tambak dhateng kula bab kencana lan wingka saha inten lan sela gombong menika. Menawi
ta kaparengaken, kula malah lajeng kepengin sumerep kados pundi sambeting cariyos
lelampahanipun Puranta, ambok bilih kanthi makaten kula saged sinau niru laku ingkang
sae saha mbudidaya nyingkiri lampah ingkang kirang prayogi”.
“Iya
Ki Sarkara” mBah Tambak ketingal remen mireng aturipun Ki Sarkara “satemene wis
akeh sing bisa ndika dadekne pituduh kanggo sangune laku ndika nglakoni urip
kanthi ngrungokne crita lelakoning uripku, wiwit dadi anak Panewu nganti dadi
putra angkate Gusti Menggung sing wasana dadi wong prayangan kaya saiki iki.
Nanging nek ndika isih kepengin nambah kawruh sarana ngrungokne critane
Puranta, iya bakal tumuli tak tutugne caritane”.
“Inggih
matur nuwun mBah Tambak”.
mBah
Tambak kendel sakedhap, lajeng nutugaken anggenipun cariyos : Sawise tatu-tatune
waras, awake bali pulih Puranta lan Sirep banjur kandha marang aku yen arep
nutugne laku.
“Lemah
teles, Gusti Allah ingkang males, mBah Tambak” kandhane Puranta sing dijejeri
Sirep marang aku “awit pambudidaya sarta pitulungan saking jengandika, kula
sampun waras, sampun pulih kados wingi uni, malah kepara menika sarandhuning
badan keraos langkung sakeca. Inggih awit saking menika, keparenga kula kalih
semah kula nyuwun pamit badhe nutugaken lampah”.
“Lha
ndika arep menyang ngendi?” pitakonku “apa arep nutugne nggon ndika nggoleki
Keris Kyai Pantek piyandele Kalurahan Tambak kuwi?”.
“Kula
dereng mangertos badhe dhateng pundi, babagan Dhuwung Kyai Pantek, kula inggih
boten badhe madosi jer kula boten ngertos ing pundi mapanipun” wangsulane
Puranta “angkah kula, kula badhe terus mlampah ngantos sakiyating badan kula.
Sokur bage menawi salebeting mlampah menika mangke kula saged asung pitulung
dhateng sok sintena ingkang kaleresan mbetahaken pitulungan kula”.
“Oo,
cethane ndika arep andon laku kanggo ndarmakne kabisan sing ndika duweni ngono
apa piye?”
“Kenging
kawastanan makaten mBah” wangsulane Puranta .
Aku
meneng ora enggal wangsulan jalaran, ana sasmita sing mlebu ana kupingku yen
arep ana tamu sing teka. Temenan kairing sumribiting angin esuk sing nggawa
ganda arum, Ki Jurudah lan Ki Prasanta teka ing omahku maneh. Merga tekane tamu
loro kuwi, wangsulan kanggo Puranta lan Sirep kasigeg.
“Kaya
sing tak kandhakne dhek emben kae mBah Tambak” durung nganti tak bagekne lan
tak takoni kabar keslametane, Ki Jurudah wis mbukani rembug ngandhakne apa sing
dadi sedyane “ya kuwi ana prakaryan sing kudu ndika tindakne bebarengan karo
aku lan Adhi Prasanta, mesthine ndika uga wis weruh apa wujude gaweyan mau”.
“Iya
Ki Jurudah lan Ki Prasanta” wangsulanku alon “nanging ditepungake dhisik, mbok
menawa ndika durung tau wanuh karo priyayi kakung putri sing lungguh ana
ngarepku iki”.
“Matur
nuwun lan aku njaluk ngapura mBah Tambak” wangsulane Ki Jurudah karo ngguyu “ketang
saka selak kepengin ngandhakne sedyaku, nganti aku lali tetepungan karo Angger
Puranta lan Angger Sirep sing lungguh ing ngarep ndika iki”.
Nek
aku genah nek ora gumun yen Ki Jurudah lan Ki Prasanta wis ngerti jenenge
Puranta lan Sirep. Nanging nek Puranta apa dene Sirep ya cetha olehe ngungun,
merga selawase urip lagi pethuk iki, nanging kanyatane Ki Jurudah wis weruh
sapa jenenge. Tanpa kedhep wong loro kuwi anggone namatne praupane Ki Jurudah
lan Ki Prasanta, nelakake rasa gumune.
“Aku
iki kena diarani sanakane mBah Tambak iki Ngger Puranta lan Angger Sirep” Ki
Jurudah guneman maneh sing genti katujokne marang Puranta lan Sirep “jenengku Jurudah
lan sing neng sandhingku iki sedulurku lanang utawa adhiku, jenenge Prasanta.
Bener ta, ndika iki sing aran Puranta, putrane Ki Lurah Tambak Kapisan lan
sisihan ndika kuwi Sirep anake Ki Undhagi Sinung saka Kalurahan Tambak ?”.
Ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar