38.
Puranta
lan Sirep dadi sansaya gumun, jebul Ki Jurudah ora mung wis ngerti jenenge wong
loro kuwi wae, malah jenenge wong tuwane pisan Ki Jurudah iya wis weruh. Mula
Puranta lan Sirep banjur sansaya ndhingklukne sirahe, nuduhne rasa kurmat
marang wong tuwa sing durung tau ditepungi babar pisan kuwi nanging jebul wis
apal marang dheweke lan mbok menawa malah wis ngerti kabeh sapa sing dadi kulawargane.
“Matur
nuwun sanget Ki Jurudah lan Ki Prasanta” Puranta banjur aweh wangsulan marang
Ki Jurudah “bekti kula katur jengandika lan Ki Prasanta, mugi katampia”.
“Kula
ugi ngaturaken pangabekti Kyai Jurudah lan Kyai Prasanta” Sirep melu guneman
karo nangkebake epek-epeke ngentra wong nyembah.
“Iya,
iya Ki lan Nyi Puranta” Sing mangsuli genti Ki Prasanta “aku matur nuwun banget
dene ndika sakloron gelem ngaturake bekti marang wong kaya aku karo kadangku
tuwa sing durung ndika tepungi sadurunge iki”.
“Sakalangkung
remen salebeting manah kula Kyai” Puranta guneman maneh “kados dene kajugrungan
nugrahaning Gusti dene kula kalihan semah kula menika saged kepanggih lan saged
sapajagong kalihan jengandika Ki Jurudah lan Ki Prasanta, priyantun ingkang
tuhu waskitha, ingkang sampun uninga sinten kula lan semah kula malah kepara
sampun uninga sinten ingkang nurunaken kula kekalih”.
“Kuwi
ora merga waskitha Ki Puranta” Ki Jurudah mangsuli karo mesem amba “jamak
lumrahe priyayi sing kagungan palungguhan utawa pinter ing kagunan kuwi asmane
mesthi kondhang teka ngendi-endi, contone ya Ki Lurah Tambak Kapisan sing
kondhang tekan ngendi-endi Lurah sing banget tresnane marang para kawulane lan
Ki Sinung sing ora kalah kondhange minangka Undhagi sing garapane kukuh lan
ngresepake yen disawang”.
Puranta
mesem, sajake nggagas nek olehe wangsulan Ki Jurudah mangkono kuwi mung kanggo abang-abang
lambe wae, lire ora seneng nek diarani wong sing nduweni kawaskithan.
“Iki
mau rak ngene ta Ki Jurudah lan Ki Prasanta?” aku banjur miwiti ngajak omong
perkara liyane “gandheng Ki lan Nyi Puranta iki wis rada sawatara manggon neng
omah kene, dina iki mau banjur arep pamit nutugne laku. Nanging aku ya durung
aweh wangsulan, merga aku kelingan anggone awake dhewe wis semayan arep
nandangi gaweyan bebarengan kaya sing didhawuhne Kanjeng Ratu Kraton
Katentreman. Lha saiki gandheng ndika wong loro wis padha teka, tak jaluk ndika
sakloron bisa aweh rerigen utawa eguh pratikel marang Ki lan Nyi Puranta
kepriye murih becike laku!”.
“Matur
nuwun mBah Tambak” Ki Jurudah aweh wangsulan “sadurunge aku arep takon marang
Angger Puranta luwih dhisik”.
“Inggih
Kyai” Puranta nyauti rembug “mangga Kyai badhe mundhut pirsa menapa?”.
“Jarene
mBah Tambak mau, ndika arep nutugne laku? Olehe nutugne menyang ngendi?” Ki
Jurudah nyongklok pitakonan marang Puranta.
Puranta
meneng sedhela banjur wangsulan ora beda karo olehe mangsuli pitakonku nalika
tak takoni kaya sing ditakokne Ki Jurudah mau.
“Nek
ngono pancen wis ana niyat ing ati ndika ora arep bali maneh menyang Kalurahan
Tambak?” Ki Jurudah banjur takon maneh marang Puranta.
“Awit
kula sampun prasetya salebeting manah lan ugi kula biyawarakaken ing
ngarsanipun Ki Lurah lan para Bebau tuwin para pamong ing Tambak, bilih kula
boten badhe wangsul menawi dereng kepanggih kalihan Keris Kyai Pantek ingkang
murca saking Kalurahan Tambak, Kyai” Puranta aweh wangsulan.
“Lan
ndika luwih percaya marang angen-angen ndika yen Keris Kyai Pantek sing ilang
kuwi ora bisa ndika temokne?” Ki Prasanta genti sing nakoni.
“Mila
leres makaten Kyai” wangsulane Puranta “jalaran kula mila boten mangertos ing
pundi purugipun Dhuwung Kyai Pantek menika?, menawi kacidra dening tiyang,
tiyang pundi ingkang nyolong, kula inggih boten mangertos, dados miturut
petanganing nalar, nglengkara kula saged manggihaken Dhuwung Kyai Pantek
ingkang murca menika”.
“Lha
nek ndika wis percaya marang petungane nalar ndika sing kaya mangkono mau, ya
gene ndika nyaguhi prentahe Ki Lurah Tambak Kapindho?” Ki Prasanta mburu
nganggo pitakonan maneh.
“Jengandika
tuhu priyantun ingkang waskitha Kyai” wangsulane Puranta “sanaosa boten kula
aturaken menawi kesah kula nilar Kalurahan Tambak menika awit ngemban dhawuh
saking Ki Lurah Tambak Kapindho, jengandika sampun pirsa. Kula pitados bilih
jengandika tartamtu ugi sampun pirsa menapa ingkang dados pawadan anggen kula
anyagahi dhawuhipun Ki Lurah kasebat”.
“nDika
aja banjur mangkono Angger Puranta” Ki Prasanta genti sing guneman, sauntara
aku mesem sajroning atiku krungu wangsulane Puranta sing lugu nanging duwe
karep sing jeru kuwi “sabab anane aku ngerti nek ndika budhal lunga saka
Kalurahan Tambak lan mbok menawa siji loro aku ya weruh apa sing ndika temoni
sawuse metu saka Kalurahan Tambak, kuwi merga kabeh barang kang wis kelahir, lire
dhawuhe Ki Lurah lan wangsulan ndika kuwi akeh sing padha krungu, temahan mawa sarana
gethok tular, aku lan Kakang Jurudah melu dadi krungu. Beda karo sing jenenge
pawadan sing ora linairake, manggone ana batin, lha sing bisa ngaweruhi isine
batining wong kuwi mung Gusti Sing Maha Wikan, upama ana sing kandha nek ngerti
isi batine wong, kuwi cetha mung ngayawara utawa banter-bantere mung tekan
panduga lan pangira wae. Kamangka panduga lan pangira kuwi durung mesthi
benere, mula nadyan aku ya duwe pangira nanging aku luwih percaya marang pangrunguku
saka ucap lan tembung sing metu saka wong sing tak duga lan tak kira isining
batine”.
“Nyuwun
pangapunten Kyai, kula lepat” Puranta aweh wangsulan karo ndhingkluk sajake rumangsa
getun marang tembung sing rada keladuk sing ditujokne marang Ki Prasanta mau “waleh-waleh
menapa kula nggadhahi dudutan bilih dhawuh saking Ki Lurah murih kula kesah
madosi Kyai Pantek menika namung dhapur samudana kangge pawadan murih kula nilaraken
Kalurahan Tambak kangge salami-laminipun, murih boten dados klilipipun Ki Lurah
anggenipun madeg ing Kalurahan Tambak. Gandheng kula kepengin Kalurahan Tambak
saged tentrem boten wonten tukar padu antawisipun para pamongipun, kula lajeng
nyagahi menapa ingkang dados dhawuhipun Ki Lurah kala wau”.
“Lha
nek ngono rak luwih cetha” Ki Jurudah semaur karo ngguyu amba “saiki aku genti arep
njaluk tulung marang mBah Tambak supaya paring weruh marang Angger Puranta, yen
satemene Gusti wis paring pemut marang Angger Puranta yen satemene Angger
Puranta wis duwe kaluputan sing gedhe rong perkara”.
“Elho?
kok aku sing ndika prentah Ki Jurudah? Kamangka
aku ora melu-melu ing perkara iki?!?” wangsulanku karo nyawang praupane Ki
Jurudah “luwih-luwih yen aku kudu aweh weruh marang Ki Puranta yen wis nindakne
laku dosa rong prakara, gek kuwi dosa apa hara?”.
“mBah
Tambak” Ki Jurudah semaur karo suwara sing renyah “mesthi wae aku ora bakal
wani prentah utawa ngongkon ndika, tembungku mau aku mung arep njaluk tulung
marang ndika. Awit gaweyan sing arep ditandangi bareng-bareng antarane ndika
lan aku sakloron karo Adhi Prasanta ana sambung rapete karo lelakon sing disandhang
Angger Puranta, mula aku banjur njaluk tulung marang ndika”.
“Iya
Ki Jurudah” wangsulanku maneh “banjur aku kudu omong apa marang Ki Puranta?”.
“Raden
Bagus Suwanda” dumadakan Ki Prasanta melu guneman sing suwarane rada mendhuwur “ndika
aja selak yen ndika kuwi kajaba siswa uga putra angkate Gusti Tumenggung
Jatikusuma jaman Majapahit isih jaya biyen. nDika tak jaluk aja mbodhoni, yen
panjalukku lan panjaluke Kakang Jurudah iki ora ndika turuti, ya ora apa-apa,
mung wae aku mesthi bakal wadul marang Kanjeng Ratu ing Kraton Pangayoman lan
kanthi mangkono nglengkara ndika bisa ndherek Gusti Prabu Brawijaya menyang
Gunung Lawu”.
Satemene
aku rada njomblak kaget krungu rembuge Ki Prasanta sing kaya mangkono mau,
katon cetha yen Ki Prasanta kuwi isih padha karo aku, kerep ora sabaran lan
seneng nyenggol pangrasane liyan, klebu pangrasaku. Nanging gandheng tak gagas ora
ana gunane males rembuge Ki Prasanta sing kaya ngono kuwi mau, aku ya banjur
milih ngalah.
“Iya
iya Ki Jurudah lan Ki Prasanta, bakal tak turuti apa sing dadi dhawuh ndika
sakloron” wangsulanku karo suwara sing sareh.
“Lha
nek ngono rak ya kepenak ta dirungokne nganggo kuping tuwa iki?” Ki Jurudah
mesem “mosok wis padha tuwane kok isih arep gojek kaya bocah angon kebo? He he
he”.
“Ki
Puranta……” aku banjur guneman marang Puranta.
“Inggih
mBah Tambak?” gage wae anggone Puranta sumaur.
“nDika
wis krungu apa sing dikandhakne Ki Jurudah, yen ndika jebul nduweni kaluputan
gedhe rong prekara. Apa ndika wis weruh ing ngendi dununge kaluputan ndika kaya
sing dikandhakne Ki Jurudah mau?” aku mbaleni takon.
“Lali
lan lepat menika mila sandhanganing titah, mBah Tambak” wangsulane Puranta “lan
sa-apes-apesing tiyang menika, tiyang ingkang boten sumerep ing lepatipun.
Langkung bodho lan cilaka menika tiyang ingkang boten sumerep bilih
piyambakipun nandhang dosa. Lan kula ngrumaosi bilih kula kalebet kempalaning
tiyang kados ingkang kula aturaken kala wau, bares kemawon mBah, kula dereng
sumerep kados pundi wujuding dosa kula kala wau”.
“Yen
mangkono, aku arep kandha marang ndika, kandhaku iki mengko lelandhesan dhawuh
saka Ki Jurudah. Nanging sadurunge aku kandha, aku mbutuhake pasarujukan saka
ndika, dhawuhe Ki Jurudah marang aku iki kudu tak kandhakne apa ora? Lan kaping
pindhone saupama tak kandhakne ndadekne runtiking ati ndika apa ora?” sepisan
maneh Puranta tak tanting atine.
“Mangga
kadhawuhna mBah Tambak” wangsulane Puranta “sanaosa kula dereng patosa pinter,
nanging kula inggih boten bodho-bodho sanget, awit sangertos kula
bodho-bodhoning tiyang menika tiyang ingkang kapir tegesipun kapir anutupi
manahipun saking warta ingkang leres, temah menawi wonten tiyang ingkang
nedahaken menawi piyambakipun nandhang dosa utawi tumindak lepat lajeng dipun
nesoni. Kula boten remen dados tiyang kapir makaten menika mBah Tambak”.
“Ngene
wae Angger” Ki Prasanta banjur melu udhu rembug maneh “sing bakal dikandhakne
mBah Tambak mengko kuwi cetha nek warta sing bener, lire mBah Tambak bakal
nuduhake kleruning laku ndika sing mbok menawa ndika kira laku sing wis bener.
Nanging, nek apa sing dikandhakne mBah Tambak mengko miturut panemu ndika
kandha sing luput, ndika uga wenang nampik lan ora nggugu marang apa sing dikandhakne
mBah Tambak. Nanging nek miturut ndika bene rya ora ana alane yen ndika banjur
nggugu lan ndandani kaluputan sing wis nuwuhake dosa sing gedhe kuwi mau”.
“Inggih
Kyai” wangsulane Puranta “mila leres ingkang jengandika dhawuhaken menika, nanging
bares kemawon Kyai, kula sampun pitados dhateng Kyai Jurudah, Kyai Prasanta
miwah mBah Tambak. Sadaya pitedahipun estu badhe kula estokaken”.
Ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar