Total Tayangan Halaman

Selasa, 28 Februari 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (039)

39.

            Aku banjur mikir sedhela nata ukara sing arep tak kandhakne marang Puranta. Satemene aku ya durung mathuk sawutuhe karo panemune Ki Jurudah lan Ki Prasanta sing ngandhakne nek Puranta wis ngalkoni dosa gedhe rong prekara kuwi. Mungguhku wis jamak lumrahe menungsa sing duwe akal iku ndhisikne rasa percaya marang pikirane, dene menawa jebul lakune pikir kleru kuwi luwih gampang dibenerake, akal luwih gampang ditata tinimbangane rasa.

            “Ki Puranta” aku miwiti guneman “mbok menawa ana beda sethithik antarane aku karo Ki Jurudah lan Ki Prasanta sajrone ngarani kaluputan sing ana jiwa raga ndika kuwi”.

            “Bentenipun kados pundi mBah?” Puranta nyela rembug.

            “nDika rungokne dhisik ta!” wangsulanku “aja kesusu nugel gunem, kuwi ora pati prayoga”.

            “Inggih mBah, nyuwun pangapunten”.

            “Dosa gedhe miturut panemune Ki Jurudah lan Ki Prasanta kang ndika sandhang kuwi” aku nutugne nggonku guneman “miturut panemuku mung prekara lumrah mung wae nek diumbar bakal bisa mbalabar dadi brahala. Cethane ngene, wiwit pisanan nalika Bapak ndika arep budhal menyang Pratapan Bata Pawon lan arep masrahake jejibahan nutugne kuwajiban nglurahi Kalurahan Tambak , landhesane Paugeraning Kalurahan. Lan sing kasebut ing paugeraning kalurahan kuwi ndika, nanging bawane ndika luwih percaya marang nalar ndika sing weruh yen Ki Jaswana banget kepengine bisa dadi Lurah merga oleh panyengkuyunge Bebau Kidul lan Kebayan Kalurahan ya Ki Bontot, ndika milih ngalah. Nalar ndika ngandhakne yen nganti Ki Jaka Swana ora dadi Lurah, mangka Kalurahan Tambak bakal kisruh, merga nalar ndika ngandhakne yen Bebau Kidul lan Kebayan Bontot sing wis nusun kekuwatan bakal mbalela sinamudana tegese bakal gawe rusuh kanthi cara dhedhemitan. Dadi olehe ndika migunakake unine Paugeran Kalurahan sing ngisor dhewe nalika samana tenane mung merga rasa kuwatir ndika sing ana angen-angen lan nalar ndika wae. Teka kene kandhaku iki bener apa luput?”.

            “Mila leres makaten mBah” Puranta aweh wangsulan.

            “Kanthi nuruti lakuning nalar ndika, kuwi satemene ndika wis ngremehake Bakuning Paugeran sing biyen digawe dening wong tuwa ndika awit pituduh saka Kasultanan Pajang. Kamangka olehe gawe Paugeran kuwi ora mung dolanan, nanging uga direwangi nganggo laku prihatin, murih bisa murakabi tumrap Kalurahan Tambak. Kang mangkono kuwi wis bisa dikandhakne yen ndika wis tumindak luput. Sing wekasane Gusti Kang Maha Wicaksana wis melehake ndika, kanthi sansaya ndadrane kamurkan sing ana atine Bebau Kidul lan Kebayan Bontot, sanadyan Jaswana wis klakon dadi lurah. Bebau Kidul apa dene Jagabaya Bontot tenane mung kepengin mukti wibawa dadi panguwasa ing Kalurahan Tambak, adoh saka rasa kepengin gawe kamulyan lan karaharjane kawula ing Kalurahan Tambak. Dadi anane Ki Lurah Tambak Kapindho nglorot Bau Tengah lan diganteni Bebau Kidul minangka sesepuhing para Bebau tuwin tambahing panguwasa sing dicekel dening Kebayan Bontot merga munggah drajat dadi Jagabayaning Kalurahan, kuwi merga ndika sing mbukak dedalane kanthi kumawani migunakne unining paugeran sing mapan ana ngisor dhewe lan ninggalne paugeran sing luwih baku. Wekasane ndika weruhi dhewe, wiwitane sing dadi kurban dudu ndika, nanging kawula ing Kalurahan Tambak, kalebu para Bebau lan Pamong liyane. Sepisan maneh tak kandhakne kabeh mau, ora ana sing luput gedhe dhewe kajaba ndika sing nuruti lakuning nalar sing ndika kira luwih bener”.

            “Inggih mBah, kula ngrumaosi lepat” Puranta nugel gunem karo ndhingkluk.

            “Sabanjure” aku nutugne guneman “sawuse ndika dadi kurban, klawan kena pandakwa ndhustha Kyai Pantek kang wekasane ndika rumangsa katundhung lunga saka Kalurahan Tambak, ndika nuruti pangajake nalar maneh yen sarana nuruti parentahe Ki Tambak Kapindho ndika ngira bakal ndadekne luwih becike Kalurahan Tambak.  Kaping pindhone nalika ndika nyaguhi dhawuhe Ki Lurah ngupadi Kyai Pantek, nalar ndika wis ngandhakne yen mokal ndika bisa nemokne Kyai Pantek, wekasan ndika nduwe panduga yen dhawuh saka Ki Lurah kuwi mung samudana murih ndika minggat saka Kalurahan Tambak. Nalar ndika ngandhakne yen panemu ndika kuwi wis bener. Pancen bener mungguhe nalar ndika. Nanging satemene kanthi mbenerake nalar sing mangkono kuwi mau ndika wis nglalekne Maha Kuwasaning Gusti sing nata mobah musiking jagad raya iki. Kamangka, yen mung butuh nemokne ing ngendi mapane Kyai Pantek wae, kanthi pitulungane Gusti Kang Maha Mulya aran ora angel babar pisan. Pitulungan saka Gusti kuwi ora kabeh lakune bisa diwaca luwih dhisik mawa nalare manungsa. Gampangane wae, nalar ndika mesthi ora tau ngandhakne yen sawise ndika remuk rempu merga kaculikane Kyai Lopara samurid-muride, ndika bakal kepethuk aku neng papan kene iki. Uga ndika mesthi ora tau nggagas yen bakal ana macan putih loro sing gedhene meh sagajah-gajah ngadhang lakune wong-wong srayane Bebau Kidul. Lan kanyatane sing babar pisan ora tau mampir neng angen-angen ndika kuwi sing kaleksanan. Mula kaluputan utawa dosa sing miturut Ki Jurudah lan Ki Prasanta sing ndika sandhang kuwi, siji : ndika dhemen kebacut nggone percaya marang petungane nalar lan kaping pindho ndika dhemen nglalekne Gusti Sing Nyata Maha Kuwasa. Yen loro-lorone kuwi isih ndika kukuhi, ndika ora bakal nemu kabegjan selawas-lawase. Manungsa kuwi wajib nggunakne nalar kanthi sabecik-becike nanging kudu tansah eling marang Sing Paring Nalar. Aja nganti merga kaparingan nalar malah kanggo nggorohake apa dhawuhe sing paring nalar”.

            “Inggih mBah, kula ngaturaken gunging panuwun” kandhane Puranta sawuse aku meneng sedhela, leren nggonku guneman “kalepatan-kalepatan kasebat badhe kula budidaya murih ing tembe boten kula wangsuli malih”.

            “Apa mung kuwi sing tuwuh ing angen-angen ndika sawuse ndika weruh kaluputan lan wohing kaluputan ndika?” wangsulanku karo nanting atine Puranta maneh “nek sing katon wohing kaluputan ndika mung sing tumanduk marang ndika dhewe, mbok menawa kanthi janji kaya sing ndika kandhakne kuwi wis rada nyukupi, nanging yen awit kaluputan sing ndika tindakne wis gawe sengsarane wong akeh sing tenane ora melu-melu nglakoni dosane, nek mung digetuni wae ya ora ana gunane”.

            “Inggih mBah” wangsulane Puranta “mila kula kepengin sanget nebus kalepatan kula sarta ndandosi risaking kawontenan awit saking kumalungkung kula ingkang rumaos sampun leres lan wicaksana, nanging jebul klintu lan sembrana. Awit saking menika mugi mBah Tambak kersa paring pitedah, menapa ingkang prayogi kula lampahi?”.

            “mBalik marang carita ndika marang aku kae” wangsulanku marang Puranta “nalika ndika wis kentekan pangarep-arep merga tekane susulan wong-wonge Bebau Kidul sing banjur tekane Macan Putih sing gedhene sagajah-gajah kae, apa sing ndika lakoni?”.

            “Inggih kados ingkang sampun kula aturaken, gandheng kula sampun katelasan tenaga nanging rahayunipun taksih emut bilih ingkang wenang murba gesang lan pejah kula menika namung Gusti Ingkang Maha Agung, mila kula inggih lajeng masrahaken samudayanipun dhumateng Gusti Allah, mBah” wangsulane Puranta “nanging samangke, ing mriki wonten priyantun-priyantun ingkang tuhu wicaksana, inggih mBah Tambak, Ki Jurudah lan Ki Prasanta, awit saking menika kanthi linandhesan raos pasrah dhumateng Gusti, kula nyuwun pitedah dhateng mBah Tambak, Ki Jurudah miwah Ki Prasanta, murih prayogining lampah”.

            Sadurunge aku wangsulan, mripatku kober nglirik Ki Jurudah lan Ki Prasanta. Wong loro kuwi padha mesem karo ngethungne jempolan tangane marang aku. Panampaku, wong loro kuwi rumangsa mathuk karo apa sing dikandhakne Puranta sing keri dhewe kuwi mau. Mula aku banjur guneman maneh marang Puranta, sing kira-kira wong loro Ki Jurudah karo Ki Prasanta padha ora ngira yen aku bakal mbukak wewadine :

            “Ki Puranta, ndika ngandhakake yen sawise ndika wis pasrah marang Gusti Allah, dumadakan Macan Putih sing cacah loro mau padha teka maneh lan kober nggugah Ki Puranta kari Nyi Sirep, jebul tekane ora duwe sedya ala malah ngirimi gedhang raja satangkep kanggo ngiseni weteng ndika, bener ngono ta?” .

            “Inggih mBah Tambak”

            “Lha saiki gandheng ndika wis pasrah marang Gusti Allah, mula ing kene tumuli bakal bisa ndika temoni Macan Putih loro kae, nanging wis salin ageman he he he”.

            “Nyuwun pangapunten mBah Tambak” Puranta ketara rada bingung “kula dereng mudheng kalihan dhawuh jengandika menika?!?”.

            “Pancen wiwit jaman isih nom biyen, mBah Tambak kuwi seneng guyon kok Ngger, nanging guyone so kora lucu lan ora pati tinemu ing nalar …..” Ki Prasanta sing nyauti tembunge Puranta. Sauntara Ki Jurudah tak sawang katon mesem kecut ngempet anyel.

            “Tak wartani ya Ki Puranta ?” aku ngguyu karo wangsulan “ora adoh saka papan kene iki ana negara kang asipat gaib sing diratoni dening Ratu Ayu, jenenge Kraton Pangayoman utawa Kraton Ngiyom. Lha Senapatine Kraton Pangayoman kuwi ana loro, kasektene prasasat tanpa tandhing. Ya ora nggunmunake lha wong Senapati loro kuwi biyen tau dadi abdine Gusti Prabu Brawijaya garwane Kanjeng Ratu Kencanawungu. Lha senapati loro kuwi, nek ngadhepi wong-wong culika sing mung duwe kasekten lumrah wae, ora tau mentala gawe tatune mungsuh luwih-luwih gawe patine. Mula cukup kanthi nggunakne busana peparinge Kanjeng Ratu ing Kraton Pangayoman, mungsuh-mungsuhe bakal salang tunjang nggone mlayu. Dadi tenane sing nylametake ndika saka wong-wong susulan sawuse Puludan lunga menyang Tambak Tengah melu Sabekti kae, ora ana liya kajaba Senapati saka Kraton Ngiyom sing wis ngagem busana mau. Yen ndika kepengin ngerti, Ki Jurudah lan Ki Prasanta sing katone mung kaya wong padesan kuwi satemene Macan Putih loro sing wis paring Gedhang Setangkeb marang ndika kae”.

            Puranta malih ndomblong krungu kandhaku ngono kuwi mau. Mesthine dheweke ora ngira yen satemene Ki Jurudah lan Ki Prasanta kuwi Senapatine Kanjeng Ratu Setyawati saka Kraton Pangayoman. Luwih gumun maneh, bareng tak jarwani yen Macan Putih sing wis nundhung wong-wonge Bebau Kidul sing nedya gawe cilakane kae, ora ana liya kajaba Ki Jurudah lan Ki Prasanta sing saiki ana sandhinge.

            “Ngaturaken sewu kalepatan Kanjeng Senapati……..” dumadakan Puranta sujud ing ngarepe Ki Jurudah lan Ki Prasanta karo asok kaluputan, ditutne Sirep sing uga banjur melu sujud  “nyuwun gunging pangaksami awit kadegsuran kula ing ngarsa jengandika”.

            “Aja kaya ngono Ngger….” Ki Prasanta nyandhak pundhake Puranta banjur disurung murih bali lungguh “Raden Bagus Suwanda sing saiki nganggo jeneng mBah Tambak kuwi nek guneman pancen sok seneng diluwih-luwihi. Pancen bener yen aku karo Kakang Jurudah kuwi abdi Kraton Pangayoman, nanging ya mung kaya iki wujud asline ora beda karo ndika sing satemene isih wayah dalem Kanjeng Sultan Adiwijaya ing Pajang sing babar pisan ora ngatonake sapa leluhure”.

            Puranta bali lungguh, katone rumangsa kewiyak wadine yen satemene dheweke iku isih trahing kusuma rembesing madu turase wong andana warih.

 

Ana candhake.

 

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...