40.
Puranta
nyawang Ki Jurudah lan Ki Prasanta karo mripat sing nuduhake yen mbutuhake pitutur
saka wong loro sing tau tetulung marang dheweke kuwi. Sanadyan ora kumecap
tembunge Puranta, nanging wis ndadekne Ki Jurudah lan Ki Prasanta weruh lan
ngerti apa sing dikarepake dening putrane Ki Tambak Kapisan kuwi. Ki Jurudah
tumuli aweh sasmita marang Ki Prasanta supaya guneman luwih dhisik.
“Angger
Puranta” kandhane Ki Prasanta kanthi suwara sing sareh nanging keprungu manteb “kaya
sing dikandhakne dening mBah Tambak mau, nek sing ora klebu nalar sadurunge
jebul bisa kawujudan. Kaya upamane nek miturut petunge nalar, nglengkara ndika
bisa nemokne Kyai Pantek sing ilange ora ndika kaweruhi sadurunge, sing njupuk
sapa lan diselehne ing ngendi ndika ora ngerti. Nanging merga ndika kepethuk
aku lan Kakang Jurudah ing omahe mBah Tambak iki, ndika bakal weruh ing ngendi
dununge Kyai Pantek lan ndika bisa wae njupuk kanthi gampang Keris Piyandel
Kalurahan Tambak kuwi”.
“Menapa
Ki Prasanta saha Ki Jurudah uninga ing pundi dunungipun Dhuwung Kyai Pantek?”
Puranta nyela rembug mawa pitakonan.
“Ora
mung trima weruh Ngger” wangsulane Ki Prasanta “nanging Kyai Pantek wis dak
slametake saka tangane wong duraka sing nedya njongkeng kawibawan ing Kalurahan
Tambak”.
“Sinten
menika Ki Prasanta?” Puranta takon semu kaget.
“Lho
gajege ndika kuwi dikongkon nggoleki Keris Kyai Pantek ta? Ya gene teka takon
sapa sing nyolong Kyai Pantek? Sing ndika butuhne kuwi Kyai Pantek apa sing
njupuk Kyai Pantek?” Ki Prasanta takon karo suwara sing sareh, malah eseme uga
ngrenggani lambene.
Puranta
tumungkul, ndhingklukne sirahe, ngrumangsani kaluputane sing seneng nyela
rembuge wong tuwa sing lagi crita.
“Nyuwun
pangapunten Kyai, sumangga kalajengna anggenipun paring dhawuh” alon Puranta
nyuwara njaluk pangapura.
“Ora
dadi apa Ngger” wangsulane Ki Prasanta karo ngguyu “tenane ngono aku apa dene
Kakang Jurudah ya ora weruh sapa sing nyolong Keris piyandel Kalurahan Tambak
kuwi. Aku karo Kakang Jurudah mung diparingi weruh dening Gustiku, Kanjeng Ratu
Setyawati yen sisihane Nyai Burani ya iku pusaka rerenggan Kraton Ngiyom sing biyen
tau diampil dening Kanjeng Sultan ing Pajang, dumadakan ngaton ana guwa sing
manggon ing pinggiring Kali Lanang utawa kali Sumberlanang. Dening Kanjeng Ratu
aku lan Kakang Jurudah kadhawuhan mulung Pusaka kuwi lan nggawa bali menyang
Kraton Pangayoman, jalaran ing guwa kono kuwi mau Keris pusaka kuwi lagi
dikunjara dening Jim sing dadi sesembahane manungsa”.
“Gek
kuwi Jim sapa no Ki Prasanta?” genti aku sing nyelani takon karo setengah
ngguyu.
“nDika
kuwi senengane kok ya nyela-nyela ta mBah Tambak?” Ki Prasanta rada sengol
olehe mangsuli pitakonku “mesthi wae aku ya ora ngerti wong Kanjeng Ratu ora
paring weruh Jim kuwi sapa jenenge!”.
“Lha
sabanjure kepriye?” aku takon maneh.
“Ndika
rungokne ta, aku tak crita dhisik mengko nek wis rampung ndika utawa Angger
Puranta kena takon, critaku sing endi sing kurang cetha!”
“Iya
nanging ya karo disambi ta suguhan sing mung sa-anane kuwi” wangsulanku.
“Sing
disambi apa?” Ki Prasanta takon karo mesem kecut “jeneh sing ana mung kendhi,
sing embuh kothong embuh ana isine kuwi, kok kongkon nyambi?”.
Sing
ana kono kabeh padha ngguyu bareng, dadi kahanan malih ora kaya mau sing ketok
angker. Sirep bojone Puranta, wangune wis krasa karo sasmitaku. Wong wadon kuwi
banjur mundur arep menyang pawon, yasa suguhan kanggo dhayoh-dhayohku.
“Cekaking
crita” Ki Prasanta banjur nutugne critane maneh “kanthi gampang Keris kuwi bisa
tak jupuk lan tak gawa bali menyang Kraton Pangayoman tak aturake marang Gusti
Ratu Setyawati”.
“Lha
bareng Keris kuwi wis tak aturne ing ngarsane Kanjeng Ratu” genti Ki Jurudah
sing nutugne critane Ki Prasanta “Kanjeng Ratu banjur paring dhawuh yen Keris sisihane
Nyai Burani kuwi jenenge Kyai Pantek. Biyen tau diampil dening Kanjeng Sultan
Adiwijaya kanggo sipat kandel putra lembu petenge sing arep kajumengake Lurah
ing Tambak. Kanjeng Ratu ngeparengake Kyai Pantek diampil dening Sultan
Adiwijaya nanging ora kanggo selawase, Kanjeng Sultan kaparingan wektu suwene
satus tahun, yen wis satus tahun Kyai Pantek bakal kapundhut bali dening
Kanjeng Ratu Setyawati”.
“Nuwun
sewu kapeksa aku nyelani Ki Jurudah” aku nyela rembug “anggon ndika kadhawuhan
njupuk Kyai Pantek kuwi wektune kapan? Merga tak gandhengne karo rawuh ndika
ing papan kene iki kira-kira wis ana sesasinan, gek Keris Kyai Pantek Sipat
kandel kalurahan tambak kuwi olehe ilang saka plangkan durung suwe, watara sesasi
durung ana”.
“Iya
mBah Tambak” Ki Jurudah wangsulan karo mesem amba “Pancen anggonku mboyong Kyai
Pantek saka Guwa ing Pinggir Kali Sumberlanang kuwi watara setahun kepungkur,
dadi satemene ilange Kyai Pantek saka Plangkan Kalurahan Tambak ya luwih saka setahun
kepungkur, cethane isih ing jaman sing jumeneng Lurah isih Raden Riyasa.
Nanging ora ana sing padha ngerti jalaran Jim sing njupuk Kyai Pantek kuwi
nyata julig. Klawan kekuwataning ciptane bisa yasa keris sing wujude padha karo
Kyai Pantek sing dicolong kuwi banjur dipapanake ing plangkane Kyai Pantek sing
ana Kalurahan Tambak. Dadi sing kanggo misuda Ki Jaswana dadi Lurah kae tenane
ngono dudu Kyai Pantek sing sejati, nanging tiron Kyai Pantek yasane Jim sing
ngunjara Kyai Pantek ing Guwa sing mapan sapinggire Kali Sumberlanang kuwi”.
“Lha
sing ilang lan didakwa dicolong Ki Puranta kuwi Keris sing endi?” aku takon
maneh.
“Ya
wis genah ta mBah?” Ki Prasanta sing nyaut gunem “sing ilang jaman sing dadi
Lurah Tambak kuwi Ki Jaswana, ya Tiron Kyai Pantek gaweyane Jim kuwi, dudu Kyai
Pantek sing satemene kagungane Kanjeng Ratu Setyawati sing banjur diampil
dening Kanjeng Sultan Pajang. Ngono kok ndadak ditakokne ta mBah?”.
“He
he he…aku kuwi murih cethane ngono lho Ki Prasanta” wangsulanku karo ngguyu “aja
gampang nesu mundhak gelis tuwa……”.
Ki
Jurudah melu ngguyu, Puranta mung mesem amba. Nalika semana mbarengi metune
Sirep saka pawon arep ngladekne wedang jahe kanggo wong sing padha jagongan
neng jogan iki. Bubar ngetokne wedang, Sirep mlebu maneh metune wis nggawa
Thiwul lembut sing dikrawu klapa lan dilalapi gula aren, dadi kena kanggo
sarapan.
“Lha
nek ngene iki cetha nek kenek disambi” Ki Jurudah nyandhak cangkir jahene banjur
disruput.
“Lha
nek sing njupuk Kyai Pantek sing tiron kuwi, aku ngerti lan saiki manggon neng
ngendi aku ya wis ngerti, ya kuwi sing dikandhakne Adhi Prasanta sing nyolong
kuwi wong sing kepengin njongkeng kawibawan ing Kalurahan Tambak” kandhane Ki
Jurudah sawuse nyruput jahene banjur genti nyandhak pincuk sing isi thiwul
lembut sing isih anget manget-manget kuwi.
Durung
ana sing nyauti kandhane Ki Jurudah sing keri dhewe iki, awit kabeh lagi padha
repot nyandhak cangkir lan thiwule dhewe-dhewe. Kahanan dadi sansaya krasa gumyak.
“Lha
Kyai Pantek sing tiron kuwi apa ya wis ndika rawati Ki Jurudah?” karo arep
nyruput wedang Ki Jurudah tak takoni.
“Dening
Kanjeng Ratu aku sakloron ora dikeparengake nguthik-uthik gaman tiron kuwi”
wangsulane Ki Jurudah “nanging aku karo Adhi Prasanta kaparingan kuwajiban
tansah ngulat-ulati satindak-tanduke wong-wong sing arep gawe kisruh ing
Kalurahan Tambak kuwi kabeh lan yen wis tekan titiwancine aku kadhawuhan
bareng-bareng tumandang kanthi ngajak mBah Tambak kanggo nylametake kawula
cilik sing manggon neng Kalurahan Tambak”.
“Critane
wis tekan kene, mbarengi wetengku ya wis wareg pisan” Ki Prasanta genti sing
guneman “saiki sing kurang cetha takokna, arep tak wangsuli kanthi senenging
ati”.
“Aku
tak takon keri-keri wae” wangsulanku karo mesem “kareben Ki Puranta sing takon
luwih dhisik”.
“Matur
nuwun mBah Tambak” Puranta nyauti rembugku banjur kandha marang Ki Jurudah lan Ki
Prasanta “Nuwun sewu Kyai, menawi kaparengaken kula kepengin mangertos, sepisan
sinten ingkang sampun nyidra Kyai Pantek ingkang sayegtosipun namung Pusaka
Tiron menika? Kaping kalihipun Pusaka Tiron menika samangke kasingidaken
dhateng pundi?”.
“Sing
njupuk pusaka sing ora asli kuwi Kyai Lopara, gurune Bebau Kidul lan Jagabaya
Bontot, maune Keris kuwi disimpen ana padhepokane Kyai Lopara, nanging sawise
Angger Puranta lunga ninggalake Kalurahan Tambak, saiki Keris kuwi disingidake
ing senthong tengahe omah ndika Angger Puranta” wangsulane Ki Prasanta.
“nDika
ngerti Ngger ya gene Keris kuwi diselehne ing senthonging dalem ndika?” Ki
Jurudah genti nakoni Puranta.
“Kula
boten mangertos Kyai” wangsulane Puranta.
“Miturut
asiling pangrunguku saka anggone rembugan antarane Bebau Kidul, Jagabaya Bontot
lan Kyai Lopara, kuwi arep kanggo ngapusi Ki Lurah lan kabeh kawula ing Tambak.
Sepisan ngapusi yen sing nyolong keris kuwi nyata-nyata yen Angger Puranta,
ketitik ketemune keris ana senthonge dalem ndika. Kapindho, ngapusi yen Ki
Lopara kuwi duwe aji netra bathara temah ngerti panggonan kanggo nyingidake
keris kuwi, kamangka satemene sing nyelehne kono ya Ki Lopara dhewe. Kaping
telune arep ngapusi Ki Lurah lan para kawula sing padha ora ngerti lakon
satemene, yen Bebau Tengah lan Bebau Sela sing ndombani Angger Puranta sing maune
wis legawa ora melik dadi Lurah, banjur kethukulan rasa kepengin lan nglalekne
prasetyane” Ki Jurudah banjur nggenahne wangsulan saka pitakone mau.
“Dugi
samanten kawengisaning manahipun Kyai Lopara miwah murid-muridipun Kyai?”
Puranta katon yen banget nelangsa sajroning atine “manawi namung betahipun
nyingkiraken kula saking Kalurahan Tambak, estunipun kula sampun trimah boten
badhe wangsul dhateng Kalurahan Tambak malih. Nanging sareng Paman Bebau Tengah
miwah Bebau sanesipun ingkang boten nocogi trekahipun Bebau Kidul ugi badhe
dipun singkiraken malah kepara mbok menawi badhe kapidana awrat, menika ingkang
nami boten adil”.
“Pancen
ora adil Ngger, jenenge wong murka sing dhemen tumindak culika mesthi adoh saka
laku kang adil” Ki Prasanta genti sing guneman “nanging kuwi mau kabeh ana sing
njalari, ya iku saka laku ndika kaya sing dikandhakne mBah Tambak ing ngarep,
ndika kesusu nggugu marang nalar ndika sing madhakne lakuning nalare wong liya
padha karo lakune nalar ndika dhewe”.
“Inggih
Kyai, saestu kula ngrumaosi lepat” wangsulane Puranta “samangke kaparenga Kyai
Prasanta lan Kyai Jurudah miwah mBah Tambak paring kalidamar dhateng kula, pundi
marginipun murih kula saged ndadosi ingkang risak jalaran saking lepating nalar
kula”.
Tak
sawang Ki Jurudah apa dene Ki Prasanta padha manggut-manggut krungu panjaluke
Puranta sing kaya mangkono kuwi. Panjaluk sing metu saka ati kang suci kanggo
ndandani kahanan sing bubrah awit saka kleruning laku jalaran rumangsa bener
nanging jebulane durung kapener.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar