Total Tayangan Halaman

Rabu, 01 Maret 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (041)


 

41.

            Puranta bali ndhingkluk tumungkul nyawang klasa sing dilungguhi, ngenteni tembung sing arep dikandhakne dening Ki Jurudah karo Ki Prasanta. Aku ya meneng ora guneman apa-apa, merga ing babagan sing ditakokne dening Puranta iki temen-temen babagan kang wigati, ora kena dienggo geguyonan. Kajaba saka iku aku ya kepengin ngerti apa sing arep dikandhakne dening Senapati Kraton Ngiyom loro kuwi, muga-muga wae ana gandheng rapete karo dhawuh sing tak tampa saka Kanjeng Ratu Setyawati sing jarene Ki Jurudah lan Ki Prasanta olehe nandangi bareng-bareng karo wong loro kuwi.

            “Sadurunge aku aweh wangsulan marang  Angger Puranta, isih ana pitakonan sing kudu diwangsuli kanthi bener dening Angger Puranta” Jebul sing guneman dhisik malah Ki Prasanta “lan wangsulan saka Angger Puranta iki mengko bakal dadi dhasar aku prelu nuduhne dalan utawa orane marang Angger Puranta sing nakokne dalan kanggo ndandani kaluputane mau”.

            “Mangga Kyai enggala kadhawuhaken pamundhut pirsa saking jengandika dhateng kula” wangsulane Puranta “badhe kula wangsuli kanthi jujur, jumbuh kalih suwantening batin kula”.

            “Kaya kang dikandhakne dening mBah Tambak marang ndika ing ngarep mau” Ki Prasanta wiwit ngandharake sing dadi pitakone “sanadyan tumibane dadi kleru, nanging satemene ndika nduweni gagasan kang karepe becik. Kanthi mangkono, satemene ndika kuwi seneng nindakne laku sing becik. Apa ati ndika  bakal seneng yen ta wong-wong sing ndika beciki kuwi males kabecikan marang ndika?”.

            Rada suwe Puranta ora enggal aweh wangsulan, tak sawang bathuke njengkerut, alis kanan keringe tempuk, katon nek lagi mikir utawa nata ukara murih anggone aweh wangsulan marang Ki Prasanta ora kleru. Aku dhewe ya nggagas nek pitakon sing diwenehne Ki Prasanta kuwi cetha nek mung pasangan sing ana jirete. Katone mung sepele nanging ing mburine ana prekara sing luwih gedhe. Jeneh ngono wae kok ndadak ditakokne, merga ya sapa wonge sing ora seneng nek tumindake sing becik marang wong banjur diwales kanthi kabecikan uga?. Menang-meneng aku ya kepengin ngerti apa sing bakal dadi wangsulane Puranta sarta aku uga kepengin weruh apa karep sing ana walike pitakonane Ki Prasanta iki.

            “Nyuwun pangapunten Kyai” sawuse rada suwe Puranta banjur guneman aweh wangsulan “wulang ingkang kula tampi saking biyung kula kala rumiyin, radi benten kalihan pamundhut pirsa jengandika menika……”.

            “Lha kok ndika malah nyebut Biyung ndika barang kuwi karep ndika apa Ngger ? Pitakonku kuwi gampang cukup ndika wangsuli seneng utawa ora seneng utawa lumrah wae, kuwi wis cukup. Kok malah ndika ngeling-eling piwulang saka Biyung ndika barang?” Ki Prasanta nugel rembug karo mesem.

            “Mila leres makaten Kyai” Puranta wangsulan alon “nanging menapa keparengaken menawi saderengipun kula atur wangsulan menawi kula ngaturaken rumiyin piwucal saking Biyung ingkang wonten sambung rapetipun kalihan pamundhut pirsa saking Kyai menika? Ngiras pantes ambok bilih wonten kirang leresipun piwucal ingkang kula tampi menika saged kaleresaken dening jengandika Kyai utawi para sepuh sanesipun”.

            “Mesthi wae oleh, Ngger. Coba ndika kandhakne aku ya kepengin ngerti kaya apa piwulang sing wis ndika tampa saka Biyung ndika kuwi”  Ki Prasanta sing maune mepet Puranta supaya aweh wangsulan cekak, dadi ngalah manut marang Puranta.

            “Ngaturaken genging panuwun Kyai” Puranta banjur kandha karo mesem lega “magepokan kalihan tumindak sae dhateng sesamining titah, inggih ingkang wujud manungsa utawi sanesipun, Biyung paring piwucal dhateng kula bilih tumindak makaten mila kuwajibaning titah ingkang ngrumaosi bilih piyambakipun menika jejering titahing Gusti. Nami nistha menawi tumindak sae dhateng sesami nanging pamrih piwales saking titah kalebet titah ingkang dipun saeni, jalaran paring wales dhateng tumindak sae menika wonten ing Maha Wicaksananing Gusti Ingkang Maha Adil, ngajeng-ajeng piwalesing titah menika sami kalihan mayuh Gusti kalihan titahipun. Boten benten nalikanipun nampi kabecikan saking tiyang sanes, ing mriku Gusti paring tuntunan sasaged-saged kabudidaya murih gentos tumindak sae dhateng tiyang ingkang tumindak sae kasebat, namung kemawon ancas lan tujuwanipun inggih namung awit nindakaken dhawuh piwucaling Gusti, boten karana sanes. Lha samangke Kyai mundhut pirsa menapa kula seneng menapa boten menawi titiyang ingkang ambales tumindak kula ingkang sae? Atur wangsulan kula, remen jalaran wujud raos panuwun dhateng Gusti lan remen awit wonten titah ingkang nindakaken wujud dhawuh piwucaling Gusti. Makaten atur wangsulan saking kula ambok bilih dereng leres kaparenga Kyai paring pitedah murih leresipun”.     

            Aku rumangsa eram marang wangsulan sing diucapne Puranta kuwi mau. Ora ngira yen ndeleng umur-umurane sing durung tuwa nanging wis nduweni kaweruh kebatinan sing ora kalah karo wong sing wis tuwa-tuwa kaya aku iki. Tak sawang Ki Prasanta genti sing njengkerutne bathuke, embuh apa sing ana angen-angene. Nek Ki Jurudah mung plengah-plengeh mesem sajak kalegan atine.

            “Saiki genti tak walik pitakonku” Ki Prasanta banjur guneman maneh “saupama ndika wis tumindak becik marang liyan, nanging walese wong mau marang ndika rupa tumindak ala, ndika bakal seneng utawa serik banjur genti tumindak sing bisa gawe larane wong mau?”.

            “Ing ngajeng sampun kula aturaken menawi tumindak sae menika kuwajibaning titah, boten kenging ngajeng-ajeng piwales saking titah sanes, makaten ugi kalihan tumindak awon, sok sintena ingkang tumindak awon dhateng sesamining titah inggih badhe nampi piwales saking Gusti, tiyang ingkang remen suka piwales awon dhateng tiyang ingkang tumindak awon ingkang tumanduk ing dhirinipun, menika sami kalihan tiyang ingkang legan golek momongan, kebo benthung nantang pasangan, jalaran suka piwales menika namung wewenanging Gusti lan kenging kawastanan namung titah ingkang murang tata menawi ta dhemen nyenyahak wewenanging Gusti. Sepisan malih kula matur, paring piwales dhateng tumindak ingkang awon menika wewenanging Gusti utawi wewenanging Titah ingkang kasampiran jejibahan minangka wewakiling Gusti ing bab nata timbanging traju kapradatan, ingkang anggenipun paring putusan mawi anyebut asmaning Gusti Ingkang Maha Adil”.

            “Saiki sansaya padhang lan gamblang panyawangku marang ndika Ngger” dumadakan Ki Jurudah sing genti guneman marang Puranta “samengko bakal tak kandhakne marga nggon ndika bisa ndandani kaluputan sing satemene ora ndika seja sadurunge kuwi. Wektu iki ing Kalurahan Tambak jeneng ndika arep dirusak dening Kyai Lopara, Bebau Kidul apa dene Jagabaya Bontot, kanthi bukti kang palsu yen ndika temen-temen wis ndhustha Kyai Pantek sing ditemokne ing senthong dalem ndika. Kanthi bukti kuwi, Ki Lurah bakal bisa nibakne pidana marang ndika lan wong-wong sing dinuga wis nyengkuyung tumindak ndika kaya dene Ki Bau Tengah, Ki Bau Sela lan Ki Bau liyane tuwin para pamong sing ora disenengi dening Bebau Kidul utawa Jagabaya Bontot. Kanggone ndika satemene wis isis, lire ora bakal nampa pidana maneh merga wis lunga saka Kalurahan Tambak, nanging tumrap Bebau Tengah sakancane kuwi sing kira-kira rada ndrawasi, nek ndelok saka pakulinane Kyai Lopara, Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot bisa wae wong-wong sing didakwa ngrojongi tumindak anggon ndika nyolong Kyai Pantek bakal nampa pidana pati. Mula ndika kudu bisa aweh tetulung marang wong-wong sing bakal nampa pidana kuwi sartane ndika kudu bisa nulungi Ki Lurah kang sajroning bebaya merga bakal tansah nggugu apa sing dadi kekarepane Ki Lopara apa dene Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot”.

            “Ya prekara iki sing tak kandhakne kapan-kapan kae marang ndika mBah Tambak” durung nganti Puranta mangsuli tembunge Ki Jurudah, Ki Prasanta wis kandha marang aku.

            “Mengko dhisik ta Ki Prasanta” gage nggonku wangsulan “aku iki mau lagi nyemak apa sing dikandhakne Ki Jurudah marang Ki Puranta, kok dumadakan ndika kandha ngono kuwi marang aku, kuwi karepe piye?”.

            “Apa rumangsa ndika Angger Puranta bisa ngrampungi gawe nek ditegakne budhal dhewe menyang Kalurahan Tambak?” Ki Prsanta mangsuli karo nakoni aku “sing diadhepi Angger Puranta mengko ora mung Kyai Lopara, Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot wae. Nanging uga Jim sing nyolong Kyai Pantek sing asli kuwi uga bakal nggawa kanca-kancane kanggo ngisruh neng Kalurahan Tambak”.

            “O ngono ta cethane?” aku mesem krungu wangsulane Ki Prasanta sing mangkono kuwi mau “iya saiki aku wis mudheng, banjur suk kapan gaweyan iki ditandangi?”.

            “Sabar mBah Tambak” Ki Jurudah sing wangsulan “saiki Kyai Pantek sing tenan, arep tak pasrahne marang Angger Puranta. Mengko yen wis ana tangane Angger Puranta kang isih putrane Raden Riyasa, yen Kyai Pantek iki dithungne marang Keris Tirone, mbuh sapa sing nyekeli mangka Keris Tiron bakal mbalik marang wujude sekawit lan ngetokne daya pangaribawa, nanging ora bakal bisa nandhingi pangaribawane Kyai Pantek sing neng tangane Angger Puranta”.

            Bubar guneman ngono kuwi, tanpa weruh sangkane dumadakan Ki Jurudah wis nyekeli Keris Kyai Pantek sing banjur dipasrahne marang Puranta.

            “Iki Ngger, tampanana sipat kandel Kalurahan Tambak sing diampil Kanjeng Sultan Pajang saka Gusti Ratu Setyawati, muga-muga bisa ndika gunakne kanthi sabecik-becike” kandhane Ki Jurudah karo masrahake Keris kuwi marang Puranta.

            “Ngaturaken genging panuwun Kyai” wangsulane Puranta karo nampani Keris Kyai Pantek jangkep sawrangkane sing banjur disengkelit ing gegere “mugi-mugi Gusti Ingkang Maha Agung paring kekiyatan dhumateng kula temah saged lebda ing karya”.

            “Iya Ngger” wangsulane Ki Jurudah sing banjur ngedum gaweyan “dina iki uga awake dhewe, ya kuwi Aku, Adhi Prasanta, mBah Tambak lan Angger Puranta budhal menyang Kalurahan Tambak. Muga-muga wae ora kasep lan ing Kalurahan Tambak durung ana sing dadi kurban. Anut dhawuh pituduh saka Kanjeng Ratu Setyawati, mBah Tambak duwe jejibahan namengi Angger Puranta saka sakehing bebaya, nanging ora kena ngatonake salira kajaba yen wis kepepet tenan. Dene aku karo Adhi Prasanta kadhawuhan ngulat-ulati lan ngadhang lakune Jim sing nyolong Kyai Pantek lan ndhelikne neng guwa sapinggire Kali Sumberlanang, lan tak blakakne jim kuwi duwe jeneng Ganjur, nduweni kanca bangsa jim cacahe ora kurang saka selawe, nanging ya klebu jim lumrah sing kasektene adoh sangisore Jim Ganjur dhewe. Uga nduweni kanca wujud manungsa sing kulina nyembah marang Jim Ganjur, cacahe ora kurang saka selawe uga, iki mengko sing kudu diadhepi Angger Puranta lan mBah Tambak”.

            “Lha menungsa sing dadi balane Jim Ganjur kuwi kasektene kepiye?” aku takon “sekti-sekti apa kaya sapantarane Kyai Lopara?”.

            “Ora prelu diwangsuli Kakang” Ki Prasanta nyaut rembug “ora ana critane Raden Bagus Suwanda Putra angkate Gusti Tumenggung Jatikusuma kuwi kangelan ngadhepi manungsa sing kaya apa wae kasudirane”.

            Ki Jurudah ngguyu. Ki Prasanta banjur melu ngguyu. Aku sing banjur cengar-cengir dhewe.

 

Ana candhake

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...