42.
Wong
papat sida budhal menyang Kalurahan Tambak, Sirep ditinggal neng omah. Kaya
sing wis dirembug, nalika ngancik laladan Kalurahan Tambak, Ki Jurudah lan Ki
Prasanta misah golek dalan liyane. Aku wiwit manjing alam panglemunan sing ora
bisa diweruhi dening mripat wantah kajaba mung mripate Puranta, nanging lakuku
tansah mbarengi lakune Puranta. Nalika arep ngambah padhukuhan, Puranta tak ajak
mandheg sedhela.
“Mandheg
dhisik Ki Puranta” kandhaku karo mapan lungguh neng watu gedhe pinggir dalan “ana
sing arep tak kandhakne sadurunge ndika mlebu padhukuhan ing Kalurahan Tambak
kene”.
“Badhe
paring dhawuh menapa mBah?” wangsulane Puranta karo nyawang prenahku lungguh “mangga
kadhawuhna kemawon”.
“nDika
prayoga yen mandheg neng kene dhsisik, utawa nggolek papan sing ora gampang
diweruhi wong-wong Tambak” kandhaku marang Puranta “aku arep golek sisik melik
lan niti kahanan ing Kalurahan Tambak dhisik. Yen wis cetha kahanan ing
Kalurahan Tambak, mengko bisa ndika gunakne minangka ancer-ancer endi sing kudu
ditindakne luwih dhisik”.
Puranta
mung manut apa sing tak kandhakne, dheweke banjur golek panggonan kanggo leren,
ya kuwi ing pasetren kalen cilik ing pinggire sawijining pategalan. Aku dhewe
ya banjur nggeblas nganggo caraku, niti priksa kahanan ing Kalurahan Tambak.
Dhisik dhewe aku marani omahe Ki Lurah Tambak Kapindho, aku kepengin ngerti
kahanane Dalem Kalurahan kuwi.
Tekan
Kalurahan kahanan katon sepi, ing pendhapa ora ana katon wong kemliwer, nanging
lawange omah dibukak amba. Aku banjur mlebu menyang omah njero, kepengin weruh
apa sing lagi ditandangi Ki Lurah. Jebul neng Pringgitan ana wong sing lagi
jagongan, katone lagi ngrembug barang sing wigati, ketitik suwarane ora ana
sing banter lan uga ora ana sing nggunakne tembung guyonan. Aku banjur mapan
lungguh neng cedhake wong sing lagi lungguh kupeng, ngadhep Maron anyar sing
isi banyu kembang. Sing ana kono kuwi kabeh ana wong papat sing aku durung
ngerti sapa jenenge. Mung tak kira wae sing nganggo sandhangan becik dhewe kuwi
kira-kira Ki Lurah, banjur ana wong lanang sing luwih tuwa sethithik tinimbangane
wong sing tak kira Ki Lurah, kuwi kira-kira Bebau Kidul utawa Waruju, ana maneh
wong sing rada tuwa mbok menawa kuwi Jagabaya Bontot lan keri dhewe wong tuwa
sing brengos lan jenggote diingu dawa wis putih kabeh, kiraku iki sing jeneng
Kyai Lopara. Wong papat kuwi babar pisan ora ana sing weruh yen aku melu
lungguh njejeri Ki Lurah, merga aku wis mapan inga lam panglemunan sing ora
kasat mata, olehku milih cedhak Ki Lurah merga aku kepengin cedhak karo Maron
sing isi banyu lan kembang kuwi.
“Inggih
wewayangan ingkang ketingal ing salebeting Maron menika mangke Ki Lurah, sinten
ingkang sampun nyidra Kyai Pantek lan ing pundi anggenipun nyingidaken” wong
tuwa sing tak kira Kyai Lopara kuwi sing guneman.
“Inggih
Ki Lopara” wangsulane Ki Lurah “nanging kanyatanipun sampun sapanginang langkung
kula njingglengi toya ing Maron menika suprandene boten sumerep menapa-menapa
kajawi namung sekar setaman ingkang kala wau dipun sebar ing lumahing Maron
dening Paman Bebau”.
“Nyuwun
pangapunten Ki Lurah” Ki Lopara aweh wangsulan “jebul sareng kula titi sepisan
malih, ubarampe kangge kabetahan menika dereng jangkep, taksih kirang setunggal
malih, miturut sasmita ingkang kula tampi saking Guru kula, Maron menika kedah
kapapanaken mawi lemek Sinjang utawi Nyamping corek Semen Rama ingkang dereng
nate dipun agem”.
“Nuwun
sewu Ki Lurah” wong sing tak kira Bebau Kidul genti sing guneman “kaparenga
kula wangsul rumiyin mendhet sinjang ingkang nembe rampung anggenipun mBathik
semah kula, kangge lemek Maron enggal menika”.
“Ora
prelu ndika ndadak bali Paman Bau” wangsulane Ki Lurah karo mesem “gajege ing
pasinggahanku isih ana papat utawa lima jarik sing durung nate dienggo sing
bathikane nganggo corek Semen Rama. Saiki coba tak tilikane dhisik lan tak
gawane mrene”.
Bubar
muni ngono kuwi Ki Lurah ngadeg banjur mlaku mlebu omah mburi. Ora let suwe wis
bali mrono maneh karo nggawa jarit anyar sing isih lempitan.
“Menika
Ki Lopara Nyamping ingkang ndika kersakaken pranyata sampun wonten” kandhane Ki
Lurah karo ngulungne jarit lempitan kuwi marang Ki Lopara.
“Matur
nuwun Ki Lurah, inggih menika nyamping ingkang dipun kersakaken dening Bapa Kyai Ganjur, Guru kula” Ki Lopara
wangsulan karo nampani jarit anyar kuwi. Jarit banjur dijembereng dibekuk
sepisan, banjur janggute Ki Lopara aweh sasmita marang Jagabaya Bontot supaya
ngangkat Maron sing wis isi banyu kembang kuwi. Ki Lopara nggelar jarit sing
wis dibekuk kuwi banjur dening Jagabaya Bontot diselehi Maron sing mau
dijunjung.
“Sampun
Ki Lurah” kandhane Ki Lopara sabanjure “samangke anyarengi kula ngrapal japa
mantra, kaparenga Ki Lurah mirsani dhateng salebeting Maron. Ing mriku mangke
Ki Lurah badhe pirsa sedaya lelampahan ingkang magepokan kalihan icalipun Kyai
Pantek saking Dalem kalurahan mriki menika”.
Ki
Lopara banjur ngeremne mripate, lambene umak-umik maca mantra, embuh mantra apa
sing diucapake ora pati tak rungokne. Sauntara Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot
ketok ndhingkluk uga karo ngeremne mripat. Aku ya banjur nerokne Ki Lurah, melu
nyawang sing ana jerone Maron isi banyu lan kembang kuwi. Karo jroning atiku
kepengin ngrusuhi sethithik olehe dolanan sulapan Ki Lopara nganggo maron isi
banyu kuwi.
Dumadakan
ing lumahing banyu sing ana jero maron katon ana wewayangane Puranta sing lagi
lungguh sila karo sedhakep kaya lagi nglakoni samadi, ora let suwe banjur
disusul wewayangane wong lima sing ngadhep Puranta. Wong nem kuwi banjur padha
omong-omongan sing suwarane ora ana. Aku bisa maca karepe Lopara, kanthi
nuduhne gambar ing jero Maron kuwi arep ngandhakne nek wis ana rembug antarane
Puranta karo wong lima sing aku durung weruh sapa jenenge kuwi. Ora let suwe
wewayangan kuwi ilang, banjur metu maneh wewayangane Keris Kyai Pantek sing
semendhe ana plangkane. Banjur ana wewayangane Puranta njupuk Keris Kyai
Pantek. Wewayangan banjur ilang. Aku sing wis nedya ngrusuhi olehe dolanan
sulapan Lopara, tumuli nggawe wewayangan ana banyu sing ana jero Maron kuwi,
ing kono banjur katon Lopara karo Jagabaya Bontot ditutne Bebau Kidul mlaku,
tangane Lopara nyekel keris sing mau dijupuk Puranta, banjur wewayangan tak
gawe ilang maneh. Dadi miturut asil panyawange Ki Lurah, Keris sing mau dijupuk
Puranta wis ngalih neng tangane Lopara sing mlaku lan ditutne muride loro kuwi.
Tak lirik Ki Lurah katon njengkerutne bathuke lan nggathukne alis kiwa tengene.
“Nuwun
sewu menapa Ki Lurah sampun mirsani sinten ingkang ketingal wewayanganipun ing
toya ingkang wonten Maron menika kala wau?” Lopara nglereni nggone ngrapal
mantra, banjur takon marang Ki Lurah.
“Sampun
Ki Lopara, ing mriku wau kula sumerep wewayanganipun tiyang kathah……”
wangsulane Ki Lurah.
“Inggih
tiyang ingkang wewayanganipun kapirsanan dening Ki Lurah menika ingkang nedya
njongkeng kawibawan lan kepengin madeg dados Lurah, kanthi mendhet Dhuwung
Piyandel Kalurahan Tambak inggih Kyai Pantek” Lopara guneman kanthi suwara sing
manteb.
“Nanging
iki mau aku weruh Kyai Pantek wekasane ………” Ki Lurah aweh wangsulan, nanging
durung nganti rampung wis ditugel dening Ki Lopara :
“Sampun,
samangke kapirsanana malih dateng pundi Kyai Pantek dipun singidaken” ora
ngenteni wangsulan Lopara wis wiwit ngrapal mantra kaya mau.
Gage
wae aku tumandang, sadurunge ing lumahing Maron ana wewayangan gaweyane Lopara,
tak dhisiki ana gambare Lopara karo Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot mlebu
sawijining omah saka lawang pungkuran banjur nyelehne keris sing digawa menyang
sawijining senthong ing omah kono, banjur ditinggal lunga. Sawise wewayangan
gaweyanku ilang, lagi ana wewayangane Puranta maneh sing nyelehne Keris ing sawijining
papan, banjur ditinggal lunga.
“Samangke
Ki Lurah sasampunipun pirsa sinten ingkang nyidra Kyai Pantek tartamtu lajeng
pirsa ing pundi anggenipun nyingidaken Dhuwung menika murih boten kadenangan
tiyang sanes” Lopara bali nglereni nggone ngrapal mantra banjur guneman marang
Ki Lurah. Sajake Lopara ora ngerti yen sing diweruhi Ki Lurah beda karo wewayangan
asile nggone gawe dolanan sulapan.
“Bares
kemawon Ki Lopara” Ki Lurah tumuli wangsulan “kula dados bingung nyumerepi
pitedah ingkang boten cetha ingkang wujud wewayangan ing toya salebeting maron
menika”.
Lopara
ora enggal semaur, sajake lagi mikir ya gene Ki Lurah kandha mangkono kuwi.
Kamangka wis cetha yen mau dheweke nuduhne Puranta wis sapajagong karo wong
lima banjur Puranta njupuk Kyai Pantek lan sabanjure Puranta nyingidne Keris
kuwi ing senthong omahe. Nanging kok Ki Lurah malah kandha yen ora cetha?. Ing
sisih ngendi sing dikandhakne ora cetha kuwi?.
“Nuwun
sewu Ki Lurah” gandheng Lopara ora enggal wangsulan, Bebau Kidul nyoba takon
marang Ki Lurah “menapa dedeg-piyadeg lan praupanipun tiyang-tiyang ingkang
wewayanganipun kacetha ing toyaning Maron kala wau boten dipun apali dening
jengandika Ki Lurah?”.
“Aku
apal kabeh Paman” wangsulane Ki Lurah “aku mau dhisik dhewe weruh wewayangan
sing nuduhne yen Puranta lagi jagongan karo Bebau Tengah, Bebau Lor, Bebau
Kulon, Bebau Sela lan Bebau Wetan. Nanging sing diomong apa, aku ora ngerti
jalaran suwarane ora keprungu………”.
“Estunipun
ingkang dipun rembag kala wau inggih rancangan anggenipun badhe nyidra Piyandel
Kalurahan, Ki Lurah” Jagabaya Bontot nyoba aweh katrangan.
“Mengko
dhisik” Ki Lurah mangsuli katrangane Jagabaya Bontot “kandhaku durung rampung
aja diselani Paman Jagabaya”.
“Nyuwun
pangapunten Ki Lurah” Jagabaya Bontot banjur ndhingkluk semu isin.
“Aku
uga weruh wewayangane Puranta sing njupuk Kyai Pantek saka Plangkane” Ki Lurah
nutugne olehe guneman “Nanging aku uga weruh wewayangane Ki Lopara ditutne
Paman Bebau lan Paman Jagabaya sing uga nggawa Kyai Pantek. Kuwi sing kapisan”.
Bebau
Kidul lan Jagabaya Bontot bebarengan noleh, ngulati praupane Lopara, sajak
gumun krungu kandhane Ki Lurah mangkono kuwi mau. Nanging Lopara api-api ora
ngerti nek murid-muride padha gumun lan bingung. Malah banjur guneman marang Ki
Lurah :
“Menika
kala wau wewayangan ingkang jengandika pirsani ingkang kapisan Ki Lurah?”.
“Inggih
Kyai” Ki Lurah aweh wangsulan “awit saking menika kula lajeng bingung sinten
estunipun ingkang mendhet Kyai Pantek saking plangkan, kadang kula Dhimas
Puranta menapa Ki Lopara lan siswa-siswanipun?”.
“Nyuwun
pangapunten Ki Lurah” Lopara guneman maneh “lajeng ingkang kaping kalih, Ki Lurah
pirsa wewayangan menapa ing toya Maron kala wau?”.
“Kula
sumerep ndika tuwin Paman bau saha Paman Jagabaya” wangsulane Ki Lurah “ndika mlampah
kalihan ngasta Kyai Pantek dipun tutaken Paman Bau lan Paman Jagabaya, mlebet
griyanipun Dhimas Puranta liwat pengkeran lajeng nyingidaken Kyai Pantek ing
Senthong griyanipun Dhimas Puranta. Nanging kula ugi sumerep wewayanganipun
Dhimas Puranta ingkang mlebet ing senthong griyanipun lan nyelehaken Dhuwung
ing mriku sami kalihan ingkang dipun tindakaken jengandika Ki Lopara”.
Krungu
wangsulan saka Ki Lurah ngono kuwi, katon Lopara kaget lan muntab kanepsone,
untune nggeget, praupane salin warna dadi mbrabak abang.
Ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar