Total Tayangan Halaman

Jumat, 03 Maret 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (043)


43.

            Bebau Kidul lan Jagabaya sing weruh nek gurune lagi nesu merga wewayangan sing diweruhi Ki Lurah ing Maron isi banyu lan kembang mau ana sing ora jumbuh karo sing dikarepake, ketok nek pucet kaweden. Merga kaya sing dikandhakne Ki Jurudah marang aku lan Puranta mau esuk, tenane sing nyolong tirone Kyai Pantek kuwi pancen Lopara, Bebau Kidul sarta Jagabaya Bontot ya ngerti. Mula bareng ing wewayangan sing diweruhi Ki Lurah ana wewayangane Lopara, Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot, sajake wong loro kuwi duwe pikiran sing ora-ora marang gurune, mbok menawa wae gurune wis kleru nggone ngrapal mantra kanggo gawe dolanan sulapan sing niyate arep dienggo ngapusi Ki Lurah kuwi.

            Beda karo Lopara sing sanadyan ora ngerti nek sing ngrusuhi anggone dolanan kuwi aku, nanging dheweke ngerti nek wis ana sing ngrusuhi anggone dolanan sulapan migunakake Maron sing diiseni banyu kembang banjur dikandhakne marang Ki Lurah nek kuwi pituduh saka gurune sing jeneng Kyai Ganjur. Mulane Lopara banjur muntap kanepsone, ora sranta banjur ngecakne ajine kanggo ngaweruhi sapa sing wis wani ngrusuhi dheweke kuwi. Mripate diremne dhipet, ilining napase ditata, ati lan nalare disawijekne kanggo nglandhepne panggraitane.

            Nanging aku ya ora banjur meneng, nek gaweyan ngrusuhi wong kaya Lopara kuwi mula gampang ditindakne. Kanthi daya kekuwataning batin sing ana awakku, Lopara sing nggunakne panggraitane kanggo nggoleki sing ngrusuhi dheweke kuwi tak rusuhi maneh. Ing mata batine Lopara tak tuduhne wewayangane wong wadon ayu sapirang-pirang sing tanpa busana padha jejogedan. Mesthi wae Lopara dadi sansaya nesu lan dadi bingung karepe dhewe. Lopara cetha nek ora bisa ngerteni sapa sing wis ngrusuhi dheweke.

            “Kados pundi Ki Lopara?” Ki Lurah sing ora mudheng nek Lopara lagi puyeng, takon maneh “menapa Ki Lopara kepareng nyethakaken menapa tegesipun wewayangan-wewayangan ingkang wau kula sumerepi ing salebeting Maron ?”.

            “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” Lopara sing lagi nesu kapeksa nyarehne suwarane kanggo aweh wangsulan marang Ki Lurah “ketingalipun menika wonten Dhedhemit ingkang sampun ganggu damel dhateng kula, temah Ki Lurah pirsa wewayanganing tiyang ingkang estunipun boten kados ingkang kacetha ing wewayangan kala wau”.

            “Ingkang ndika kersakaken sinten Ki Lopara?” Ki Lurah takon maneh.

            “Kula lan murid-murid kula boten kados ingkang kapirsanan Ki Lurah ing Maron menika, Ki Lurah” wangsulane Lopara sakencadhake.

            “Dados jengandika panggah kukuh ndakwa bilih ingkang mendhet Kyai Pantek saking plangkanipun menika Puranta inggih Kyai?”

            “Kula boten ndakwa Ki Lurah” wangsulane Lopara “nanging kanyatanipun mila makaten, kados ingkang sampun Ki Lurah pirsani wewayanganipun ing Maron kala wau”.

            “Menawi dhasaripun wewayangan ingkang kula tingali ing Maron kala wau, menika dhasar ingkang boten kiyat babar pisan Kyai” Ki Lurah guneman maneh, suwarane nuduhne yen atine lagi ora seneng marang wangsulane Lopara “menapa malih ndika lan Paman Bau ugi Paman Jagabaya sami selak bilih boten tumindak kados ingkang kula tingali wewayanganipun ing Maron wau. Menawi ndika kemawon saged selak, mesthinipun Bebau-bebau ingkang kala wau wewayanganipun kula tingali ing Maron, tartamtu ugi saged selak, makaten ugi Dhimas Puranta kalamunta wonten mriki tartamtu ugi selak kados anggen jengandika selak”.

            “Makaten inggih Ki Lurah” karo rada glagepan Lopara guneman maneh, mangsuli kandhane Ki Lurah “medalipun wewayangan kula kalihan Waruju tuwin Bontot ing Maron kala wau, awit sampun wonten Dhedhemit ingkang ganggu damel dhateng kula, dados wewayangan ingkang kados kula lan murid-murid kula wau damelanipun Dhedhemit”.

            “Mila saged katampi kalih nalar Ki Lopara” Ki Lurah ngendika maneh nadyan sareh nanging kaeprungu nek ora marem “nanging Ki Lopara nate dhawuh dhateng kula bilih Ki Ganjur ingkang ndika suwitani minangka guru ndika niku, satunggaling Dewa ingkang kuwawa murba utawi damel abang ijone jagad, lha kok anggenipun paring sasmita mawi ubarampe Maron anyar, kembang setaman lan pungkasan mawi sinjang enggal, murih kula saged nyumerepi sinten ingkang nyidra Kyai Pantek lan ing pundi papan kangge nyingidaken kemawon saged dipun ganggu dening Dhedhemit jail kados ingkang ndika dhawuhaken menika?. Menawi katiyasanipun Kyai Ganjur namung samanten, kula kinten kula inggih kedah mikir-mikir malih nuruti eguh lan rerigen ndika murih meguru dhateng panjenenganipun”.

            Aku dadi sansaya ngerti jebul Lopara wis ngujuk-ujuki Ki Lurah supaya gelem meguru marang Kyai Ganjur, Jim sing tau nyolong Kyai Pantek banjur didhelikne neng guwa sapinggire Kali Sumberlanang, nanging ora weruh nek Keris colongane wis dijupuk Ki Jurudah lan Ki Prasanta. Aku uga bisa njupuk dudutan, yen tenane Lopara lan murid-muride kuwi kepengin ndadekne Kalurahan Tambak dadi padesan sing kebawah dening Jim Ganjur.

            “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” Lopara aweh wangsulan “saupami Guru Kyai Ganjur dinten menika wonten mriki, tartamtu dhedhemit ingkang nedya damel rusuh menika boten badhe saged ngresahi anggen kula nyambut damel. Dados sampun ngantos Ki Lurah ngremehaken Guru Kyai Ganjur ingkang boten wonten mriki menika, ingkang kenging karesahan dening Dhedhemit ingkang kula aturaken dede Kyai Ganjur, nanging kula”.

            “Inggih, inggih Ki Lopara” Ki Lurah sajak wis wegah eyel-eyelan karo Lopara, nanging panggah nuduhne yen atine lagi cuwa “Dhedhemit ingkang ndika dhawuhaken menika badhea kados menapa nyata Dhedhemit ingkang digdaya, temah saged ngresahi anggen jengandika makarya. Sok makatena, ndika piyambak ketingal legawa dipun resahi, ketitik boten duka dhateng Dhedhemit kala wau”.

            “Ki Lurah kula suwun sampun lepat ing panampi” Lopara wangsulan maneh “menawi wekdal menika kula boten tumindak menapa-menapa dhateng Dhedhemit ingkang ngresahi anggen kula nyambut damel, menika jalaran dereng rampung ayahan kula. Mangke menawi Kyai Pantek sampun saged wangsul ing astanipun Ki Lurah, Dhedhemit menika badhe kula padosi lan badhe kula samekaken dosanipun, kanthi anugel gulunipun, ing ngarsanipun Ki Lurah. Samangke murih enggal Kyai Pantek saged kaasta malih dening Ki Lurah, sumangga kula dherekaken tedhak ing senthong dalemipun Gus Puranta, inggih ing mriku Kyai Pantek kasingidaken dening Gus Puranta”.

            “Manawi makaten mangga Ki Lopara” Ki Lurah aweh wangsulan cekak. Sajake Ki Lurah mung kepengin supaya Keris Kyai Pantek bisa enggal bali. Wong papat kuwi banjur ngadeg, arep budhal menyang omahe Puranta.

            Gandheng atiku isih gela weruh kelakuwane Lopara, sepisan maneh aku arep ngrusuhi menungsa-menungsa sing murang tata kuwi. Kanthi daya kabisanku, saka Maron sing wis arep ditinggal mau, tak wetokne suwara kaya suwarane barang atos kang tumiba ing jubinan, kumlonthang banter.  Ora sranta Ki Lurah, Bebau Kidul, Jagabaya Bontot malah uga Lopara banjur nyawang prenahe Maron sing nyuwara kumlonthang mau. Banjur saka lumahing banyu sing ana Maron kuwi tak cipta wewayangane wong wadon ayu-ayu sing mau tak enggo ngrusuhi panggraitane Lopara. Wong papat kuwi dadi mlengak sajak kaget semu gumun weruh rerupan sing mung wujud wewayangan kuwi. Luwih kaget maneh bareng salah siji saka wewayangan kuwi bisa guneman kanthi cetha, ngandhani Ki Lurah Tambak Kapindho lan nggorohake omongane Lopara :

            “Eeee Tobil, Ki Lurah Jaswana ya Jaka Suwana….. ingatase Lurah sing pinter kok jebul gampang diapusi karo Dhukun Kurang Tindhih sing ngakune duwe jeneng Kyai Lopara?.  Kawuningana Ki Lurah, ingkang badhe katedahaken lan kaaturaken dhateng jengandika dening Lopara lan murid-muridipun menika mangke dede Kyai Pantek ingkang satuhu. Nanging namung dhapur tiron. Yasanipun Dhedhemit goblog ingkang nami Ganjur. Pusaka Kyai Pantek ingkang satuhu mila nate dipun colong dening Gurunipun Lopara inggih Dhedhemit Kocluk Si Ganjur niku, nanging ing margi Dhemit Gembeng Si Ganjur kepanggih kalihan Gus Puranta temah Kyai Pantek saged dipun rebat. Samangke Kyai Pantek dipun asta Gus Puranta ingkang wekdal menika nembe tindak wangsul dhateng Kalurahan tambak saprelu ngaturaken Kyai Pantek dhateng jengandika Ki Lurah Tambak Kapindho. Saestu Ki Lurah…. Atur kula niki leres, boten dora lan boten ngapusi, kula sakanca niki sampun wujud kumara, rumiyin jaman taksih wujud manungsa nate dados dhemenanipun tiyang tiga menika, lajeng sasampunipun Dhukun nggragas kalih muridipun niku sami wareg, kula dipun sukakne Gurunipun, nggih Dhedhemit Gendheng Ganjur. Jebul Ganjur ngertos menawi kula sakanca menika namung sisanipun tiyang tiga niku, kula lajeng dipun pejahi dening Ganjur, samangke kula sakanca  nglambrang dados kumara………”.

            “Iblis laknat ……..” durung nganti entek gunemane wewayangane wong ayu sing ana jero Maron kuwi, wis dipunggel karo pisuhane Lopara sing dibarengi karo nibakne gaman piyandele, Tulup sing isi paser sing disurung nganggo Aji Paser Angin.

            Mesthi wae, ajine Lopara sing ditibakne ora tumama marang aku, lha wong aku ora awor wewayangan kuwi. Lopara sansaya nesu, banjur mencolot Maron isi banyu disadhuk sarosane temah sumyur dadi sawalang-walang. Karo ngempet guyu aku nglungani, aku arep ngandhani Puranta, nyritakne lelakon sing lucu iki.

            Mung sagebyaring that-thit aku wis tekan papan anggone leren Puranta. Nanging aku dadi semu rada kaget, jebul neng kono Puranta ora ijen. Ing kono ana wong lima maneh sing padha lungguh ngadhep Puranta, kaya wewayangan sing mau tak sawang ing Marone Lopara. Aku dadi ngerti nek wong lima kuwi genah nek para Bebau Kalurahan Tambak sing ora akur karo Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot.

            “Mila saestu Anakmas” wong sing tuwa dhewe saka wong lima kuwi guneman, tak kira kuwi sing jeneng Jaladri sing dadi Bebau ing Padhukuhan Tengah “kula tiyang gangsal menika babar pisan boten semadosan. Nanging kula tiyang gangsal niki wau, ing papanipun piyambak-piyambak sami mireng suwanten ingkang boten wonten kendelipun, suwantenipun tiyang sepuh ingkang paring dhawuh ngabari menawi Anakmas Puranta sak niki wonten papan mriki. Kula tiyang gangsal menika ugi boten nyana bilih kanca-kanca ingkang wonten mriki menika ugi nampi dhawuh ingkang sami. Nuwun sewu menapa Anakmas Puranta sampun ndhawahaken aji Dipa Paweling dhumateng kula sakanca menika?”.

            Aku nggagas lan duwe pangira yen kuwi mau panggawene Ki Jurudah utawa Ki Prasanta. Nanging aku ya banjur meneng wae, wong lima sing ana ngarepe Puranta kuwi ora bakal weruh wewujudanku sing mapan ing Alam Panglemunan.

            “Kula boten nggadhahi aji Dipa, Paman” wangsulane Puranta “lan kula estunipun ugi boten ngajeng-ajeng ndika sedaya rawuh manggihi kula, malah niki wau mapan kula inggih pados papan ingkang boten gampil kasumerepan dening tiyang sanes. Nanging gandheng Paman Bebau Tengah sakanca sampun sami pirsa kawontenan kula, kula inggih badhe blaka bilih wangsul kula menika namung badhe ngaturaken Kyai Pantek ingkang murca dhateng Ki Lurah. Lan kula badhe ngaturaken prakawis ingkang sakalangkung wigati magepokan kalihan kawontenan ing Kalurahan tambak wekdal menika”.

            “Makaten inggih Anakmas?” Bebau Tengah guneman maneh “prekawis ingkang wigati menika menapa, Anakmas ?”.

            “Kula dereng saged ngaturaken sakmenika Paman” wangsulane Puranta “kula taksih nengga dhawuh saking para priyagung ingkang sampun nyambung gesang kula saha manggihaken Kyai Pantek lan kaparingaken dhateng kula”.

 

Ana candhake.

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...