64.
Ki
Sarkara rumaos sansaya bingung, Nyai Sapaetun pranyata langkung nekad. Menapa
ingkang dipun ucapaken sampun boten mawi raos isin malih. Malah meh kados
ucapipun para wanita palanyahan ingkang panggaotanipun dodolan katresnan
sakeplasan. Namung bentenipun manawi Nyai Sapaetun menika boten murih opah,
malah kepara purun tombok. Manawi kala wau Ki Sarkara ngakeni kober kasengsem
ndulu wanita ingkang mertamu ing dalemipun mBah Tambak menika, nanging sareng
mireng wicantenipun Nyai Sapaetun ingkang kantun-kantun menika, ndadosaken Ki Sarkara
mrinding githokipun.
“Nuwun
sewu Nyai, menapa ingkang ndika kersakaken menika saestu badhe nuntun kula
nyemplung ing juranging kacintrakan lan kanisthan. Ingkang ndika kersakaken
menika dede jampi, nanging wisa. Awit lekas ndika ingkang makaten kala wau
namung nuruti pangajaking hawa lan nafsu ingkang njenjemberi lampahing tiyang
gesang. Kula aturi emut Nyai, ndika menika kados dene kula nembe nampi cobaning
Gusti, murih lulus lan saged wilujeng boten wonten cara sanes kajawi namung
sansaya nyaket dhateng Gusti, boten nuruti panjeriting hawa ingkang badhe
ngajak cilaka ingkang kados makaten menika” wasana kalihan ngempet raos gigu,
Ki Sarkara nyobi suka pitutur dhateng Sapaetun.
“Ki
Sarkara, ndika nyata mentala dhateng kula” Sapetun semaur kalihan suwanten kepireng
nggrantes “kula sampun mbucal raos wirang ing ngarsa ndika, ewa samanten ndika
taksih mentala nampik panyuwun kula. Samangke bebasan tiyang nyabrang kali
sampun dumugi tengah, badan lan sandhangan kula inggih sampun klebus sedaya,
wirang menawi ta kula wangsul minggah dhateng dharatan malih, kula kadhung mbeber
wirang ing ngarsa ndika, mila tinimbang namung sepalih-sepalih anggen kula
wirang, samangke badhe kula tutugaken kemawon murih ketingal sedaya wirang
kula. Kula badhe lukar sandhangan ing ngarsa ndika lan boten badhe kula kendeli
saderengipun ndika nuruti menapa ingkang dados panyuwun kula”.
“Sampun
kados makaten Nyai!” setengah nggetak Ki Sarkara menging Nyai Sapaetun “badhe
boten pedah babar pisan menapa ingkang badhe ndika lamapahi menika. Kula
panggah ing pamanggih kula, kula lan ndika boten kenging nglampahi kadurakan nuruti
pangajaking hawa napsu ingkang njejemberi menika”.
“Kula
boten badhe meksa ndika nuruti panyuwun kula Ki” wangsulanipun Nyai Sapaetun
kalihan mesem “kula namung nglegani manah kula piyambak, kula menika namung
wanita remeh lan boten wonten ajinipun ing ngarsa ndika, dados inggih boten
menapa-menapa menawi kula ngliga badan sakajeng kula lan kula sampun nggadhahi
tekad boten badhe ngangge sandhangan saderengipun raosing ngorong lan ngelak
kula pikantuk jampi saking ndika Ki Sarkara”.
Rampung
wicanten ngaten menika, Nyai Sapaetun lajeng miwiti badhe lukar busana. Ki Sarkara
kaget kaworan bingung, badhe tumindak kasar dhateng Nyai Sapaetun boten wantun.
Awit kengetan welingipun Nyai Pandhanwangi nalika badhe bidhal kala wau sonten.
Menawi boten mawi tumindak kasar, kadosipun Nyai Sapaetun boten saged dipun
tuturi malih. Saking patog puteging manahipun, wasana Ki Sarkara lajeng ngadeg,
Nyai Sapaetun badhe dipun tilar medal saking griya. Radi kesesa anggenipun
mlampah Ki Sarkara awit ajrih menawi ngantos karumiyinan Nyai Sapaetun nindakaken
kados ingkang dipun ucapaken. Nanging Nyai Sapaetun kados sampun tanggap
kalihan lekasipun Ki Sarkara, lajeng tumut ngadeg lan badhe ngetutaken Ki Sarkara
medal saking griya. Ki Sarkara wewah gupuhipun, menapa malih nalika sumerep tanganipun
Nyai Sapaetun kados badhe nggandhuli sinjangipun. Tanpa taha-taha Ki Sarkara
mencolot badhe mlajar, nanging kabekta awit saking kasesa, kirang prayitna anggenipun
mlumpat Ki Sarkara, temah nabrak lengkorahing kori, pas ing pilinganipun. Sakala
panonipun Ki Sarkara dados sumrepet lajeng dhawah ing tengahing lawang. Sanaosa
makaten, Ki Sarkara taksih mbudidaya murih boten ngantos dipun cepengi dening
Nyai Sapaetun. Mila Ki Sarkara lajeng tangi malih, kanthi panyawang ingkang
taksih peteng, lajeng mlajeng nasak petenging dalu, boten metang tansah
nabrak-nabrak ingkang wonten ngajengipun inggih awit paningalipun ingkang boten
cetha.
Ngantos
dangu Ki Sarkara mlajeng, ewa samanten saking rumaosipun Nyai Sapetun inggih
tansah nututi kemawon. Mila Ki Sarkara ugi lajeng boten kendel-kendel
anggenipun lumajar. Nembe Ki Sarkara ngendeli anggenipun mlajeng, sareng napasipun
sampun meh telas lan lamat-lamat kapireng ing talinganipun suwantenipun mBah
Tambak ingkang nguwuh-uwuh nyebat naminipun :
“Heh
Ki Sarkara, tangi dhisik iki wis meh awan, wektu kanggo manembah wayah esuk wis
meh entek!”.
Ki
Sarkara mbikak mripatipun, noleh nganan lan noleh ngering, jebul piyambakipun
nembe tilem semendhe saka ing tengahing jogan griyanipun mBah Tambak.
Salebeting manah ngraos ngungun lan bingung, awit kala wau piyambakipun sampun
mlajeng tebih nilar klasa ingkang dipun linggihi ingkang dipun gelar ing tengahing jogan menika.
“Uwis
Ki Sarkara” mBah Tambak wicanten malih “olehe nggagas impen sing nganti nglindur-nglindur
kuwi ditutugne mengko wae, saiki prayoga ndika nindakne kuwajiban luwih dhisik,
tumuli enggal sesuci kana!”.
Tanpa
semaur, Ki Sarkara lajeng mlampah medal tumuju sendhang. Sasampunipun sesuci
nut lampahing sarengat ingkang dipun ugemi, Ki Sarkara lajeng minggah ing
satunggaling sela kumalasa ingkang apraupan leter, lajeng nindakaken sembahyang
ing nginggiling sela kasebat. Ing salebeting panembahipun Ki Sarkara
ngunjukaken puji kunjuk Hyang Agung dene taksih kaparingan gesang ngantos
enjing menika, boten kantun lajeng nenuwun mugi enggal kaparingan pitulungan
murih tumunten saged gesang limrah kados tiyang-tiyang sanesipun. Gandheng Ki
Sarkara taksih lam-lamen kalihan lelampahan ingkang dereng dangu dipun lampahi,
inggih menika anggenipun kepanggih kalihan pawestri ingkang ayu, ingkang
naminipun Nyai Sapaetun, nanging lajeng kanyatanipun Ki Sarkara dipun gugah
dening mBah Tambak, mila Ki Sarkara lajeng nyenyuwun dhumateng Gusti Allah
muring kaparingan pangayoman saking panggodhaning titah ingkang kasatmata lan
ingkang boten. Sasampunipun sembahyang lan ndedonga, Ki Sarkara lajeng mandhap
saking sela kumalasa, mlampah wangsul dhateng griyanipun mBah Tambak.
Salebeting manah kepengin nyumerepi kawontenanipun semah lan anakipun jaler
ingkang kala dalu sakalangkung angler anggenipun tilem.
“Bapa…..,
Bapa kok suwe temen olehe menyang Sendhang? Tak enteni kok ora teka-teka?”
nembe kemawon Ki Sarkara dumugi plataraning griyanipun mBah Tambak sampun
dipapag kalihan pitakenan dening anakipun jaler, nalika samanten Pradapa nembe
kemawon dolanan gangsingan ing latar, lajeng kendel anggenipun ngubengaken
gangsingan sareng sumerep tiyang sepuhipun wangsul saking sendhang.
“Iya
mau Bapa isih sembahyang neng pinggir sendhang” wangsulanipun Ki Sarkara
kalihan mesem “kowe mau kok wis tangi ? Gangsingane sapa kuwi kok uwete nganti
nglisi kaya ngono?”.
“Aku
wis tangi wiwit mau, bareng karo Biyung, malah wis ngrewangi mBah Tambak amek
Wilus barang kok, mula njur diparingi Gangsingan galih Lamtara iki, uwete saka
lulup Bolu, mulane nglisi. Oh iya mau Bapa dienteni mBah Tambak neng mburi omah
cedhak pawon”.
“Iya,
yen ngono Bapa tak enggal menyang mburitan wae” wangsulanipun Ki Sarkara
ingkang lajeng nylingker liwat iringaning griya, badhe dhateng wingking
griyanipun mBah Tambak.
Jebul ing wingking griyanipun mBah Tambak menika
wonten plataran ingkang radi wiyar, embanipun ngaten kados patamanan. Kathah
sesekaran warni-warni ingkang dipun tanem ing mriku. Ing satengah-tengahipun
wonten kajeng ageng ingkang ngrembuyung pang lan ron-ronipun. Ing sangandhaping
kajeng ingkang ageng menika wonten jejeran lincak ingkang kadamel saking
bongkotaning deling ori, katata cekli. Inggih
ing lincak ingkang dipun jejer-jejer menika ketingal Ki Jurudah, Ki Prasanta,
Nyai Pandhanwangi sami lelenggahan kalihan mBah Tambak. Kalihan jejagongan
priyantun sekawan menika sami ngadhepi Cangkir Bathoking klapa, isinipun wedang
jahe, ingkang ketingal taksih kumebul peganipun, ngedalaken gandanipun jahe
ingkang arum. Ugi ing lincak ngajengipun wonten tebok alit ingkang linemekan
ron pisang, ing nginggiling ron pisang ketingal uwi alus ingkang warnanipun
pethak memplak, ugi taksih kumebul mracihnani menawi nembe kemawon anggenipun
ngenta saking dandang.
“Kene,
kene Ki Sarkara….” mBah Tambak gage kemawon anggenipun mbagekaken dupi Ki
Sarkara dumugi papan mriku “wedang ndika diselehne ana kene iki lho!”.
“Ngaturaken
genging panuwun” wangsulanipun Ki Sarkara ingkang lajeng mapan linggih ing
lincak ingkang dipun tudingi mBah Tambak.
“Wedange
diunjuk dhisik Ngger” Ki Jurudah melu ngacarani “esuk-esuk rayi ndika dening
mBah Tambak wis diprentah nggodhog Wi Alus. Pancen esuk-esuk ngene iki karo
wedangan pacitane wi alus sing digodhog, mathuk nganggo banget kok”.
“Inggih
Kyai” wangsulanipun Ki Sarkara kalihan nyandhak cangkiripun.
“Wi
Alus iki enake ya mung nek isih panas ngene iki” gentos Ki Prasanta ingkang
wicanten “beda karo Wi Bang-kulit utawa Wi Senggani, sanadyan wis adhem isih ora
owah rasane. Nek Wi Alus utawa Wilus ngene iki, aba wis adhem ya banjur dadi
atos”.
“Nanging
rasane panggah ora owah, gurihe ya ora ilang” mBah Tambak nyauti wicantenipun
Ki Prasanta.
“Bener,
sing ilang mung empuke wae” Ki Prasanta suka wangsulan kalih nyuwil Wi Alus ing
ngajengipun.
“Piye
Ki Sarkara?” sareng sampun radi sawatawis anggenipun Ki Sarkara tumut linggih
ing lincak, mBah Tambak lajeng pitaken “apa ndika isih lam-lamen marang impen
sing wis ndadekne ndika nganti nglindur-nglindur mau?”.
“Leres
mBah” Ki Sarkara atur wangsulan kanthi blaka “mila pasupenan kala dalu menika
paupenan ingkang nggegirisi saestu, kados kedadosan ing alam nyata. mBok menawi
awit kula supe anggen kula miwiti tilem, ngertos-ngertos sampun nyupena ingkang
ngantos nglindur-nglindur, tujunipun enggal dipun gigah dening mBah Tambak.
Inggih kula nyuwun pangapunten dhateng Nyai Pandhanwangi, kula boten saged
nglampahi jejibahan kanthi leres. Kadhawuhan tengga griya malah kula ketileman
tanpa sengaja, kamangka padatanipun kula menika kalebet tiyang ingkang boten
pinter tilem lho?!?”.
“nDika
ora prelu njaluk pangapura Kaki” ingkang paring wangsulan Nyai Pandhanwangi,
anggenipun paring wangsulan kepireng sekeca lan boten nedahaken raos cuwa babar
pisan “jalaran ndika pancen ora luput, awit sing jenenge turu utawa keturon,
kuwi satemene dudu panguwasane sing nglakoni nanging ana pangwasane sing wenang
gawe pati lan urip. Sanadyan menungsa arep mbudidaya murih bisa turu, yen Gusti
ora marengake ya tiwas tuwas, kosok baline sanadyan manungsa mbudidaya murih
bisa melek nanging nek Gusti ngersakne
menungsa kuwi turu, ya banjur keturon kaya sing ndika alami mau bengi
kuwi”.
“Inggih
Nyai” Ki Sarkara atur wangsulan “nanging saestu kula rumaos gumun kalihan
pasupenan kula kala wau, saben-saben kemutan rumaos kula inggih kados boten
nyupena nanging kelampahan ing alam kanyatan”.
“Ngene
ya Kaki” Nyai Pandhanwangi mesem “aku arep takon magepokan karo impen sing
ndika alami mau, apa sing miwiti dadi crita ing impen ndika kuwi? Nek sing dadi
pungkasane rak ndika keprungu suwarane mBah Tambak sing nggugah ndika supaya
tangi mau?”.
“Inggih
Nyai, mbok menawi anggen kula wiwit tilem boten dangu saking anggenipun Nyai
saha Kyai Jurudah lan Kyai Prasanta miwah mBah Tambak jengkar saking griya
bidhal dhateng tepinipun Lepen Gebyog menika” Ki Sarkara miwiti atur wangsulan.
“Kok
ndika bisa kandha mangkono?” Nyai Pandhanwangi nyela rembag.
“Inggih
Nyai, blaka suta kula kala dalu saderengipun ketileman mila kula sampun
tumindak dosa dhateng Nyai Pandhanwangi” wangsulanipun Ki Sarkara.
“nDika
Tumindak dosa marang aku?” Nyai Pandhanwangi njengkerutaken palarapanipun “dosa
apa kuwi, Kaki?”.
“Kula
sampun cubriya kalihan dhawuh jengandika Nyai ingkang ndhawuhaken bilih Semah
lan anak kula kala dalu menika badhe tilem ingkang sakalangkung pules, bebasan
wontena bledheg sewu mungel sesarengan boten badhe tangi, nanging kula kirang
pitados temah mbuktekaken kanthi njabel wulu cumbunipun semah kula ingkang
pranyata saestu piyambakipun babar pisan boten keganggu anggenipun tilem”
wangsulanipun Ki Sarkara “Pramila kula lajeng ngraos keduwung dene sampun
kumawantun cubriya dhateng dhawuh jengandika Nyai”.
“O
Ngono?” Nyai Pandhanwangi lajeng pitaken malih “banjur ndika keturon ing klasa
sing digelar ing tengah jogan mau bengi kae?”.
Ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar