63.
Ki
Sarkara namung kendel mirengaken kemawon menapa ingkang dipun ucapaken dening
Nyai Sapaetun. Namung salebeting manah lajeng nggagas menawi Nyai Sapaetun
menika nyata wanita ingkang boten trimah namung jejer minangka kanca wingking
kemawon, liripun menawi kala wau Nyai Sapaetun criyos bilih kakungipun ingkang
samangke kecanthol kalihan warandha ing Dhukuh Kepuhsluku menika boten remen
ulah tetanen awit langkung remen nandangi padamelan minangka tukang kajeng saha
undhagi, mangka saged dipun pesthekaken bilih kangge nandangi pakaryan nggarap
pategilan saha ngopeni rajakaya ingkang samanten kathahipun menika dados
tanggel jawabipun Nyai Sapaetun piyambak. mBok menawi kemawon, bandha donya
wujud pategilan lan raja kaya menika rumiyin warisan saking tiyang sepuhipun
Nyai Sapaetun dede bandha asil gana-gini saking anggenipun sampun emah-emah.
“Kula
kinten Ki Sarkara” Nyai Sapaetun nglajengaken anggenipun wicanten “menawi ndika
ngersakaken papan kangge manggen kalihan keng rayi saha keng putra, griya joglo
ingkang kula aturaken kala wau kaliwat turah menawi dipun panggeni ndika
sakulawarga. Manawi ndika ngersakaken ngambali padamelan kala rumiyin inggih
menika nglampahaken dol tinumbas raja kaya, kanthi ngelong sakedhik saking
asiling pategilan utawi mendhet raja kaya ingkang sampun cemawis wonten ing kandhang
sepinten ingkang dipun kersakaken, kula kinten saged kenging damel pawitan
nyambut damel. Dene menawi ndika ngersakaken santun panggaotan, lajeng
nindakaken ulah tetanen pategilan ingkang jembaripun langkung saking sekawan bahu
kawewahan rajakaya ingkang wonten kandhang menika kula kinten inggih saged kaginakaken
minangka sanguning ulah tetanen ingkang langkung cekap. Saestu Ki Sarkara,
menawi ndika kersa sadaya ingkang dados gadhahan kula menika badhe kula
pasrahaken dhateng ndika, panyuwun kula namung setunggal inggih menika kula
namung kepengin ndherek momong ingkang putra saha angrencangi keng rayi lelados
dhateng ndika Ki Sarkara”.
Kados
ing alam impen kemawon raosing manahipun Ki Sarkara mireng wicantenipun Nyai
Sapaetun ingkang kados makaten menika. Awit angel dipun pikir mawi nalar menawi
dumadakan piyambakipun kepanggih kalihan satunggaling pawestri ingkang kados
makaten saenipun. Badhe kasukanan bandha donya ingkang samanten kathahipun
kathik piyambakipun namung katedhi purun dipun ladosi dening wanita ingkang
kasulistyanipun kados widadari ngejawantah. Mawi tetimbanganing nalar limrah,
saged ngrabi tiyang ingkang ayunipun kados Sapaetun makaten menika kemawon
kedah mawi pangurbanan ingkang boten alit. Mawi pitukon ingkang sakalangkung
awis. Nanging dalu menika malah dhawah kuwalik, sampun dipun tawani ngrabi
Sapaetun kanthi lelahanan, kathik taksih badhe dipun pasrahi bandha donya
ingkang boten kantenan kathahipun, tur malih Sapaetun boten gadhah lekas
kepengin misahaken antawisipun Ki Sarkara kalihan Nyai Sarkara saha yoganipun
nenggih Pradapa, Sapaetun namung kepengin kawengku minangka semah ingkang angka
kalih kemawon. Namung tiyang ingkang boten sumerep legining gendhis kemawon
ingkang boten kasengsem dhateng menapa ingkang dipun tawakaken Nyai Sapaetun
ingkang makaten menika. Nanging menapa estu makaten?.
Lamat-lamat
kapireng ing angen-angenipun Ki Sarkara, pitutur ingkang asring kocap ing
sela-selaning cariyosipun mBah Tambak ingkang asring dipun mirengaken :
“Aja
seneng melik barang kang melok banjur kesusu selak muluk, awit kang mangkono
mau bisa ndadekne keselak-selak sing kurang-kurang bejane bisa ndadekne cilaka
lan wirange raga”.
Ugi
kapireng malih pitutur ingkang nate kapireng saking tiyang sepuhipun nalika
jaman rumiyin piyambakipun badhe nyambut damel dol tinumbas raja kaya :
“Yen
pancen kowe kepengin nindakne laku bebakulan, kowe kudu ngati-ati thole. Awit
kowe bakal weruh barang sing bisa gawe balerenge mripat merga mencorot sunare,
barang sing katon endah lan ndhemenake nanging sejatine kuwi mung becik yen
disawang karo mripat sing merem wae. Weruha dalan patine laron Thole, merga
kasengsem marang sunaring diyan, laron mati mrothol lare kena genining diyan.
Akeh iwak sing padha mlebu wuwu awit
sajroning wuwu katon akeh panganan sing nengsemake. Aja mbok kira yen ana ula
sing endah warnaning pakulitane kae becik yen kanggo rerengganing raga, awit
ing walike kulit sing endah manekawarna kae ana wisa sing bisa nekakne bilahi
tumrap sing kena”.
Lan
Ki Sarkara lajeng sakalangkung njegreg malih nalika emut wangsulan ingkang
dipun tampi nalika rumiyin nembung Satiti dhateng tiyang sepuhipun badhe dipun
rabi, :
“Ngger
Satiti kuwi anakku sing banget tak tresnani, selawase aku ora bakal rila yen
nganti Satiti dilarani sapa wae, iya dilarani ragane luwih-luwih dilarani
atine. Yen kowe nembung arep ngajak Satiti dadi sisihane uripmu, aku bisa
ngidini lamun kowe gelem prasetya ora bakal gawe laraning atine anakku Satiti.
Wektu iki kowe tresna marang Satiti lan Satiti uga tresna karo kowe, panjalukku
aja nganti tresna iki ana sing nyidrani. Aku wong tuwa mung bisa kandha lan
nyenyuwun marang Sing Maha Kuwasa, sapa
sing panggah setya marang tresnane nganti jaman apa wae muga jinangkunga uripe
dening Hyang Agung temah tansah rahayu kang tinemu, lan sapa sing miwiti nyidrani
tresna ing kono margane cilaka”.
Wasana
Ki Sarkara lajeng namung tumungkul boten tumunten suka wangsulan dhateng Nyai
Sapaetun, nalaripun Ki Sarkara boten kendel-kendel anggenipun meper
gumronjaling manah ingkang kelajeng sengsem mireng menapa ingkang dipun
ucapaken dening Sapaetun.
“Kados
pundi Ki Sarkara?” sareng ngantos dangu Ki Sarkara namung kendel, Sapaetun
lajeng pitaken “menapa Ki Sarkara saged nampi bilih pepanggihan antawisipun
ndika lan kula dalu menika mila sampun jodho? Sampun was lan sampun mamang ing
penggalih Ki, menapa ingkang kula aturaken sedaya kala wau estu mijil saking
prenthuling manah kula ingkang suci. Prasetyaning manah kula, menawi ndika
kersa kula suwitani, kula badhe ndhaken keng rayi kados sedherek kula estri
ingkang kepanggih sepuh saha badhe andhaken ingkang putra kados dene anak kula
piyambak. Dados kula inggih boten namung ngalap sih tresna ndika kemawon,
nanging kula inggih purun anresnani keng rayi saha keng putra kanthi tulusing
manah”.
“Nyuwun
pangapunten Nyai” wasana kanthi ngatos-atos Ki Sarkara suka wangsulan “kaparenga
kula mblakakaken raosing manah kula dhateng ndika Nyai Sapaetun. Saestu begja
kemayangan tumrap kula dene dalu menika saged tetepangan kalihan ndika, wanita
ingkang tuhu sulistya ing warna saha sulistya ing salebeting batin. Kula ugi
ngaturaken genging panuwun ingkang tanpa pepindhan awit kawigatosan ndika
dhumateng kula, tiyang klambrangan ingkang boten cetha badhe dados menapa
menika, langkung nedha nrima malih nalika ndika kanthi manah ingkang suci
sampun rila legawa badhe paring pitulungan dhateng kula, badhe asung papan lan
pawitan kangge nglajengaken gesang kalihan anak lan semah kula, malah ingkang
sakalangkung ageng malih ndika kepareng badhe paring lelados dhateng kula
minangka maruning semah kula. Kula kinten namung tiyang ingkang tuna ing
pangrasa menawi ngantos anampik menapa ingkang badhe ndika paringaken menika.
Nanging kapeksa kula nyuwun genging pangaksami Nyai, kula pun Sarkara priya
ringkih lahir batinipun menika boten kuwawa nampi agenging sih ingkang ndika
paringaken menika. Menawi Nyai Sapaetun kapareng mundhut pitulungan dhateng
kula murih saged manunggal malih kalihan ingkang raka ingkang samangke nembe
kenging godha, saestu kula sagah lan pamundhut ndika badhe kula lampahi tanpa
ngangge prabeya menapa-menapa. Utawi menawi Nyai ngersakaken pados gantosipun
keng raka ingkang samangke kaanggep sampun lepas saking embanan, kula ugi sagah
madosaken priya ingkang satimbang kalihan kasulistiyan miwah kaluhuran ndika,
kula ugi boten badhe murih piwales menapa-menapa kajawi namung murih karenaning
Gusti Ingkang Maha Asih kewala. Nanging sepisan malih kula ambali, menawi kula
kapsrahan sadaya bandha donya tuwin jiwa raga ndika Nyai Sapaetun, kapeksa kula
mopo. Boten jalaran saking menapa-menapa, kajawi namung kula ngertos bilih kula
boten badhe kuwawa nampi karilananing penggalih ndika menika. Bebasan kados
dene peksi gemak tartamtu boten badhe kiyat menawi kabusanan mawi elaripun
merak lan menawi si gemak badhe nekad boten sande badhe rekaos gesangipun,
boten saged ebah kabotan elar ingkang sakalangkung endah nanging awrat. Ugi
saged dipun pindhakaken kalihan tiyang papriman ingkang kulina gesang ing
pinggiring bango-bango peken lajeng kapasrahan kedhaton ingkang edi peni,
mangka boten sande badhe nuwuhaken boten saenipun tumrap kekalihipun, si
papriman badhe kidhung lan kasiksa manahipun labet rumaos bingung anggenipun
badhe menapa-menapa, lan kedhaton endah ugi badhe bibrah awit boten kaupakara
kanthi samesthinipun……….”.
“Sampun,
sampun Ki Sarkara……..” Sapaetun nigas rembagipun Ki Sarkara mawi suwanten
ingkang kapireng radi sereng “bakenipun ndika nampik dhateng sedaya ingkang
kula aturaken dhateng ndika ta? lan ndika mentala dhateng kula temah boten kersa
paring pitulungan dhateng kula ingkang satuhu mbetahaken pitulungan menika?”.
“Borong
anggenipun badhe mastani Nyai” wangsulanipun Ki Sarkara alus sanadyan sampun
pirsa menawi Nyai Sapaetun cuwa manahipun “lakar kasunyatanipun kula boten
saged nglampahi menapa ingkang dados kersa ndika, mila kula inggih kenging kawastanan
boten purun. Menawi ta ngantos kula peksa murih purun, boten sande badhe
dameling kapitunan tumrap ndika lan kula. Kados tiyang ingkang boten saged
nglangi lajeng purun kaparentah murih nyabrangaken tiyang ing benawi ingkang
nembe nedhenging bena, menawi purun tan wurunga piyambakipun badhe kerem lan
kentir sesarengan kalihan ingkang dipun sabrangaken, Pramila sepisan malih kula
milih boten purun jalaran kula ngrumaosi ringkihing jiwa lan raga kula ingkang
boten badhe kiyat nampi peparing ndika Nyai Sapaetun”.
“Inggih,
inggih Ki Sarkara……..” suwantenipun Nyai Sapaetun nglendheh malih “kula saged
mangertos menapa ingkang ndika kersakaken, nanging menapa ndika ugi badhe tega
menawi wonten tiyang lumampah ingkang nandhang kasatan, kamangka tata gelar
ndika kagungan toya wening pinten-pinten genthong cawisan kangge semah ndika
olah-olah, lan tiyang ingkang nandhang kasatan kala wau namung betah saceglokan
kangge nelesi gurungipun ingkang garing lajeng nembung nyuwun toya dhateng
ndika, menapa ndika badhe mentala boten maringi kanthi pawadan toya pinten-pinten
genthong menika sampun dados kagunganipun semah ndika?”.
“Nuwun
sewu Nyai” Ki Sarkara langkung ngatos-atos malih anggenipun semaur “ingkang
Nyai kersakaken kados pundi?”.
“Dhuh
Ki Sarkara…. Ki Sarkara….” Suwantenipun Nyai Sapaetun ewah malih, kepireng radi
ngalem “kula ngertos bilih mokal ndika kepareng mundhut garwa kula jalaran
ndika boten badhe mentala menawi ngantos damel kuciwaning penggalihipun ingkang
rayi. Nanging kula ugi ngertos ndika menika priya ingkang tuhu “boten sagedan” mirsani
panandhanging tiyang sanes langkung-langkung panandhanging tiyang estri kados
kula. Blaka kemawon inggih Ki……”
Nyai
Sapaetun kendel sakedhap anggenipun wicanten, lajeng sasampunipun nyedhot napas
dipun sambet malih :
“Kula
menika sampun dangu boten kasenggol dening tiyang jaler, lan nalika kula
kedarang-darang nusul dhateng Kepuhsluku murih ngoronging raos kula saged
pikantuk usada, jebul malah manggih cuwa lan sakit manah kula. Samangke sareng
kula kepanggih ndika Ki Sarkara, raos ngorong saha ngelak menika sakalangkung
sanget anggenipun keraos. Sampun kula cobi matur nempil sumbering belik nanging
dening ingkang kagungan boten dipun parengaken, samangke sepisan malih kula
nembung Ki Sarkara, mugi sanaosa namung saceglokan mugi wonten rilaning
penggalih kepareng paring usada dhateng ngoronging raos kula menika, sampun ta
mawi pitukon menapa kemawon kula boten badhe suwala, sauger ndika kersa paring
jampi dhateng kula. Namung saceglokan Ki Sarkara!, menika boten badhe
ngobak-obak toya sagenthong lan boten badhe wonten ingkang sumerep kajawi
namung ndika kalihan kula, kula ngertos kok Ki, kala wau ndika kober sengsem
mirsani peranganing badan kula ingkang ketingal saperangan………”.
Ana
candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar