62.
Ing
manahipun Ki Sarkara temah tuwuh raos welas lan mesakaken dhateng Nyai Sapaetun
ingkang rumaos dipun siya-siya dening kakungipun menika. Ki Sarkara ugi rumaos
eman menawi ta wanita ingkang kados makaten teka dipun enthengaken dening kakungipun
malah ngeboti wanita sanes ingkang dereng cetha kawontenan sanyatanipun.
Langkung-langkung menawi ngantos kedanan dhateng tiyang estri kados ingkang
dipun cariyosaken dening Nyai Sapaetun kala wau, sepuh lan gadhah rupa ingkang
boten mingsra. Ing salebeting batos Ki Sarkara maiben dhateng kakungipun Nyai
Sapaetun ingkang sampun tumindak kados ingkang dipun cariyosaken Nyai Sapaetun
kala wau. Lan tiyang jaler ingkang nggadhahi tumindak kados makaten kala wau
boten pantes dipun aosi, boten pantes manawi ta dipun boboti.
“Nyuwun
pangapunten Nyai” Ki Sarkara lajeng wicanten ing pangangkah badhe asung rigen
dhateng Nyai Sapaetun “menawi kula gagas, ndika menika kalebet priyantun
ingkang keliwat saking sabar. Sampun dipun damel sakit kados makaten dening
kakung ndika, suprandene ndika taksih ngajeng-ajeng sih saking piyambakipun
ingkang rumaos sampun boten mbetahaken ndika malih. Kula aturi inggih Nyai,
prayoginipun tiyang jaler kados kakung ndika niku langkung sae menawi dipun
tilar wangsul mawon, kula pitados nitik kawontenan ndika ingkang kados makaten,
saupami dipun emohi dening setunggaling tiyang jaler, boten badhe kangelan
pados ganti ingkang kawontenanipun nglangkungi sedaya ingkang dipun gadhahi
tiyang ingkang ngemohi ndika kala wau. Nanging kula ugi nggadhahi pamanggih
katresnanipun Nyai dhateng keng raka menika mila tresna ingkang suci, awit
saking menika prayogi menawi ndika boten ngaya-ngaya nyadhong sih kawlasan dhateng piyambakipun,
sampun ta, menawi ndika sampun kundur malih dhateng griya, boten dangu malih
keng raka mangke harak wangsul piyambak lan ngrumaosi bilih boten wonten wanita
ingkang kasaenipun nglangkungi ndika”.
Kalihan
wicanten makaten menika estunipun Ki Sarkara ugi ngentha-entha ing
angen-angenipun, mendah begjanipun tiyang jaler ingkang saged amengku Nyai Sapaetun
ingkang nggadhahi dedeg piyadeg, pakulitan, rikma, pasuryan ingkang sedaya
sarwa sampurna lan boten wonten setunggal-setunggala saking peranganing
saliranipun wanita menika ingkang boten damel reseping mripat ingkang sumerep.
Sansaya nglambrang angen-angenipun Ki Sarkara, angen-angen ingkang rupi wenangipun
tiyang jaler nggadhahi semah langkung saking setunggal. Lan saupami Sapaetun
menika kadadosaken semah ingkang angka kalih ketingalipun kok inggih sae,
liripun piyambakipun badhe gadhah semah kalih ingkang sae-sae sedaya. Semah
ingkang sepuh inggih Nyai Sarkara ingkang samangke nembe tilem pules, ingkang
kasetyan saha bekti tuwin tresnanipun dhateng ki Sarkara sakalangkung ageng.
Lajeng semah ingkang angka kalih Sapaetun, ingkang mbok bilih boten dangu malih
dados warandha awit sampun cetha menawi dipun emohi dening kakungipun. Inggih
Sapaetun ingkang nggadhahi kasulistiyan ingkang bebasan tanpa wonten cacadipun
menika.
“Menapa
ingkang ndika dhawuhaken menika ketingalipun leres sanget Ki” sareng sampun
radi dangu sami boten wonten ingkang gineman, Sapaetun wiwit wicanten mangsuli
menapa ingkang dipun ucapaken dening Ki Sarkara “mila tiyang jaler kados tiyang
jaler kula menika boten pantes menawi dipun boboti, malah samangke kula
nggadhahi tekad sageda males sakit wirang kula dhateng piyambakipun. Piyambakipun
sampun criyos menawi boten mbetahaken kula, mangka kula ugi kedah saged criyos
menawi kula ugi boten mbetahaken piyambakipun malih. Mila menawi ing
benjangipun tiyang jaler kula menika wangsul kepengin mangsuli gesang kalihan
kula malih, boten badhe kula tampi, kula badhe pados tiyang jaler ingkang saged
sumerep kasaenan lan purun ngimbangi katresnan kula”.
“Kula
kinten menika langkung prayogi Nyai” wangsulanipun Ki Sarkara.
“Nuwun
sewu Ki Sarkara menika menapa sampun nate kagungan garwa menapa taksih legan
inggih?” dumadakan Nyai Sapaetun pitaken ingkang kenging kawastanan pitaken
ingkang sakalangkung wantun “kula tingali ing griya menika wontenipun namung
ndika piyambak Ki Sarkara”.
Dipun
tlemak mawi pitakenan ingkang makaten menika, Ki Sarkara radi kaget. Ketingalipun
dhayoh ingkang nembe sepisan kepanggih menika wonten raos dhateng piyambakipun.
Lan Ki Sarkara boten kepengin dipun wastani dening tamunipun nggadhahi watak
kados tiyang jaleripun Nyai Sapaetun ingkang remen dolanan manahipun tiyang
estri. Pramila Ki Sarkara lajeng nggeret tanganipun murih uwal saking
tanganipun Sapaetun. Nanging ketingalipun Sapaetun taksih dereng kepengin
nguwali anggenipun gegem-gegeman tangan kalihan Ki Sarkara, mila inggih
anggenipun nggegem langkung dipun kiyati, kados-kados makili suwantening
manahipun murih Ki Sarkara boten nguculi anggenipun nggegem tanganipun.
“Nyuwun
pangapunten Nyai” kalihan praupan ingkang radi mbrabak awit kraos rikuh Ki
Sarkara suka wangsulan “bares kemawon kula menika sampun gadhah semah malah ugi
sampun gadhah anak setunggal, ingkang semah saha anak kula menika sakalangkung
kula tresnani bebasan nglangkungi tresna kula dhumateng nyawa kula piyambak”.
“Wadhuh….
Menawi makaten kula nyuwun pangapunten lho Ki….” Nyai Sapaetun wicanten,
kalihan nguculi anggenipun nggegem tanganipun Ki Sarkara “kula kinten menawi
ndika menika taksih legan”.
“Kula
kedahipun ingkang nyuwun pangapunten Nyai, awit boten blaka wiwit wiwitan”
wangsulanipun Ki Sarkara.
“Makaten
ugi kula Ki” Nyai Sapaetun nyauti wangsulanipun Ki Sarkara “tuhu begja
kemayangan pawestri ingkang sampun kawengku kakung kados ndika menika, lha
samangke keng rayi saha keng putra nembe tindak pundi? Kok wiwit wau kula boten
sumerep?”.
“Semah
saha anak kula ketingalipun sami kekeselen Nyai” wangsulanipun Ki Sarkara “wiwit
sonten sampun sami angler anggenipun tilem ing pengkeran”.
Ki
Sarkara lajeng blaka menawi griya menika dede griyanipun nanging griyanipun
mBah Tambak ingkang samangke nembe tindakan. Piyambakipun ugi ngaken menawi
namung tiyang keplantrang lajeng mampir ing griya mriku lajeng katitipan pisan
salebeting sedalu menika. Malah Ki Sarkara ugi criyos menawi manahipun taksih
kalimputan ing pepeteng, jalaran dereng mangertos benjingipun badhe dhateng
pundi malih, awit mila dereng mangertos papan ingkang badhe dipun tuju. Inggih
papan ingkang sakintenipun saged dipun enggeni kangge nyambung gesang kalihan
anak saha semahipun. Lan Ki Sarkara ugi lajeng nyuwun pangapunten malih awit
kala wau sampun tumindak kirang trapsila dhateng Nyai Sapaetun boten ngilo
menawi piyambakipun sampun gadhah anak saha semah sarta nembe salebeting gesang
ingkang boten cetha.
“Boten
dados menapa Ki Sarkara” wangsulanipun Nyai Sapaetun ingkang ugi kanthi praupan
ingkang mbrabak abrit “estunipun kula ingkang lepat, inggih waleh-waleh menapa
kabekta saking sampun radi dangu kula boten kasiraman dening sihing tiyang
jaler, kraos ngorong gorokaning asmara kula. Mila dupi cecaketan kalihan
priyantun ingkang anuju ing prana kula, sagebyaran kula supe inggih supe
ingkang kula sengaja, murih saged mikat pangraos ndika. Kula inggih nyuwun
pangapunten menawi kala wau ndika nyumerepi kendhoning kemben kula temah
amirsani peranganing badan kula ingkang mesthinipun namung kenging kapirsanan
dening tiyang jaler ingkang dados sisihan kula”.
“Inggih
Nyai, mila awakipun piyambak menika titah limrah ingkang boten tebih saking
manah ingkang supe saha tumindak ingkang lepat” Ki Sarkara lajeng wicanten
malih “inggih mugi-mugi sasampunipun emut lan mangertos menawi tumindak ingkang
kala wau pranyata boten leres, boten kumat supe malih lan mboten mangsuli
tumindak ingkang nerjang kasusilan saha pepacuhing Gusti menika. Nuwun sewu,
ing pengkeran dalemipun mBah Tambak menika wonten amben suwung, jejer kalihan
amben ingkang dipun angge tilem anak saha semah kula, samangke Nyai kula aturi
aso salira rumiyin. Kula badhe nutugaken anggen kula linggih ing jogan mriki,
ngrantos rawuhipun mBah Tambak saha tamu-tamunipun ingkang kala wau miyos
dhateng tepining lepen Gebyog”.
“Matur
nuwun Ki Sarkara” Nyai Sapaetun suka wangsulan kalihan mesem ingkang esemipun
panggah yen sinawang sepet madu “nanging kula estunipun taksih kepengin matur
dhateng ndika, menawi ndika Ki Sarkara boten rumaos keganggu dening atur kula”.
“Nyai
Sapaetun ngersakaken paring dhawuh menapa ?” Ki Sarkara lajeng pitaken.
“Sareng
kula raos-raosaken lan kula cundhukaken kalihan lelampahan kula saha lelampahan
ndika Kyai Sarkara, kok ketingalipun wonten tembung jodho antawisipun kula
kalihan ndika Ki Sarkara” Nyai Sapaetun wiwit wicanten malih.
“Jodho
kados pundi Nyai?” Ki Sarkara kirang tanggap kalihan wicantenipun Nyai Sapaetun
“kula menika sampun gadhah semah saha anak, ingkang mokal saged kapisah kalihan
kula. Malah kados-kados kula boten saged gesang menawi ngantos pepisahan
kalihan anak lan semah kula, kula rencangi dados tiyang klambrangan ingkang
makaten menika inggih awit kula boten saged pisah kalihan anak saha semah kula,
Nyai”.
“Kula
ngertos Ki Sarkara, sepinten agenging raos tresna ndika dhateng keng putra saha
ingkang rayi” wangsulanipun Nyai Sapaetun sarwi sansaya nyaket malih anggenipun
linggih dhateng Ki Sarkara “kula dados nggagas, mendah remen saha mulyanipun
raosing penggalihipun mBakyu Sarkara ingkang sampun kawengku Ki Sarkara, priya
ingkang pideksa lan kagungan penggalih ingkang wicaksana menika. Makaten inggih
Ki……..”
Nyai
sapaetun ngendheg anggenipun wicanten ngantos radi dangu. Temah Ki Sarkara
lajeng pitaken malih :
“Lajeng
kersanipun jodho ingkang ndika dhawuhaken kala wau kados pundi Nyai?”.
“Kula
kalihan ndika sakulawarga menika sami Ki Sarkara, mila lajeng kula wastani
jodho” wangsulanipun Nyai Sapaetun “sami-sami nembe nampi pacoban saking Gusti
Ingkang Maha Agung, temah kula lan ndika sami nandhang kakirangan, namung
kemawon mila benten wujuding raos kirang kala wau. Menawi nDika Ki Sarkara,
inggih jalaran kecalan arta lan bandha donya ingkang rinebat dening durjana,
temah rumaos kirang lan sanget ambetahaken bandha saha donya kangge nglajengaken
gesang menika. Menawi kula, arta bandha donya kula boten dipun rebat dening
sinten-sinten, nanging katresnaning tiyang jaler kula ingkang dipun rebat
dening tiyang sanes, temah kula nandhang kekirangan ing sih saha katresnan.
Dene sasampunipun kula kepanggih kalihan ndika ing griya menika, kula kados
pikantuk peling bilih antawisipun kula lan ndika sakulawarga saged lepas saking
panandhang kekirangan menika menawi kula lan ndika purun ngawon kangge
pikantuk, purun ngelongi sakedhik saking ingkang dipun gadhahi kangge pikantuk
menapa ingkang sampun ical kala wau. Dugi mriki ingkang kula aturaken menapa Ki
Sarkara sampun tanggap lan kersa nindakaken lampah ngawon saha ngelongi ingkang
dipun gadhahi kala wau?”.
Ki
Sarkara boten tumuli suka wangsulan, malah salebeting manah lajeng ngraos
ngungun. Ngungun dhateng tamu ingkang nembe dipun tepangi menika, dereng dangu
kala wau nedahaken jibeging manah lajeng nangis kelara-lara, samangke sampun ewah
saged wicanten lancar kados wicantenipun tiyang ingkang waskitha lan wicaksana.
Menika tuhu ndadosaken Ki Sarkara rumaos gumun lan nalaripun ngosikaken manah
murih sansaya ngatos-ngatos ngadhepi wanita ingkang kala wau kober ndudut raos
sengsem ing manahipun menika. Menawi kala wau Ki Sarkara ngandel saha pitados
ngaten kemawon kalihan ingkang dipun cariyosaken Nyai Sapaetun, samangke Ki
Sarkara wiwit nggagas lan pitaken-pitaken dhateng manahipun, sinten sayektosipun
wanita ingkang tuhu sulistyeng warna menika lan menapa ingkang dipun kajengaken
dhateng piyambakipun ?.
“Cethanipun
makaten Ki Sarkara” sareng Ki Sarkara boten tumuli suka wangsulan, Nyai
Sapaetun lajeng wicanten malih “menawi wonten sarjuning penggalih ndika, Ki Sarkara
boten sisah nglajengaken lampah malih, benjing enjing kula ajak wangsul dhateng
griya kula ing Dhukuh Kepuhagal. Ing mrika sampun wonten griya joglo jejer
kalih jangkep sapendhapanipun, wonten lumbungipun ingkang kebak pantun ingkang
sampun binelahan, wonten kandhangipun ingkang isi ingah-ingahan, Mesa, Sapi,
Menda, bebek, menthog, ayam miwah iwen sanesipun jangkep. Boten tebih saking
griya menika wonten pategilan ingkang wiyaripun watawis sekawan bau langkung,
lan ing wekdal menika nembe nedhengipun taneman gaga ingkang katanem ing
pategilan menika memping kuning. Sadaya ngantos titi kalenggahan menika taksih
dados gadhahan kula dede gadhahanipun tiyang jaler ingkang nate gesang kalihan
kula jaragan tiyang jaler menika boten kalebet ewoning tiyang ingkang remen
makarti dados tiyang tani, nanging remen makarya minangka tukang kayu saha
undhagi”.
Ana
candhake.
ADA TEMAN KIRIM PESAN LIWAT WHATSAPP ISINYA KALAU DI BULAN RAMADHAN INI SAYA BANYAK KEGIATAN CERITA INI BISA DITANGGUHKAN SAMPAI BULAN RAMADHAN SELESAI.
BalasHapusTAPI SEMUA BERPULANG PADA SAYA KATANYA.
PRIPUN DULUR2 ?