61.
Sapandurat
Ki Sarkara kados ginugah jiwa jaleripun, nanging Ki Sarkara taksih kaparingan
emut bilih piyambakipun menika sampun gadhah semah malah ugi sampun gadhah
yoga. Temah nalaripun Ki Sarkara saged mastani menawi ganda arum ingkang medal
saking Sapaetun menika ganda ingkang sakalangkung mbebayani tumrap utuhing
anggenipun bebrayan kalihan Nyai Sarkara. Benten malih kalihan suwantening manah,
manahipun Ki Sarkara boten saged nyelaki bilih gegandan ingkang makaten menika
gegandan ingkang sakalangkung ngremenaken, eca manawi kaambet lan kanthi
ngganda gegandan ingkang makaten menika tuhu gegandan ingkang sakalangkung
dipun remeni dening tiyang jaler kalebet Ki Sarkara. Awit saking gegandan
ingkang makaten menika saged nuwuhaken gegambaran-gegambaran endah ingkang
angel dipun nalar mawi pikiran. Ngantos radi dangu kedadosan perang antawisipun
manah kalihan nalaripun Ki Sarkara. Wasana nalaripun Ki Sarkara ngemutaken
bilih wekdal menika piyambakipun nembe gesang salebeting panandhang lan kacingkrangan
lan kangge luwar saking panandhang menika kedah ngathah-ngathaken emut dhateng
Gusti Ingkang Maha Welas, kamangka menawi nuruti pangajaking manah ingkang
kasengsem dhateng ganda arum ingkang mijil saking Sapaetun menika ateges wantun
nerjang pepacuhing Gusti ingkang saged mewahi kasangsaran ingkang nembe dipun
sandhang.
“Nuwun
sewu Nyai” kalihan tumungkul Ki Sarkara lajeng pitaken dhateng dhayohipun “ambok
bilih wonten ingkang saged kula biyantu, ndika rawuh ing papan menika estunipun
badhe ngersakaken menapa?”.
“Matur
nuwun saderengipun Ki Sarkara” kanthi suwanten ingkang saged damel kumesaring
manahipun ingkang mireng, Sapaetun wangsulan “bares kemawon anggen kula sowan mriki
menika wiwitanipun namung betah pitulungan satunggal, nanging sareng sampun
kepanggih kalihan jengandika dumadakan ketingal kabetahan-kabetahan kula ingkang
mbetahaken pitulungan sanesipun saking jengandika Ki Sarkara”.
“Nyuwun
pangapunten Nyai, cethanipun kados pundi inggih?” Ki Sarkara pitaken malih awit
dereng nyandhak kalihan pikajenganipun Sapaetun.
“Inggih
Ki Sarkara” Sapaetun wangsulan nyethakaken pikajengipun kalihan tembung ingkang
alus manuhara “kados ingkang kula aturaken sepisanan wau, gandheng kula kedalon
wonten wana menika, kamangka suku kula sampun sakalangkung kesel, prasasat
boten kiyat malih kangge mlampah, kula lajeng badhe kendel ing sangandhaping
kajeng ingkang ageng, sanaosa kula ngertos menawi kula kendel lan tilem ing
sangandhaping kajeng ingkang ageng menika tuhu caket kalihan bebaya, nanging
badhe kados pundi malih? kula boten
sumerep papan ingkang aman kangge kendel. Nanging dumadakan kula sumerep cahyaning
diyan ingkang ndadosaken kula yayah tiyang lumampah ing wanci panglong kedadak
kepapag obor sewu. Ciptaning manah kula ngandhakaken bilih kula boten siyos
tilem ing papan ingkang mbebayani. Langkung-langkung sasampunipun kula ngertos
jebul diyan ingkang cahyanipun kula sumerepi wau, wonten ing griya menika.
Pramila kula lajeng daya-daya alok “kulanuwun” kala wau, ciptaning manah badhe
nyuwun pitulungan dhateng ingkang kagungan dalem, mugi marengaken kula dalu
menika ndherek kendel ing dalemipun”.
“O
makaten ta kersanipun ?” Ki Sarkara emut welingipun Nyai Pandhanwangi
saderengipun bidhal kala wau, bilih menawi wonten tamu murih katampi kanthi sae
lan sampun ngantos dipun siya-siya “manawi makaten, prayogi menawi Nyai
Sapaetun tumunten ngleremaken salira, mangga kula tedahaken senthong prasaja
ingkang saged ndika agem aso salira”.
Ing
pangangkah Ki Sarkara badhe nedahaken Sapaetun murih ngaso ing amben ingkang
manggen ing sisihipun amben ingkang dipun angge tilem Nyai Sarkara lan Pradapa.
Menawi Sapaetun sampun ngaso ing mriku, mangka Ki Sarkara inggih badhe wangsul
linggihan ing klasa malih. Kanthi makaten Ki Sarkara saged meper suwantening
batin ingkang kroncalan awit kasengsem dhateng kasulistyanipun Sapaetun.
Nanging pranyata pikajengipun Ki Sarkara makaten menika boten tumunten saged
katurutan. Awit Sapaetun taksih wicanten malih :
“Matur
nuwun Ki Sarkara, nanging kaparengna kula nutugaken atur kula ingkang dereng
telas menika”.
“nDika
sampun kuwatos Nyai” wangsulanipun Ki Sarkara “ing mriki wonten amben prasaja
jangkep kalihan bantal tuwin klasanipun ingkang saged kaagem ngaso lan tebih
saking bebaya”.
“Mangke
rumiyin ta Ki, kula tak ngrampungne atur kula rumiyin” wangsulanipun Sapaetun
kalihan mesem ingkang sakalangkung ngujiwat.
“Nyuwun
pangapunten Nyai” Ki Sarkara nyuwun pangapunten dhateng tamunipun “mangga,
kadhawuhna menapa ingkang badhe ndika dhawuhaken”.
“Waleh-waleh
menapa Ki Sarkara” dumadakan praupanipun Sapaetun ingkang kala wau ketingal
mbranyak malih ketingal memelas, makaten ugi suwantenipun kados tiyang ingkang
ngampet raos sedhih “Estunipun kula kala wau rak saking Padhukuhan Kepuhsluku sakidulipun
wana menika?”.
“Inggih
lajeng kados pundi?” Ki Sarkara pitaken malih awit Nyai Sapaetun boten tumunten
nyambet ukaranipun.
“Anggen
kula kesah dhateng Kepuhsluku menika harak awit kula nusul tiyang jaler kula
ingkang pamitipun nalika bidhal watawis tigang wulan kapengker badhe pados padamelan,
mbara kerja ing Dhukuh Kepuhsluku menika, inggih jalaran kangge nyekapi
kabetahan ing griya sampun boten menapa-menapa” Nyai Sapaetun nglajengaken
wicantenipun, ketingal wonten luh ingkang tumetes saking mripatipun mili nelesi
pipinipun ingkang weweg nduren sajuring “nanging sareng sampun kelampahan kula dumugi ing
Dhukuh Kepuh Sluku dede remening manah ingkang kula panggih, nanging malah
kosok wangsulipun, kula ngraosaken kuciwaning manah ingkang tanpa upami, Ki,
manah kula malah dados sakit ingkang kados-kados boten saged dipun usadani malih”.
Nyai
Sapaetun lajeng nangis sesenggrukan, nedahaken sungkawaning manahipun. Sanaosa
makaten, boten nyuda kasulistyaning warnanipun pawestri menika. Ki Sarkara
kethukulan raos welas dhateng tiyang estri ingkang wonten ngajengipun menika,
sanaosa Ki Sarkara inggih dereng mangertos menapa ingkang njalari pawestri
menika sedhih satemah nangis sesenggrukan kados makaten menika.
“Nuwun
sewu Nyai” gandheng Nyai Sapaetun boten tumunten nglajengaken anggenipun
gineman malah tangisipun sansaya ngguguk, Ki Sarkara nunten wicanten “menapa
ingkang njalari ndika sungkawa? Menapa Keng Raka boten wonten ing Dhukuh Kepuhsluku
?”.
“Tiyang
jaler kula mila leres wonten ing Kepuhsluku, Ki” wangsulanipun Sapaetun kalihan
nangis “lan kula saged pepanggihan, nanging dede jampi kangen ingkang kula
panggihi sasampunipun kepanggih kalihan tiyang jaler kula, nanging malah raos
sakit ing salebeting manah, ingkang ngalangkungi sakitipun tatu ingkang
kineceran toyanipun cokak”.
Nyai
Sapaetun kendel malih anggenipun wicanten lajeng nangis malih.
“Sampun
Nyai mangga dipun tata rumiyin penggalihipun, boten sae menawi namung kagem
muwun makaten menika” Ki Sarkara ngarih-arih Nyai Sapaetun murih meneng saking
anggenipun nangis “kadhawuhna kemawon dhumateng kula, ambok bilih kula saged
atur pambiyantu murih saged ngentheng-enthengi awrating panandhang ingkang
ndika sandhang”.
“Matur
nuwun Ki Sarkara” wangsulanipun Nyai Sapaetun kalihan ngusapi luhipun mawi pucuking
kemben, ingkang ndadosaken Ki Sarkara tumungkul sami sakala. Awit kemben
ingkang kagem nutupi dhadhanipun pawestri ingkang sulistya ing warna menika
lajeng dados ketingal kendho, temah satleraman Ki Sarkara sumerep sesawangan
endah ing waliking kemben ingkang mesthinipun boten kenging dipun sawang.
“Sedya
saking griya ingkang sampun kula jejangka saged nyuntak raos kangen dhateng
tiyang ingkang kula tresnani, jugar, gagar wigar, ambyar malah ndadosaken manah
kula kados dipun iris-iris mawi peso ingkang teyengen” Nyai Sapaetun
nglajengaken anggenipun wicanten “anggenipun tiyang jaler kula kraos ing Dhukuh
Kepuh Sluku lan boten tilik-tilik griya menika jebul ing mriku tiyang jaler
kula kecanthol kalihan satunggaling Warandha, ingkang nuwun sewu umuripun
langkung sepuh katimbang tiyang jaler kula lan ugi praupanipun inggih boten
mingsra”.
Mireng
wicantenipun Nyai Sapaetun ingkang makaten menika, Ki Sarkara ingkang wau
tumungkul amarikelu jalaran ajrih sumerep sesawangan ingkang damel getering
manahipun, inggih awit saking mloroting kemben ingkang dipun aangge dening Nyai
Sapaetun, dumadakan ndengengek malih awit kasengsem dhateng cariyos ingkang
dipun ucapaken Nyai Sapaetun. Ki Sarkara dados sansaya kaget carup lan raos
dheg-dhegan ing salebeting jejantungipun, awit sesawangan endah kala wau
samangke ketingal sansaya langkung cetha malih.
“Kula
ngertos Ki” Nyai Sapaetun wicanten malih, lan kanthi nedahaken praupan ingkang
mbrabak tanganipun kumlawe ngleresaken kembenipun ingkang mblorot mangandhap,
wangunipun Pawestri ingkang sulistyaning warni menika kraos nalika sumerep Ki
Sarkara ketingal ndomblong sasampunipun ndengengekaken sirahipun lan sumerep kembenipun
ingkang kendho. Nanging anggenipun ngleresaken kembenipun inggih boten saged
sampurna malah kepara nambahi cethanipun sesawangan ingkang mesthinipun
katutupan rapet “mila tiyang jaler menika wenang gadhah semah langkung saking
setunggal, lan sanaosa kanthi manah ingkang sakit kula kiyat-kiyataken saged
nampi menawi tiyang jaler kula semah malih, waton tiyang jaler kula saged
tumindak adil dhateng semah-semahipun ingkang taksih mbetahaken tedha lahir
tuwin tedhaning batin saking piyambakipun….”.
“Nyata
ndika menika pawestri ingkang satuhu luhuring budi Nyai” Ki Sarkara ingkang
sampun ndhingkluk malih menika nigas ginemipun Nyai Sapaetun “arang wonten
wanita ingkang saged nampi katresnaning kakung ingkang dipun dum-dum kados
makaten”.
“Nanging
eman Ki Sarkara” Nyai Sapaetun suka wangsulan.
“Eman
kados pundi Nyai?” Ki Sarkara pitaken malih, nalaripun menging piyambakipun
ndengengek murih boten sumerep sesawangan endah ingkang estunipun boten kenging
dipun tingali.
“Rilaning
manah kula ingkang samanten kala wau, babar pisan boten dipun tampi kanthi sae
dening tiyang jaler kula miwah semahipun ingkang enggal” wangsulanipun Nyai
Sapaetun “tiyang jaler kula sampun rumaos kabetahaning batin sampun saged dipun
cekapi dening semahipun ingkang enggal, babar pisan boten purun ngemuti
kabetahaning batin kula. Tiyang jaler kula sanjang kenging kemawon kula
ngajeng-ajeng rumentahing sih saking piyambakipun, nanging kedah purun ngentosi
sakaliring piyambakipun. Semahipun ingkang enggal malah kumawantun nanting
dhateng tiyang jaler kula, kanthi panedhi tiyang jaler kula kenging langen
asmara kalihan kula menawi piyambakipun anuju nglilani, menawi piyambakipun
boten anuju nglilani lan tiyang jaler kula kadenangan kempal kalihan kula semah janur-ajuripun
menika, mangka piyambakipun badhe nyuwun pisah kalihan tiyang jaler kula kangge
salami-laminipun. Lan ingkang langkung damel sakiting manah kula malih, tiyang
jaler kula pranyata langkung nggugu dhateng panedhining semahipun ingkang
enggal menika”.
Kalihan
tumungkul Ki Sarkara mirengaken sedaya ingkang dipun cariyosaken dening Nyai Sapaetun.
Temah Ki Sarkara boten sumerep ingkang wonten kanan keringipun. Namung
salebeting manahipun Ki Sarkara wonten raos sansaya gumun, awit ganda arum
ingkang wiwit wau ngreridhu manahipun sansaya kraos gandanipun andulek ing
salebeting grana. Ki Sarkara nembe ngertos sasampunipun ing gigiring tanganipun
kraos wonten barang lumer ingkang nindhihi, lan nalika Ki Sarkara nyobi
angulati, nembe ngertos menawi epek-epekipun Nyai Sapaetun pranyata sampun
tumumpang ing gigiring tanganipun Ki Sarkara. Lan anggenipun linggih Nyai Sapaetun
sansaya ngangseg nyaket dhateng Ki Sarkara.
Ki Sarkara sakalangkung kagetipun, suwaunipun badhe ngipataken
tanganipun Nyai Sapaetun ingkang nggremet badhe ngremeti tanganipun, nanging Ki
Sarkara kuwatois menawi ngantos damel mewahi sedhihipun Nyai Sapaetun ingkang wekdal
menika nembe nandhang susah lan mbetahaken kawigatosan. Menapa malih nalika
manahipun ugi wonten raos remen nalika saged sesenggolan kalihan wanita ingkang
tuhu sulistyeng warni menika. Pramila sanaosa kanthi linambaran tansah emut
bilih piyambakipun boten kenging tumindak
dosa, Ki Sarkara inggih lajeng boten wantun menging Nyai Sapaetun murih boten
ngremeti tanganipun.
“Manggih
lelampahan ingkang kados makaten kala wau, kula lajeng pamitan wangsul dhateng
tiyang jaler kula, Ki” Nyai Sapetun inggih lajeng nglajengaken anggenipun
wicanten “lan tiyang jaler kula boten maelu babar pisan malah kepara nglajengaken
anggenipun mewahi sakiting manah kula kanthi nedahaken anggenipun pepasihan
kalihan semahipun ingkang enggal, inggih Warandha kaduk yuswa ingkang rupinipun
boten mingrsa menika”.
Ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar