Total Tayangan Halaman

Rabu, 22 Maret 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (60)


 

60.

mBah Tambak ketingal radi anyel, nanging inggih namung kendel malah lajeng tumut mesem, awit ngertos menawi nembe dipun godha dening Kyai Prasanta ingkang mila remen nggodha lan ngajak gegujengan  mBah Tambak. Ki Sarkara ingkang rumaos taksih enem piyambak, inggih enem kaweruhipun inggih enem umuripun, namung tumungkul kemawon, ngentosi dhawuh saking para sepuh.

“Nanging Kakang Jurudah kepengin sanakan ndika melu ngrungokne apa sing arep dikandhakne marang ndika mBah Tambak” wekasan Kyai Prasanta lajeng ngendika “kuwatire Kakang Jurudah nek sanakan ndika ora melu ngrungokne, banjur nutuh yen aku karo Kakang Jurudah wis ngongkon ndika lunga supaya pisah karo sanakan ndika kuwi, harak kojur ta yen ngono?”.

“O alaaah…..” mbah Tambak lajeng suka wangsulan “jan-jane ngono sing mambu ati marang Nyai Pandhanwangi kuwi aku apa ndika ta Ki Prasanta? Lha wiwit biyen ndika kuwi kok seneng banget nggandheng-nggandhengne apa-apa kok karo Nyai Pandhanwangi wae kuwi?. Tatagelar sing ndika kandhakne sing seneng karo Nyai Pandhanwangi kuwi aku, nanging aku ngerti nek satemene sing ora bisa nglalekne Nyai Pandhanwangi kuwi ya ndika dhewe. Iya apa iya?”.

Sareng dipun wangsulaken makaten menika, Kyai Prasanta inggih lajeng gumujeng malih.

“Lha nek karo aku Nyai Pandhanwangi genah nek emohe ta mBah?” ngendikanipun Ki Prasanta ing sela-selaning gumujengipun “nek aku ngono genah nek seneng, nanging kana nek digandhengne karo aku ya genah nek senep, mosok prawan ayune kaya widadari lha kok digandhengne karo dhudha tuwek sing wis anguk-anguk luwangane kuburan? he he he….”.

“Lha wong karo sing wis cetha cekel gawe maton wae senep kok, apa maneh nek digandhengne karo Panji Klanthung sing ora cetha uripe kaya aku ngene iki?” mBah Tambak mangsuli kalihan gumujeng.

“Uwis… uwis, sing dirasani sajake krungu kae lho!?” Ki Jurudah tumut ngendika sarwi nempelaken driji panuding wonten ing lathinipun.

Dumadakan kawontenan dados sirep, wonten angin sumilir ingkang mbekta ganda arumipun sekar pudhak. Boten dangu kasusul wonten cahya ijem maya-maya ingkang mlebet ing griyanipun mBah Tambak nyaketi ingkang nembe sami jejagongan. Sansaya dangu cahya ijem maya-maya menika sansaya cetha, wasana ing pojoking gelaran ketingal wonten priyantun estri ingkang busananipun sarwi wilis, anutupi saranduning salira, wiwit nginggil dumugi ngandhap. Namung pasuryan lan epek-epeking asta kemawon ingkang boten katutupan busana, ketingal mencorong kados mas sinangling cahyanipun.

“Nyuwun pangapunten menawi anggen kula dugi radi randhat mBah Tambak, Kyai Jurudah miwah andika Kyai Prasanta” Pawestri kala wau ngendika kanthi suwantenipun ingkang renyah kapireng endah sekeca sanget ing salebeting talingan, anggenipun ngendika kairing esem ingkang pait madu, wajanipun katingal anglar bremani ingkang saged damel kumesaring manahipun ingkang sami sumerep.

“Boten dados menapa Nyai” ingkang suka wangsulan mBah Tambak “namung Ki Prasanta ingkang wiwit wau ngraosi jengandika, kok Nyai Pandhanwangi dereng rawuh menapa ing dalem taksih wonten pakaryan ingkang sakalangkung wigatos? Makaten anggenipun ngraosi”.

“Estunipun, kula inggih sampun kala wau nilar griya, namung ing margi dumadakan sumerep sesawangan ingkang narik kawigatosan kula, wekasan damel randhat anggen kula dugi papan menika, Ki Prasanta” wangsulanipun Nyai Pandhanwangi sarwi mesem mirsani dhateng Kyai Prasanta.

Ki Sarkara mundur alon-alon, nilaraken ingkang sami jejagongan. Boten dangu sampun dugi malih dipun tutaken dening Nyai Sarkara ingkang nyangga baki  isi unjukan wedang jahe benter ing cangkir bathok klapa gadhing.

“Ngaturaken kasugengan sarawuhipun Nyai, bekti kula mugi katur saha kaaturan ngunjuk namung toya jahe benter  mawi lalap gendhis aren” Ki Sarkara ingkang ngladosaken unjukan ingkang dipun beta semahipun dhateng Nyai Pandhanwangi.

“Banget panarimaku Kaki” wangsulanipun Nyai Pandhanwangi ingkang lajeng pitaken dhateng mBah Tambak “menika ta mBah Tambak ingkang ndika dhawuhaken priyantun Pajang ingkang asma Ki Sarkara lan Nyai Satiti ?”.

“Leres Nyai” wangsulanipun mBah Tambak cekak.

“Bekti kula katur Nyai” gentos Nyi Sarkara ingkang ngaturaken bekti.

“Iya Nini wis tak tampa, pangestuku wae gage tampanana” wangsulanipun Nyai Pandhanwangi.

“Ngaturaken genging panuwun Nyai” atur wangsulanipun Nyai Sarkara, ingkang lajeng pamitan badhe ngancani anakipun ingkang nembe tilem.

“Sampun Ki Jurudah lan Ki Prasanta” ngendikanipun Nyai Pandhanwangi sasampunipun Nyai Sarkara boten wonten mriku “samangke tumuli kadhawuhna menapa ingkang kedah kula ayahi magepokan kalihan dhawuhipun Kanjeng Ratu dhateng kula?”.

“Estunipun rak makaten ta Nyai” Ki Jurudah ingkang amangsuli ngendikanipun Nyai Pandhanwangi “kula lan Adhi Prasanta tuwin ndika menika rak dereng saged tumandang menapa-menapa kajawi menawi sampun pitados bilih sarana mangertosi leresipun menapa ingkang dipun cariyosaken dening mBah Tambak. Sanaosa Kanjeng Ratu nate paring dhawuh dhateng jengandika menapa dene dhateng kula kekalih, nanging ingkang kadhawuhaken Kanjeng Ratu menika rak inggih namung dhapur ancer-ancer, awit saking menika langkung prayogi menawi ndika lan kula kekalih nocogaken cariyos saking mBah Tambak kalihan ancer-ancer dhawuhipun Kanjeng Ratu menika”.

“Manawi makaten samangke kula nyuwun tulung dhateng Kyai Jurudah miwah Kyai Prasanta tuwin mBah Tambak, dalu menika badhe kula ajak lumawat dhateng pinggiring lepen Gebyog saprelu nindakaken dhawuh ndika ingkang pungkasan menika” Nyai Pandhanwangi nunten ngendika dhateng mBah Tambak, Ki Jurudah lan Ki Prasanta, lajeng kasambet ngendika dhateng Ki Sarkara “Kaki Sarkara, wengi iki nganti sesuk gagat rahina ndika kapeksa kudu melekan dhewe ing omahe mBah Tambak iki, jalaran mBah Tambak apadene Ki Jurudah lan Ki Prasanta arep tak ajak metu saka omah kene baline sesuk esuk, apa ndika ora kabotan?”.

“Inggih Nyai” wangsulanipun Ki Sarkara ingkang boten mangertos menapa ingkang badhe dipun tindakaken priyantun sekawan menika ingkang criyosipun mapan ing pinggiring lepen Gebyog “kula boten badhe kawratan, jalaran inggih boten nindakaken menapa-menapa saha ing semah lan yoga kula harak inggih wonten griya menika?”.

“Sing tak karepne ngene Ki Sarkara” Nyai Pandhanwangi ngendika malih “wengi iki ndika tak sraya tunggu omah perkara sisihan ndika apa dene anak ndika wengi iki ora bisa ndika ganggu, jalaran kekarone wis turu kepati lan ora bakal bisa tangi sandyan upamane ana bledheg sewu muni bareng ya ora arep tangi sadurunge sesuk ngarepake pletheking surya. Mung wae, wengi iki katone bakal ana wong sing liwat kene, yen nganti wong mau mampir ing omah kene, aku njaluk tulung tampanen wong mampir kuwi kaya dene tamu lumrah, aja ndika sia-sia”.

“Manawi makaten ingkang dados dhawuhipun Nyai” Ki Sarkara atur wangsulan cekak “kula namung saged ngestokaken dhawuh, sadya weling saking jengandika badhe kula tindakaken saksae-saenipun”.

Midhanget kasagahanipun Ki Sarkara ingkang makaten menika, Nyai Pandhanwangi ketingal rena ing penggalih. Lajeng jumeneng ngajak mBah Tambak menapa dene Ki Jurudah lan Ki Prasanta bidhal dhateng tepinipun Lepen Gebyog, ingkang Ki Sarkara boten mangertos para priyagunng menika badhe nindakaken menapa.

Sajengkaripun tiang sekawan kala wau, Ki Sarkara lajeng mrepegi papanipun lerem Nyai Sarkara ingkang nembe tilem ngancani yoganipun. Nenggih pun Pradapa. Menapa ingkang kadhawuhaken dening Nyai Pandhanwangi pranyata leres, Biyung kalihan anakipun menika ketingal pules anggenipun sami tilem. Ki Sarkara nyobi mbuktekaken saestu menapa boten menawi semahipun boten badhe saged tangi saking anggenipun tilem saderengipun nyelaki wanci pletheking surya kados ingkang dipun dhawuhaken Nyai Pandhanwangi kala wau. Ki Sarkara lajeng nggrayang Nyai Sarkara kaprenah jempoling sukunipun. Ki Sarkara lajeng njabut wulu cumbu ingkang wonten ing driji jempolaning suku menika, ngantos ambal kaping tiga. Dipun jabel wulu cumbu ing jempolipun ngantos kaping tiga, nanging Nyai Sarkara babar pisan boten kraos, anggenipun tilem panggah ketingal angler lan pules. Ki Sarkara lajeng ngalih dhateng papanipun sekawit inggih menika ing jogan ingkang ginelaran klasa ingkang kala wau kadamel lelenggahan mBah Tambak kalihan para tamunipun. Ing salebeting manah Ki Sarkara rumaos lingsem dene sampun kumawantun mbatos sanggarugi dhateng dhawuhipun Nyai Pandhanwangi. Ki Sarkara lajeng kendel sarwi ndedonga dhumateng Gusti Ingkang Maha Welas, nyuwun pangapura awit sampun cubriya dhateng Nyai Pandhanwangi, salebeting manah Ki Sarkara janji benjing enjing badhe nyuwun pangapura dhateng Nyai Pandhanwangi awit ngrumaosi lepat sampun kirang pitados dhateng dhawuhipun Nyai Pandhanwangi.

“Kulanuwuuuun…….” Dumadakan Ki Sarkara dipun damel kaget, awit wonten suwantenipun tiyang alok kulanuwun. Sakala Ki Sarkara noleh dhateng asaling suwanten. Jebul saestu wonten tamu ingkang ngadeg ing tengah korinipun mBah Tambak ingkang boten tutupan.

“Mangga…..!” wangsulanipun Ki Sarkara ingkang lajeng ngadeg lan nyaketi papanipun ingkang alok kula nuwun kala wau.

Radi sawatawis Ki Sarkara boten saged kumecap menapa-menapa dupi ningali tiyang ingkang alok kula nuwun menika saking caketan. Tamu ingkang nembe dugi menika satunggaling pawestri ingkang yuswanipun udakara kalih dasanan tahun. Pasuryanipun ketingal sulistya, rambutipun ingkang panjang dipun ore dhateng wingking ngantos dumugi cingklok,  mripatipun lindri-lindri amantesi, grana ngrungih lir kancana tinatar, lathinipun dhamis, abrit lir manggis karengat, waja miji timun anglar bremani warnanipun, mesem ngujiwat kados nggogrokaken marasipun Ki Sarkara.

“Nyuwun pangapunten Kisanak” tamu menika lajeng wicanten kanthi suwanten ingkang kepireng sekeca katampi ing talingan “dene kula sampun kumawantun mretamu ing wanci dalu temah ngganggu anggen jengandika nembe angleremaken salira”.

“Boten dados menapa Nyai” wangsulanipun Ki Sarkara ingkang lajeng ngacarani tamu menika murih mlebet ing griya “mangga ta mlebet lan pinarak rumiyin”.

“Matur nuwun Kisanak” wangsulanipun tamu menika ingkang lajeng jumangkah mlebet ngetutaken Ki Sarkara ingkang lajeng lenggah timpuh ing klasa ingkang kala wau damel jagongan mBah Tambak kalihan tamu-tamunipun.

“Nuwun sewu Nyai” Ki Sarkara wiwit anangkleti tamunipun  sasampunipun tamu kala wau lenggah “menawi kula kaparengaken ngertos, ndika menika sedherek saking pundi? Ngagem asma sinten?”

“Inggih Kisanak, ndherek tepang gladhi wanuh” kalihan mesem ingkang ketingal sepet madu pawestri menika suka wangsulan “nami kula pun Sapaetun dene griya kula ing Dhusun Kepuhagal boten tebih saking papan menika. Saestu lho, kula boten nyana menawi ing tengah wana makaten jebul wonten dalem ingkang sae kados makaten menika, meh kemawon kula wau badhe tilem ing sangandhaping kajeng ageng, nanging dumadakan saking katebihan kula sumerep sunaring diyan, lajeng kula purugi jebul ing mriki wonten griya ingkang sakalangkung endah menika. Nuwun sewu lan nyuwun pangapunten lho Kisanak, ndika asmanipun sinten? Menapa sampun dangu anggen jengandika yasa dalem ing papan mriki menika? Kok kula nembe menika sumerep kamangka kula sampun wongsal-wangsul liwat margi sacaketing Sendhang Tambak menika”.

“Inggih Nyai dipun tepangaken kemawon, nami kula Sarkara” Ki Sarkara suka wangsulan, salebeting manah lajeng kemutan bilih griya ingkang dipun papani menika namung asipat maya, dumados saking ciptanipun mBah Tambak, mila inggih boten nggumunaken menawi pawestri ingkang nami Sapaetun menika nembe sepisan menika sumerep, awit estunipun papan menika wujudipun ingkang nyata kasat mripat saben dintenipun namung wit-witan ingkang ageng, mila kangge nyingidaken kanyatan saestunipun kapeksa Ki Sarkara lajeng wicanten dora sembada “menapa saestu menawi ndika asring liwat margi mriki? Kula kok inggih nembe menika sumerep ndika? Griya niki sampun dangu sanget wontenipun ing papan mriki menika”.

“Makaten inggih Ki Sarkara?” Pawestri ingkang ngaken gadhah nami Sapaetun menika setengah tambuh “Inggih mbok menawi kula kemawon ingkang kirang premana menawi ing mriki jebul wonten griya, lan mbok bilih nalika kula nuju liwat margi mriki anyarengi jengandika boten wonten dalem”.

Mungel makaten menika Nyai Sapaetun kalihan ngebataken rambutipun dhateng wingking temah nuwuhaken ganda arum ingkang kuwawa nggugah manah jaleripun Ki Sarkara.

 

Ana candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...