59.
Anggenipun sami rerembagan kendel sakedhap awit sami ngrahabi
menapa ingkang dipun segahaken dening Nyai Sarkara, inggih wedang jahe panas dipun
lalapi gendhis aren. Camilanipun kenthang cemeng ingkang dipun godhog kulitan, kapilih
ingkang agengipun racak sakemiri-kemiri. Ing wanci dalu kados makaten menika
mila kraos eca lan sekeca jejagongan sinambi nedha tetedhan prasaja kados
makaten menika.
“Dene nggonku sowan ing ngarsane Kanjeng Ratu Setyawati mau” ing
sela-selanipun dhahar kenthang cemeng mBah Tambak nglajengaken anggenipun
wicanten dhateng Ki Sarkara “mung saprelu nyuwun pituduh apa sing kudu tak
tindakne sawuse ndika teka ing papanku kene iki. Lan kaya sing dikandhakne Kyai
Prasanta mau, aku pancen kober mampir menyang papane Nyai Pandhanwangi ya Nyai
Pandhansari, awit Nyai Pandhanwangi tau kandha marang aku nek aku arep ketekan
dhayoh sing bisa nulungi aku, mbukakne dalan kanggo tak liwati tumuju menyang
Gunung Lawu. mBok menawa wae, dhayoh sing dikandhakne Nyai Pandhanwangi kuwi
ndika, Ki Sarkara”.
“Ngaturaken genging panuwun ingkang tanpa upami, mBah Tambak” atur
wangsulanipun Ki Sarkara “ dene ndika kadamel repot awit kula ingkang kaleresan
ngungsi menika, namung kemawon kula kinten ingkang dipun kersakaken dening Nyai
Pandhanwangi magepokan kalihan anggen jengandika badhe jengkar saking mriki
tumuju Redi Lawu suwita dhateng Kanjeng Sunan Lawu menika dede kula, awit kula
menika namung tiyang limrah ingkang boten gadhah kalangkungan menapa-menapa,
saged kula kemawon namung bebakulan alit-alitan lan sakedhik-sakedhik ugi saged
nenandur kados patrapipun kadang tani. Boten nates inau ulah kebatosan menapa
dene ulah kanuragan”.
Mbah Tambak mesem wiyar mireng wangsulanipun Ki Sarkara ingkang
blaka lan prasaja ngaten menika. Ki Jurudah lan Ki Prasanta ketingal
manggut-manggut, kados-kados mangetos menapa ingkang saged dipun lampahi Ki
Sarkara ing saben dintenipun.
“Saiki aku tak genti sing takon Kisanak Sarkara” Ki Jurudah gentos
ingkang ngendika dhateng Ki Sarkara “aku mau krungu ature mBah Tambak marang
Kanjeng Ratu, sing nyritakne yen ndika kuwi sawijining Molang utawa Blantik
Rajakaya……”.
“Namung tilas Molang Kyai” Ki Sarkara nigas wuwusipun Ki Jurudah “padamelan
Molang menika sampun kawuntat, samangke kula namung dados tiyang ingkang nembe
pados tiyang klambrangan pados padamelan kangge nglajengaken gesang kalihan
kulawarga”.
“Iya, iya Ngger” Ki Jurudah paring wangsulan kalihan mesem dhateng
Ki Sarkara “Cekake ing wektu iki, kena diarani ndika kuwi lagi arep miwiti urip
anyar maneh, sawise ndika ninggalake Kutha Pajang. Apa ya pancen bener mangkono?”.
“Leres Kyai” atur wangsulanipun Ki Sarkara “lan anggen kula miwiti
gesang enggal menika badhe nyambut damel menapa inggih dereng mangertos. Awit saking menika ambok bilih Kyai kepareng badhe
paring pitedah padamelan menapa ingkang sae tumrap gesang kula lan kulawarga
kula, saestu kula sakalangkung ngaturaken genging panuwun”.
“Ngene ya Ngger” Sarwi mesem wiyar Ki Jurudah lajeng ngendika malih
“nek mung butuh bisa urip, kuwi satemene ora angel. Awit awake dhewe urip iki
ana sing ngersakne urip, ya kuwi Gusti Sing Gawe Urip. Nek Gusti isih ngersakne
awake dhewe urip, embuh carane apa Gusti mesthi nyukupi apa sing awake dhewe
butuhne murih bisa urip. Gampangane saupama ndika saiki yasa gubug kanggo
dipanggoni banjur saben dinane ndika luru wohing thethukulan sing ana alas kene
iki, ya sing wujud pala pendhem utawa pala gemandhul lan pala kasimpar lan ing
sambikalane longgar ndika mbebedhag buron alas sing kena ndika alap daginge,
kuwi ya wis cukup. Sing arep tak takokne marang ndika kuwi, apa sawise ndika kaparingan
urip iki cukup tekan semene apa ndika isih duwe gegayuhan sing luwih dhuwur
kaya lumrahe wong-wong sing tau ndika weruhi jaman ndika isih manggon neng
Kutha Pajang biyen?”.
“Blaka suta kemawon Kyai” sasampunipun radi dangu anggenipun nata
ukara, Ki Sarkara lajeng atur wangsulan dhateng Ki Jurudah “mila saestu jaman
kula taksih gesang kacekapan ing Nagari Pajang, kula sakalangkung wekel ing
damel jalaran kula kepengin saged dados tiyang ingkang sugih. Ingkang nalika
samanten kula kinten namung dados tiyang sugih ingkang saged ndadosaken
sekecaning gesang kula benjing menawi kula sampun sepuh, boten rekaos menawi
pados sandhang miwah pangan. Nanging sareng kula nandhang kacingkrangan dados
tiyang klambrangan kados makaten menika, lajeng kula mireng cariyos lan pitutur
saking mBah Tambak, pepenginan kula sampun benten malih Kyai”.
“Banjur bedane ana ngendi Ngger?” Ki Jurudah mundhut pirsa dhateng
Ki Sarkara.
“Menawi ta saged kasembadan, kula kepengin sanget saged kados
tiyang-tiyang jaman rumiyin ingkang dipun cariyosaken dening mBah Tambak,
inggih menika dados titahipun Gusti ingkang gesangipun migunani tumrap titah
sanesipun, saged dados titahipun Gusti ingkang mangertos kuwajibaning titah
dhateng Gustinipun miwah dhateng sesamining titah” atur wangsulanipun Ki Sarkara.
Kyai Jurudah lan Kyai Prasanta ketingal sami mesem remen,
kekalihipun sami mirsani dhateng mBah Tambak.
“Ketoke sing ndika enteni wis teka tenan mBah Tambak” wicantenipun
Ki Prasanta kalihan ngesemi mBah Tambak “ya muga-muga wae, panggraita sing teka
ing atiku iki ora luput”.
“Kuwi panuwunku Ki Prasanta” wangsulanipun mBah Tambak alon nanging
cetha.
“Lha Angger Sarkara apa wis ngerti yen kanggo mujudne apa sing
ndika pengini kuwi, wiwit sadurunge kasembadan nganti sawise kasembadan bisa
gawe rekasaning raga, malah kurang-kurang bejane bisa nuwuhake kapitunan tumrap
raga ndika sakulawarga?” Ki Jurudah mundhut pirsa malih dhateng Ki Sarkara.
“Nyuwun pangapunten Kyai” wangsulanipun Ki Sarkara “miturut
pamanggih kula sasampunipun mirengaken dhawuh-dhawuh saking mBah Tambak,
kasangsaraning raga menika boten sepintena sakitipun menawi titah sampun
ngrumaosi bilih piyambakipun menika titahing Gusti. Jalaran titah ingkang
sampun estu anggenipun manembah dhateng Allah, saestu badhe boten saged
kapisahaken kalihan watak Lila, Trima lan Legawa. Tiyang ingkang sampun
kacondhokan watak lila saestu boten badhe rumaos kecalan menapa kemawon ing
salami-laminipun, awit sadaya ingkang wonten menika muhung kagunganing Gusti,
titah namung sadremi katitipan, kuwajibanipun titah namung angreksa sakuwaosipun
boten saged angukuhi menawi Gusti kepareng mundhut ingkang dipun titipaken. Kaping
kalih titah ingkang sampun kagadhuhan watak trima, boten badhe dhemen rumaos serik
dhateng sinten kewala, boten nglokro yenta kapaido, boten kedanan pangalembana
saking sesamining titah, sadaya kawangsulaken dhateng Maha Mulyaning Gusti
Ingkang Maha Mulya. Salajengipun, titah ingkang namung mangeran dhateng Allah,
badhe pasrah lan namung badhe ndherek menapa ingkang jumbuh kalihan piwucaling
Allah, boten ngangsa-angsa nuruti pikajenging karsa, nuting sedya namung badhe
pasrah dhateng Purbaning Kawasa. Tumindak sae menika kuwajiban dene ta
undhuh-undhuhanipun namung ngupadi sihing Gusti tanpa metang panganggeping
titah saha boten badhe ngajeng-ajeng pituwas saking titah”.
Ki Jurudah ketingal menawi rena penggalihipun mirengaken wangsulan
ingkang dipun aturaken dening Ki Sarkara ingkang makaten menika. Samanten ugi
Ki Prasanta, ingkang lajeng ngunandika nanging kawiyos suwantenipun :
“mBah Tambak kuwi nyata wicaksana, ingatase durung suwe anggone duwe
murid Angger Sarkara, nanging apa sing diwulangake mBah Tambak wis nunjem teka
dhasaring atine Angger Sarkara ………”.
“Gek ndika kuwi guneman apa ta Ki Prasanta?” mBah Tambak dumadakan
nyendhu Ki Prasanta “Ki Sarkara kuwi dudu muridku, apa sing dikandhakne Ki Sarkara
kuwi ya dudu piwulangku, nanging piwulanging Gusti sing dicakne dening
wong-wong jaman biyen sing tau tak critakne marang Ki Sarkara”.
“Nyuwun pangapunten Kyai” Ki Sarkara lajeng nyela atur “gandheng
kula menika ngrumaosi kasumerepan kula kenging winastan namung jero tapakipun
meri, mila kula lajeng nggadhahi pamanggih sadaya tiyang inggih ingkang sepuh
menapa dene tiyang anem, boten mbenten-mbentenaken inggil andhaping drajat
sadaya kula dadosaken guru kula. Namung kemawon awit angemuti bilih sedaya guru
kula kala wau inggih namung drajating titah ingkang boten tebih saking lepat
lan leres, beja lan apes, emut saha supe, pramila sadaya inggih kedah saged
kula timbang lan limbang, dene menawi ngantos lepat anggen kula nimbang lan
nglimbang, kula pitados bilih Gusti badhe paring pangaksami tuwin boten badhe
angumbar kula lumampah ing margi ingkang sasar, lumatar titahipun ingkang mbok
menawi dereng kula tepangi sawanci-wanci tartamtu badhe wonten ingkang badhe
paring pitedah dhateng kula murih leresing lampah. Inggih awit saking menika,
mumpung kula nembe kaparingan nugraha dening Gusti temah saged linggih
sapejagong kalihan mBah Tambak, Kyai Jurudah miwah Kyai Prasanta ing
kalodhangan ingkang sae menika mugi jengandika sami kersaa paring pitedah
menawi pamanggih ingkang kula aturaken ing ngajeng pranyata nalisir saking
garis piwucaling Gusti saha kaparenga nedahaken pundi margi ingkang langkung
prayogi kula pecaki”.
“Kabeh titah sing sipate lumrah, lire dudu utusaning Gusti kang kang
kagadhuhan Wahyu, kuwi padha wae Ngger” Ki Jurudah ingkang ngendika ananggapi
aturipun Ki Sarkara “dadi ndika, aku, Ki Prasanta apa dene mBah Tambak kuwi
tenane ngono padha. Padha olehe golek marga kanggo nggayuh sihing Gusti, padha
dene olehe asipat titah wantah, padha dene olehe ora adoh saka lali lan luput,
mula tumrap wong sing angestu marang Allah duwe kuwajiban tansah mad sinamadan
gelema ngelingake sing lagi lali, mbenerake sing tumindak luput. Gegayutan karo
sing lagi wae ndika kandhakne iki mau, katone panemu ndika wis jumbuh karo
panemuku, apa dene karo panemune mBah Tambak lan Ki Prasanta. Ya muga-muga wae
apa sing dadi panemune awake dhewe iki wis bener mungguhe Sing Kagungan Bener”.
“Inggih Kyai, ngaturaken genging panuwun” wangsulanipun Ki Sarkara
kalihan tumungkul.
“Samengko banjur piye Ki Jurudah lan Ki Prasanta?” dumadakan mBah
Tambak nyuwun pirsa dhateng Sapukawat Kraton Ngiyom kekalih menika.
Ki Jurudah mirsani dhateng Ki Prasanta, makaten ugi Ki Prasanta ugi
mirsani dhateng Ki Jurudah, kekalihipun sami anggenipun mirsani sesamining
rowang.
“Ngene yam Bah Tambak” wekasan Ki Prasanta ingkang langkung rumiyin
ngendika dhateng mBah Tambak “satemene Kakang Jurudah ya bisa wae, ngandhakne lan
mangsuli apa sing dadi pitakon ndika kuwi, saiki uga, nanging …….”.
“Nanging ana apa Ki Prasanta?” mBah Tambak nigas rembagipun Ki Prasanta
mawi pitakenan “apa aku isih kakehan cacad lan prelu nambahi laku patobatan
maneh ?. Yen kuwi sing kudu tak tampa, aku ya ora kabotan babar pisan, bares
wae bareng aku krungu apa sing dikandhakne Ki Sarkara mau aku dadi sansaya
ngrumangsani yen dosa lan kaluputan sing tak tindakne isih luwih akeh katimbang
karo laku becik sing isih kerep kacampuran rasa melik kanggo nuruti hardaning karep
kuwi………..”.
“Aja kaduk ati bela panampa kaya mangkono kuwi mBah Tambak” Ki
Jurudah ingkang suka wangsulan kalihan mesem “aku krungu dhewe apa sing didhawuhne
dening Kanjeng Ratu, sanadyan isih ana kurange nanging miturut Kanjeng Ratu
sing wis ndika tindakne sasuwene iki wis akeh sing jumbuh karo kersane Kanjeng
Ratu sing tansah nocogake tindak ndika karo layang paugeran sing ana Kraton
Ngiyom”.
“Lha banjur apa sing di-nanging-ake dening Ki Prasanta mau ?” mBah
Tambak pitaken malih.
“O kuwi ta mBah Tambak?” Ki Prasanta suka wangsulan kalihan
gumujeng “mula ta mula, nek eneng wong guneman kuwi aja seneng nyela-nyela, wekasan
dadine ya ngono kuwi”.
“Iya, saiki tumuli ndika kandhakne, nanging kepiye?” mBah Tambak
ketingal menawi kirang sabar.
Kyai Prasanta mesem lajeng gumujeng meh kemawon kemekel anggenipun
gumujeng. Ki Jurudah namung klecam-klecem anggenipun ngampet murih boten
katularan gumujeng kados Ki Prasanta.
Ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar