58.
Ki
Sarkara lajeng nata anggenipun linggih, ngrantos pamundhut pirsa saking mBah Tambak.
Manawi nalika nembe dugi kala wau raos sayah sakalangkung keraos, nanging
sareng sampun kendel sinambi mirengaken cariyosipun mBah Tambak ingkang ngemu
pitutur kathah, raos sayahing salira sampun ical babar pisan.
“nDika
mau kandha nek oleh ndika kedlarang-dlarang nganti tekan kene merga ngungsi,
ngedohi Kutha Pajang, supaya ora diganggu maneh dening para durjana sing wis ngrampog
bandha donya ndika?” mBah Tambak wiwit ngendika badhe nyumerepi menapa ingkang
dados isen-isening manahipun Ki Sarkara.
“Leres
mBah” wangsulanipun Ki Sarkara cekak.
“Lha
nganti mbesuk kapan nggon ndika ngajak anak bojo ndika mlaku sing ndika arani
ngungsi iki?” mBah Tambak pitaken malih.
“Kula
dereng ngertos mBah” Ki Sarkara suka wangsulan “angkah kula menawi lampah kula
kepanggih padhukuhan lan mbok menawi wonten tiyang ingkang purun nampi bau
kula, kula badhe kendel. Kula badhe nyambut damel sawontenipun sauger saged
kula ginakaken kangge nyambung gesang kula lan ngopeni anak lan semah kula”.
“Saiki
aku arep takon maneh” mBah Tambak wicanten malih “sadurunge aku crita akeh-akeh
sejarahe uripku marang ndika mau, aku guneman apa marang ndika?”.
“Kala
wau mbah Tambak dhawuh bilih badhe mundhut pitulungan dhateng kula, lha samangke
mBah Tambak badhe paring dhawuh menapa? Saestu kula badhe rila legawa
nindakaken dhawuhipun mBah Tambak. Mangga samangke tumuli kadhawuhna kemawon”
wangsulanipun Ki Sarkara ingkang nelakaken kasiyaganipun nuruti dhawuh saking
mBah Tambak. Kapireng pancen inggih radi lucu, jeneh Ki Sarkara lan
kulawarganipun kemawon wekdal menika mbetahaken pitulungan, nanging
piyambakipun nyagahi menawi badhe suka pitulungan menawi wonten ingkang
mbetahaken pitulungan saking piyambakipun.
“Banjur
nek wis ndika nindakne apa sing dadi panjalukku, ndika njaluk opah apa?” mBah
Tambak mundhut pirsa malih “apa ndika kepengin urip dadi wong sugih kaya jaman
sadurunge ndika lunga saka Pajang? Apa kepengin apa?”.
“Nyuwun
pangapunten mBah” Ki Sarkara ingkang sampun kathah mirengaken cariyosipun mBah
Tambak kala wau samangke sampun radi pinter, pramila nalika dipun dangu badhe
nyuwun opah menapa lajeng matur “kala wau nalika mBah Tambak paring pitulungan
dhateng kula sakulawarga, babar pisan mBah Tambak boten ngersakaken menapa-menapa
saking kula. Pramila menawi mangke kula sampun saged nindakaken dhawuhipun mBah
Tambak, kula inggih boten badhe nyuwun menapa-menapa, pepenginan kula namung
satunggal mugi-mugi kula saged nindakaken dhawuhipun mBah Tambak kanthi sak
sae-saenipun boten damel kapitunaning titah sanes lan saged lebda ing karya”.
“Apa
sing ndika kandhakne kuwi jumbuh karo suwara sing ana ati ndika Ki Sarkara?”
sajak radi tidha-tidha mbah Tambak mundhut pirsa malih.
“Kabedhaha
dhadha kula mBah Tambak, mangke ndika badhe pirsa kados menapa isining manah
kula” wangsulanipun Ki Sarkara.
“Yen
pancen mangkono” mBah Tambak ketingal sansaya bingar pasuryanipun “tak jaluk
ndika lan anak bojo ndika, leren sawatara dina dhisik ana papan panggonanku
kene. Mengko nek wis wayahe aku bakal kandha ndika arep tak jaluki tulung apa.
Apa ndika ora kabotan Ki Sarkara?”.
“Kula
malah sakalangkung ngaturaken genging panuwun manawi kula kaparengaken kendel
ing papan mriki mBah Tambak” wangsulanipun Ki Sarkara daya-daya “sampun malih
namung kadhawuhan kendel kangge sawatawis dinten, sanadyan kadhawuhan ngantos
kukuding gesang kula, kula inggih sakalangkung remen, awit bares kemawon kula
sampun rumaos kraos mapan ing papan menika”.
mBah
Tambak Gumujeng mireng atur wangsulanipun Ki Sarkara makaten menika .
“Aja
kleru tampa Sarkara” ngendikanipun mBah Tambak malih “kene iki dudu papan sing
becik dienggoni dening titah sing wujud manungsa. Olehku ngongkon ndika
sabrayat manggon neng kene kuwi mung kanggo sawatara dina wae, saiki tumuli
padha lerena luwih dhisik supaya kesel-kesel ndika padha ilang”.
mBah
Tambak lajeng nedahaken senthong kangge kendel Ki Sarkara lan anak saha
semahipun. Nedahaken pawon kangge ocal-ocal tetedhan, papan padaringan kangge
nyimpen uwos, bothekan kangge nyinggahaken bumbon lan empon-empon, jamban kangge sesuci lan sanes-sanesipun. Sasampunipun
Ki lan Nyai Sarkara sumerep sedaya, mBah Tambak lajeng pamitan badhe nilaraken
griyanipun sakedhap lan dhawuh dhateng Nyai Sarkara murih mangke ocal-ocal
kangge nedha ing wanci dalu.
Nalika
samanten wancinipun sampun nyaketi sonten, Pramila Nyai Sarkara inggih lajeng
dhateng pawon saprelu bethak sekul saha ocal-ocal kangge lelawuhanipun ingkang
sadaya sampun cumawis ing bothekaning pawon. Salebeting manahipun Nyai Sarkara
sakalangkung ngungun nyumerepi kawontenaning pawonipun mBah Tambak menika. Sadaya
kabetahaning pawon sampun cumawis, kamangka mBah Tambak menika piyantun kakung
ingkang sampun sepuh, gesangipun inggih namung ijen, nanging kawontenaning pawon
boten benten kalihan pawonipun tiyang ingkang nggadhahi kulawarga jangkep.
Nanging raos gumunipun Nyai Sarkara inggih namung dipun ampet kemawon.
Sawatawis
menika, Pradapa inggih sampun tangi saking anggenipun tilem. Dening bapakipun
inggih lajeng dipun dus ing sendhang ingkang mapan ing pekaranganipun mBah
Tambak menika. Lare ingkang nembe wanci demolan menika sakalangkung bingah
manahipun dipun ajak adus wonten ing sendhang, menapa malih wetengipun inggih
sampun wareg, boten kados dinten-dinten padatanipun, ingkang namung dipun ajak
mlampah kanthi weteng ingkang kathah kothongipun. Ing sendhang mriku Pradapa
lajeng dolanan, sesukan langen lan slulupan sakategipun. Nembe nalika
kawontenan sampun ketingal remeng-remeng peteng awit dumuginipun wanci dalu, Ki
Sarkara lajeng ngajak Pradapa mentas lan wangsul dhateng griyanipun mBah Tambak
malih.
Jebul
mBah Tambak sampun dumugi griya malih saking anggenipun pamit medal kala wau.
Diyan-diyan ugi sampun sami dipun urupaken. mBah Tambak ketingal nembe njagongi
tamunipun, ketingalipun dumugining tamu sareng kalihan wangsulipun mBah Tambak.
Tamunipun mBah Tambak ugi sampun sami sepuh kinten-kinten sayuswa kalihan mBah
Tambak, wonten kalih cacahipun. Sareng sampun rampung anggenipun nyalini Pradapa,
Ki Sarkara lajeng madosi semahipun badhe kapasrahan anakipun jaler. Awit Ki
Sarkara badhe ndherek manggihi tamunipun mBah Tambak ingkang nembe lenggah jejagongan
ing klasa ingkang dipun gelar ing tengahing jogan.
“Pradapa
ayo melu Biyung dhisik, Bapa arep melu nemoni tamune mBah Tambak dhisik” Ki
Sarkara wicanten dhateng anakipun jaler, sareng sampun kepanggih Nyai Sarkara
ing pawon.
“Oh,
sampun wangsul saking sendhang ta Pakmu?” ingkang wangsulan malah Nyai Sarkara “kala
wau dening mBah Tambak ndika kadhawuhan ngajak Thole manggihi Ki Jurudah lan Ki
Prasanta tamunipun mBah Tambak. Murih Thole kaparingan berkah”.
“Elho?
Jebul awakmu mau wis ngerti ta nek mBah Tambak lagi nampa tamu? Sapa tamune kae?
Kyai Jurudah karo Kyai Prasanta?” Ki Sarkara nyethakaken menapa ingkang dipun
ungelaken semahipun.
“Sampun
Pakmu” wangsulanipun Nyai Sarkara “lha niki kula nembe ngentosi umubing toya,
badhe damel wedang jahe kagem tamunipun mBah Tambak. Inggih, wau mBah Tambak
paring dhawuh menawi ingkang nembe rawuh sareng kalihan panjenenganipun menika
Kyai Jurudah lan Kyai Prasanta, ingkang dalemipun ing Ngiyom. Ngiyom niku pundi
kula nggih dereng ngertos”.
Ki
Sarkara mesem, piyambakipun kemutan menawi nalika mBah Tambak nyariyosaken
lelampahaning gesangipun wau, Nyai Sarkara boten mirengaken awit nembe ngancani
tilem anakipun jaler. Mila inggih boten mangertos lan boten tepang kalihan
asma-asma kados dene Ki Jurudah lan Ki Prasanta, priyagung kina ingkang
samangke dados andel-andel sapukawating nagari ing Kraton Pangayoman. Benten
kalihan Ki Sarkara, sanaosa inggih dereng nate wanuh kalihan priyagung kekalih
ingkang samangke dados tamunipun mBah Tambak menika, nanging Ki Sarkara sampun
nate mireng kaluhuraning asmanipun kados ingkang sampun dipun cariyosaken
dening mBah Tambak dhateng piyambakipun.
“O,
dadi tamune kae Ki Jurudah karo Ki Prasanta? Ya wis yen pancen mangkono, Thole
Pradapa tak ajake mrana murih kaparingan sawab dening Senapatine Kraton Ngiyom
kae” Ki Sarkara lajeng nggandheng Pradapa dipun ajak medal saking Pawon, badhe
manggihi Kyai Jurudah lan Kyai Prasanta. Nyai Sarkara, inggih lajeng nutugaken
anggenipun ngobori toya ing kendhil, mawi latu blarak ingkang kacarub kalihan
kajeng caranging deling ori.
Dumugi
jogan panggenanipun mBah Tambak jejagongan, Ki Sarkara tumunten ngajak anakipun
jaler sungkem dhateng Ki Jurudah saha Ki Prasanta.
“Sarawuhipun
Kyai Jurudah lan Kyai Prasanta, kula pun Sarkara saha anak kula pun Pradapa
ngaturaken kasugengan” aturipun Ki Sarkara sarwi nyungkemi Ki Jurudah lan Ki
Prasanta “mugi Kyai Kekalih kepareng nampi pangabekti kula lan pangabektinipun
anak kula”.
“Iya,
iya Angger Sarkara, aku Jurudah banget nedha nrima dene ndika wis aweh pambage
marang aku” wangsulanipun Ki Jurudah “lan kanthi senenging atiku, pangabekti
saka ndika apa dene anak ndika wis tak tampa, ora liwat ya pandongaku wae
kunjuk mring Hyang Maha Agung muga-muga ndika sakulawarga tansah kaparingan
rahayu, begja mulya”.
“Semono
uga aku Angger Sarkara” Ki Prasanta numpangi rembag “pangabekti ndika lan anak
ndika wis tak tampa, ya pangestuku wae tumuli ndika tampani”.
“Ngaturaken
genging panuwun Kyai” wangsulanipun Ki Sarkara, ingkang lajeng mapan lenggah
timpuh kanthi sirah tumungkul sasat konjem dhateng siti. Pradapa inggih tiru-tiru
kados ingkang dipunlampahi tiyang sepuhipun.
“Ki
Sarkara” gentos mBah Tambak ingkang lajeng ngendika “Saiki ndika wis weruh
dhewe, wujude Kyai Jurudah lan Kyai Prasanta sekabat ngiras agul-agule Kanjeng
Ratu Setyawati ing Kraton Ngiyom kaya sing wis tau tak critakne marang ndika
kae”.
“Inggih
mBah Tambak, ngaturaken genging panuwun dene kula lan anak kula Pradapa
kaparengaken ndherek jejagongan kalihan mBah Tambak saha Kyai Jurudah miwah
Kyai Prasanta” .
“Tenane
wae iki mau rak ngene ta Ki Sarkara” mBah Tambak ngendika malih “olehku pamitan
arep metu sedhela mau, rak aku banjur menyang Kraton Ngiyom sowan Kanjeng Ratu
Setyawati. Lan bareng aku pamitan bali, wong tuwa loro kuwi banjur ngetutne
lakuku, mula tekane ing omah kene mau ya bareng”.
“Inggih,
mBah Tambak” Ki Sarkara namung wangsulan
kanthi cekak kemawon.
“Pancen
bener Ngger” Ki Prasanta numpangi rembagipun mBah Tambak “anane aku karo Kakangku
Kyai Jurudah ngetutne lakune mBah Tambak iki mau merga aku rak duwe rasa
kuwatir ta Ngger?”.
“Kyai
kekalih nguwatosaken kasugenganipun mBah Tambak ing margi?” Ki Sarkara nyuwun
pirsa dhateng Ki Prasanta.
“Ora
kuwi Ngger” wangsulanipun Ki Prasanta kalihan gumujeng alit “nek perkara
keslametan wae, ora ana sing tak kuwatirake lha wong mbah Tambak kuwi kasektene
mapan adoh ing sadhuwure kabisanku apa dene kasektene Kakang Jurudah”.
“Lajeng
Kyai kekalih nguwatosaken menapa?” Ki Sarkara ketingal dereng mudheng kalihan
ingkang dipun ngendikakaken Ki Prasanta.
“mBah
Tambak kuwi, ambak-ambak wis tuwa, nanging isih sok seneng menggok Ngger” Ki
Prasanta suka wangsulan kalihan mesem “pamite ngono yen arep bali, nanging ya
kuwi, neng dalan ya ndadak ngelangne mampir barang. Kaya iki mau, kamangka mBah
Tambak ya wis ngerti nek aku karo Kakang Jurudah ngetutne neng mburine, nanging
ya panggah wae, wong jenenge mBah Tambak?. Ya mampir dhisik ngendhangi
sanakane, mung kaceke ya mung mampir lumrah. Coba saupama aku karo Kakang
Jurudah ora melu, tak kira ya banjur nginep, ora tumuli bali……..”.
“nDika
kuwi jan ora mesakne marang Ki Sarkara kok Ki” mBah Tambak nyendhu
ngendikanipun Kyai Prasanta “cetha nek Ki Sarkara iki tenanan olehe ngrungokne
lan nyemak sing ndika kandhakne, lha kok jebule ndika kuwi mung arep moyoki aku
wae lho?” .
“Lha
aku wedi ndika dhisiki lho mBah Tambak….” Ki Prasanta wangsulan lajeng gumujeng
piyambak. Ki Jurudah ugi tumut mesem.
Ki
Prasanta nembe kendel anggenipun gumujeng, sareng pirsa Nyai Sarkara murugi
papan anggenipun sami jejagongan, kalih nyangga dhulang kangge wadhah Teko sarta
cangkir bathok ingkang ketingalipun isi benteran panas, ketingal peganipun
taksih kumebul…….
Ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar