Total Tayangan Halaman

Kamis, 16 Maret 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (057)

57.

Puranta ngguyu bareng krungu olehku aweh wangsulan ngono kuwi. Lagi ngerti yen wong tuwa-tuwa ngene iki ya sok isih seneng guyon barang.  Bareng wis rada sauntara Puranta nuli nutugne olehe crita :

“Jebul boten ngantos sapanginang Jrangkong kala wau dipun adhepi dening Nyai Pandhanwangi sampun ical, kula boten sumerep dhateng pundi purugipun. Namung menawi saking criyosipun Nyai Pandhanwangi, Jrangkong Lopara sampun dipun bucal dhateng papanipun sakawit lan boten badhe saged malih ganggu damel dhateng titah sanesipun”.

“Lha banjur Keris Kyai Pantek?” Aku genti sing takon.

“Dhuwung Kyai Pantek dening Nyai Pandhanwangi inggih lajeng kaparingaken dhateng kula” wangsulane Puranta “nanging sinartan pitutur bilih estunipun Dhuwung Kyai Pantek menika namung saged cocog kalihan Bapa Tambak Kapisan. Boten kalih tiyang sanes kalebet kalihan kula. Pramila Nyai Pandhanwangi lajeng mrayogekaken murih Kyai Pantek menika katitipna kemawon dhateng Kyai Jurudah lan Kyai Prasanta murih kaaturaken dhateng ingkang kagungan, nenggih Kanjeng Ratu Setyawati ing Kraton Pangayoman”.

“Lha ndika apa ora matur marang Nyai Pandhanwangi yen Kyai Pantek kuwi piyandel Kalurahan Tambak?” Ki Prasanta genti sing takon.

“Sadaya ingkang magepokan kalihan Kalurahan Tambak saha Dhuwung Kyai Pantek kula aturaken Kyai” wangsulane Puranta “Nyai Pandhanwangi malah lajeng paring dhawuh bilih lekas kula masrahaken Kalurahan Tambak dhateng Bebau Sela, menika sampun kaanggep leres. Nyai Pandhanwangi ugi paring kabar malih bilih, sampun pinesthi dening Hyang Widhi menawi mBakyu Tayem menika dados jodhonipun Ki Bebau Sela ingkang setahun malih badhe katetepaken dados Lurah, lan Kalurahan Tambak badhe kasantunan nami dados Kalurahan Tambaksela. Dene kula dening Nyai Pandhanwangi kaprayogekaken murih nusul Bapa Raden Riyasa, ingkang samangke sampun ngagem asma Ki Gedhe Batapawon. Samangke dhumateng Kyai Jurudah tuwin Kyai Prasanta mugi keparenga nampi Kyai Pantek ingkang pranyata kagunganipun Kanjeng Ratu ing Ngiyom menika”.

Puranta banjur nglolos Keris sing mau disengkelit ana lempenge, banjur diulungne marang Ki Jurudah. Ki Jurudah tumuli nampani Keris mau banjur dilebokne menyang waliking klambine.

“Saiki aku tak genti takon marang Nyai Puranta!” kandhane Ki Jurudah sawise nyimpen Kyai Pantek sing mau dipasrahne dening Puranta.

“Inggih Kyai, sumangga kadhawuhna, kula badhe atur wangsulan jumbuh kalihan ingkang kula lampahi tuwin kula ngertosi” wangsulane Sirep.

“Angger Puranta mau nyritakne yen lebar kepethuk karo Nyai Pandhanwangi  kamangka watara luwih sepasar kepungkur Angger Sirep uga katekan Nyai Pandhanwangi, apa sapatemon antarane Nyai Pandhanwangi karo Nyai Puranta iki wis ndika critakne marang kakung ndika, ya Angger Puranta?” Ki Jurudah ngandhakne sing dadi pitakone.

“Nyuwun pangapunten Kyai” wangsulane Sirep alon nanging cetha “suwaunipun sampun wonten kajeng ing manah kula, badhe nyariyosaken sedaya piwucal ingkang kula tampi dhateng Kakang Puranta, nanging kapeksa kula sumenekaken rumiyin, awit nalika kula nyuwun pirsa menapa ingkang sampun kedadosan ing Kalurahan Tambak, Kakang Puranta criyos menawi kula kapurih sabar awit mangkenipun saged tumut mirengaken, bilih sedaya ingkang dumados ing Tambak badhe kacariyosaken ing ngarsanipun mBah Tambak saha ing ngarsanipun Kyai kekalih”.

“Bener mangkono ta Ngger?” Ki Jurudah genti nakoni Puranta.

“Mila leres makaten Kyai” wangsulane Puranta “saestu babar pisan kula boten mangertos menawi Sirep pranyata ugi sampun tepang kalihan Nyai Pandhanwangi”.

“Nanging Angger Sirep rak wis duwe niyat arep nyritakne marang ndika ta Ngger, nek wis tetepungan lan wis nampa wulangan saka Nyai Pandhanwangi” Ki Prasanta gage nyauti apa sing dikandhakne Puranta “nanging ya ana sing olehe tetepungan wis suwe, wong jarene malah wis dadi sanakane, nanging api-api ora tepung lho Ngger……”

“Hayaaah……” aku nugel rembuge Ki Prasanta “olehe guyon mengko wae, iki isih rembugan wigati tak kandhani!” muni ngono aku karo ethok-ethok mecucu marang Ki Prasanta.

Ki Prasanta mung mesem.

Sirep banjur nyritakne marang Puranta yen wis ketekan Nyai Pandhanwangi sarta kaparingan piwulang-piwulang kanggo nggayuh kamulyaning urip wiwit donya nganti delahan.

“Dadi nek nitik sing dicritakne Angger Puranta lan sing wis dicritakne Nyai Sirep  magepokan karo Nyai Pandhanwangi aran wis klop” kandhane Ki Jurudah sabanjure “sesuk utawa kapan dina sing prayoga, ndika sakloron bakal entheng anggon ndika njangkahake sikil tumuju menyang Pratapan Batapawon. Mung siji maneh sing arep tak takokne marang Angger Puranta”.

“Menapa menika Kyai?” Puranta gage wae olehe nyuwun pirsa.

“Yen ora kleru wis kaping pindho iki, ndika nampik kajumengake dadi Lurah” kandhane Ki Jurudah sabanjure “apa mbesuk-mbesuk ndika ora bakal getun utawa keduwung Ngger?. Awit yen nganti keduwung ing wuri, kuwi bakal gedhe rekasaning ati lan murih ora keduwunging wuri, ndika bisa wae saiki bali menyang Tambak karo nggawa Keris Kyai Pantek sing lagi wae ndika pasrahne aku iki mau. Mangka kanthi mangkono ndika ora bakal keduwung ing tembe mburine. Kepiye mungguh panemu ndika Ngger?”.

“Nyuwun pangapunten Kyai” atur wangsulane Puranta “kula menika wiwit alit kawulang dening Biyung saha Bapa, bilih ajining dhiri menika dumunung wonten ing lathi, menawi lathi ingkang kangge muna lan muni boten cundhuk kalihan tumindak, mangka badhe ical ajining dhiri menika. Saasor-asoring drajat menggahing tiyang gesang menika, inggih tiyang ingkang boten netepi menapa ingkang kawiyos dening lathinipun. Kados ingkang sampun kalampahan, sanaosa kula kapaeka dening Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot, kula panggah boten nggetuni anggen kula milih masrahaken kalenggahan Lurah dhateng Kangmas Jaswana. Samangke kula sampun masrahaken kalenggahan Lurah dhateng Ki Bau Sela, mangka kula inggih boten badhe nggetuni menapa ingkang sampun kula tetepaken menika. Lan sansaya lila lan legawa manah kula nilar Kalurahan Tambak ingkang sakedhap malih badhe santun dados Tambaksela menika jalaran kula sampun pitados dhateng kasagahanipun Nyai Pandhanwangi dhumateng kula”.

“Nyai Pandhanwangi duwe kesaguhan apa marang ndika Ngger?” Ki Jurudah sumela takon.

“Sanaosa sasampunipun Sipat Kandel Kalurahan Tambak, Kyai Pantek kula aturaken dhateng jengandika Kyai” Puranta aweh wangsulan “nanging kula boten badhe nguwatosaken kawilujenganipun Kalurahan Tambaksela, jalaran Nyai Pandhanwangi paring dhawuh bilih boten badhe negakaken Kalurahan Tambaksela, Nyai Pandhanwangi badhe ndherek rumeksa kawilujenganipun Kalurahan Tambaksela saking sadaya bebaya ingkang ngancam”.

“Yen pancen tekad ndika wis gilig kaya mangkono kuwi mau, aku mung bisa melu nyenyuwun marang pangwasane Gusti muga-muga ndika sakloron tansaha manggya bagyamulya” Ki Jurudah mungkasi kandhane.

“Ngaturaken genging panuwun Kyai” wangsulane Puranta “samangke dhumateng mbah Tambak saha Kyai kekalih kaparenga kula kalih semah kula nyuwun pamit saha nyuwun pangestu, benjing enjing saderengipun pletheking surya kula kekalih badhe bidhal lumawat dhateng Batapawon, nindakaken dhawuhipun Nyai Pandhanwangi. Sadaya pitulungan ingkang sampun sami jengandika paringaken dhateng kula kekalih, namung Gusti Ingkang Maha Adil ingkang saged paring leliru ingkang satraju, saged kula kalihan semah kula namung ngaturaken genging panuwun ingkang tanpa pepindhan”.

“Iya Ki Puranta” aku sing luwih dhisik aweh wangsulan “satemene apa sing wis tak tindakne lan ditindakne dening Ki Jurudah lan Ki Prasanta marang Ki Puranta apa dene Nyai Sirep, kuwi kabeh ora ana lekas jroning atiku lan atine Ki Jurudah lan Ki Prasanta niyat nandur kabecikan, nanging ya mung awit nindakne dhawuh lan darmaning urip sing kudu dilakoni sadhengah titah sing ngrumangsani dititahake dening Gusti Allah. Ora liwat antarane aku lan ndika prayogane padha andum puji, donga dinonga muga-muga Gusti tansah paring kekuwatan marang jiwa ragane awake dhewe kabeh, temah bisa nindakne apa kang didhawuhake sinambi ngenteni tumibane mangsa kala katimbalan bali mara king ngayunaNe, aywa kongsi menggok dalan ninggal dalan kang wis ginarisake”.

Dina esuke, Puranta lan Sirep sida budhal ninggalne papan panggonanku iki. Ki Jurudah lan Ki Prasanta uga banjur pamitan bali menyang Kraton Ngiyom maneh. Aku bali ijen tanpa kanca, rasane banget sepine. Nanging aku ya banjur kelingan nek kuwi wis dadi lakoning uripku sing wajibe iya tak lakoni kanthi sabar lan narima kanthi legawa apa sing wis ginarisake dening Hyang Suksma. Saben dina aku tansah ngulat-ulati kahanan sakiwa tengene papan iki, mbok manawa ana titah sing mbutuhake pitulungan. Wis pirang-pirang titah sing wujud manungsa sing liwat kene banjur mampir menyang omah iki sing entek-entekane sambat njaluk tulung marang aku. Ana sing olehe njaluk tulung merga kesrakat uripe banjur njaluk tulung supaya bisa sugih. Ana sing merga ngawula marang ratu lan njaluk tulung supaya tumuli bisa diasihi dening dhuwurane temah cepet munnggah pangkate. Ana maneh sing olehe njaluk tulung merga wis siwe nggone omah-omah nanging ora tumuli kaparingan momongan lan liya-liyane.

Lan bares wae, marang wong sing njaluk tulung marang aku mau kabeh tak warah yen saremene aku ora bisa aweh pitulung kajaba mung bisa nyenyuwun marang Sing Maha Agung lan tak jaluk supaya wong-wong kuwi uga padha nyenyuwun marang Kang Maha Agung. Nanging eman, meh kabeh padha ora ana sing nggugu karo sing tak kandhakne. Malah akeh sing nganggep yen aku iki bangsa lelembut sing duwe panguwasa bisa gawe abang ijone titah liyane. Lan nalika padha tak kandhani yen panganggep kaya mau ora bener, ora ana sing percaya dikira yen pituturku mau mung kanggo nyoba marang wong-wong mau. Mula aku akeh rumangsa cuwa, nanging gandheng wis dadi lakuku kudu aweh pitulungan marang sok sapa wae sing mbutuhake, aku ya ora arep selak marang kuwajiban iki.

Lan sing ndadekne atiku rada kalipur, durung suwe iki aku ditekani dening Ki Jurudah lan Ki Prasanta maneh. Kekarone nggawa kabar yen anggonku nindakne laku patobatan wis ana thronthong-thronthong padhang yen bakal katon uwohe. Kajaba saka kuwi, Ki Jurudah lan Ki Prasanta uga masrahake Keris Kyai Pantek sing tau dadi Sipat Kandel Kalurahan Tambak sing mbok menawa saiki wis dadi Kalurahan Tambaksela. Ya gene Keris kuwi dipasrahake marang aku? Aku durung diwenangake crita marang sapa wae, kalebu marang ndika Ki Sarkara.

Kajaba oleh dhayoh Ki Jurudah lan Ki Prasanta sing ninggali Keris Kyai Pantek marang aku. Omah kene uga katekan dhayoh sing sasuwene iki mung tak tepungi jenenge, ya iku Nyai Pandhanwangi . Mesthi wae tekane Nyai Pandhanwangi mengku karep winadi marang aku. Mula aku ya durung wani mblakakne karep winadi kuwi marang sapa-sapa, klebu marang ndika Ki Sarkara lan Nyai Sarkara.

Tak kira wis cukup nggonku nyritakne kabeh lelakon sing tau tak alami wiwit ngabdi marang Rama Tumenggung ing Majapahit, wiwit tanah Jawa kaprentah dening Sinuhun Brawijaya nganti sing ngratoni Tanah Jawa wis bola-bali ganti, lan saiki diratoni Kanjeng Sultan Adiwijaya lan malah miturut kabare mbok bakul sinambiwara wis ana tandha-tandha yen Kraton Pajang sing saiki arep ngalih menyang telenging Alas Mentaok. Saiki genti aku sing arep takon marang ndika, apa ndika gelem blaka marang aku lan aweh wangsulan kang jumbuh karo sing ana jero ati ndika Ki Sarkara?”

mBah Tambak mungkasi anggenipun cariyos lajeng katutup mawi pitakenan dhateng Ki Sarkara inggih tiyang sepuh kula. Ki Sarkara ingkang wiwit mBah Tambak miwiti cariyos, boten sumela atur babar pisan menika, rumaos kaget sareng mBah Tambak dhawuh makaten kala wau.

“Ngaturaken gunging panuwun mBah Tambak” Ki Sarkara lajeng atur wangsulan “manawi jengandika mBah Tambak ngersakaken ndangu lan mundhut pirsa isen-isening manah kula, saestu kanthi suka remening manah badhe kula aturaken sedaya kanthi blaka boten badhe wonten ingkang kula singidaken isen-isening manah kula”.

Mireng wangsulanipun Ki Sarkara ingkang makaten menika, mBah Tambak ketingal bingar polatanipun.

 

Ana candhake

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...