56.
Rada
sauntara anggone Puranta nata ukara. Aku apa dene Ki Jurudah lan Ki Prasanta
uga ora guneman apa-apa, ngenteni anggone Puranta guneman aweh wangsulan marang
pitakone Ki Jurudah mau. Nanging Puranta ora enggal-enggal guneman, nganti Ki
Prasanta olehe nyruput wedange ambal kaping pindho, meksa Puranta ora tumuli
wangsulan. Malah Sirep banjur ngadeg, pamitan arep memburi sedhela. Ora let
suwe iya banjur bali maneh karo nggawa rege isine gembili sing mentas dientas
saka dandang.
“Mangga
Kyai menika gembili nembe kemawon anggen kula ngentas saking dandang” kandhane
Sirep karo ngladekne gembili sing ana rege.
“Wah,
mathuk banget iki ngger, dhasare mau olehku madhang ora pati tak waregi, lha
wong aku ngerti nek ndika mau ngumbahi gembili klangenanku iki” wangsulane Kyai
Jurudah sing banjur njupuk gembili sing isih kumebul pegane.
“Inggih
Kyai, samangke kaparenga kula nutugaken atur” Puranta genti sing guneman.
“Iya,
iya Ngger tutugna nggon ndika crita, tak rungokne karo mangan gembili sing methur
iki” wangsulane Ki Jurudah, aku karo Ki Prasanta ya banjur padha melu-melu
njupuk gembili sing ana rege suguhane Sirep kuwi.
“Waunipun
kula ewuh oya anggen kula badhe atur wangsulan dhateng mBakyu Tayem, jalaran
sanadyan yuswanipun inggih langkung sepuh kula tinimbang mBakyu Tayem, nanging
piyambakipun sampun kula dhaku kados dene mBakyu kula piyambak” Puranta nutugne
critane “kajawi saking menika, kula ugi sampun prasetya salebeting manah, bilih
boten badhe mayuh semah kula pun Sirep. Kula sansaya ngungun lan boten saged
nggagas, pranyata para Bebau sami sarujuk kalihan panyuwunipun mBakyu tayem
menika”.
“Lha
banjur wekasane kepiye Ngger?” Ki Prasanta nyela rembuge Puranta. Selak ora
sabar pengin ngerti piye pungkasane crita.
“Wekasan
kula manggih pawadan ingkang kula anggep maton” wangsulane Puranta.
“Pawadan
kanggo nampik panjaluke Tayem ?” Ki Prasanta takon.
“Inggih
Kyai” wangsulane Puranta “kula dereng sagah kakepyakaken nggentosi
kalenggahanipun Kangmas Jaswana dados Lurah ing Tambak lan dereng saged nggagas
menapa ingkang dados panyuwunipun mBakyu Tayem. Jalaran wekdal menika, kula
taksih rumaos dosa dhateng Kalurahan Tambak magepokan kalihan icalipun Kyai
Pantek ingkang kula tamakaken dhateng dhadhanipun Kyai Lopara lajeng kabekta
mlajar ingkang boten kula sumerepi purugipun”.
“Tak
kira kuwi pawadan sing kurang maton Ki Puranta” aku genti sing nyelani crita “jalaran
sawayah-wayah Kyai Pantek bisa ketemu, ndika rak ya kudu netepi apa sing dadi panyuwune
Para Bebau supaya gelem dadi Lurah ing Tambak lan netepi prasetyane Ki Lurah
Jaswana marang Tayem. Lan saupama Kyai Pantek sing ilang katut ing dhadhane
Lopara kuwi sida ora ketemu, apa ya klakon Tambak ora ana sing nglurahi?”.
“Inggih
mBah Tambak” Puranta wangsulan karo nutugne olehe crita “miturut pamanggihing
nalar kula miwah nalaripun para Bebau saha Para Jagabaya tuwin Para Sapukawating
Kalurahan, mesthinipun Kyai Lopara sampun dumugining pejah jalaran kajawi
sampun ketaman Kyai Pantek, saderengipun ugi sampun nandhang tatu awrat kababit
Golok dening Ki Lurah. Dados mesthinipun Kyai Lopara boten badhe kiyat mlajar
tebih saha pejah ing sakanan keringipun pekaranganing griya kula. Pramila Para Bebau,
Para Jagabaya lan Para sapukawating Kalurahan lajeng sami ngubres papan ing
sakanan keringipun pekarangan griya kula, kabiyantu dening warga lan kawula ing
Tambak. Saprelu madosi layonipun Kyai Lopara, ingkang katengaran bilih Kyai
Pantek taksih angrem ing jajanipun Kyai Lopara”.
“Banjur
layone Kyai Lopara bisa ditemokne apa ora Ngger?” Ki Prasanta nyela takon, merga
Puranta leren olehe crita, nyruput wedange kanggo nelesi gorokane sing wiwit
garing.
“Boten
Kyai” wangsulane Puranta banjur disambung karo nutugne crita “sareng sampun
tigang dinten ngubres Kalurahan Tambak nanging Kyai Pantek panggah boten saged
kapanggihaken. Kula lajeng criyos dhateng para Bebau saha Para Jagabaya tuwin
Para Sapukawating Kalurahan, bilih badhe kesah madosi Kyai Pantek mawi cara
kados nalika kula madosi Kyai Pantek jaman ical saking Plangkan rumiyin. Dene
kuwajiban minangka sulihing Ki Lurah, prayogi katetepna salah satunggal saking
Para Bebau dados sulihipun Ki Lurah, jalaran Pangarsaning Para Bebau ingkang
nate kapiji dening Ki Lurah Tambak Kapindho, inggih Ki Bau Kidul ugi sampun
pejah sampyuh kalihan Ki Puludan saha kadenangan sampun tumindak nistha
ambalela dhateng Paugeraning Kalurahan Tambak. Suwaunipun Para Bebau sampun
sarujuk amiji Paman Jaladri inggih Bebau Tengah angesuhi Para Bebau lan mangreh
Para Jagabaya sarta Sapukawating Kalurahan sedaya, jumbuh kalihan piwucaling
angger-angger paugeran Kalurahan Tambak. Nanging gandheng Paman Jaladri
ngrumaosi sampun lungse ing yuswa, Ki Bebau Tengah lajeng amiji Ki Bau Sela
dados suhing para Bebau, dene Ki Bau Tengah badhe jejer minangka Parampara.
Para Bebau sadaya inggih sampun sami anyarujuki. Dados samangke Punjering
Parentah ing Tambak Kaasta dening Ki Bebau Sela”.
“Banjur
Nyai Lurah utawa Nyai Tayem banjur kepiye?” Ki Prasanta takon.
“Ya
ora piye-piye ta Ki Prasanta” aku nyaut karo rada ngguyu “kajaba nek ndika isih
kepengin duwe kanca omong-omongan nalikane arep mapan sare, mengko ben Ki
Puranta nembungne pepenginan ndika marang Nyai Tayem, mbok menawa wae Nyai Tayem
gelem diboyong menyang Ngiyom”.
Krungu
omonganku ngono kuwi, wong sak pajagongan padha ngguyu kabeh, kajaba mung Ki
Prasanta dhewe sing banjur kresah-kresuh.
“Sak
jane ndika kuwi omong saomong nek ora nyerikne atiku apa ora bisa ta mBah
Tambak? Omongan tenanan kok dicampur karo guyonan!” kresah-kresuhe Ki Prasanta
diunekne karo menthelengi aku.
“Lho
aku iki mau mung mangsuli pitakon ndika lho Ki?” aku mesem amba “wong aku ya
mung mernahne, mbok menawa nek ndika ngersakne omah-omah karo Nyai Tayem? Nek ora
ya uwis, aja nesu, njur ngarani kancane nyerikne atine barang”.
“Kanthi
dereng wontenipun Lurah ingkang enggal” Puranta guneman ngiras misah nggonku
udur karo Ki Prasanta “mBakyu Tayem inggih panggah dados Nyai Lurah, Kyai.
Langkung-langkung wekdal menika Ki Bebau Sela ugi nembe piyambakan, Nyai Bau
Sela sampun nem wulan anggenipun seda. Saupami Ki Bau Sela taksih gadhah semah,
inggih semahipun mawi sebatan Nyai Bebau dede Nyai Lurah. Lan sanaosa
sebatanipun mBakyu Tayem menika Nyai Lurah, nanging inggih boten gadhah
panguwaos menapa-menapa jalaran Paugeraning Kalurahan Tambak boten maringi
kuwaos menapa-menapa dhateng semahipun Lurah lan semahipun para Pamong
sanesipun”.
“Lha
saupama anggon ndika nggoleki ilange Kyai Pantek kuwi ora ana asile banjur
kepriye pranatan ing Kalurahan Tambak, Ngger?” Ki Jurudah banjur takon.
“Kula
ugi sampun gadhah pamanggih ingkang ugi sampun dipun sarujuki dening Para Bebau
lan Para Jagabaya tuwin Para Sapukawating Kalurahan” wangsulane Puranta.
“Panemu
sing kepiye kuwi Ki Puranta?” aku genti sing takon.
“Manawi
ngantos kalih welas purnama kula dereng wangsul mbeta Kyai Pantek dhateng Kalurahan Tambak, mangka Ki Bebau Sela saged katetepaken
minangka Lurah enggal. Lan menawi mBakyu Tayem taksih angekahi prasetyanipun
sawargi Kangmas Jaswana, murih piyambakipun panggah dados Nyai Lurah inggih
kedah dados semahipun Ki Bebau Sela” wangsulane Puranta.
“Nanging
yen tak gagas tenanan” Ki Jurudah guneman maneh “wektu iki Angger Puranta isih
duwe sesanggeman sing durung rampung, ya kuwi nemokne Kyai Pantek iya ta?
Banjur bakal menyang ngendi maneh anggon ndika bakal nggoleki Kyai Pantek sing
ilang katut ing dhadhane Kyai Lopara kuwi. Kamangka cetha nek Lopara ora nganti
tekan kene nggone mlayu sawuse nandhang tatu merga kena goloke Ki Lurah banjur
ndika tambahi karo nyudukne Kyai Pantek ing dhadhane kuwi?”.
“Atur
uninga malih Kyai” Puranta katon padhang praupane “estunipun nalika kula bidhal
mriki kala wingi menika, ing margi kula kanthi boten kanyana-nyana kepanggih
kalihan Kyai Pantek”.
“Elho?
Dadi ndika wis nemokne Kyai Pantek?” Ki Jurudah katon nek kaget, aku lan Ki
Prasanta uga melu kaget krungu sing dikandhakne Puranta iki mau.
“Wonten
cariyosipun Kyai” Puranta wangsulan maneh “anggen kula bidhal saking Kalurahan
Tambak kala wingi menika wancinipun sampun radi sonten, nyaketi wanci seraping
surya. Lha sareng kula medal saking padhusunan, dumadakan saking salah
satunggaling gegrumbulan kula mireng suwanten sambat ngrerintih. Awit rumaos
mesakaken lan boten tega manah kula, suwanten menika lajeng kula caketi. Jebul ing
sangandhaping Kajeng ageng inggih Wit Kepuh, kula sumerep, nuwun sewu,
wewujudan jrangkong ingkang semendhe dhateng wit Kepuh kala wau kalih nangis
ngrerintih sambat nyuwun dipun sampurnakaken pejahipun. Adrenging manah, kula
kepengin sanget saged ngruwat wewujudan Jrangkong ingkang kantun balung kemawon
menika, nanging kula boten mangertos caranipun. Kula lajeng njegreg sarwi
ngulati Jrangkong kala wau. Dumadakan Jrangkong kasebat wicanten, ngaken bilih
piyambakipun menika estunipun Kyai Lopara, dados Jrangkong kados makaten awit
kobong dening Dhuwung Kyai Pantek ingkang kula tamakaken ing dhadhanipun.
Lajeng Kyai Lopara ingkang sampun dados Jrangkong menika nedhi tulung dhateng
kula murih mendhet Kyai Pantek saking raganipun, samangke Kyai Pantek mapan ing
sawingkinging balung iga. Kyai Lopara lajeng kula caketi, kula tingali, mila
saestu Kyai Pantek wonten ing sawingkinging balung iga. Kula lajeng mikir pados
cara murih kula saged mendhet Kyai Pantek menika tanpa ngrisak bebalung ingkang
anutupi. Dumadakan boten kula sumerepi
kawitanipun, Jrangkong ingkang kala wau semendhe Wit Kepuh, saged mlampah
majeng nyaketi kula, tanganipun ingkang namung wujud balung kumrembyah badhe
nyakar praupan kula. Kula kaget lajeng mencolot mundur. Kula ugi lajeng
kemutan, nalika kula kadhawahan aji Paser Angin dening Kyai Lopara nalika kula
rampung asung pitulungan dhateng Kyai Lopara kala samanten. Awit saking menika
kula nunten gadhah tekad badhe lumawan Jrangkong kasebat ngiras pantes mendhet
Kyai Pantek ingkang mapan ing wingkinging balung iganipun jrangkong menika”.
“Banjur
ndika perang tandhing mungsuh Jrangkonge Lopara kuwi mau, Ki Puranta?” nalika
Puranta mandheg olehe crita merga nyruput wedange kanggo nelesi gurung, aku
sumela takon.
“Boten
mBah Tambak” wangsulane Puranta sabanjure “awit dumadakan ing ngajeng kula
ngertos-ngertos sampun wonten satunggaling pawestri ingkang ngadeg ngadhang
kula, tiyang estri menika sakalangkung ing sulistyanipun abusana sarwa ijem,
wiwit suku ngantos mustaka katutupan sutra ijem, temah ingkang katingal namung
winates ing pasuryanipun kemawon. Pawestri menika ngaken menawi sanakanipun
mBah Tambak, inggih Raden Bagus Suwanda, ugi paring pirsa dhateng kula menawi
Jrangkong menika wujud sejatosipun Kyai Lopara, awit estunipun Kyai Lopara
menika bangsa lelembat ingkang dhemen ganggu damel dhateng manungsa, suwaunipun
taksih saged memba manungsa nanging samangke sampun boten saged jalaran ketaman
Kyai Pantek. Kula lajeng kadhawuhan mundur, awit piyambakipun ingkang badhe
ngrampungi Jrangkong Lopara menika”.
“Lha
Wong wadon sing ayu kuwi mau ngaku nek sanakane mBah Tambak, banjur jenenge
sapa Ngger?” dumadakan Ki Prsanta nyela rembug.
“Inggih
Kyai, asmanipun Nyai Pandhanwangi” wangsulane Puranta.
Dumadakan
Ki Prasanta ngguyu banter, ndadekne aku kaget, Puranta lan Sirep uga banjur
katon yen gumun, ngerti Ki Prasanta sing dumadakan ngguyu kepingkel-pingkel
ngono kuwi.
“Saiki
wis cetha…….” kandhane Ki Prasanta ing sela-sela guyune.
“Cetha
kados pundi Kyai?” Puranta takon “anggen kula criyos dereng rampung”.
“Iya
mengko enggal ndika rampungne Ngger” Ki Prasanta aweh wangsulan “sing tak
kandhakne cetha kuwi jebul ing Sendhang kene ana iwak urang sing ora duwe
buntut, ana gaplek dikum neng kolah”.
“Menapa
menika werdinipun Kyai?” Puranta katon yen bingung.
“Ora
sah ndika rungokne kandhane Ki Prasanta kuwi Ki Puranta” aku sing nyaut rembug
karo mesem “kuwi mau Ki Prasanta rak arep mbales marang aku?, nanging aku ora serik
kok!. Iwak urang ora duwe buntut kuwi karepe Wong wis Gerang ora duwe sebut,
gaplek dikum neng kolah kuwi karepe wong wis tuwek isih kakehan polah……….”.
Ana
candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar