Total Tayangan Halaman

Rabu, 15 Maret 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (055)


 

55.

       Jebul Ki Jurudah lan Ki Prasanta mung ngandhani supaya aku luwih nggedhekne nggonku duwe rasa pasrah lan sumarah marang Purbaning Allah. Dene lantarane ya kuwi kanthi sarana nggedhekna rasa tresna marang sapepadhaning titah, rumangsa duwe kuwajiban rumeksa katentremaning jagad sarta ngreksa apa wae kang dititahake dening Gusti kanggo nyukupi kabutuhaning manungsa aja nganti ana sing ngrusak. Yen kuwi kabeh wis tak tindakne kanthi becik mangka aku bakal dikeparengake ndherek suwita marang Sang Prabu Brawijaya sing saiki mapan ana ing Gunung Lawu kanthi asma Kanjeng Sunan Lawu. Aku ngrumangsani ringkihe ragaku, uga ringkihe jiwaku mula aku banjur kandha marang Ki Jurudah.

“Dhawuh ndika kuwi gampang diucapne Ki Jurudah, nanging angel olehe nindakne” mangkono nggonku guneman .

“mBah Tambak aja kleru” sing semuar dudu Ki Jurudah nanging malah Ki Prasanta “sing dikandhakne Kakang Jurudah mau dudu saka Kakang Jurudah utawa saka aku dhewe, nanging kuwi dhawuh saka Kanjeng Ratu Setyawati. Isine dhawuh ya padha karo dhawuh sing diparingake marang aku karo Kakang Jurudah. Mung bedane yen dhawuh kanggo ndika winatesan wujud bisa ngabdi lan suwita marang Kanjeng Sinuhun, yen dhawuh kanggo aku lan Kakang Jurudah  winatesan nganti aku lan Kakang Jurudah ora suwita maneh marang Kanjeng Ratu ing Ngiyom”.

“Tak tambahi nggonku kandha ya mBah Tambak?” Ki Jurudah nambahi kandhane karo suwara sing sareh “wiwitane nalika aku nampa dhawuh kaya sing tak kandhakne marang ndika iki mau, aku rumangsa kabotan jalaran aku ngrumangsani yen aku iki mung titah lumrah kang daya panguwasane banget winates, luwih-luwih aku uga isih kanggonan nafsu patang prakara lan kekarepan kanggo aku dhewe, yen aku kasampiran kuwajiban ngreksa murih jagad tansah tentrem, murih kabeh kang tinitahake Gusti kanggo nyukupi kabutuhaning manungsa ora rusak, mangka tangeh bisane kasembadan, jalaran sing bakal tak adhepi kuwi uga titahing Gusti sing nduweni daya kaluwihan sing mbok menawa akeh sing luwih dhuwur lan luwih gedhe tinimbang daya kaluwihan sing tak gadhuh”.

“Iya Ki Jurudah” aku nugel rembug “mula aku kandha kaya ing ngarep mau, ya mangkono kuwi sing ngiseni pamikirku. Banjur kepiye?”.

“Bareng aku matur Kanjeng Ratu bab winatese kekuwatan lan daya kaluwihanku ngono kuwi mau, Kanjeng Ratu banjur dhawuh kuwajiban kuwi wajibe ya dilakoni kanthi sakuwasane jumbuh karo kekuwataning jiwa lan ragane. Dhawuh sing tak tampa sing banjur uga ndika tampa iki isine prentah nindakne dhawuh mau, ora diprentah kudu kasile. Gampangane wae ngene, upama aku lan ndika iku ngibarate Prajurit kaprentah maju perang, kudu wani lan gelem tumandang lan mbudidaya murih bisa menang, nanging yen kapeksane awake dhewe gugur ing madyaning palagan ora bakal ana sing ngluputake. Beda yen prajurit mau kadhawuhan perang malah banjur mopo, ora gelem budhal menyang rananggana, kuwi jenenge prajurit sing gelem mangan blanja nanging wegah rekasa. Kuwi luput gedhe. Luwih gedhe dosane yen ana prajurit gelem budhal menyang palagan kanthi sangu tekad bakal teluk lan pasrah bongkokan marang mungsuhe mung murih ora kelangan uripe, prajurit kang mangkono mau wis tumindak dosa sing gedhe banget, merga kajaba wis nyidrani kasetyan marang Ratu Gustine, uga wis nglalekne marang Gusti Sing Maha Urip Ya iku Dzat Kang Wenang murba pati lan uripe titah. Tak kira kanthi katrangan sing cekak iki, ndika wis uninga werdining dhawuh sing ndika tampa lumantar aku lan adhi Prasanta iki” Ki Jurudah nyethakne werdining dhawuh sing kudu tak tindakne.

Aku bisa nampa kanthi cetha, lan aku uga kelingan nalika isih nom biyen, Rama Tumenggung kerep paring pitutur yen wajibe kadang tani kuwi nandur lan mbudidaya murih sing ditandur bisa ngasilake woh sing murakabi kanggo dheweke lan kulawargane munggahe kanggo wong ing sakiwa tengene. Nanging kadang tani kudu ngerti yen sing arane Pesthi, kuwi ana astaNe Gusti. Lan Pesthi kuwi ana loro cacahe, sing siji pesthi sing kasat mripat lan bisa diwaca mawa nalar lan ana maneh pesthi sing ora kasat mripat ora bisa diwaca mawa nalar lan mung ati kang suci sing bisa mangerteni lamun tumibane pesthi kuwi kabeh merga saking gedhening sih-E Gusti marang titahE.

Nganti pirang-pirang dina Ki Jurudah lan Ki Prasanta anggone aweh pitutur marang aku murih pintering atiku. Dudu pitutur sing mung bisa minterake nalarku wae. Nganti tekan sawijining sore, ya iku pas pitung dina saka anane kedadeyan ing Kalurahan Tambak. Puranta teka ing papan panggonanku kene maneh. Kanthi sengaja, Ki Jurudah lan Ki Prasanta mrayogakake Puranta ketemu karo sisihane luwih dhisik.

“Sesuk-sesuk wae ndika critakne kabeh kedadean sing ana Kalurahan Tambak sawuse aku lan mBah Tambak sarta Adhi Prasanta bali mrene” kandhane Ki Jurudah nalika Puranta arep ngandhakne apa-apa kang wus dumadi ing Kalurahan Tambak “saiki prayoga ndika leren dhisik ing palereman ndika lan Nyai Puranta kana”.

“Inggih Kyai, boten langkung ngestokaken dhawuh” wangsulane Puranta sing banjur ninggalake aku wong telu sing lagi jagongan ana jogan sing digelari klasa.

“Tumrap manungsa lumrah sing isih kaya Puranta kuwi, sapatemon mirunggan wong loro karo rabine kuwi mujudake kuwajiban kang ora kena dilirwakne mBah Tambak” kandhane Ki Prasanta marang aku sawuse Puranta ngalih memburi arep nusul sisihane sing lagi leren ana paleremane.

“Iya Ki Prasanta” wangsulanku karo mesem “sanadyan aku durung tau ngalami aku ya wis ngerti ing babagan kuwi”.

Let telung dina sawise Puranta tekan omahku, nuju sabubare mangan sore, nalika Sirep nglorodi cething lan cowek wadhah panganan saka jogan arep digawa menyang pawon saperlu diisahi, Ki Jurudah kandha :

“Nyai Puranta mengko yen anggon ndika korah-korah wis rampung, aku karo mBah Tambak lan Ki Prasanta kepengin rembugan sethithik karo nDika lan Angger Puranta”.

“Inggih Kyai” wangsulane Sirep.

Puranta sajake tanggap, mula murih enggal rampung gaweyane Sirep, Puranta banjur menyat nututi sisihane arep ngrewangi anggone arep tandang gawe. Ora nganti suwe, wong loro lanang wadon kuwi wis bali menyang jogan maneh, nusul aku wong telu sing lagi padha jagongan. Puranta nyangga dhulang isi cangkir-cangkir saka bathok klapa, mbuh apa isine katone banyune panas sing isih kumebul pegane. Sirep nggawa tompo sing isine kacang godhogan.

Sawise rampung nggone ngladekne godhogan banyu jahe sing dicarupi karo gula aren, Puranta banjur mapan sila, Sirep lungguh timpuh ana sisihe. Wong loro kuwi ngenteni Ki Jurudah sing mau kandha arep ngajak rembugan sethithik.

“Yen aku nyawang pasuryane Angger Puranta nalika teka saka Tambak wingi kae” sawise nyruput wedang jahe sing neng cangkire Ki Jurudah miwiti guneman “sajake kahanan ing Tambak wis ora ana sing nguwatirake maneh. Lire kahanan wis bali tentrem kaya sadurunge, apa ya bener mangkono Angger Puranta?”.

“Kasinggihan Kyai” wangsulane Puranta alon nanging cetha “awit saking pangestunipun para sepuh sedaya, samangke kawontenan ing Tambaksela sampun wangsul tentrem malih, sanaosa sisa-sisaning raos dhuh kita taksih dereng ical saking salebeting manah”.

“Mengko dhisik, sing tak karepake kuwi mau kahanan ing Kalurahan Tambak” Ki Jurudah guneman maneh “nanging iki mau sing dikandhakne Angger Puranta, kok Tambaksela? Lan yen ta rasa dhuhkita kuwi isih nabet ing atine para kulawargane Sapukawating Kalurahan kang kapeksa gugur dadi sawur tawuring Kalurahan Tambak, kuwi aran wis lumrah. Mengko kagawa karo lakuning wektu suwe-suwe ya bakal ilang dhewe”.

“Makaten Kyai” Puranta aweh wangsulan “estunipun wiwit kula njangkahaken suku nilar bumi kelahiran kula ingkang kaping kalihipun menika, Kalurahan Tambak kenging kawastanan sampun boten wonten lan santun dados Padhukuhan Tambaksela”.

“Kok bisa mangkono cethane piye Ngger?” Ki Prasanta melu takon. Sauntara aku mung meneng ngrungokne wae.

“Mugi kauningan Kyai saha mBah Tambak” Puranta mangsuli pitakon saka Ki Prasanta “sajengkar jengandika tetiga saking griya kula kala wingi menika, watawis sapanginang malih, Ki Lurah Tambak Kapindho inggih Kangmas Jakasuwana utawi Kangmas Jaswana, katimbalan wangsul marak ing ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Asih…….”.

“Ki Lurah seda?” ora sranta aku nugel rembug, takon.

“Inggih leres mBah Tambak” wangsulane Puranta “kula kinten jengandika tetiga langkung pana menawi tatu ing salebeting dhadhanipun Ki Lurah ingkang kadhawahan aji Paser Anginipun Kyai Lopara kala wingi mila sampun boten saged kausadani malih. Menawi taksih saged kausadani tartamtu jengandika tetiga boten daya-daya kundur nilar griya kula”.

“Iya, iya Ngger” Ki Jurudah wangsulan sareh “sabanjure kepiye?”.

“Dinten enjingipun sasampunipun layon kapetak ing pasareyan boten tebih saking Dalem Kalurahan, inggih kempal tunggil sapapan kalihan pametaking layonipun Ki Bebau Kidul lan Ki Jagabaya Bontot tuwin para Sapukawating Kalurahan ingkang gugur” Puranta nutugne critane “Para Bebau lan Para Jagabaya miwah Para Sapukawating Kalurahan sami mlempak ing Griya kula malih. Tiyang-tiyang kasebat sami anggenipun nggadhahi pamanggih gandheng Ki Lurah sampun seda lan boten kagungan putra, Pramila lajeng sami nyuwun murih kula ingkang gumantos madeg Lurah ing Tambak, nggentosi kalenggahanipun Ki Lurah Jakasuwana…….”.

“Kuwi wis bener” aku nyela rembug mbenerake para Bebau lan Jagabaya sarta Sapukawating Kalurahan sing dicritakne Puranta kuwi.

“Ingkang kepireng radi lucu malih” Puranta nutugne anggone guneman lan ora pati nyenggol karo sing tak kandhakne “nalika samanten mBakyu Tayem, inggih Nyai Lurah ingkang ugi tumut dugi ing griya kula sareng kalihan tiyang-tiyang niku wau, dumadakan gadhah panembung ingkang aneh dhateng kula”.

“Aneh kepiye Ngger?” Ki Jurudah genti takon.

“mBakyu Tayem ingkang katilar seda dening Kangmas Jaswana rumaos sampun kecalan Pangayoman. Kamangka miturut mBakyu Tayem, nalika purun kapundhut garwa dening Kangmas Jaswana kala rumiyin, Kangmas Jaswana nate janji bilih badhe njumenengaken mBakyu Tayem dados Nyai Lurah kangge salamining gesangipun. Nanging sasampunipun kasembadan dados Nyai Lurah, samangke Ki Lurah langkung rumiyin seda. Pramila mBakyu Tayem lajeng nyuwun murih anggen kula kakepyakaken dados Lurah enggal ing Tambak, ngentosi telasing wekdal ngidahipun mBakyu Tayem rumiyin utawi sekawan purnama malih. Awit mBakyu Tayem kepengin sanget anetepi kesagahanipun Kangmas Jaswana, inggih menika ndadosaken mBakyu Tayem Nyai Lurah kangge salamining gesangipun, mangke saderengipun kula kakepyakaken minangka Lurah Tambak supados langkung rumiyin anggarwa mBakyu Tayem. Kanthi makaten panggah mBakyu Tayem dados Nyai Lurah sanaosa kedah mawi sebatan Nyai Lurah ingkang angka kalih”.

Ki Jurudah mesem ngempet guyu krungu critane Puranta sing keri dhewe iki. Ki Prasanta malah ora bisa ngempet, banjur gumuyu kekelen padha karo aku. Aku banjur kelingan nek Nyai Lurah kuwi rak isih ponakane Bebau Kidul sing lagi wae mati, isih putune Butulan. Dadi ya aran lumrah nek duwe panjaluk kaya sing dikandhakne Puranta iki mau. Tak sawang Sirep ora owah babar pisan praupane, ora kaya lumrahe wong wadon yen kakunge ana tandha-tandha arep rabi maneh, embuh wis dikandhani apa dening Puranta. Aku ora ngerti.

“Iya banjur wekasane kepiye Ngger?” Ki Jurudah banjur nakoni Puranta maneh sawuse olehku ngguyu karo olehe ngguyu Ki Prasanta wis ora keprungu maneh.

Puranta katon njengkerutne bathuke, wangune lagi nata ukara kanggo aweh wangsulan marang pitakone Ki Jurudah sing keri dhewe iki.

 

Ana candhake

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...