54.
Tak
kira Ki Jurudah lan Ki Prasanta nek saka Kalurahan Tambak terus bali menyang
Kraton Ngiyom, nanging jebul wong loro kuwi mandheg neng panggonanku kene iki,
ngenteni tekane Puranta sing diwenehi wektu pitung dina kanggo nata Kalurahan
Tambak sing kober mawut merga anane geger ing plataran omahe mau. Tekaku wong
telu dipapag dening manekawarna pitakonan dening Sirep sing jarene wiwit
Puranta budhal menyang Tambak atine tansah trataban. Lan lagi mari sawuse
ketekan tamu sing miturut Sirep tamu sing nyalawadi.
“Aja
was lan aja sumelang Nyai Puranta” kandhaku marang Sirep minangka wangsulan
saka pirang-pirang pitakone “sanadyan kudu nganggo bebanten, kahanan ing
Kalurahan Tambak wis katon wiwit ana sesulak sing padhang. Dene kakung ndika ya
ki Puranta, wektu iki dening Ki Jurudah lan Ki Prasanta isih kadhawuhan leren
sauntara ana ing omahe, nata Kalurahan Tambak lan nindakne jejibahane Ki Lurah
jalaran wektu iki Ki Lurah lagi nandhang gerah santer kena gegamane Kyai Lopara.
Pitung dina maneh Ki Puranta teka mrene maneh, mesthine ya banjur mapag ndika
diajak bali menyang Tambak maneh”.
“Makaten
inggih mBah Tambak?” Sirep mangsuli nggonku kandha “kula badhe nyuwun pirsa
malih mBah?!?”.
“Arep
takon apa maneh?” aku mbalik takon “nek sing ndika takokne wong-wong sing wingi padha gawe paeka marang
Ki Puranta, kaya dene Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot, saiki wis ora bisa
tumindak apa-apa maneh, kekarone wis ngundhuh wohing pakartine temah mati
sampyuh nalika kerengan karo Ki Sabekti lan Ki Puludan. Dadi sawayah-wayah
ndika lan Ki Puranta bali menyang Tambak, kira-kira wis ora ana sing bakal
ngaru-biru maneh”.
“Boten
menika ingkang badhe kula suwunaken pirsa mBah” Sirep ngandhakne sing dadi
pitakone “kados ingkang kula aturaken ing ngajeng, sabidhalipun Kakang Puranta
ndherekaken jengandika tuwin Ki Jurudah lan Ki Prasanta kala wau enjing, manah
kula tansah trataban boten kantenan, nembe mantun sasampunipun kaparingan omben
toya pethak dening Nyai Pandhanwangi……”.
“Nyai
Pandhanwangi kuwi sapa?” aku nyelani takon.
“Lha
menika ingkang badhe kula suwunaken pirsa” Sirep gage wae anggone mangsuli “rawuhipun
Nyai Pandhansari ing dalem mriki, anyarengi manah kula kuwatos-kuwatosipun lan
bingung-bingungipun awit nguwatosaken Kakang Puranta tuwin mBah Tambak sarta
Kyai Jurudah miwah Kyai Prasanta. Meh kemawon saking bingunging manah kula,
kula badhe sumusul dhateng Tambak. Nanging kedadak wonten tamu ingkang nyalawadi,
priyantunipun sakalangkung ing sulistiyanipun, ngagem busana aneh, inggih
menika saranduning salira katutup mawi busana warni ijem, temah boten katingal
rikmanipun, ingkang saged kula tingali inggih namung astanipun kekalih saha pasuryanipun
ingkang endah mencorong kados rembulan ing wanci purnama. Priyantun menika
ngaken menawi asmanipun Nyai Pandhanwangi, dalemipun boten tebih saking mriki.
Lajeng kula dipun paringi toya pethak winadhahan pincuk saking roning pisang,
murih kula ombe”.
Aku
gumun karo sing dikandhakne Sirep iki, jalaran sangertiku papanku kene iki adoh
saka padesan lan ora ana omah siji-sijia sing cedhak karo papan kene. Lan aku
uga lagi krungu iki nek ana wong wadon sing omahe cedhak kene sing duwe jeneng
Nyai Pandhansari. Merga saka kuwi aku banjur ngulati Ki Jurudah lan Ki Prasanta
aweh sasmita supaya kekarone ana sing gelem aweh katrangan ngenani wong wadon
ayu sing aran Nyai Pandhanwangi kuwi. Ki Jurudah mesem, banjur guneman, genti
nakoni Sirep :
“Lha
Nyai Puranta apa ya banjur ngunjuk banyu sing diparingne Nyai Pandhanwangi
kuwi? Banjur rasane kepiye?”.
“Inggih
Kyai” wangsulane Sirep “toya inggih lajeng kula ombe ngantos telas, raosipun
inggih limrah kados raosing toya genthong, namung kemawon sasampunipun kula
ngombe toya kala wau, dumadakan ing salebeting manah kula kraos ayem lan
tentrem, raos was saha raos kuwatos sadya ical, kagantos raos pasrah lan
pitados dhateng Kersaning Hyang Agung, awit ing manah kula ketuwuhan raos
pitados bilih sedaya ingkang dumados ing sanginggiling bumi saandhaping akasa
menika namung awit saking karsa lan kodrat-wiradating Gusti, lan Gusti boten
badhe kagungan kersa damel cilakaning titah, kajawi titah ingkang mila pados
margining cilakanipun piyambak”.
“Sabanjure
Nyai Pandhansari apa banjur kundur apa isih paring dhawuh maneh marang ndika
Nyai ?” Ki Prasanta sing uga melu nyemak critane Sirep melu takon.
“Sasampunipun
manah kula kraos tentrem lan ayem” Sirep aweh wangsulan “Nyai Pandhansari
lajeng paring piwucal dhateng kula, bilih sok sintena kepengin langgeng ing
salebeting raos ayem kedah tansah pitados saha namung angawula
dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung, manawi manah sampun kadadosaken minangka
kalbu mukmin baitullah, ing mriku badhe boten wonten malih isen-isen ing manah
ingkang nuwuhaken raos ajrih, raos kuwatos lan sanes-sanesipun. Salajengipun
Nyai Pandhanwangi ugi dhawuh dhateng kula bilih murih sampurnaning pangertosan
ing babagan menika, kula kedah nyuwun tuntun dhateng guru-laki kula nenggih
Kakang Puranta lan menawi Kakang Puranta sambat kirang pana ing babagan menika,
dening Nyai Pandhanwangi kula kadhawuhan matur murih Kakang Puranta ngangsu
kaweruh dhateng Pratapan Batapawon”.
“Hm……….”
Ki Jurudah unjal ambegan landhung banjur muwus “ing kene Gusti paring warah
marang wong tuwa sing kerep ngendel-endelne dumeh wis tuwa umure kaya aku iki, lumantar
Angger Sirep ya Nyai Puranta sing ngandhakne apa sing dadi piwulange Nyai
Pandhanwangi”.
“Liripun
kados pundi Kyai?” Sirep takon maneh “lha dalemipun Nyai Pandhanwangi menika tembing
pundi? Saestu salebeting manah, kula kepengin sanget ngajak Kakang Puranta
sowan ing dalemipun Nyai Pandhanwangi menika”.
“Cethane
wae mangkene Nyai” Ki Jurudah banjur aweh wangsulan “salugune ing jaman biyen
aku uga nate nampa piwulang saka Kanjeng Ratu Setyawati sing saiki tak
suwitani, piwulang kuwi kapethik saka Ngilmu Sejatiningsih wewarah saka Sang
Maharsi Doradruwasa ya Gurune Kanjeng Ratu sing uga Gurune mBah Tambak, supaya
menungsa bisa moksa utawa bisa manjing alam kaswargan sadurunge ngliwati kori
sing diarani pati. Dene salah siji sing dadi saranane ya kaya sing ndika kandhakne kuwi mau. Ya iku manungsa kudu
nduweni ati Wali, dene tegese wali iku saka tembung uwal saka lali, menungsa
utawa titah sing wis uwal saka lali mesthi bakal tansah eling marang Gusti Kang
Maha Agung, eling marang kabeh dhawuh-dhawuhE, eling marang kabeh kang dadi
pepacuhE. Titah sing wis nduweni ati wali iku padha karo sing ndika kandhakake mujudake
kalbu mukmin baitullah sing tegese kalbu kuwi ati mukmin kuwi wong kang angestu
marang Hyang Agung dene tegese baitullah kuwi daleme Gusti Allah. Cethane wae,
titah sing wis ngaku dadi wong mukmin utawa wong angestu marang Gusti ora bakal
kendhat nggone eling marang Gusti. Nanging ya kuwi, merga titah uga kagadhuhan
nafsu patang prakara sing wujud Amarah, Aluamah, Supiyah lan Mutmainah kerep
wae titah kasurung banjur manembah marang napsu patang perkara kuwi, lire akeh
titah sing lali marang Gustine merga nuruti hardaning salah siji saka napsu
patang perkara kuwi, kalebu aku sing wis tuwa nanging durung sepuh, durung sepi
saka hawa temah durung pana loroning ngatunggil. Dadi nek Nyai Puranta jebul
wis bisa miwiti yasa kalbu mukmin baitullah, ora mokal yen ing tembene ndika
bakal luwih tuwa tinimbang aku sing mung tuwa tuwas kakehan umur kurang tumindak
jujur iki, geleme laku jujur luwih kerep jalaran mawa tetimbanganing hawa napsu
ora jujur merga nurut piwulang luhur”.
Apa
sing dikandhakne Ki Jurudah kuwi kaya-kaya ndhodhogi dhadhaku. Aku banjur
kelingan yen sasuwene urip iki, aku isih luwih akeh nuruti panjurunge hawa lan
nafsuku dhewe. Kamangka sejatining suwarga kuwi sipate suci ora gelem kanggonan
hawa lan nafsu, yen titah isih tansah anuruti lan tundhuk marang parentahe hawa
lan nafsu mokal bisane manjing sejatining suwarga, iya suwarga ing jagad iki
iya suwarga ing jaman kalanggengan mbesuk.
“Sing
ditakokne Nyai Puranta sing keri dhewe mau, omahe Nyai Pandhanwangi kuwi ngendi
Ki Jurudah” kanggo nylemur kumroncaling suwara batinku aku ngelingne Ki Jurudah
marang kang ditakokne Sirep “merga Nyai Puranta arep ngajak kakunge sanja
menyang omahe Nyai Pandhanwangi kuwi”.
“Inggih
Kyai” Sirep melu guneman “saestu kula saged ngraosaken katentremaning manah
nalika kula pikantuk piwucalipun Nyai Pandhanwangi, inggih awit saking menika
kula badhe ngajak Kakang Puranta sowan ing dalemipun Nyai Pandhanwangi, murih
boten namung kula piyambak ingkang pikantuk katentremaning manah, nanging ugi
Kakang Puranta menapa”.
“Iya,
iya Nyai” Ki Jurudah banjur guneman maneh “jenenge mau Nyai Pandhanwangi, kuwi
dumadi saka tembung Pandhan karo tembung wangi. Kena diucapake kanthi diwolak
lan diwalikake. Ya iku Pandhan lan Wangi, bisa uga Wangi lan Pandhan. Nadyan
wujude mung sak Pandhan, ya iku tetuwuhan sing thukule ora dibudidaya manungsa,
akeh sing thukule ing pinggiring kalen, lan akeh wong sing nyingkiri merga wedi
yen kegarit eri sing thukul ana godhonge, nanging satemene tetuwuhan iki
nduweni ganda sing dikaremi dening manungsa ya iku ganda wangi. Dadi nadyan
mung sak Pandhan nanging tenane kuwi wangi. Kosok baline bisa uga sanadyan
wangi nanging kuwi mung sak Pandhan. Cekake wae, asma Pandhanwangi kuwi wae wis
ngemu pitutur marang ndika lan aku sarta wong-wong liyane iki, ya iku dadi wong
kuwi aja gampang ngedohi wong sing katone ora ana regane, merga wong sing
katone remeh bisa uga nyimpen ganda wangi sing bisa gawe senenging ati. Kosok
baline, aja kesusu seneng marang sing gandane wangi, merga sing gandane saka
kadohan wis mambu wangi bareng dicedhaki jebul duwe eri sing manggon ana
godhonge. Sabanjure, Nyai Pandhanwangi kandha yen mapane ora adoh saka kene,
kuwi ngemu teges satemene Nyai Pandhanwangi kuwi ora adoh karo awake dhewe
kabeh iki lan wong-wong liyane. Mung wae, antarane awake dhewe iki karo Nyai
Pandhanwangi ana sing misahake sing wujude aling-aling utawa wiwara sing ora
kasat mata, wiwara kuwi ora bisa ditembus dening titah kang durung bisa
mujudake kalbu mukmin baitullah kaya sing mau ndika kandhakne. Dadi nglengkara
awake dhewe sing isih dhemen ambathara marang hawa lan napsu bisa ngambah ing
papane Nyai Pandhanwangi. Yen titah wis
bisa mujudne kalbu mukmin baitullah kang satuhu, mangka prasaat saben wektu
tansah bisa sesandhingan karo Nyai Pandhanwangi. Awit satemene Nyai
Pandhanwangi kuwi bisane obah, bisane mlaku, bisane guneman lan bisane apa-apa
wae, jalaran ana sing ngobahake, nglakokne lakune, ngobahake lathine lan
sapiturute, ora merga saka karepe dhewe. Mula Nyai Pandhanwangi mau bisa nemoni
Nyai Puranta, jalaran Gusti Kang Maha Asih kepareng manggihake ndika karo Nyai
Pandhanwangi……”.
“Inggih
Kyai, kraos wewah ayem raosing manah kula, mireng dhawuh jengandika Kyai
Jurudah. Kados dene taneman gaga ingkang ijem lajeng kasiram dening dhawahing
jawah. Kados kawontenaning plataran ingkang kapadhangan dening diyan ting ing
wanci wulan purnama” Sirep mangsuli apa sing dikandhakne Ki Jurudah, sajake wis
ngerti apa sing dikarepake Ki Jurudah sing tenane ngemu pitutur sing dhuwur.
Pitutur ora mung kanggo Sirep wae, nanging uga kanggo aku lan Ki Prasanta lan
bisa uga kanggo Ki Jurudah dhewe.
Wektune
wis sansaya wengi, wis wayahe menungsa sing isih akeh njagakne badan wadhage
kaya dene Sirep iki aweh wektu leren marang ragane. Aku banjur ngongkon Sirep
manjing marang papan paturone, murih bisa leren kaya lumrahe wong. Sawuse Sirep
ngalih, lagi aku karo Ki Jurudah lan Ki Prasanta ngrembug sing dadi tanggung
jawabku sajroning nindakne laku patobatan iki.
Ana
candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar