53.
Krungu
critane Guruku sing mangkono kuwi mau, aku lagi ngerti ya gene Ki Jurudah lan
ki Prasanta lagi teka kene. Kamangka wiwit mau wis tak enteni lan kober tak
kira yen wong loro kuwi mung enak-enak nonton wong tukaran saka papan sing ora
diweruhi dening sing ditonton, sauntara aku dikongkon ngrewangi Puranta
ngadhepi Jim Ganjur sabalane iki. Jebul Ki Jurudah lan Ki Prasanta ora kaya
sing tak gagas, merga ngadhepi Gurukul an Ki Lancur sing tau dadi andhahanku
jaman padha-padha ngabdi ing Dalem Katumenggungan nalika samana.
“Estunipun
Ganjur menika boten lepat kalihan kula Guru, awit ing mriki kula namung nglampahi
dhawuh saking Kanjeng Ratu lumantar Ki Jurudah lan Ki Prasanta, saperlu asung
pitulungan dhateng Ki Puranta putranipun Ki Tambak Kapisan, ingkang nembe dipun
paeka dening muridipun Ganjur ingkang nama Lopara” sawuse rada sauntara aku
banjur mangsuli apa sing dadi panjaluke Guru murih aku ngapura marang kaluputane
Ganjur “dene kula kapeksa ndhawahaken aji Ismugunting dhateng Ganjur ingkang
jebul taksih ponakan kula piyambak menika, jalaran Ganjur kumawantun ngatag aji
Rahmuka Kakang Kawah Adhi Ari-ari ingkang kapetang Aji sengkeran ingkang boten
kenging anggegampil anggenipun migunakaken”.
“Ooo
Ganjur, pancen bocah nakal tenan, wani-wanine nggunakne Aji sengkeran Paguron
Gunung Kumitir kanggo ngadhepi sesembahanku Raden Bagus Suwanda” Lancur ketok
getem-getem marang anake lanang.
“Aku
njaluk pangapura Bapa” Ganjur sing wiwit mau melu ngrungokne olehku rembugan
karo Guruku Raden Kala Canthuka, bareng disendhu dening wong tuwane merga wis
nggunakne Aji Sengkerane Paguron Gunung Kumitir banjur njaluk ngapura “Aku mau ora
ngerti yen sing tak adhepi iki pepundhenku dhewe Raden Bagus Suwanda, merga mau
mung dhawuh yen asmane mBah Tambak ngono wae”.
“Uwis
perkara kuwi bisa dirembug keri, saiki aku lan ndika Ki Lancur sarta kowe ngger
Ganjur kari ngenteni dhawuh saka Ki Jurudah lan Ki Prasanta bakal kapatrapan
pidana apa wae, awake dhewe kudu trima. Jalaran arepa mawa pawadan kang kaya
apa wae, nyatane aku wis tumindak luput nuruti panjaluke putuku Ganjur sing jebul
wis tumindak nasar sing nalisir saka bebener. Katujune iki mau sing ngadhepi
aku Ki Jurudah lan Ki Prasanta dhewe upama ora, mbok menawa wae, dosaku bakal
dadi tumpuk undhung ora karuwan”.
“Piye
Ki Jurudah lan Ki Prasanta?” Aku genti nakoni Ki Jurudah lan Ki Prasanta.
“Sadurunge
tak wangsuli aku pengin ngerti kepiye kahanane bocah sing tak titipne ndika mau
mBah Tambak?” Ki Jurudah mbalik nakoni aku.
“Sadurunge
aku gojeg karo Ganjur mau, Ki Puranta mung tak pasrahi supaya ngadhepi Jim -
jim andhahane Ganjur lan kanthi gampang Jim-jim andhahane Ganjur bisa
dikalahake dening Ki Puranta, Kyai” wangsulanku ayem karo noleh papan sing mau
dienggo perang Puranta mungsuh Jim-jim andhahane Ganjur. Nanging kahanane wis
sepi, Puranta ora katon ing kono, sing ana mung para Jim sing pating klemprak,
katon yen kentekan daya lan tenaga.
Nalika
mripatku nyoba ngulati kanan kering ing plataran omahe Puranta sing mau rame
kanggo perang. Kahanane ya wis dadi sepi, peperangan wis rampung. Nanging
Puranta saiki ana ngendi? .
“Sokur
ta yen pancen mangkono mBah Tambak” Genti Ki Jurudah sing banjur guneman “saiki
genti aku sing arep kandha marang Raden Kala Canthuka”.
“Iya
Ki Jurudah, aku arep ngrungokne apa sing bakal ndika dhawuhake” sing wangsulan
malah Guru.
“Jumbuh
karo dhawuh sing tak tampa saka Gustiku Kanjeng Ratu ing Ngiyom lumantar Aji
Paweling, Dina iki uga Raden Kala Canthuka supaya bali menyang Pajimatan Candhi
Gunung Kumitir karo nggawa Ganjur saandhahane sing wujude bangsa Jim. Dhawuhe
Kanjeng Ratu sabanjure, Raden Kala Canthuka, Lancur lan Ganjur ora
dikeparengake ninggalake Candhi Gunung Kumitir suwene satus tahun kaping pindho,
yen nganti dhawuh iki dicidrani, embuh sapa sing nyidrani mangka wis ana pidana
sing diselehne dening Kanjeng Ratu ngubengi laladan Candhi Kumitir, sapa sing
nglangkahi utawa midak sing diselehne Gusti Ratu kuwi mangka bakal lebur tanpa
dadi, mbledhosa dadi nDheg amun-amun” kandhane Ki Jurudah marang Guru.
“Yen
mangkono aku banget ngaturake panuwun Ki Jurudah lan Ki Prasanta, tulung aturna
bekti lan panuwunku kunjuk Kanjeng Ratu ing Kraton Pangayoman sawayah-wayah
ndika wis bali mrana” Raden Kala Canthuka aweh wangsulan “saiki kaparenga aku
njaluk pamit bali menyang Candhi Kumitir kaya sing didhawuhne Kanjeng Ratu
lumantar ndika kuwi mau”.
Tak
sawang Ki Prasanta kanthi nggunakne kekuwataning batine wis ngudhari bandan
sing naleni tangane Guru lan tangane Lancur. Ora let suwe, Guru banjur budhal
lunga ninggalake plataran omahe Puranta kuwi ditutne Ki Lancur, Ganjur lan
jim-jim andhahane kabeh.
“Paprangan
wis rampung mBah Tambak, sajake kabeh padha leren neng jero omahe Angger
Puranta” kandhane Ki Jurudah sawuse Guru saandhahane lunga “Ayo padha dicedhaki
kepiye asile olehe padha perang mau?”.
“Iya
Ki Jurudah” wangsulanku “nanging sajake Ki Puranta sakancane sing unggul ing
paprangan iki mau, ketitik kae sing padha wira-wiri neng cedhak emperaning omah
kae cetha nek Para Sapukawating Kalurahan sing mau padha manunggal karo Ki
Puranta”.
“Iya
mBah Tambak” Ki Prasanta genti sing guneman “becike awake dhewe tumuli nemoni
Angger Puranta, murih sansaya cetha kepiye critane kedadean dina iki mau.
Nanging becike, awake dhewe wong telu kaya sing dicakne mBah Tambak mau, olehe
nemoni Angger Puranta nganggo cara sing bisa meruhi awake dhewe mung Angger
Puranta wae, dadi ora ndadekne ramening kahanan”.
Aku
wong telu tumuli padha manjing alam panglemunan lan mlaku arep mlebu menyang
omahe Puranta. Senajan ing ngarep lawang omahe Puranta kuwi akeh Sapukawating
Kalurahan sing padha jaga-jaga kanthi gegaman sing jangkep, nanging ora ana
sing padha weruh aku wong telu sing mlaku arep mlebu omah. Tekan emperan, aku
weruh para Sapukawating Kalurahan sing mau padha anggolong marang Bebau Kidul
utawa Jagabaya Bontot, mlumpuk dadi saenggon. Ana sing lungguh lan ana uga sing
ngglethak merga nandhang tatu sing abot. Ditunggoni Para Sapukawating Kalurahan
sing anggolong marang Puranta.
Ora
adoh ing sandhinge wong-wong kuwi, katon gumlethak Jagabaya Bontot lan Bebau
Kidul, sajake wong loro kuwi wis padha ora duwe nyawa maneh. Tatune katon yen
arang kranjang. Aku wong telu ora kober namatne suwe-suwe sesawangan sing ora
kepenak disawang nganggo mripat kuwi, awit tumuli mlebu omah arep nggoleki
Puranta. Ing jero omah sisih kiwa, katon para Sapukawating Kalurahan padha
repot nambani kancane sing padha tatu. Banjur ing sisih tengen, katon ana uga
Sapukawating Kalurahan sing wis kelangan nyawa ing paprangan dina iki mau,
kalebu Sabekti lan Puludan. Layon-layon kuwi dijejer diujurne ngalor ditutupi
nanggo jarit mung dikatonake praupane wae. Sajake kulawargane layon-layon kuwi
ya wis padha dikabari, ketitik akeh sing wis padha ngrubung layon-layon mau karo
nuduhne sedhihing atine dhewe-dhewe.
Aku
wong telu padha tolah-toleh nggoleki ing ngendi dununge Puranta sing durung
katon. Aku wong telu banjur mlaku menyang Pringgitan, mbok menawa Puranta ana
kono. Temenan ing Pringgitan jebul akeh wong sing ana kono. Para Bebau kabeh
mlumpuk, kajaba Bebau Kidul. Kabeh padha tumungkul katon sedhih. Sauntara ing
ngarepe Para Bebau kuwi katon Ki Lurah Tambak Kapindho gumlethak, dikemuli jarik.
Ing Sisih kiwane, Puranta lungguh meneng karo sedhela-sedhela nyawang kahanane Sedulure
tuwa sing mung meneng lan mripate merem kuwi. Praupane katon pucet, abang
dluwang, ambegane cekak-cekak. Ing sisih tengene Ki Lurah sing wis ora bisa
obah kuwi, katon wong wadon sing sajake Nyai Lurah, sanadyan ora nyuwara
apa-apa nanging luhe ora leren kumucur saka mripate.
Kanthi
Aji Taliati, aku nyeluk Puranta lan ngandhani yen ana sing arep dikandhakne
dening Ki Jurudah lan Ki Prasanta marang dheweke. Puranta tanggap, banjur
ngadeg arep ninggalne Ki Lurah.
“Dhimas
Puranta arep menyang ngendi?” ngerti nek Puranta ngadeg wong wadon sing lagi
nangis kuwi takon.
“Sakedhap
mBakyu” wangsulane Puranta sajak ora tega “kula badhe medal sakedhap nyuwun
pitedah dhateng Gusti mugi pikantuka sasmita kangge jampinipun Ki Lurah murih
tumunten waluya malih”.
“Iya,
iya Dhimas, nanging aja suwe-suwe ya?”
“Inggih
mBakyu” wangsulane Puranta banjur mlaku nyedhaki papanku wong telu.
Dening
Puranta aku wong telu diajak mlebu omah mburi lan sawuse padha lungguh. Puranta
banjur wiwit guneman :
“Ngaturaken
katiwasan Kyai Jurudah, Kyai Prasanta lan mBah Tambak. Kula boten saged ngayomi
Ki Lurah awit tumindakipun Kyai Lopara ingkang licik. Lan mugi kauningan, Ki
Bebau Kidul lan Ki Jagabaya Bontot pejah sampyuh kalihan Ki Puludan miwah Ki Sabekti.
Para Sapukawating Kalurahan ugi wonten ingkang kedah gugur ing salebeting
paprangan menika”.
“Iya
iya Ngger” Ki Jurudah sing aweh wangsulan “aku lan Ki Prasanta apa dene mBah
Tambak uga wis weruh dhewe kahanan sing ndika kandhakne kuwi mau. Banjur Lopara
saiki ana ngendi?”.
“Inggih
Kyai, sepisan malih kula nyuwun pangapunten, awit kula dereng kuwawa ngampet
hardhaning napsu amarah kula” wangsulane Puranta “estunipun kala wau, nalika
kanthi culika Kyai Lopara saged namani Ki Lurah mawi Paser Angin ingkang liwat
tulupipun, Ki Lurah taksih saged mbabitaken golok ingkang dipun asta temah
ngengingi lambungipun Kyai Lopara. Nanging dupi kula sumerep Ki Lurah rebah ing
siti kanthi ngedalaken rah cemeng saking tutukipun, kula boten saged
ngendhaleni umobing rah kula ingkang kobong dening napsu amarah, temah Kyai
Lopara ingkang sampun nandhang tatu awit kenging golokipun Ki Lurah, taksih
kula tamani Kyai Pantek ingkang wonten tangan kula, kenging jajanipun. Eloking
kawontenan, Kyai Pantek boten saged kula jabut saking jajanipun Kyai Lopara
ingkang lajeng mlajar kalihan mbrangkang. Kula piyambak ugi boten saged mbujung
Kyai Lopara awit kesesa boten kiyat mireng sambatipun Ki Lurah ingkang nandhang
kanin kadhawahan ajinipun Kyai Lopara kala wau. Samangke kula boten mangertos
ing pundi dunungipun Kyai Lopara miwah Kyai Pantek Piyandel Kalurahan Tambak.
Para sapukawating Kalurahan sami kula prentah murih nglari dhateng pundi
purugipun Kyai Lopara nanging dugi sapriki inggih dereng kapireng asilipun”.
“Iya,
iya Angger Puranta” Ki Jurudah karo suwarane sing sareh aweh wangsulan “kabeh
wis kebacut, kuwi mau satemene iya awit saka lakuning kahanan sing njumbuhake
karo unining tulis kang kaserat ing Lokil Makpul. Ora liwat, adiling lelakon kuwi
kudu dilakoni, kanthi sabar lan narima linandhesan rasa pasrah marang Purbaning
Kawasa. mBudidaya kuwi dadi kuwajibaning titah, dene asile kuwi gumantung
marang kersaning Allah. Saiki aja kedlarung angon ndika susah lan sedhih, getun
apa dene keduwung, tumuli printahna marang Para Bebau kae supaya sing dadi
kurbaning paparangan tumuli dirukti kanthi samesthine, sing padha tatu kaudiya
murih enggal padha mari, banjur kanggo sauntara tindakna kabeh jejibahane Ki
Lurah kanthi sabecik-becike. Pitung dina maneh tak enteni rawuh ndika ing omahe
mBah Tambak, saiki aku karo Ki Prasanta lan mBah Tambak arep ninggalne papan
kene awit ana prakaryan sing kudu padha dilakoni dhewe-dhewe”.
Bubar
muni ngono kuwi Kyai Jurudah banjur aweh sasmita marang aku lan Ki Prasanta
diajak ninggalne omahe Puranta. Dadi apa sing kedadean sabanjure aku ya ora
ngerti, dienteni wae pitung dina maneh lagi bakal tak ngerteni apa sing dumadi.
Merga Puranta yen klakon tekan omahku mesthi bakal nyritakne lelakone.
Ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar