Total Tayangan Halaman

Minggu, 12 Maret 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (052)


 

52.

Sanadyan Jim Ganjur wis nglumpruk tanpa daya, nanging olehku njapit gulune ora tak uculi mung rada tak kendhoni sethithik. Aku ya ora ninggal kawaspadan, aku ngerti nek wis lumrah wong tukaran maune ketok wis tanpa daya nanging bareng mungsuhe lena kanthi cukat genti males gawe cilaka. Aku mung ngenteni Jim Ganjur bali eling saka semapute, yen dheweke wis eling lan ora gelem ngaku kalah mangka bakal tak tutugne nggonku ngunci gulune. Bareng wis sauntara, Jim Ganjur wis bisa melek maneh, nanging ora tumuli sambat njaluk urip, malah gunemane isih keprungu ora kepenak dirungokne  :

“He Tambak wong tuwek, nek nyata kowe perwira aku uculana saka japitanmu, ayo ditutugne nggone adu katiyasan lan kanuragan!”.

“Lucu kowe kuwi Ganjur” wangsulanku “saiki genti tak walik, nek kowe nyata perwira ayo uculana japitanku. Yen pancen kowe ora sembada nguculi japitane sikilku becik kowe ngaku wae, yen kowe kuwi Jim sing gampang banget dikalahne dening wong tuwek kaya aku iki”.

“Setan kowe Tambak!” Jim Ganjur nggereng sajak nesu “selawase ora bakal aku ngakoni yen wis kalah karo kowe, titah sing mung wujud manungsa. Aku titah bangsa Jim asal-usulku saka geni kang tanpa pega, duwe tataran luwih dhuwur tinimbang manungsa sing asal usule mung saka lebu, sing umure ora dawa, mung bisa urip sedhela banjur mati, beda karo bangsaku sanadyan kena ing lara, nanging luput saka ing pati”.

“Wis kaya ngene kahananmu nanging kowe panggah milih dadi jim goblog, Ganjur” aku wangsulan karo ngguyu  “kowe ngendel-endelne asal-usulmu lan ngremehne asal-usule manungsa, kuwi padha wae kowe ngremehne kuwasane Gusti Sing Tan Kena Kinaya Apa, jalaran kabeh kang ana iki mung awit saka karsaNe, Banyu, Angin, Geni, Lebu, Cahya kuwi kabeh anane merga saka kersane Gusti. Luwih goblog maneh, bareng kowe ngarani yen menungsa sedhela urip banjur mati, Urip kuwi langgeng Ganjur, mung alame wae sing seje, kowe kandha yen luput saka ing pati, kuwi ya kleru. Sabab sing diarani pati kuwi mung wujude kori sing kudu diliwati dening sadhengah titah sing dikersakne dening Gusti ngalih menyang alam sing seje. Saiki yen pancen kowe isih ora gelem ngakoni luput lan rumangsa wis tak kalahake, rasakna panjepiting sikilku sing ora bakal tak uwali selawase lan iki ana lebu lemah sing wis tak carup karo gerusaning isi cabe arep tak wur-wurne menyang mripatmu lan aku ya ora ngerti kepriye dadine mripatmu mengko sawuse tak wuwuri gerusan iki“.

“Tambak…. Aja edan kowe!” Ganjur mbengok karto pluntiran kepengin ucul saka jepitanku nanging panggah ora bisa “aku uculana, yen ora kowe bakal getun, mbesuk piwalesku marang kowe bakal luwih kejem tinimbang sing wis mbok tindakne marang aku”.

“Lucu…lucu…..” Aku wangsulan karo ngguyu “kowe isih niyat arep gawe piwales marang aku? Rak isih mbesuk ta olehmu arep males aku? Saiki rasakna dhisik, kepriye dadine mripatmu sawuse tak wuwuri lebu sing wis tak carup karo gerusaning cabe sing thukul ana watu item, sing miturut kabar sing tak tampa bisa gawe picaking mripate bangsa Jim kanggo selawas-lawase, saiki rasakna dhisik ya?”.

“Aja edan …… kowe Tambak, bubukanmu kuwi bisa gawe cilaku tenan…….” Jim Ganjur bengok-bengok, sikile krencalan lan tangane sraweyan arep nyerang aku. Nanging tangan kuwi wis tanpa daya, kekuwatane Jim Ganjur wis entek kesedhot Aji Ismugunting sing tak punjerne ana jepitaning sikilku.

Nganti sauntara Jim Ganjur tak umbar kroncalan aku mung ngenteni dheweke kandha tobat lan ngakoni yen wis tak kalahake. Yen olehe kroncalan leren, jepitanku tak kencengi maneh, nganti suwe-suwe, karo nangis Ganjur sambat :

“Aku luwarana mBah Tambak, saiki aku ngakoni kalah tenan mungsuh kowe……..”.

“Saiki ta?” aku wangsulan karo ngece “nanging mengko utawa sesuk utawa suk emben, kowe mesthi banjur nglimpe aku arep mbok gawe cilaka iya apa iya? . Ya ora apa-apa, pancen kuwi wis dadi watakmu. Merga saiki kowe wis ngaku kalah, kowe ya arep tak luwari nanging sadurunge tak luwari mripatmu arep tak wur-wuri bubukan sing tak kandhakne mau luwih dhisik!”.

“Tobat mBah….. aku tobat tenan…..aja mbok mbok tindakne omongan ndika kuwi!” Ganjur nangis gero-gero.

“Guyonane dicupet teka kene dhisik mBah Tambak…!” dumadakan tan weruh sangkan parane Ki Jurudah lan Ki Prasanta jebul wis ngadeg ana ngarepku karo guneman marang aku mangkono kuwi “apa ndika ora kepengin ketemu karo Guru lan sedulur ndika sing saiki wis ana kene?”.

Tak sawang ing sisih tengene Ki Jurudah katon Guruku Ya Raden Kala Canthuka sing tangane wis dibanda memburi lan ing kiwane Ki Prasanta katon Lancur sing uga wis dadi bandan.

Aku ndlongop nyawang wong-wong sing lagi teka mau, lan jroning atiku banjur takon ya gene Guru karo Lancur dadi bandane Ki Jurudah karo Ki Prasanta?.

“Becik yen ndika luwari luwih dhisik Jim Ganjur sing wis kentekan tenaga kuwi, mBah Tambak” Ki Jurudah guneman maneh marang aku.

Tanpa dipindhoni prentahe Ki Jurudah kuwi banjur tak tindakne. Ganjur tak luwari saka japitan Aji Ismugunting, banjur tak surung tiba glangsaran neng ngarepe Ki Jurudah lan Ki Prasanta.

“Kula ingkang nyuwunaken sepinten dosa lan kalepatanipun anak kula pun Ganjur, Raden Bagus Suwanda………” dumadakan Lancur ndhingklukne sirahe karo guneman marang aku.

“Ki Lancur………? Lan Guru………?” aku sing isih durung mudheng ya gene Guru karo Lancur tekan kene lan dadi bandan kuwi, mung bisa nyebut jeneng.

“Aja kaget Gus….” Guruku Raden Kala Canthuka sing semaur “Jim Ganjur kuwi anake Ki Lancur. Biyen jaman awake dhewe pepisahan merga awake dhewe arep mlebu Kratone Ratu Setyawati, Ki Lancur banjur kepethuk Peri klambrangan diopeni lan didadekne bojone, nganti duwe anak siji ya si Ganjur kuwi. Bareng awake dhewe dikendhangake nganggo banyu banjir, ndika temangsang neng ngendi aku ora ngerti, aku dibalekne menyang Candhi Kumitir ya pasareyane  Kanjeng Rama maneh lan kaprentah supaya nindakne laku patobatan. Bareng wis rada suwe aku meneng neng Candhi Kumitir, dumadakan Ki Lancur teka karo Tumbini, bojone, ngajak anake lanang sing isih wayah demolan sing jeneng Ganjur kuwi, nembung nek arep nutugne anggone suwita marang aku”.

“Dados Jim Ganjur menika anake Ki Lancur lan ugi siswanipun Guru lan mapanipun ing Candhi Kumitir mrika ?” aku takon maneh.

“Wiwitane mengkono kuwi” Guru aweh wangsulan “nanging durung nganti bundhat nggone necep ngelmu saka aku, Ganjur pamitan arep ngumbara ngubengi Tanah Jawa. Merga ora kena dipenggak, wekasan aku ya mung bisa ngolehi lan meling supaya luwih ngati-ati. Sawuse oleh seketan tahun nggone ngumbara Ganjur bali menyang Candhi Kumitir, kandha yen saiki wis madeg dadi Guru manggon neng Kedhung Belik sing mapane ana sukuning Gunung Lawu sisih lor. Ganjur uga crita yen sajroning ngumbara tau lakune tekan Kraton Ngiyom lan kober kepethuk karo Kanjeng Ratu Setyawati barang, Ganjur kandha yen sesambungan pasedulurane karo Ratu Ngiyom mlaku kanthi becik, Ganjur kerep sanja menyang Ngiyom. Aku melu seneng dene Ganjur duwe tepungan Ratu sing wicaksana kuwi, mesthine Ganjur bakal bisa niru lan nulad marang Ratu Ngiyom kuwi”.

“Kala wau Ganjur criyos dhateng kula menawi piyambakipun nate kayungyun dhateng Kanjeng Ratu Setyawati, Guru?” aku nugel rembuge Guru Raden Kala Canthuka.

“Bener kuwi Gus” Guru aweh wangsulan “pancen Ganjur sing durung ngerti sapa satemene Ratu Kraton Pangayoman kuwi, kober kayungyun lan kedanan kepengin bisa ngepek bojo. Lan baline menyang Candhi Kumitir kuwi ya salah sijine merga kuwi, Ganjur kepengin golek senajata pitulungan marang aku uga bapakane kanggo ngadhepi Senapati kembar saka Kraton Ngiyom sing jarene Ganjur loro-lorone kuwi sing memalangi anggone arep seneng karo Ratu Setyawati”.

“Lha salajengipun kados pundi Guru? Menapa Guru inggih nuruti panyuwunipun Ganjur?” aku takon maneh.

“Mesthi wae ora ta Gus!” wangsulane Guru karo mesem “aku malah nuturi sapa satemene Kanjeng Ratu Setyawati kuwi, lan uga tak critakne yen aku uga tau kayungyun marang panjenengane. Sabanjure Ganjur uga tak kandhani supaya aja wani-wani karo Senapati Kraton Ngiyom Sapukawate Kanjeng Ratu Setyawati sing jeneng Ki Jurudah lan Ki Prasanta, awit kekarone kuwi Senapati sing punjul ing apapak, duwe kasekten sing prasasat tanpa ana sing bisa nandhingi, kekarone kuwi tau tate dadi Senapati ing Majapahit jaman sing jumeneng Nata ing kana Kanjeng Sinuhun Sri Brawijaya Wikramawardana sing jaman timure asma Raden Damarwulan. Bareng wis tak tuturi akeh-akeh, Ganjur iya bisa nampa lan kandha yen arep murungake nggone duwe sedya arep ngepek bojo Ratu Setyawati sing ayune ndika ya ngerti kaya ngana kae…….”.

“Lajeng sambetipun kalihan lelampahan dinten menika menapa Guru?” aku takon maneh “dumadakan kemawon Guru kalih Ki Lancur sampun dumugi mriki, nanging kula tingali sampun dados bandanipun Ki Jurudah lan Ki Prasanta?”.

“Hm……….” Guru ora wangsulan apa-apa mung unjal ambegan landhung, banjur ndhingkluk ngingeti lemah. Tak sawang Lancur uga banjur kaya sing ditindakne guru, mecucu karo marikelu.

“Kandhakna apa anane Raden Kala Canthuka!” Ki Prasanta dumadakan guneman aweh prentah marang Guru “aja ana sing ndika tutup-tutupi, yen ndika gelem blaka mbok menawa bisa dadi pangentheng-entheng saka pidana sing kudu ndika lakoni merga nuruti sambate murid ndika sing seneng melik barang kang melok lan kesusu selak muluk sing wekasane banjur kaselak ngene iki!”.

“Iya Ki Prasanta” wangsulane Guru sing tumuli kandha marang aku “ya iki Gus sing diarani anak polah bapa kepradah ngana kae”.

“Liripun kados pundi Guru?” aku durung mudheng apa karepe Raden Kala Canthuka.

“Watara sewulan kepungkur Ganjur sanja menyang Candhi Kumitir, njaluk bebantu kanggo ngadhepi salah siji saka trahe Prabu Adiwijaya Pajang sing nedya numpes bangsa Jim ing laladan kalurahan Tambak. Dene sing dadi jalaran, merga Trahe Sultan Pajang kuwi ngerti yen akeh kawula ing laladan kono padha kepengin dadi muride Ganjur. Kamangka sing diendel-endelne trahe Sultan Pajang kuwi ya mung Pusaka Piyandel sing satemene kagungane Kanjeng Ratu Setyawati sing aran Kyai Pantek. Mula dening Ganjur Kyai Pantek banjur dicidra lan diumpetake menyang Guw Bongkrah sing manggon ing sapinggire Kali Sumberlanang. Nanging jebul Keris pusaka kuwi ilang saka papan pandhelikane. Ganjur ngira yen sing nyolong Kyai Pantek saka Guwa Bongkrah kuwi para siluman sing nyengkuyung Trahe Sultan Pajang sing dadi Lurah ing Tambak kuwi. Ganjur banjur nembung njaluk tulung marang aku lan Ki Lancur supaya rerewang nggone arep numpes trahe Sultan Adiwijaya sing manggon ana Tambak”.

“Lajeng Guru lan Ki Lancur ugi nuruti menapa panyuwunanipun Jim Ganjur?” aku takon.

“Kaya sing ndika weruhi, aku lan Ki Lancur tumuli budhal lan nanging bareng aku tekan laladan Tambak jebul wis diadhang dening Ki Jurudah lan Ki Prasanta, ana rembug sing sulaya banjur ndadekne aku kerengan karo Senapati loro kuwi banjur aku diseret menyang papan iki. Jebu ling kene aku weruh Ganjur ndika tibani aji peparinge Gusti Menggung sing jeneng Aji Ismugunting, satemah nglumpruk kaya ngono kuwi. Mula aku sing njalukne pangapura merga lupute Ganjur marang ndika Gus Suwanda”.

 

Ana candhake

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...