Total Tayangan Halaman

Minggu, 12 Maret 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (051)


 

51.

Karo ngladeni perange Jim Ganjur, sing bisa tak sawang lan tak ngerteni kahanane ya mung Puranta. Dadi aku ora bisa nyritakne kahanane wong liyane kalebu kahanane Ki Lurah sing lagi adhep-adhepan karo Lopara. Para Bebau lan Para Jagabaya sarta para Sapukawating kalurahan sing mungsuh para murid-muride Jim Ganjur lan andhahane murid-muride Lopara. Sarta kepriye caritane Sabekti lan Puludan sing padha kerengan mungsuh Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot. Gandheng tak sawang kahanane Puranta sansaya ora nguwatirake babar pisan, malah kepara Jim-jim Bregejil sing padha ngrubut Puranta dadi dolanane Puranta. Aku wis mantebake tekad kanggo gawe lumpuhe Jim Ganjur sing tandange wiwit ngawur.

Dumadakan saka kadohan keprungu suwara sambat nanging aku ora ngrewes, merga aku selak kepengin bisa ngringkus Jim saka Kedhung Belik iki murih bisa tak takoni ana gandheng rapete apa antarane dheweke karo Guruku Raden Kala Canthuka. Sepisan maneh tak lirik Puranta, sing sawuse krungu suwara sambat banter sing ora tak rewes kuwi, sansaya sengkud nggone tumandang, Para Jim sing padha ngrubut wiwit ana sing rubuh ora bisa tangi. Lan aku uga banjur ngecakne ngelmu sing adoh sadhuwure ngelmu kanuragane Jim Ganjur, wasana ing sawijining kalodhangan, Jim Ganjur kena tak tibane kepelan sing tak surung nganggo hawa murni kang wutuh. Kena kepelanku prenah dhadhane, sakala Ganjur mencelat rada adoh, tiba neng lemah golung koming karo misuh-misuh nggunakne basa sing rusuh. Sawuse golung koming sauntara banjur mencolot tangi , arep ngadeg. Nanging ya durung bisa jejeg. Malah banjur saka cangkeme muntahake getih ireng sing tumiba neng lemah.

“Iblis laknat kowe Tambak wong Tuwek elek” karo misuh lan ngadeg glayaran Ganjur guneman marang aku “entenana piwalesku, sedhela maneh bakal tak jejuwing kuwandhamu!”.

“Kowe kuwi omong apa Ganjur?” aku nanggapi karo ngguyu ngece “lagi kena slenthik sethithik wae, kowe wis golung koming kaya ngono, kok wani-wanine kowe guneman arep males marang aku?. Ayo ketogna kabisanmu, ora-ora nek mBah Tambak arep kangelan ngadhepi tandangmu!”.

Ganjur ora semaur, malah banjur mapanake tangan lorone ana dhadha sedhakep. Lambene ngrapal mantra. Dumadakan Ganjur ilang saka panduluku, sing ana wujud macan loreng sing sak gajah gedhene. Cangkeme mangap amba kaya lawang guwa, untune sing rangah lancip-lancip katon nggegirisi, ngetokne pega rupa biru sing kumelun kaya kukusing dupa sing disumet. Banjur nggereng sing ngemu perbawa, ndadekne bumi sakiwa tengene klebu bumi sing tak pidaki dadi horeg katut suwara gerenge macan sing gedhene sak gajah kuwi. Macan banjur ancang-ancang arep nubruk. Aku sansaya kepengin enggal weruh sapa satemene Jim sekti sing jeneng Ganjur iki, awit ngelmu mancalawarna dadi Macan Loreng ngono kuwi aku ya tau nyinaoni, nalika aku isih dadi muride Raden Kala Canthuka biyen.

“Eh Ganjur Jim Goblog” kandhaku nalika weruh macan loreng kuwi ancang-ancang arep nubruk aku “apa kowe lali karo welinge Gurumu sadurunge kowe ngecakne Aji Sardulakrodha ngono kuwi?”.

Macan sing wis arep nglumba nubruk aku kuwi dumadakan murungake sedyane nubruk, malah banjur mundur sajangkah karo nggereng, mripate sumorot abang kaya obor ing wanci bengi, nyawang marang aku.

“Mesthine Gurumu biyen tau aweh weruh marang kowe” kandhaku sabanjure sawuse ngerti yen Ganjur sing wis wujud macan kuwi takon apa karepe omonganku sing ngelingake welinge gurune “Titahing Gusti kuwi sing luwih jangkep nalar lan budine mung titah sing wujud manungsa, nanging merga manungsa akeh sing ora bisa nggunakne nalar lan budine kanthi becik lan bener, sok banjur melik marang nugrahaning Gusti sing diparingake marang kewan klebu kewan macan. Kamangka nek wis wujud kewan ngono kuwi, manungsa ya banjur salin nalar lan budine dadi nalar lan budine kewan. Menungsa sing bisa nggunakne nalar lan budine kanthi becik lan bener, ora bakal bisa dikalahake dening Macan daden-daden sing wis wujud kewan, kelangan nalar budine manungsa, malah duwe nalar lan budine macan wae, ya nalar budi sing adoh karo nalar budine macan sing satemene. Sepisan maneh Gurumu mesthi tau kandha nek manungsa isih jangkep nalar lan budine ora gigrig krungu panggiromu, ora gila lan ora miris weruh wewujudanmu, mangka ora bakal bisa mbok kalahake nganggo ngelmumu sing jenenge Sardulakrodha ngono kuwi. Apa mbok kira sing bisa memedeni mungsuhe kanthi cara salin wujud ngono kuwi mung kowe dhewe?. Sawangen rupaku, apa wujudku miturut panyawanging mripatmu?”.

Ora gantalan wektu, aku tumuli matak ajiku Sardulakrodha kaya sing dicakne Jim Ganjur. Sakala miturut panyawange Ganjur, wujudku wis salin dadi Macan sing rupane padha karo wujude dhewe, mung gedhene wae tikel kaping telune saka gedhene macan malihane Ganjur. Sakala Ganjur mencolot mundur katon yen giris weruh wewujudanku, ora suwe banjur mbalik dadi Jim Ganjur maneh. 

“Setan tenan kowe mBah Tambak!” Ganjur sing wis mbalik dadi kaya sakawit, guneman maneh “aja mbok kira aku wedi weruh wujudmu, ayo yen nyata bisa nyenggol awakku, tak guroni kuwandhamu!”.

Bubar muni ngono kuwi, sepisan maneh Ganjur ilang saka panyawangku. Mung sagebyaring that-thit, kira-kira sepuluh jangkah saka papanku ing ngarep lan sisih kiwa lan sisih tengenku wis katon wewujudan kembar telu, kabeh ora ana bedane karo wewujudnae Ganjur. Sing luwih aneh maneh, Ganjur sing ana ngarepku nyekeli Tumbak Trisula, sing ana kiwaku nyekeli Tumbak sing duwe mata bongkot lan pucuke padha lan sing ana tengenku  nyekeli gegaman wujud pedhang kembar sing digegem gagange ing tangan kiwa lan tangan tengene.

“Ha…ha…ha…” Ganjur sing ana ngarepku ngguyu lakak-lakak banjur guneman banter “mBah Tambak manuta wae kowe tak terne menyang Neraka Jahanam kanthi cara luwih dhisik tak jupuke Jejantungmu tak nggone jamu…ha… ha …..ha”.

“Iya mBah Tambak ben kowe ora pati kesuwen ngrasakne lara merga jantungmu dijupuk kakangku, lilakna luwih dhisik limpamu tak gaglage kanggo tamba luweku” Ganjur sing ana sisih kiwaku nyauti rembug.

“Bener kuwi mBah Tambak” Ganjur sing mapane ana sisih tengenku nrambul gunem “limpamu apa dene jantungmu kuwi gedhe banget pigunane tumrap sedulur-sedulurku kuwi, nanging aku ngerti atimu mesthi giris yen nganti mripatmu weruh jantung lan limpamu dijupuk sedulur-sedulurku, mula murih kowe ora wedi, kowe arep tak tulungi, mripatmu sing cacahe loro kuwi arep tak jupuk luwih dhisik, arep tak cukil nganggo pucuking pedhangku, sadurunge jantung lan limpamu dijupuk sedulur-sedulurku kuwi”.

Bubar muni ngono kuwi, Ganjur sing ana sisih tengenku banjur ngirimne panyerang nganggo pedhange diarahne menyang mripatku. Sauntara Ganjur sing ana ngarepku lan sing ana kiwaku ora meneng wae, kekarone uga banjur nyolahne gegamane dhewe-dhewe dienggo nyerang marang ragaku. Ngadhepi Ganjur sing cacah telu kanthi solah sing beda lan gegaman sing ora padha, aku dadi repot. Kapeksa aku jempalitan mundur golek panggonan sing bisa rada ngadohi Ganjur sing cacahe telu kuwi.

Aku kelingan karo piwulange Rama Tumenggung Jatikusuma jaman biyen. Ya iku ana ngelmu sing diarani Aji Rahmuka Kakang Kawah Adhi Ari-ari sing bisa ndadekne wong sing duwe aji kuwi bisa salin wujud dadi  papat, sing siji wujud sejati dene sing telu wujude aji Rahmuka Kakang Kawah Adhi Ari-ari. Saka wewujudan papat kuwi, mung wewujudan kang sejati sing bisa ngrasakne lara lan bisa tumeka ing pati. Dene sing telu liyane kajaba ora bisa ngrasakne lara lan luput ing pati, uga madal sakaliring gegaman gaweyane Empu apa dene gaweyane Pandhe. Kasekten, kadibyan lan kekuwatane wewujudan telu sing kembar lan luput saka lelara lan madal sakehing senjata kuwi ora bakal bisa dikalahake sadurunge wewujudan kang sejati dilumpuhake. Yen wewujudan sing sejati wis lumpuh lan tanpa daya, mangka wewujudan telu mau bakal ilang dhewe-dhewe.

Nanging ing kene sing katon ing panduluku mung ana wewujudan cacah telu, aku bisa mesthekne yen tetelune kuwi dudu wewujudan sing satemene, dudu wewujudane Ganjur sing sejati, nanging wewujudane Aji Rahmuka kakang Kawah Adhi Ari-ari. Yen aku kudu ngetokne tanagaku kanggo ngadhepi Ganjur sing cacahe kembar telu iki, mangka tenagaku bakal musna muspra tanpa guna. Lan aku mesthi kasorane. Aku kudu bisa nemokne wewujudan rupa Ganjur siji maneh, ya iku wewujudane Ganjur sing sabenere.

Aku tumuli njempalik memburi kaping telu, banjur aku manjing ing alam panglemunan, alam sing ora bia diweruhi dening sapa wae kalebu dening lelembut jim setan periprayangan sing kasektene durung mapaki kasektenku. Lan aku uga weruh lan ngerti yen kasektene Ganjur isih manggon ing sangisorku, mung kaceke Ganjur nduweni aji Rahmuka Kakang Kawah Adhi Ari-ari sing durung tau tak sinaoni. Ing Alam panglemunan, aku bisa weruh Ganjur sing kembar cacah telu, kosok baline wewujudan telu kuwi ora bisa weruh wewujudanku. Ing kono aku mbudidaya miyak wewadi ing ngendi wewujudane Ganjur sing sejati manggon.

“Elho…. mBah Tambak kok ilang? Menyang ngendi iki?” Ganjur sing gegaman tumbak trisula mbengok takon.

“Aku ora ngerti, mau katon jempalitan mundur, dumadakan wis ilang saka pandulu, mBah Tambak iki menyang ngendi?” Ganjur sing gamane wujud Tumbak bongkot lanpucuke padha-padha matane kuwi uga melu bengok-bengok.

“Sing ngerti menyang ngendi playune mBah Tambak mesthi mung Ganjur dhewe iki” sing gegamane rupa pedhang kembar ngandhani kanca-kancane, banjur bengok-bengok ngundang Ganjur supaya metu saka pandhelikane :

“Ganjur, Ganjur ….. kowe aja mung enak-enak manggon ana papan pandhelikan! Metua lan kandhakna ing ngendi nggone mBah Tambak lunga? Kowe aja mung waton mrentah nanging ora gelem nuduhne papane wong sing mbok pasrahne sedulur-sedulurmu iki!”.

Krungu suwarane Ganjur cacah telu sing padha olehe bingung nggoleki aku kuwi, aku mung bisa ngampet guyuku. Bareng sansaya kerep Ganjur-Ganjur cacah telu kuwi anggone bengak-bengok ngundang jenenge Ganjur, dumadakan saka watu gedhe sing ana pinggiring Plataran omahe Puranta kuwi Ganjur mecungul ngatonake wewujudane marang Ganjur telu liyane. Aku ngerti yen wektu kuwi Ganjur isih mapan ing alam kajiman jumbuh karo sipat asline sing rupa titah wujud Jim, nanging saka papan panglemunanku aku bisa weruh wujude. Mula tanpa tidha-tiddha, aku mencolot. Jim Ganjur sing ora weruh wujud lan solahku kuwi tak jambak rambute, tak larak ragane. Ganjur bengok-bengok karo misuh-misuh, nanging aku panggah durung ngatonake wujudku.

Lan ing sawijining kalodhangan, aku mencolot munggah pundhak. Gulune Ganjur sing sak glugu gedhene kuwi tak japit keket nganggo sikilku kiwa tengen, tak kunci kenceng. Ganjur ora bisa obah, mbaka sethithik tenagane susut merga entek kanggo nglawan panjepitku. Wasana Ganjur rubuh ing lemah, aku wiwit ngatonake wewujudanku sing satemene. Upama ing kiwa tengenku ana wong sing nyawang, wong-wong bakal weruh nek Ganjur lagi rubuh tanpa daya lan aku durung nglereni nggone ngunci gulune.

Eloking kahanan, bareng Ganjur sing sejati wis ora bisa apa-apa, rerupan Ganjur cacah telu mau padha ilang dhewe-dhewe, embuh menyang ngendi, aku ora ngerti parane.

 

Ana candhake

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...