Total Tayangan Halaman

Kamis, 09 Maret 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (050)

 

50.

            Tak sawang Puranta uga ora kedhep nggone ngingeti wong sing apangawak raseksa kuwi. Wangune Puranta wis ngira yen kuwi sing dikandhakne Ki Jurudah, sing jenenge Jim Ganjur sing wis nyolong Kyai Pantek banjur disingidne neng Guwa sapinggire Kali Sumberlanang. Aku dhewe ya isih maspadakne sapa satemene Jim Ganjur iki? Ana rasa ing ati iki yen kaya-kaya antarane aku karo wong sing awake tingkel pate manungsa lumrah kuwi tau ana sambunge, nanging neng ngendi lan kapan, aku lali.

            “Keparat jebul kowe sing wis wani nyolong Kyai Pantek sing tak sengker ana Guwa Sapinggire Kali Sumberlanang ya Puranta?” dumadakan Jim Ganjur nakoni Puranta, suwarane gumleger kaya gludhug lan ngemu perbawa sing bisa gawe kekesing atine sing padha krungu.

            “Kleru olehmu kandha Kyai Ganjur!” wangsulane Puranta keprungu yen ditatag-tatagne.

            “Keparat, saka sapa kowe ngerti yen aku duwe jeneng Ganjur he?” pitakone Ganjur maneh “lan klerune omonganku ana ngendi?”.

            “Nek ndika bisa ngerti jenengku Puranta, ya ora aneh nek Puranta ngerti nek ndika kuwi Kyai Ganjur, Jim sekti saka Kedhung Belik” wangsulane Puranta “dene klerune omonganmu ya kuwi wis ngarani yen aku sing nyolong Kyai Pantek sing ndika dhelikne, benere ndika sing wis wani nyolong Kyai Pantek sisng ana Plangkan Dalem Kalurahan Tambak, banjur ndika ijoli nganggo bathange ula bandhotan sing wis ndika cipta dadi Tirone Kyai Pantek sing banjur genti dijupuk dening murid ndika sing jeneng Kyai Lopara kanggo mitnah aku, dadi dudu aku sing wis dadi maling nanging ndika lan murid ndika, Ki Ganjur”.

            “Iblis kowe Puranta, saiki kowe milih ngulungake Kyai Pantek sing ana tanganmu kuwi marang aku, sing bisa nylametne nyawamu. Apa milih ndadak nganggo tak rebut luwih dhisik kanthi tak jejuwing kuwandhamu he?” Jim Ganjur nggereng karo aweh panantang marang Puranta.

“Ora ana pawadan kanggo ngulungake Keris Piyandel Kalurahan Tambak iki marang sapa-sapa klebu marang ndika Ki Ganjur” wangsulane Puranta karo ngencengi nggone nyekeli ukirane Kyai Pantek sing isih durung dilebokne menyang wrangkane sawuse mau digunakne nigas ula bandhotan sing disawatake Lopara marang Ki Lurah.

“Ana pawadane Puranta” Jim Ganjur guneman maneh “merga keris kuwi dudu kerise Wong Tamabak, nanging kuwi kerisku sing biyen keri ana Kraton Ngiyom banjur disingidne dening Ratu Setyawati. Pirang-pirang puluh tahun aku nggoleki ing ngendi nggone Setyawati nyingidne keris pusakaku sing wekasane bisa ketemu jebul manggon ana Kalurahan Tambak kene, mula banjur tak jupuk tak singgahne neng Guwa Bongkrah sing ana pinggire Kali Sumberlanang, lha kok malah saiki genti mbok colong. Mula saiki mumpung aku isih durung nesu tenan, aluwung balekna kanthi becik pusaka duwekku kuwi, nek aku nganti nesu ora nganti sapanginang kowe mesthi wis tumekan pati lan ajur mumur kuwandhamu dienggo krayahan kanca-kancaku sing saiki ana sandhingku iki. Ngerti ?”.

Puranta ora enggal wangsulan, nanging malah genti nyawang aku sajak njaluk tetimbangane panemu. Aku mesem banjur aweh sasmita supaya Puranta meneng dhisik, merga aku ngerti sanajan bangsa Jim jebul Ganjur kuwi klebu Jim sing durung dhuwur ngelmune, ketitik  dheweke ora weruh marang aku sing mapan ana alam panglemunan. Nek Ganjur kuwi Jim sing nduweni kasekten sing pinunjul, mesthi wis weruh aku wiwit mau, nyatane Jim sing jarene saka Kedhung Belik kuwi nganti saiki durung weruh yen aku ana kene. Aku uga mikir, apa bener yen Jim kuwi tau sanja utawa ngambah Kraton Pangayoman tenan? Ya gene Ki Jurudah utawa Ki Prasanta ora tau kandha bab iki marang aku? Lan maneh ya gene ing ati iki ana rasa kaya-kaya antarane aku karo Jim iki ana sambunge?. Mula ngiras pantes namengi Puranta, Jim iki arep tak pethuki wae.

Aku tumuli ngatonake ragaku temah kabeh sing ana kono bisa weruh wujudku, klebu Jim Ganjur sak balane kuwi kabeh. Jim Ganjur sajak kaget bareng weruh aku dumadakan wis ngadeg njejeri Puranta . Nanging kagete Ganjur ora tak paelu babar pisan, merga aku isih ngandhani Puranta karo mbisiki kupinge :

“Ki Puranta, tulung ndika gunakne Kyai Bancik lan Slendhang Sipat sing mau tak wenehne, ndika adhepi bregejil-bregejil wadya balane Jim Ganjur kae, bregejil-bregejil kuwi ora bakal kuwawa ngadhepi perbawane Slendhang Sipat lan ora bakal bisa nembusne panyawange marang katiyasane Kyai Bancik. Tak aku wae sing ngadhepi Jim Ganjur iki”.

“Matur nuwun mBah Tambak, boten langkung ngestokaken dhawuh saha nyuwun tambahing pangestu” wangsulane Puranta karo mesem sajak wis ilang rasa was lan sumelanging atine.

Aku banjur genti arep guneman karo Ganjur .

“He wong tuwa sing lagi teka, sapa kowe? aja nyela-nyela! aku isih rembugan karo Puranta!” durung nganti aku takon Ganjur jebul wis ndhisiki ngajak guneman aku.

“Eh, Ganjur, karo wong tuwa kuwi mbok sing duwe tatakrama” wangsulanku sareh wae “jarene kowe wis tau menyang Kraton Pangayoman, nek tenan mesthine kowe wis ngerti sapa aku sing saiki ngadeg ana ngarepmu”.

“Sapa jenengmu he wong tuwek elek?” Ganjur takon maneh karo nyengeges ngguyu “sing tak ngerteni dhemit sing manggon neng Ngiyom kuwi mung loro, Si Jurudah karo Si Prasanta, dhemit-dhemit elek sing wis ngalang-alangi sedyaku arep seneng karo Ratu Setyawati. mBok menawa kowe klebu dhemit anyar sing tekamu sawise aku ora tau saba menyang Ngiyom maneh”.

Jebule Jim Ganjur tau arep seneng karo Ratu Setyawati. Mesthine Ratu Setyawati ora sudi nampa katresnane Jim iki, banjur dhawuh marang Ki Jurudah lan Ki Prasanta supaya tumandang nglungakne Ganjur saka Kraton Pangayoman. Nanging aku wis wegah nggagas kuwi maneh, merga aku dhewe ya kelingan nek aku biyen ya tau duwe gagasan kepengin mengku Ratu Setyawati bisoa dadi sisihanku. Jaman aku isih jeneng Raden Bagus Suwanda biyen. Kelingan lelakon kuwi, aku dadi isin dhewe, isin marang awakku dhewe sing ora bisa noleh githokku. Padha karo Jim Ganjur sing ora bisa rumangsa temah wani arep ngepek bojo Ratu Setyawati, putrane Sinuwun Prabu Brawijaya patutan karo Ratu Ayu Kencanawungu. Mula aku ya banjur mbalik marang babagan sing dirembug antarane Ganjur karo Puranta mau, ya iku bab anggone Ganjur arep njaluk Keris Kyai Pantek , Kandhaku marang Ganjur sabanjure :

“Wis, perkara iki kena dirembug keri nek kowe isih duwe wektu, sing baku kowe karo  bregejil-bregejilmu kuwi saiki balia dhisik aja mbok terusne anggonmu arep ngganggu katentremane Kalurahan Tambak iki. Perkara Keris Kyai Pantek, kuwi aja mbok meliki maneh, awit Kanjeng Ratu Setyawati wis paring palilah yen keris kuwi digunakne Kalurahan Tambak minangka sipat kandele” .

“Kepenak kowe ngobahne lambe wong tuwek elek” Ganjur semaur karo nggetak “anggepmu apa, teka wani-wani mrentah marang Ganjur? Ayo ngakuwa sapa jenengmu sadurunge tak untapne nyawamu menyang neraka Jahanam, keparat!”.

“O pancen kowe kuwi Jim goblog tenan Ganjur” wangsulanku “nek pancen kowe ora kena dikandhani kapeksa kowe mengko tak slenthiki kareben kapok lan ora nakal maneh. Ya ditepungne wae, Jenengku Tambak alias mBah Tambak. Ayo majua, tak tetere sepira satemene kasudiranmu!”.

Ganjur ora wangsulan malah banjur mrintah marang Jim-jim sing teka bareng karo dheweke mau supaya ngrebut keris sing ana tangane Puranta. Sauntara Ganjur banjur mencolot maju nyedhaki papanku.

Tak lirik Puranta sing sing senajan mung ngadhepe Jim-jim lumrah, nanging cacahe akeh kira-kira selawenan wong, milih njupuk laku pangati-atine. Keris Kyai Bancik lan Slendhang Sipat olehku nyilihi tumuli kaparentah jumbuh karo kasiyate dhewe-dhewe. Aku dadi mesem, atiku wis rumangsa ayem, Puranta ora bakal nemoni bebaya apa-apa ngadhepi Bregejil-bregejil rucah kakehan cacah kuwi. Malah banjur katon lucu, kanthi gampang Puranta nganggo dolanan Jim-jim andhahane Jim Ganjur kuwi. Bisa diwaca anggone ngecakne Kyai Bancik lan Slendhang Sipat, Puranta milih sok kena disawang dening jim-jim kuwi nanging sok-sok banjur ngilang saka pandulune para bregejil andhahane Ganjur. Dadi mungsuhe Puranta sing sepirang-pirang kerep padha bingung dhewe-dhewe.

Sabanjure, aku wis ora bisa nyritakne kahanane Puranta lan kahanane wong-wong liyane sing lagi padha ngadhepi mungsuhe. Jalaran aku dhewe wis digawe repot ngadhepi Jim Ganjur sing uga nduweni kasekten sing adoh luwih dhuwur tinimbang liya-liyane. Mung sing ndadekne aku ayem, Ganjur milih nggunakne tataran kanuragan sing dhuwur-dhuwur anggone miwiti olehe kerengan karo aku. Bareng kira-kira oleh sepuluh jurus, aku banjur kelingan nek aku nate nyinaoni lan ngadhepi jurus-jurus sing dicakne Ganjur kanggo nyerang aku iki. Karo perang pikiranku nglambrang ngeling-eling sapa sing tau duwe jurus ngene iki. Bareng wis sauntara ngeling-eling, aku iya banjur bisa nemokne sapa sing duwe jurus-jurus sing dicakne Jim Ganjur saka Kedhung Belik iki. Ya iku Kala Canthuka, ya Ki Tanpa Aran sing tau dadi guruku……..

“Ana sambung rapete apa antarane Guru karo Jim Ganjur iki?” pitakon iki sing muser-muser sajroning pikirku sing ora tau ana sambung wangsulane.

Tak eling-eling, Guru kuwi tau karo aku dipisahne sarana banyu banjir dening Kanjeng Ratu Setyawati. Aku temangsang neng papan sing saiki dadi papan panggonanku lan aku banjur katelah aran mBah Tambak. Banjur dening Kanjeng Ratu aku kadhawuhan nindakne laku patobatan, murih oleh pangapurane Hyang Maha Agung. Pangapura saka akehing dosa sing tau tak tindakne. Lha Guru katut iline banyu banjur tekan ngendi aku ora ngerti pesthine. Mung wae aku tau dikandhani Ki Jurudah lan Ki Prasanta yen kabare Guru dibalekne menyang papane sakawit ya iku ing Tanah Jawa sisih wetan, pase ana ing Gunung Kumitir. Neng kana kajaba kudu nglakoni patobatan guru uga kapasrahan nutugne sesanggemane, ya iku ngreksa candhi papan awu layone Raden Layang Seta lan Raden Layang Kumitir, sedulur ipene Gusti Prabu Brawijaya, iya kadang sepuhe Kanjeng Ratu Anjasmara putrane Rekyana Patih Logender.

Apa Jim Ganjur iki uga muride Guruku kuwi?. Apa kira-kira malah muride Lancur ? Abdi Katumenggungan sing bisa nylametake nyawane saka pangamuke wadyabala Keling jaman ana lelakon Sirna ilang kertaning bumi biyen? Sing banjur kepethuk Guru Kala Canthuka lan didadekne muride senadyan Lancur ora tumuli weruh sapa asmane Guru sing sabenere, malah miturut Lancur Guru kuwi mung ewone wong sing lara nalare, nanging duwe kasekten sing nggegirisi.

Gandheng pitakon-pitakon sing ana atiku ora oleh wangsulan sing maremake, mangka aku banjur duwe dudutan yen kanggo oleh wangsulan saka pitakonku iki, ora ana liya kajaba aku kudu nglumpuhake Jim Ganjur. Yen wis lagi bisa tak peksa supaya gelem crita magepokan karo pitakone atiku iki mau. Karana dudutan iki, aku wiwit ngowahi nggonku ngecakne jurus, Jurus-jurus piwulange Rama Tumenggung Jatikusuma sing klebu jurus tataran dhuwur wiwit tak cakne.

 

Ana candhake

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...