Total Tayangan Halaman

Kamis, 09 Maret 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (049)

 

49.

            Mesthi wae wong telu sing arep dirangket dening Puludan lan Sabekti sarta kanca-kancane kuwi ora mung manut lan pasrah ngono wae. Sadurunge wong-wong sing arep ngrangket kober tumandang, Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot wis muter pedhange luwih dhisik. Sabekti sing ngadhepi Jagabaya Bontot lan Puludan sing adhep-adhepan karo tilas bendarane, wiwit padha siyaga dhewe arep ngecakne jurus-jurus piyandele. Sauntara wong-wonge Jagabaya Bontot lan Bebau Kidul kang uga jejer minangka sapukawating kalurahan uga banjur nyedhaki lan arep ngrewangi wong loro kuwi sing banjur genti adhep-adhepan karo kanca-kancane Sabekti lan Puludan. Ora suwe ing plataran omahe Puranta kuwi wis rame dening suwara pedhang sing tatapan padha pedhang, diselani suwara pisuh lan suwarane wong nggereng ngempet kanepsone.

Beda maneh sing ditindakne Lopara, ngerti nek arep dikrubut para Sapukawating Kalurahan andhahane Sabekti, Lopara emoh ngadhepi wong-wong kuwi. Milih mencolot nyedhak Ki Lurah karo nyiyagakne pusaka piyandele, tulup Pring Wuluh sing uga kena digunakne kaya teken sing kena kanggo nyabet utawa nyampluk mungsuhe.

            “Kyai Lopara, arep ngapa kowe he?” Ki Lurah nggetak Lopara karo nyiyagakne dhiri sarana ndudut golok sing mau dislempitne ana lempeng.

            “Aja kakehan gunem kowe Jaswana” wangsulane Lopara karo mringis “nek kepengin isih bisa nyawang srengenge mlethek sesuk-esuk, becik manuta wae tak ringkus, tumuli prentahna para sapukawatmu kae padha nyelehne gegamane dhewe-dhewe”.

            “Apa sing mbok karepne Lopara?” Ki Lurah nggetak karo ngencengi nggone nggegem garan goloke.

“Ooo Lurah goblog! Ora kena dieman tenan!, nek ngono iki tampanana!” Lopara wangsulan seru, disusuli mbabitne Tulup Pring Wuluh ngarah dhadhane Ki Lurah.

“Dhaaag!”

Ki Lurah prayitna, tekane sabetan tulup ditadhahi nganggo goloke, temah nuwuhake suwara sing nggegirisi. Sanadyan ora tutug kaya Puranta, nanging biyen Jaswana uga nate sinau ulah kanuragan marang wong tuwane . Merga nadhahi sabetan tulupe Lopara, Ki Lurah kesurung memburi watara limang jangkah, nanging ora nganti tiba ing lemah. Tangan sing kanggo nggoceki garane Golok krasa panas. Ki Lurah tumuli nata kuda-kudane, arep genti males marang Lopara. Sauntara Lopara uga kontal mbalik memburi telung jangkah. Lopara kuwi ora ngira yen Ki Lurah jebul uga nduweni ngelmu kanuragan ora beda karo sedulure enom, Puranta. Lopara dadi sansaya muntab, niyat anggone arep ngringkus lan ndadekne Ki Lurah minangka tameng kanggo ngadhepi Para Sapukawating Kalurahan jebul ketanggor karo kasektene Ki Lurah sing ora diweruhi sadurunge.

Ora adoh saka papane Ki Lurah lan Lopara, Bebau Kidul sing ngadhepi Puludan, atine bener-bener wis murup saking nesune. Rumangsa dicidrani dening andhahan sing tau diopeni lan dicukupi kabutuhane. Puludan sing sasuwene iki tansah bekti lan tansah ngajeni, tansah manut lan nurut apa sing dadi prentahe, dina iki malik grembyang slaga lan sikepe. Puludan wani nantang lan nggetak-nggetak dheweke, malah kepara wis tega arep ngrangket kaya yen ngrangket durjana sing gawe kisruh ing desane. Mula ya ora maido nek Bebau Kidul banjur kaya wong kesurupan setan tandange, Puludan terus dititir nganggo jurus-jurus sing mbebayani, susul-sinusul ora ana kendhate. Tekade Bebau Kidul katone mung siji, ya iku kepengin tumuli mateni Puludan sing wis dadi mungsuhe.

“Puludan menungsa sing ora ngerti kabecikan” kandhane Bebau Kidul ing sela-selaning juruse “wis tak openi, tak sandhangi, tak pakani lan tak cukupi kebutuhaning uripmu, nanging walesmu marang aku malah wani arep gawe cilakaku. Isih njawa asune tinimbang dhapurmu kuwi Puludan”.

“Aku dudu bocah cilik maneh Ki Bau” wangsulane Puludan karo mesem ngece “biyen aku isih bodho, temah manut wae mbok garok-garokne nindakne laku duraka sing totohane nyawa, sing oleh-olehe mung panganan sacokotan karo jarik saubetan, malah sing keri dhewe kowe wis mentala mblusukne aku menyang luwangan, kowe kongkonan aku supaya mateni Gus Puranta. Tujune Gus Puranta pirsa nek sing keparat kuwi kowe, aku mung saderma manut prentahmu sing sasar susur. Temah aku ora sida mati nistha, aku dingapura lan diayomi dening Gus Puranta. Saiki aku wani karo kowe kanthi tekad siji Ki Bau, aku nedya labuh marang Kalurahan papanku kanggo urip lan nyukupi butuhe urip, upama aku mati aku ora bakal getun, nanging malah mongkog dene aku mati merga labuh tanah wutah getihku”.

“Setan kowe Puludan” Bebau Kidul sansaya nesu krungu wangsulane Puludan sing kaya ngono kuwi mau “wasis lambemu micara, pinter kowe ngrakit tembung, nanging kowe mengko aja getun!. Aku ora arep mateni kowe, aku mung kepengin nyuwek cangkemu, nyukil matamu, merung kupingmu, ngremuk balung sikilmu banjur kowe tak umbar urip nganti mati saka polahmu dhewe”.

Bubar ngunekne pangincim sing nggegirisi kuwi, Bebau Kidul banjur ngobahne pedhange ngecakne juruse kanggo nyerang Puludan. Nanging Puludan uga wis siyaga, pedhang sing ana tangane uga wis diputer kanggo namengi awake saka seranganing mungsuhe. Ora suwe ing papan kuwi wis dadi rame, ramene Puludan karo Bebau Kidul sing mbudidaya bisa tumuli ngrampungi wong sing diadhepi. Bebau Kidul nyata dudu mung wong sing ajine loro saudhon telu saurupan, nanging nyata siswane Kyai Lopara sing senti mandraguna. Durung nganti oleh selawe jurus, katon Puludan wiwit ketleyek mundur. Pisan pindho pucuking pedhange Bebau Kidul wis bisa natoni gegere Puludan. Sanadyan tatu sing ora pati mbebayani, nanging wis ninggalne rasa perih ing geger, klambi sing dienggo Puludan sisih mburi wis malih rupane, dadi abang rupane getih sing mili saka tatune campur karo kringet sing kaya dineres metune. Maune Puludan isih durung rumangsa yen arep kalah, nanging suwe-suwe Puludan ora bisa selak karo kahanan sing diadhepi, yen dheweke nekad tan wurunga mesthi bakal kalah. Nanging yen nganti mlayu mundur, Puludan rumangsa wirang marang wong sa Kalurahan, jenenge bakal kucem selawas-lawase, cacating cacat dadi Sapukawating Kalurahan iku ora ana sing ngluwihi cacate wong ngucireng yuda merga wedi yen nganti tumekan pati ing tangane mungsuh sing arep gawe kisruhing pranatan ing Kalurahan.  Maune nalika aku weruh yen Puludan wis kacipuhan ngadhepi  Bebau Kidul kuwi, aku arep tumandang aweh bebantu nylametne nyawane Puludan. Nanging banjur ora sida bareng aku weruh ana wong loro kancane Puludan sing banjur maju ngrewangi. Merga ngadhepi wong telu sing kabeh tilas andhahane kuwi, nadyan ora nganti katon kadheseg mundur, nanging Bebau Kidul uga ora kaya mau, ora tumuli bisa ndheseg mungsuhe mundur. Kahanan dadi timbang maneh.

Nalika aku genti ngulati papan liyane, perang antarane Sabekti mungsuh Jagabaya Bontot katon yen luwih rame. Tandange Jagabaya Bontot pancen cukat trengginas kaya srikatan nyamber walang. Trampil nggunakne gegamane sing wujud tumbak. Nanging sing diadhepi Sabekti, Sapukawat andel-andele Ki Bebau Sela, sing uga nduweni ngelmu kanuragan sing pilih tandhing.

“Ya gene sing maju kowe Sabekti?” pitakone Jagabaya Bontot karo nata kuda-kudane “apa bendaramu wis krasa yen bakal kewirangan nek tandhing karo aku? Apa kowe wis negakne bojomu sing sedhela maneh bakal dadi warandha merga kowe bakal mati diombe getihmu dening Tumbak Kyai Pancung sing ana tanganku iki?  he?”.

“Ora ngono Ki Jagabaya” wangsulane Sabekti karo ora kendhat nggone nguwasi kahanan “ing babagan ngrangket wong sing gawe kisruhing Kalurahan kuwi sanggemane Sapukawat kaya aku iki. Karo maneh, nek sing tandang Ki Bau Sela dikuwatirake kowe mati ketiban kepelane Ki Bau, kamangka Ki Lurah isih ngersakne kowe urip, supaya bisa diadili nganggo tata pradataning Kalurahan, mula cukup aku wae sing tumandang. Mula tak jaluk aja nganti ndika banjur nganyut tuwuh luwih dhisik”.

“Keparat kowe Sabekti” Jagabaya Bontot misuh “ilatmu sing lemes kuwi pancen njaluk tak tugel nganggo tumbakku iki!”.

“Ha ha ha “ Sabekti ngguyu ngakak banjur wangsulan “aja mung pinter umuk, ayo buktekna sepira landhepe gegamanmu sing kurang sepuhan kuwi Ki Jagabaya”.

Diuneni Sabekti sing kaya ngono kuwi, Jagabaya Bontot dadi sansaya nesu, praupane dadi abang nganti tekan kuping, rupane nganti kaya iwak urang sing dibakar nganggo geni damen. Karo mbengok seru, Jagabaya Bontot nylorongne tumbake ngarah marang dhadhane Sabekti. Nanging Sabekti uga wis prayitna. Ora nganggo kangelan Sabekti wis bisa ngendhani, malah banjur muter awake nyolahne pedhange sing diarahne menyang lambunge Jagabaya Bontot. Ora kalah cukat, Jagabaya Bontot uga tumuli bisa ngendhani, temah pucuk pedhange Sabekti mung ngenani angin.

Sansaya suwe dadi sansaya rame, katon yen ing tataran ngelmu kanuragane Jagabaya mapan ing sadhuwure Sabekti kacek satataran. Nanging Sabekti menang nom, luwih dawa napase lan luwih utuh tenagane. Sauntara kuwi, kaya sing dicritakne Ki Jurudah lan Ki Prasanta yen dina iki Jim Ganjur uga ngerehne murid-muride sing wujud Jim lan wujud manungsa kanggo nambahi kisruhe Kalurahan Tambak. Tak sawang prajurut-prajurit bangsa manungsa wadya balane Jim Ganjur uga wis teka sing banjur dipapagne dening Para Bebau, Para Jagabaya lan Sapukawating Kalurahan Tambak sing durung kapilut manunggal karo Lopara lan murid-muride. Tebane paprangan dadi mundhak amba, ora mung neng plataran omahe Puranta wae, nanging wis mbabrak tekan ngendi-endi merga saking akehe sing padha adu kasudiran.

mBalik maneh menyang papane Ki Lurah sing lagi adhep-adhepan karo Lopara. Meh padha karo critane Puranta sing maune dikira dening wong-wong ing Tambak ora duwe kaluwihan ing babagan ulah kanuragan, nanging jebule bisa ngasorake Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot lan pungkasane uga wis gawe kasorane Kyai Lopara. Ki Lurah Tambak Kapindho sing sasuwene iki ora ana sing weruh yen trampil ing ulah kanuragan, dina iki akeh sing padha gumun. Merga sanadyan durung paya-paya madhani Puranta, nanging Ki Lurah ora kangelan nggone ngadhepi pangamuke  Kyai Lopara. Wong loro sing olehe dadi satru durung ana sapanginang kuwi katon padha olehe duwe ngelmu kanuragan sing dhuwur tatarane. Mula sanadyan ora akeh olehe ngobahne raga, nanging wong loro kuwi padha dene olehe ngetokne serangan-serangan sing mbebayani tumrap kaslametaning mungsuhe. Puranta sing ngadeg ing sacedhake wong loro kuwi, tansah ngulati lakune paprangan antarane Ki Lurah karo Lopara. Wangune Puranta weruh yen kasektene Ki Lurah padha tatarane karo kasektene Lopara. Nanging Lopara luwih licik lan luwih julig malah sok ora ngugemi kasatriyane. Kuwi sing ndadekne Puranta ora kedhep nggone ngulati anggone Ki Lurah perang ngadhepi Lopara.

Dumadakan keprungu suwara jumlegur saka langit sadhuwure plataran omahe Puranta kuwi. Wong-wong dadi padha kaget lan sedhela kober padha nyawang mendhuwur. Nanging iya ora padha weruh apa-apa. Malah ora suwe saka lumahing bumi, jumedhul menungsa sing sapirang-pirang sing kabeh uga nggawa gegaman lan sing ndadekne gumune wong-wong sing padha weruh, wong-wong sing lagi teka kuwi ora ana sing sikile ngambah lemah, malah wewujudan kuwi cat katon cat ora, mracihnani yen kuwi kabeh bangsa lelembut. Banjur kesusul suwara jumlegur sing kaping pindho lan tanpa sangkan tanpa paran, dumadakan ing kono ana menungsa apangawak prabata gedhene meh tikel papate manungsa lumrah, rambute dawa diumbar tanpa iket, mung nganggo sruwal maro kentol ora nganggo klambi. Wong pirang-pirang sing sikile ora ngambah lemah lan cat katon cat ora kuwi kabeh ngumpul ana cedhake wong sing apangawak raseksa kuwi. Sauntara mripate wong sing gedhene ora ukuran kuwi manther kanton murup nyawang marang Puranta sing ngadeg ijen tanpa kanca.

 

 

Ana candhake

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...