Total Tayangan Halaman

Rabu, 08 Maret 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (048)


 

48.

Ki Lurah tumuli mundhut pirsa marang Lopara apa dene Puranta, kepiye panemune wong loro kuwi yen Ki Lurah arep nganggo cara kang kapisan saka panemune Bebau Tengah mau. Ya iku pusaka loro arep dipirsani bareng endi sing pamore luwih murup mangka kuwi sing bakal diakoni minangka Pusaka Kyai Pantek sing satuhu.

“Kula namung ndherek Ki Lurah” sing luwih dhisik wangsulan Puranta “awit kula pitados bilih Dhuwung ingkang kula beta menika nyata Dhuwung Kyai Pantek ingkang Sejati, ingkang miturut wartos ingkang dumugi kula estunipun Dhuwung menika kagunganipun Kanjeng Ratu Setyawati, Ratuning Lelembat ing Kraton Katentreman lajeng dipun ampil dening Kanjeng Sinuwun ing Pajang dangunipun setunggal atus warsa lan dening Kanjeng Sinuwun, Dhuwung menika kaampilaken dhateng Bapa Raden Riyasa inggih Ki Tambak Kapisan minangka Sipat Kandel ngangge ngayahi jejibahan Lurah ing Tambak mriki”.

“Makaten ugi kula inggih sarujuk kalih pamanggihipun Ki Bebau tengah kala wau Ki Lurah” Lopara genti atur wangsulan “jalaran kula pitados lan sampun wawan rembag kalihan alusipun Kyai Pantek ingkang badan wadhagipun kula pulung saking senthong dalemipun Gus Puranta kala wau. Namung kemawon saderengipun Ki Lurah mutusaken pundi Kyai Pantek ingkang satuhu, kula nggadhahi panyuwunan Ki Lurah”.

“Ki Lopara ngersakaken menapa?” Ki Lurah mundhut pirsa.

“Ingkang sepisan, kula nyuwun mangke sinten ingkang ngaturaken Dhuwung Kyai Pantek ingkang pranyata dede Kyai Pantek ingkang saestu, mugi kaparingana pidana ingkang awrat, awit sampun wicara dora dhateng Ki Lurah lan ngapusi meh sedaya kawula ing Tambak mriki” Lopara ngaturake panyuwune kang kapisan.

“Pidana sing murwat menika wujudipun kados pundi Ki Lopara?” Ki Lurah mundhut pirsa maneh.

“Tiyang menika kedah kadhawuhan mrangkakaken Dhuwungipun ingkang jebul namung tiron dhateng dhadhanipun piyambak” wangsulane Lopara “panyuwunan ingkang angka kalih, bangkenipun tiyang ingkang wicantenipun dora menika mangke mugi kajejuwing dados sekawan lajeng dipun pendhem ing kiblat sekawaning Kalurahan Tambak”.

“Menika pamundhut ingkang kula kinten kesangeten Ki Lopara” Ki Lurah paring wangsulan.

“Kula kinten sampun adil Ki Lurah” wangsulane Lopara “menawi Kyai Pantek ingkang satuhu jebul ingkang dipun asta Gus Puranta, kula badhe lila legawa pejah suduk jiwa mawi Kyai Pantek ingkang kula aturaken dhateng Ki Lurah kala wau. Kosok wangsulipun, Gus Puranta ugi kedah wantun nglampahi kados makaten kala wau, menawi pranyata Dhuwung ingkang kula panggih ing senthong dalemipun kala wau nyata saestu Kyai Pantek ingkang satuhu. Kajawi menawi sak niki Gus Puranta kersa ngakeni bilih Pusaka ingkang dipun asta menika dede Kyai Pantek ingkang satuhu, menawi makaten kula sumanggakaken dhateng Ki Lurah, kepareng paring pangaksami dhateng ingkang rayi, inggih sumangga, menapa ndhawahaken pidana dhateng Gus Puranta inggih sumangga”.

“Nuwun sewu Ki Lurah” sadurunge Ki Lurah paring wangsulan marang Lopara, Puranta gage anggone matur marang Ki Lurah “kula nyarujuki atur panyuwunipun Kyai Lopara. Lan murih adilipun malih, mugi Dhuwung ingkang kala wau anggenipun nyaosi Ki Lopara mugi kaparingna malih. Mangke ing ngarsa jengandika miwah ing sangajengipun Para Bebau, Pamong, Jagabaya lan Sapukawating Kalurahan Tambak badhe katingal, sasampunipun kula lan Ki Lopara ngunus curiga ingkang kadhaku minangka Kyai Pantek menika, pundi ingkang satuhu lan pundi ingkang namung dhapur tiron”.

Ki Lurah wis ora bisa endha kajaba nuruti apa sing dadi panjaluke Lopara apa dene Puranta mangkono kuwi mau. Mula Ki Lurah tumuli mbalekne Keris sing diasta marang Lopara kaya sing dikarepake dening Puranta mau. Sawise Lopara nampani kerise, Ki Lurah tumuli paring dhawuh kanthi suwara sora marang kabeh wong sing ana plataran omahe Puranta kuwi :

“Para Sedulurku, ndika kabeh wis padha krungu apa wohing rerembugan antarane aku karo Kyai Lopara lan kadangku Dhimas Puranta. Ing kene mengko muga-muga tumuli bisa kinaweruhan endi Pusaka Piyandel Kalurahan Tambak sing sabenere, aku ora wani njagakne marang asile panyawangku dhewe, mula tak jaluk kabeh sedulur sing ana kene padha melua angulati lan aniti kathi tliti, saka pusaka loro sing ana tangane Puranta lan sing ana astane Kyai Lopara kuwi endi sing aseli, padha kandhakna ing papan kene iki”.

“Inggih sendika Ki Lurah” wong-wong sak latar padha wangsulan bareng.

“Samangke mangga Kyai, ndika kula aturi ngunus Kyai Pantek ingkang ndika asta” Ki Lurah banjur paring dhawuh marang Lopara “mangke sasampunipun ndika angunus curiga, kersanipun Dhimas Puranta ugi nedahaken pusaka ingkang dipun beta”.

“Matur nuwun Ki Lurah” wangsulane Lopara karo mesem “kula ngrumaosi menawi sampun sepuh, prayogi ngawon rumiyin kalihan ingkang taksih timur. Mugi kadhawuhna dhumateng Gus Puranta ngunus curiganipun langkung rumiyin, kula pitados sanaosa ingkang dipun asta Gus Puranta menika namung pusaka tiron, nanging ugi nggadhahi pamor ingkang sakalangkung mencorong. Mangke menawi sampun ketingal mabyoring pamoripun Dhuwung ingkang dipun asta Gus Puranta, tartamtu badhe surem sasampunipun Kyai Pantek kula unus saking wrangkanipun”.

“Dhimas Puranta, sliramu wis krungu dhewe apa sing dingendikakne Kyai Lopara iki mau ta?” Ki Lurah banjur ndangu marang Puranta “apa Dhimas Puranta gelem nuduhne Kyai Pantek ing ngarepku lan ngarepe kabeh sing ana plataran omahmu iki?”.

“Nyuwun pangestu Ki Lurah, Kyai Pantek badhe kula unus saking wrangkanipun” wangsulane Puranta tatag, banjur genti guneman marang wong sing ana latar kuwi kabeh “Para sedherek, estunipun bares kemawon, salamining gesang, kula dereng nate sumerep wilahing Dhuwung Kyai Pantek ingkang samangke wonten tangan kula menika, jalaran kula ngertos menawi menika dede dhuwung ingkang sabaenipun, nanging dhuwung Piyandel Kalurahan ingkang kedah kaaji-aji, kula kinten ndika sedaya sami kalihan kula. Inggih awit saking menika, wekdal menika wekdal ingkang sae tumrap kula lan andika sami, temah kanthi palilahipun Ki Lurah kula lan andika sami saged sareng-sareng nyumerepi kados menapa wujudipun Pusaka Piyandel Kalurahan Tambak menika menawi boten katutupan busana ingkang wujud warangka. Mangga Ki Lurah kapirsanana menapa leres menika wujudipun Kyai Pantek”.

Bubar muni ngono kuwi, Puranta tumuli kanthi ngati-ati ndudut Keris sing ana tangane saka warangkane. Ana kedadeyan sing nganeh-anehi, sadurunge Keris klakon diunus, dumadakan langit sing maune padhang malih dadi peteng ketutupan mendhung ireng sing kandel kaya yen arep udan deres ngana kae. Ora ana angin sing liwat, ora ana suwara sing keprungu. Wong-wong sing ana plataran kuwi kabeh dadi dheg-dhegan dhewe, kabeh padha ngampet anggone ambegan. Nanging anehe, bareng Keris wis lepas saka warangkane lan diathungne mendhuwur dening Puranta, dumadakan mendhung peteng padha sakala musna, kahanan bali dadi padhang. Lan katon Keris sing ana tangane Puranta kuwi ngetokne cahya putih padhang sing ora mbalerengi tumrap sing padha ngulati.

Sabekti sakancane sing mau melu ngampet ambegan, bareng ngaweruhi wujude Kyai Pantek sing ngedab-edabi kuwi, sakala keplok rame karo lambene ndremimil, ngucapake kidung rahayu marang Puranta. Lekase Sabekti sing kaya mangkono mau tumuli diterokne dening wong akeh sing luwih percaya marang Puranta katimbang marang Kyai Lopara. Suwara keplok lan kidung rahayu kuwi lagi sirep sawuse Ki Lurah ngangkat astane lan genti paring dhawuh marang Lopara :

“Dhimas Puranta sampun ngetingalaken pusaka ingkang dipun asta, samangke mugi Kyai Lopara tumuli anedahaken kados menapa wujudipun pusaka ingkang dipun asta”.

“Ngestokaken dhawuh Ki Lurah” wangsulane Lopara lan sadurunge ngunus kerise luwih dhisik Lopara guneman sing ditujokne marang Puranta “aja kaget ati ndika ya Gus yen kapeksa cahyaning Keris ndika bakal surem merga kasoran perbawa karo Keris Kyai Pantek sing arep tak dudut saka wrangkane iki”.

Puranta ora wangsulan mung mripate wae, ora kedhep nggone ngulati tangan tengene Lopara sing nggoceki ukirane keris sing digawa.

Sepisan maneh ana kaelokan kang dumadi ing plataran omahe Puranta kuwi. Nalika Lopara arep ndudut keris saka wrangkane, keris sing didudut ora gelem katut,  kelet kenceng kajepit dening warangkane. Nganti suwe Lopara ora bisa ngunus keris kuwi. Atine Lopara dadi kemropok, krasa panas, temah kringete dleweran saka ragane meh sajagung-jagung gedhene, nanging panggah wae Keris ora bisa diunus saka wrangkane. Bebau Kidul karo Jagabaya Bontot sing weruh gurune kangelan anggone arep ndudut keris saka wrangakne kuwi uga melu bingung, kekarone banjur padha nyedhaki papane Gurune.

Puludan sing wis nyedhaki Sabekti, bareng weruh Lopara ora bisa ngunus kerise, banjur surak-surak karo keplok-keplok kaya bocah cilik sing kasenengen merga weruh dolanan sing lucu. Wong-wong liyane kepancing weruh tingkahe Puludan sing lucu kuwi, ora ana sing nesu nanging malah banjur melu-melu surak-surak, nyuraki Lopara sing lagi panas atine. Aku dhewe sing satemene karo nonton kahanan kang wis dumadi kuwi isih nyambi lirak-lirik nggoleki Ki Jurudah lan Ki Prasanta sing mesthine wis tekan kene merga aku weruh glibed wewayangane Jim Ganjur, uga banjur melu ngguyu weruh solahe wong-wong sing padha nerokne solahe Puludan sing lucu kuwi.

“Keparat” dumadakan keprungu pisuhe Lopara, sing banjur guneman marang keris sing ana tangane “aja gawe wirangku kowe Keris, ing kene kowe arep tak mulyakne, mula aja males gawe wirangku kowe. Ayo ketokna saliramu dimen wong-wong padha weruh baguse pasuryanmu”.

Ana kaelokan maneh, bareng Lopara guneman kaya mangkono kuwi, dumadakan Keris bisa didudut saka wrangka….. nanging jebul sing ana gegemane Lopara dudu ukiran jangkep sakerise, sing katon malah Lopara lagi nggoceki buntut ula bandhotan sing lagi mekrok gulune, lat melet-melet ilate. Ki Lurah sing pirsa kahanan kang kaya mangkono mau dadi kaget. Wong liyane uga padha melu kaget, kalebu Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot uga Lopara dhewe.

“Gusti Maha Agung………” dumadakan Bebau Sela mbengok banter nyebut asmane Gusti, banjur disusul bengok sabanjure sing isine puji rahayu marang Puranta.

“Gus Puranta Jaya…..Gus Puranta Jaya….” Wong-wong liyane padha pating brengok nyebut jenenge Puranta.

Bebau Kidul, Jagabaya Bontot, lan para Sapukawat andhahane Jagabaya Bontot lan Bebau Kidul padha pucet, katon yen padha kaweden nyumurupi kahanan sing babar pisan ora dinyana sadurunge kuwi. Sansaya pucet bareng suwarane wong-wong sing nyebut jenenge Puranta sinartan puji rahayu kuwi sansaya rame. Nanging kahanan ngono kuwi ora suwe, dumadakan kanthi rosa sinartan kekuwatan hawa murnine sing sinurung aji Paser Angin, Lopara nyawatake Ula bandhotan ing tangane kuwi marang Ki Lurah.

Ki Lurah sing ora ngira yen ana bebaya nekani, sakala mbengok saking kagete. Nanging rahayune tinimbang ula sing disawatake Lopara, isih cepet obahe Puranta. Mung kari sakecu dawane sadurunge ula tumiba ing ragane Ki Lurah, wilahing keris Kyai Pantek sing ana tangane Puranta wis kuwawa ngendheg lakune ula sing disawatne kuwi. Ula bandhotan kuwi pedhot dadi loro, sirahe sing ceblok neng lemah arep obah, nanging kegawa saka ampuhe Keris Kyai Pantek, ndadekne ula kuwi mati padha sakala. Sepisan maneh keprungu surak ambata rubuh saka Puludan lan Sabekti sarta kanca-kancane. Tanpa ngenteni prentah, Sabekti lan Puludan sarta kanca-kancane banjur ngebyuk bareng marang Lopara, Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot, padha arep dirangket.

 

Ana candhake

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...