47.
Para Bebau, Jagabaya,
Pamong lan Sapukawating Kalurahan sing uga padha kaget merga tekane Puranta ing
papan kono, sapandurat padha lali karo olehe wis padha siyaga gegaman
dhewe-dhewe. Wong-wong sing padha ora percaya marang Lopara, ora ana sing aba
banjur padha surak mawurahan, nelakne rasa senenge merga padha weruh Puranta
sing wis bali kanthi kahanan sing ora kurang sawiji apa.
“Gus Puranta…..Gus
Puranta……” jenenge Puranta disebut ambal-ambalan dening wong-wong kuwi kanthi
suwara sing nuduhne yen atine lagi padha gambira merga tekane Puranta.
Wong-wong sing luwih
percaya yen Puranta ora kaya sing dikondhangne dening Bebau Kidul lan Jagabaya
Bontot yen wis nyolong Kyai Pantek kuwi banjur padha ngangseg kepengin nyedhaki
papane Puranta. Wong-wong kuwi katone padha nguwatirake keslametane Puranta,
yen nganti sawayah-wayah dilimpe dening wong-wonge Lopara supaya cilaka. Mula
wong-wong kuwi banjur padha mageri Puranta kanthi gegaman sing wis siyaga lan
wis diliga saka warangakane.
Wong-wonge Bebau Kidul
lan Jagabaya Bontot uga ora meneng, banjur padha nyiagakne dhiri sawayah-wayah
kaprentah kanggo tumandang ora bakal nguciwani. Jroning atine wong-wong kuwi
sansaya cetha anggone mbedakne endi kanca sing dianggep setya lan bakal melu
mulya lan endi mungsuh sing kudu dibrastha.
“Pangabekti kula mugi
katur ing ngarsa jengandika Ki Lurah?” kaya ora ngreken apa sing dumadi ing
sakiwa tengene, Puranta ngaturake bekti marang Ki Lurah karo praupan sing
nuduhake gembiraning ati.
“Iya…iya… wis tak tampa“
Ki Lurah rada glagepan mangsuli atur pangabektine Puranta “nanging apa bener sing
guneman iki adhiku Puranta sing pamit lunga lan ora niyat bali yen ora bisa nemokne
Kyai Pantek sing wingenane ilang saka plangkan kae?”.
“Kula Puranta Ki Lurah, mokal
ta menawi jengandika pangling kalihan kula, tiyang dereng dangu anggen kula
kesah” wangsulane Puranta karo mesem “mila kula sampun wangsul, jalaran
pikantuk berkah saha pangestu jengandika Ki Lurah, Kyai Pantek ingkang dipun
dhustha dening salah satunggaling lelembat bangsa Jim lan kasingidaken ing
satunggaling guwa ing pinggiring Lepen Sumberlanang, saged dipun pendhet malih
dening utusanipun ingkang saleresipun kagungan Dhuwung Kyai Pantek, nuntek
kaparingaken kula. Pramila Dhuwung menika tumunten badhe kula aturaken
jengandika Ki Lurah mugi kenginga kaagem minangka Sipat Kandel kangge ngayahi
jejibahan minangka Lurah ing Tambak menika”.
Wong-wong sing padha
krungu tembung sing diucapne Puranta kuwi padha inget-ngetan karo kancane
dhewe-dhewe. Lopara, Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot katon nek mencereng karo
nggathukne alise, wangune lagi nggagas mengku karep apa Puranta bisa kandha
kaya mangkono mau? Wong wis cetha yen Keris Kyai Pantek lagi wae dipasrahne
dening Lopara marang Ki Lurah lan saiki isih digegem ing astane.
“Piye?” Ki Lurah katon
rada kaget krungu ature Puranta ngono kuwi mau, ora krasa Ki Lurah banjur
ngulati Keris sing mau dipasrahne dening Lopara marang panjenengane “aku dadi
sansaya bingung krungu kandhamu sing ngayawara kuwi Puranta. Kowe kandha yen
wis nemokne Kyai Pantek? Kamangka lagi wae Kyai pantek ditemokne dening Kyai
Lopara ing senthonging omahmu, banjur diulungne marang aku, iki wujude”.
Ki Lurah banjur nuduhne
Keris sing ana astane marang Puranta. Banjur nutugne olehe ngendika :
“Kowe aja waton bisa
guneman sing ora ana buktine Puranta!”.
“Nyuwun pangapunten ki
Lurah” Puranta wangsulan sajak tatag tanpa ana rasa tidha-tidha, banjur nglolos
Keris sing disengkelitne ing lempenge lan nutugne olehe wangsulan “kula wantun
matur makaten menika cetha menawi wonten bukti lan nyatanipun. Menika Kyai Pantek
ingkang satuhu wonten tangan kula, saha mugi Ki Lurah uninga, bilih Dhuwung
ingkang jengandika asta menika dede Kyai Pantek ingkang satuhu, niku Dhuwung
Tiron damelanipun Jim Ganjur ingkang nyolong Kyai Pantek ingkang sejati”.
Ki Lurah sansaya katon
bingung krungu wangsulane Puranta ngono kuwi. Luwih bingung maneh bareng
wong-wong sing ana kono padha alok pating cruwet ngandhakne yen luwih percaya
marang apa sing diucapne Puranta.
“Aja gawe kisruh Gus!”
dumadakan Lopara nyuwara banter semu nggetak marang Puranta “aja mbok tutug-tutugne
nggonmu ngapusi Ki Lurah. nDika ngarani nek Keris sing diasta Ki Lurah kuwi
mung tiron? Apa buktine? Apa ndika kandha mangkono kuwi murih Ki Lurah mbuwang
Keris sing tak temokne neng senthonge omah ndika kuwi? Banjur ndika ijoli karo
keris sing ndika gawa kuwi? Aja adol udhet marang bakul welut Gus Puranta!”.
“Kuwalik Ki Lopara!”
dumadakan Bebau Sela sing olehe ngadeg cedhak karo Puranta genti nyuwara sing
banter, mangsuli kandhane Lopara “sing ngapusi Ki Lurah lan wong-wong Tambak
kuwi ndika, dudu Gus Puranta!”.
“Eh, Bebau Sela” Lopara
semaur sengol karo mripat sing murup “ndika kuwi ngerti apa he?. Apa buktine
nek aku wis ngapusi Ki Lurah lan wong Tambak kene he?. nDika kuwi Bebau nek
guneman aja mung waton bisa mangap wae!”.
“Ha…ha…ha…” Bebau Sela
ngguyu banter banjur wangsulan “wong sak mene mbane iki ora ana sing budheg Ki
Lopara. Wis pindho aku lan wong sing ana latar iki diapusi melek-melekan.
Sepisan sing ngapusi kuwi Ki Bau Kidul banjur ndika baleni maneh kanthi atur
ing ngarsane Ki Lurah, jarene Gus Puranta wis mati dibadhog macan sing mBaureksa
alas kidul kono lan ora bakal bisa kundur menyang Tambak kene, buktine? Iki Gus
Puranta wis rawuh karo ngasta Kyai Pantek sing sejati, dudu Kyai Pantek tiron
gaweyane dhedhemit sesembahan ndika kuwi!”.
“Setan kowe Bebau Sela!”
Bebau Kidul nrambul rembug karo misuh-misuh “wani degsura ing ngarsane Guruku
padha wae karo wis ngilani dhadhane Waruju!”.
“Nek rumangsa dikilani
dhadhamu kowe arep apa Bebau Kidul?” dudu Bebau Sela sing aweh wangsulan marang
Bebau Kidul, nanging Sabekti sing wiwit mau wis nggeget untu ngempet nesu “nek
kowe arep nesu, nesua! tandhingmu aku, eman tenagane Ki Bebau Sela nek mung
arep kanggo ngladeni setan rai manungsa kaya dhapurmu kuwi!”.
“Iblis laknat, setan
alas kowe Sabekti!” Bebau Kidul nggetak, karo arep mara nyedhaki Sabekti.
“Cukup!!!” dumadakan Ki
Lurah mbengok banter, ndadekne wong-wong padha kaget. Bebau Kidul uga banjur
mandheg, ora sida marani Sabekti.
“Wis padha gedhe tuwa
teka ora ana sing duwe duga” Ki Lurah nutugne olehe guneman karo ulat sing
nuduhne gelaning penggalihe “ana Lurahe lagi judheg nalare nggagas kisruhing
kahanan, ora urun panemu murih padhange malah padha bedhigasan pamer kasudiran
dhewe-dhewe!”.
“Nyuwun pangapunten Ki
Lurah” Bebau Sela gage anggone nyuwun pangapura marang Ki Lurah banjur
ndhingklukne sirahe tumungkul ngingeti lemah.
“Kula ugi nyuwun
pangaksami Ki Lurah” Sabekti nerokne ucap lan sikepe Bebau Sela.
Ki Lurah ora aweh
wangsulan malah banjur nakoni Lopara :
“Menika kados pundi Ki
Lopara? Ing mriki dumadakan wonten Dhuwung Kyai Pantek cacah kalih, setunggal
ing tangan kula menika lan ingkang setunggal malih dipun beta dening Dhimas
Puranta. Menika ingkang leres lan tuhu-tuhu Kyai Pantek ingkang pundi?”.
“Keparenga matur Ki
Lurah” Lopara guneman sareh marang Ki Lurah “jengandika kala wau sampun mirsani
kanthi titi wujuding Dhuwung Kyai Pantek ingkang kula aturaken, lan jengandika
sampun uninga bilih ingkang kula aturaken menika tuhu Kyai Pantek saestu,
pusaka Piyandel Kalurahan Tambak. Kula kinten jengandika badhe langkung
wicaksana, boten badhe kengguh kanthi wontenipun tiyang ingkang ngaken menawi
mbeta Dhuwung Kyai Pantek malih”.
Kahanan malih tintrim,
Ki Lurah ora enggal nanggapi ature Lopara sing panggah ngukuhi yen Kyai Pantek
sing satuhu kuwi iya Kyai Pantek sing dijupuk saka senthong omahe Puranta.
Sajake Ki Lurah bisa nampa apa sing dikandhakne Lopara, nanging uga ora gampang
anggone arep nampik marang apa sing dikandhakne Puranta. Puranta dhewe katon
durung arep guneman apa-apa, sajake isih ngenteni apa sing arep dikandhakne Ki
Lurah sawuse nampa ature Lopara. Kahanan sansaya mundhak tintrim.
“Nuwun sewu Ki Lurah”
dumadakan Bebau Tengah sing wiwit mau ora obah lan ora guneman apa-apa guneman
matur marang Ki Lurah.
“Iya, piye Ki Bau
Tengah?” Ki Lurah aweh wangsulan lan nakoni apa karepe Bebau Tengah.
“Lepat nyuwun
pangapunten” Bebau tengah wiwit ngaturake panemune “mila ewet kedadosan ing
dinten menika, boten kanyana-nyana ing mriki wonten Dhuwung Kyai Pantek cacah
kalih. Miturut pamanggih kula, kangge mbentenaken pundi ingkang satuhu lan
pundi ingkang tiron menika saged kapirsanan sesarengan, Kyai Pantek satuhu
tartamtu langkung ketingal murup pamoripun katimbang ingkang tiron. Menawi boten
makaten, kula pitados bilih Dhuwung Pusaka menika nggadhahi watak ingkang boten
benten kalihan manungsa, liripun boten badhe rila menawi wonten dhuwung sanes
ingkang dipun aken kados dene piyambakipun, menawi dhuwung kalih menika
kasandhingaken salah satunggal tartamtu badhe boten narimahaken menawi
piyambakipun dipun kembari. Samangke menawi kaparengaken udhu pamanggih, kula
mrayogekaken Ki Lurah migunakaken salah satunggal saking atur kula menika.
Inggih manawi atur kula kirang mranani penggalih jengandika Ki Lurah, kula nyuwun
pangaksami”.
Ki Lurah sajak sarujuk
karo panemu sing diaturne Bebau Tengah ngono kuwi mau. Ki Lurah wangune uga
duweni panemu yen pamor sing ana Kyai Pantek sing satuhu bakal luwih katon
merbawani tinimbang Kyai Pantek sing mung tiron. Nanging kanggo nuduhake yen
ora mung nggugu salah sijining panemu, Ki Lurah banjur nakoni wong-wong sing
ana kono kabeh :
“Kepriye para sedulurku
kabeh? Aku bisa nampa apa sing dadi panemune Ki Bau Tengah iki, nanging mbok
menawa ana sedulur liyane sing duwe panemu sing kira-kira luwih becik lan luwih
gampang dicakne, tak jaluk aja ana sing duwe rasa ewuh utawa pekewuh luwih-luwih
wedi ngandhakake panemune ing kene saiki. Aku ora seneng yen saiki padha
meneng, nanging bareng wis rampung lagi padha gumreneng!”.
Ora ana wong sing
guneman apa-apa, mratandhani wis padha sarujuk karo apa sing diaturne Bebau Tengah
mau.
“Ora ana sing arep udhu
panemu maneh?” sepisan maneh Ki Lurah nanting marang wong-wong kuwi kabeh “yen
ngono wis padha sarujuk menawa aku bakal ngecakne apa sing dadi eguh lan
rerigene Ki Bebau Tengah iki?”
“Inggih……..” wong sak
latar matur bareng.
“Nuwun sewu Ki Lurah”
dumadakan Bebau Kidul nyela matur.
“Iya ndika duwe panemu liyane
Paman Bau?” Ki Lurah takon.
“Boten Ki Lurah”
wangsulane Bebau Kidul “namung badhe matur sakedhik, ing salebeting kawontenan
ingkang kados makaten menika prayogi menawi Ki Lurah tansah ngreksa
kaprayitnaning batin, sampun gampil pitados dhumateng atur manis nanging jebul
namung lamis, inggih menika aturipun titiyang ingkang namung badhe murih
bebathen kangge dhiri pribadi boten migatosaken kawilujengan saha karaharjaning
Kalurahan Tambak”.
Ki Lurah ora enggal aweh
wangsulan, bathuke katon dijengkerutne kanggo bisa ngerteni ature Bebau Kidul
ngono kuwi.
“Kula sarujuk kalih aturipun
Ki Bau Kidul Ki Lurah” sadurunge Ki Lurah aweh wangsulan, Bebau Sela uga nyela
rembug “ing kawontenan makaten mila boten mokal kathah Garangan kekemul lebu
ing pauwuhan kangge ngapusi ayam ingkang ceceker ing mriku, awit saking menika
sampun ngantos ki Lurah gampil pitados dhateng aturipun sok sintena kemawon,
kalebet dhateng kula, dhateng Ki Bau Kidul lan para bebau sarta Pamong lan
Jagabaya tuwin para Sapukawating Kalurahan sanesipun. Langkung prayogi menawi
Ki Lurah langkung pitados dhateng Maha Wicaksananing Gusti ingkang murbeng rat,
jumbuh kalihan kapitayan jengandika Ki Lurah”.
Ki Lurah mesem amba, Bebau Sela sing mbenerake ature Bebau Kidul
nanging satemene duwe karep sing beda kuwi bisa ditampa kanthi nalar sing luwih
cetha.
Ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar