46.
Lopara wis metu saka jero
omah karo nggawa Keris Kyai Pantek sing dipundhi ana dhuwur sirahe. Kringete
Lopara katon ndleweran nelesi sakujuring awake. Bareng wis tekan emper, Lopara
mandheg ora tumuli masrahne keris kuwi marang Ki Lurah kaya sing dikandhakne
mau. Nanging leren dhsisik karo ngingeti wong-wong sing padha ngenteni ana
plataran. Ora suwe banjur aweh sasmita marang Bebau Kidul karo Jagabaya Bontot
supaya nyedhak. Sawise muride loro kuwi nyedhak Lopara banjur kongkonan kanthi
suawara sing alon sing mung bisa dirungokne dening wong sakloron kuwi wae.
Bebau Kidul karo Jagabaya Bontot padha manthuk-manthuk, banjur mbalikne awak
bali menyang tlundhagane emper sisih ngisor dhewe.
“Para sedulurku kabeh”
Bebau Kidul nyuwara sora marang wong-wong sing ana plataran “pranyata apa sing
didhawuhne Guru Kyai Lopara bener, lan dina iki Guru Kyai Lopara wis kasil mulung
Kyai Pantek sing disingidne dening
malinge ana senthong omahe Gus Puranta. Sadurunge Keris Piyandel Kalurahan iki
diaturake marang Panjenengane Ki Lurah, Aku minangka Pangareping Para Bebau lan
Sesulihe Ki Lurah ndhawuhake marang ndika kabeh. Ora ana siji-sijia Para Bebau,
Para Jagabaya, Para Pamong lan Para Sapukawating Kalurahan sing tak keparengake
ninggalne papan iki sadurunge Ki Lurah kundur menyang Dalem Kalurahan. Sing
sapa wonge kumawani lunga tanpa pamit, mangka bakal nampa pidana sing abot.
Ngerti?”.
“Nggiiiiiiiiiiiiih……….!”
Keprungu wangsulan bareng saka wong-wong sing ana plataran omahe Puranta kuwi,
suwarane ngumandhang prasasat arep ngoregne papan sakiwa tengene.
“Sabanjure” Bebau Kidul
nyambung anggone guneman “aku ngerti nek ndika kabeh mesthi padha arep takon
nanging ora wani, mula tinimbang ndika ana sing gremang-gremeng ngrasani, arep
tak blakani ya gene tak penging ninggalake papan iki? nDika padha tak wenehi
weruh, yektine Guruku Ya Kyai Lopara wis nampa sasmita saka Keris Kyai Pantek,
sapa satemene sing wis wani njupuk lan ndhelikne Kyai Pantek ing Senthonging
omah iki. Satemene sing wis njupuk Kyai Pantek saka plangkane wis rada sauntara
lunga ninggalne Kalurahan kene lan mbok menawa wis ora bakal bisa bali mrene maneh,
jalaran miturut kabar sing tak tampa wong kuwi wis ilang dadi mangsane Macan Putih
sing mbaureksa alas sakidule Kalurahan Tambak iki, nanging wong-wong sing wis ngujuk-ujuki wong sing wis
lunga saka Kalurahan Tambak kuwi, nganti dina iki isih padha durung ngerti lan
isih ngarep-arep wong sing lunga kuwi tumuli bali maneh sarta nutugne nggone
nedya ngendhih kalenggahane Ki Lurah, lan dina iki uga mengko wong-wong kuwi
bakal dirangket lan dilebokne pakunjaran lan bakal diadili kanthi saadil-adile
dening Ki Lurah. Sapa wong-wong kuwi? Aku ora wenang ngandhakne saiki, nanging
mengko Guru Kyai Lopara sing bakal nisihi Ki Lurah ndhawuhake sapa wong-wong
sing kudu mlebu ing pakunjaran kuwi. Yen nganti ana saka ndika kabeh sing
ninggalake papan kene sadurunge oleh palilah saka Ki Lurah, mangka cetha nek
kuwi panunggalane wong-wong sing duwe sedya njongkeng kawibawan Kalurahan
Tambak, mula para Sapukawating Kalurahan tak jaluk aja ngenteni dhawuh maneh,
nek ana sing wani lunga tanpa palilah gage padha rangketen, sokur yen bisa
dirangket kanthi urip, nanging yen nganti bangga ndika kabeh tak lilani
ngrampungi wong kaya ngono kuwi mau”.
“Inggih, inggih…..”
pating cruwet padha saur manuk anggone para Sapukawating Kalurahan sing dadi
wong-wong sing dipercaya Jagabaya Bontot, aweh wangsulan. Tumuli wong-wong kuwi
minggir kaya-kaya ngepung plataran omahe Puranta, dadi ora bakal ana sing ora
konangan yen nganti ana salah siji saka wong-wong sing ana plataran kuwi nganti
lunga.
Bebau Kidul banjur bali
munggah menyang emperan ngadhep marang Gurune . Ki Lopara mesem karo
manthuk-manthuk sajak wis marem atine merga Bebau Kidul wis ngecakne pituduhe
kanthi becik jumbuh karo sing dadi karepe. Lopara uga banjur nyedhaki Ki Lurah,
banjur ngulungake Keris sing digawa kuwi karo guneman :
“Menika Ki Lurah, Kyai
Pantek sampun saged kula pulung lan samangke kula aturaken dhumateng Jengandika
Ki Lurah. Mugi kapirsanana langkung rumiyin, menapa saliranipun Kyai Pantek
wonten ingkang nandhang kanin menapa taksih wetah kados saderengipun kadhusta
duratmaka?”.
“Sanget anggen kula
ngaturaken panuwun Kyai” wangsulane Ki Lurah karo nampani keris sing diulungne
Lopara kuwi, tumuli diunus, diulat-ulati wiwit saka ukiran, kembang kacang,
nganti tekan pucuking keris. Banjur bali dilebokne menyang wrangkane maneh,
karo guneman marang Lopara :
“Sampun kula titi kanthi
tliti Kyai, kawontenanipun Kyai Pantek taksih wetah boten kirang setunggal
menapa”.
“Inggih Ki Lurah”
wangsulane Lopara “mila Kyai Pantek menika tuhu pusaka dibya yasanipun
empu jaman kina temah nggadhahi daya lan
pangaribawa ingkang sakalangkung luhur, boten badhe wonten lamaking titah
ingkang badhe kuwawa damel risaking Pusaka Kyai Pantek, malah kepara titiyang
ingkang boten suci manahipun lajeng nyaket Kyai Pantek mangka badhe kedhawahan
walat ingkang saged damel cilakanipun. Nalika badhe kula pendhet kala wau, Kyai
Pantek sampun paring sasmita dhateng kula sinten saleresipun ingkang sampun
kumawantun mendhet panjenenganipun Kyai Pantek saking plangkan dalem Kalurahan
Tambak saha para-para ingkang sampun ngojok-ojoki awit kasurung raos kepengin
njongkeng kawibawan Kalurahan Tambak”.
“Sinten mawon menika
Kyai?” Ki Lurah mundhut pirsa karo pasuryan sajak gumun “menawi sampun cetha
sinten ingkang tumindak makaten kala wau, ateges sampun wantun kalihan Pakem Paugeraning
Kalurahan Tambak, kangge ngreksa jejeging adil, kula badhe ndhawahaken pidana
dhateng titiyang menika”.
Lopara ora enggal atur wangsulan,
sajake lagi nata ukara kanggo guneman. Dumadakan saka sisih mburi wong-wong
sing ana plataran, padha ngangseg maju malah padha miyak wong-wong sing ngadeg
kanthi anteng, mlaku mengarep sajak kepengin luwih cedhak karo papane Ki Lurah
lan wong-wong sing ana emper omahe Puranta kuwi. Aku mesem, Puranta ya mesem,
jebul wong-wong kuwi Sabekti karo kanca-kancane sing wis padha nggoceki
gaganging pedhange senadyan durung diunus saka wrangkane.
“Manut sasmita ingkang
kula tampi” Lopara atur wangsulan, sawus olehe meneng wis rada sauntara “ingkang
sampun mendhet Kyai Pantek menika tiyangipun sampun boten wonten Kalurahan Tambak
mriki lan boten badhe wangsul mriki malih.Jalaran sampun ngundhuh wohing
pakarti temah sampun pejah kabadhog dening Sima Pethak ingkang ambaureksa wana
sakiduling Kalurahan Tambak menika. Kula namung dipun paringi ngertos sinten
titiyang ingkang ngujuk-ujuki dhateng paraga ingkang sampun kesah kala wau. Para tiyang candhala ingkang nggadhahi budi
culika ingkang ngrojongi tumindakipun paraga ingkang sampun kesah kala wau
samangke ugi taksih wonten ing plataran ngajeng menika Ki Lurah”.
“Sinten menika Kyai ?”
Pasuryane Ki Lurah wiwit katon mbrabak abang, tandha yen lagi runtik penggalihe
kobong kanepsone, marang kawulane sing nedya njongkeng kawibawane.
Tak sawang Sabekti
sakancane uga wiwit mbrabak abang praupane, anggone padha nggoceki gaganging
pedhange sansaya dikencengi.
“Nyuwun pangapunten Ki
Lurah” Lopara atur wangsulan maneh “murih langkung cethanipun, jengandika Ki
Lurah kula suwun mundhut pirsa dhateng Kyai Pantek ingkang sampun wonten ing
asta jengandika. Dene caranipun makaten : kaparenga jengandika Ki Lurah
ngeningaken cipta dhateng Pusaka Kyai Pantek sinarengan nyuwun pitedahipun,
sinten kawula ing Tambak menika ingkang nedya mbalela lan badhe njongkeng
kawibawaning Kalurahan Tambak. Menawi sampun makaten, tumulia Kyai Pantek
kaunus lan kathungaken dhateng prenahing tembok griya menika, mangke ing mriku
badhe katingal wewayangan kados wewayangan ingkang sampun nate Jengandika
pirsani ing Maron enggal wau enjing nalika taksih wonten pringgitaning dalem
kalurahan. Boten namung jengandika piyambak ingkang badhe pirsa, senadyan
sedaya tiyang ingkang wonten pekarangan mriki ugi badhe sumerep……..”.
“Ha ha ha ha ………” durung
nganti Lopara rampung anggone guneman lan Ki Lurah uga durung aweh wangsulan
marang Lopara dumadakan wong -wong padha dikagetake dening suwaraning wong
ngguyu banter banjur disambung guneman sing ditujokne marang Lopara “Kyai
Lopara!, ndika niku tenane ngoten, Dhukun Ngawur napa Bakul Jamu sing ajeng
ngapusi tiyang-tiyang Tambak mawi sulapan? Merga tiyang-tiyang mriki niku empun
sami apal lan asring ningali Bakul Jamu teng peken pas dinten pasaran ngoten
nika, ingkang ngapusi tiyang-tiyang kanthi sulapan kados sing ajeng ndika cakne
ngoten niku. Kula kuwatir, mengke sing ndika ketokne malah para tiyang-tiyang
Tambak ingkang setya dhateng Ki Lurah lan Kalurahan Tambak ? Merga meh tiyang
sakalurahan mriki niku empun ngertos, Ki Bebau Kidul lan Ki Jagabaya Bontot niku
kepengin sanget nggentosi Para Bebau lan para Pamong ing Tambak mriki kalihan
tiyang-tiyang ingkang dados andhahanipun. Lha murih saged kaleksanan
kekajenganipun tiyang kalih niku, dinten niki ndika sing tumandang damel sulapan
kangge ngapusi Ki Lurah murih Ki Lurah ndhawahaken pidana dhateng para-para
ingkang boten dipun remeni Bebau Kidul kalih Jagabaya Bontot kanthi pawadan………”.
“Cukup!” Bebau Kidul
mbengok banter nggetak wong sing lagi guneman marang Lopara karo ngguyu mau “kowe
aja gawe kisruh Sabekti!, nek kowe ora enggal mingkem klakon tak sumpel
cangkemmu nganggo pedhangku iki mengko”.
“Kula boten rembagan
kalih ndika Ki Waruju” Sabekti wangsulan karo malangkerik, nantang “kula omong
ngoten niku wau ndika kudune ngerti, nek kula boten ajeng damel kisruh, nanging
ajeng menggak Bakul Jamu sing seneng dolanan sulapan kangge ngapusi tiyang
kathah. Merga nek diumbar, sulapane Lopara niku saged mbebayani tumrap
kalurahan Tambak mriki”.
Sauntara kuwi wong-wonge
Bebau Kidul sing dadi Sapukawating Kalurahan iya akeh sing banjur melu nyedhak,
siyaga arep ngringkus Sabekti. Para Bebau lan Para Jagabaya sarta Pamong liyane
uga banjur padha melu nyedhak kabeh. Kabeh wis padha ngliga gegamane dhewe-dhewe,
embuh marang sapa gegaman kuwi mengko arep ditibakne. Kahanan ing plataran
omahe Puranta kuwi dadi panas lan kosek. Merga cetha akeh sing kepengin
ngendharat Sabekti sing dianggep murang tata, nanging uga akeh sing kepengin
ngrewangi Sabekti merga dianggep wis wani maju mengarep nedya njaga jejeging
adil ing Kalurahan Tambak, sanadyan ngerti yen sing dadi totohane ya nyawane
dhewe.
Ki Lurah katon nek duka
campur bingung. Sajake kangelan olehe arep tumandang. Arep ora percaya marang
Lopara nyatane wis kebukten nek Lopara wis bisa nemokne Keris sing ilang, nek
arep nggugu rerigene Lopara, Sabekti mau muni ngono kuwi mau, lan sajake ya
akeh sing luwih percaya marang Sabekti. Nek meneng wae, bisa-bisa bakal ana
geger rame neng platarane Puranta kono kuwi. Ki Lurah ketok nek sansaya judheg.
“Kula rayi jengandika
pun Puranta ingkang dugi Ki Lurah” dumadakan Puranta wis ngatonake wujude, lan
kaya tanpa sangkan wis ngadeg neng ngarepe Ki Lurah karo tumungkul. Ki Lurah
dadi kaget, wong-wong sing ana kono uga padha kaget kabeh. Luwih-luwih Lopara
sing wis kandha yen Puranta ora bakal bisa bali maneh menyang Kalurahan Tambak,
awit miturut lapuran andhahane Bebau Kidul, Puranta wis mati dibadhog macan
nalika mlaku neng alas sakidule Kalurahan Tambak.
“Dhimas Puranta………?” Ki
Lurah nyebut jenenge sedulure nom kuwi karo pasuryan kebak rasa gumun.
Ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar