Total Tayangan Halaman

Senin, 06 Maret 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (045)


45.

            Lopara, senadyan ngerti nek muride ana sing ngrusuhi kanthi nekakne walang kayu sing nylenthik lambene, nanging Lopara api-api ora weruh. Lopara nganggep kedadeyan kuwi kedadeyan lumrah. Nalika Ki Lurah takon sapa sing wis wani muni karo suwara sing banter nggorohake apa sing dikandhakne Bebau Kidul. Kanthi tatag Lopara aweh wangsulan :

            “Kula kinten awakipun piyambak boten prelu migatosaken pokalipun Dhedhemit ingkang wiwit wau tansah ganggu damel Ki Lurah, Dhedhemit kala wau namung Dhedhemit alit ingkang boten nggadhahi kekiyatan ingkang mutawatosi, kala wau ing Pringgitan sampun kula tantang lajeng mlajar ajrih. Lajeng dugi malih, kalihan njarag murid kula pun Waruju, nanging inggih kados wau, sareng dening Bebau Kidul dipun tantang inggih lajeng mlajar, awit rumaos miris menawi ngantos dipun tandangi estu dening Waruju”.

            “Inggih sampun menawi makaten” wangsulane Ki Lurah karo mesem “nyata ndika lan siswa-siswa ndika niku kalebet tiyang ingkang sabar, saupami kula ingkang dipun ganggu tartamtu Dhdhemit kala wau badhe kula uber ngantos kecepeng lan kula damel pangewan-ewan dados tontonanipun kawula ing Tambak”.

            “Menika saged kula tindakaken mangke Ki Lurah” Lopara genti wangsulan karo praupan mbrabak abang “Dhedhemit kala wau mesthi badhe kula cepeng lan kula dhawahi paukuman ingkang awrat, namung kemawon kula badhe milujengaken Pusaka Jengandika nuwun inggih Dhuwung Kyai Pantek, rumiyin. Mangke sasampunipun Dhuwung kula aturaken dhateng jengandika, Jengandika Ki Lurah saha Para kawula ing Tambak badhe kula segahi panglipur sawatawis, inggih menika amirsani Dhedhemit ingkang nangis golung koming awit kula dhawahi paukuman”.

            “Matur nuwun Kyai” Ki Lurah mesem lega “ketingalipun Paman Jagabaya Bontot sampun suka sasmita menawi sampun wancinipun ndika mulung Kyai Pantek saking papan kangge nyingidaken ingkang criyos ndika wau ing senthong griyanipun Dhimas Puranta”.

            “Inggih Ki Lurah” wangsulane Lopara karo ngguyu seneng “samangke sumangga Ki Lurah kula dherekaken tedhak dhateng Griyanipun Gus Puranta, badhe kula pendhet Dhuwung Kyai Pantek lan badhe kula aturaken dhateng Jengandika Ki Lurah”.

            Ki Lurah ngadeg banjur mlaku arep menyang omahe Puranta, Lopara ngetutne ing mburine, disusul Bebau Kidul karo Jagabaya Bontot. Para Bebau lan Para Pamong sarta Para Sapukawating Kalurahan sing ana plataran Kalurahan kuwi uga banjur padha mlaku bareng gemrudug ndherekne lakune Ki Lurah. Aku karo Puranta sing ora diweruhi dening wong-wong kuwi kabeh, wis ndhisiki wong-wong kuwi, tumuju omahe Puranta luwih dhisik.

            Tekan omahe jebul lawange kancingan, digembok nganggo gembok lan rante sing gedhene luwih gedhe tinimbang drijine wong diwasa.

            “O iya? Ya?” Ki Lurah dumadakan ngunandika sing kawetu tembunge, banjur karo noleh menyang prenahe para Sapukawating Kalurahan, Ki Lurah paring prentah “aku njaluk tulung marang salah siji saka bocah Sapukawat, timbalana Si Senthun dhawuhana mrene karo nggawa Kunci Omahe Puranta iki, dheweke sing tak pasrahi kuncine”.

            “Sampun Ki Lurah” Lopara menggak Ki Lurah “boten sah repot-repot, menawi namung mbikak gembok samanten kemawon boten sah mawi kunci”.

            Tanpa ngenteni wangsulan Lopara maju, lawang dicedhaki banjur nyandhak gemboke, disendhal ngeget temah rantene pedhot.  Gembok sing wis lepas saka rantene kuwi banjur diselehne ing lemah. Lawang dibukak amba, banjur Lopara matur marang Ki Lurah :

            “Samangke kula badhe mlebet ing griya Ki Lurah, jengandika kula aturi nengga ing emperaning Pendhapa rumiyin, mangke menawi Kyai Pantek sampun kula pendhet tumuli kula aturaken dhateng jengandika”.

            “Inggih Kyai” Ki Lurah wangsulan cekak.

            Lopara banjur prentah marang Bebau Kidul :

            “Waruju prentahna marang kabeh wong sing ana kene supaya padha ngenteni ing latar, mengko menawa ana suwara-suwara sing aneh sing tanpa ana wujude, aja padha disauri utawa digatekne. Kabeh supaya ngerti nek sing nyuwara aneh kuwi dhedhemit krucuk sing mengko bakal tak cekel lan tak cencang ing plataran Kalurahan dimen dadi tontonane bocah cilik-cilik”.

            “Inggih ngestokaken dhawuh Guru” wangsulane Bebau Kidul, sing banjur guneman banter marang Para Bebau, Pamong lan kabeh Sapukawating Kalurahan, nerokne prentahe gurune.

            Lopara banjur mlebu menyang jero omah kanthi sikep sing sajak nuduhne kuwanene. Puranta noleh marang aku, karo takon :

            “Awakipun piyambak menapa badhe kendel kemawon mBah Tambak?”.

            “Kanggo sauntara iya Ki Puranta” wangsulanku karo mesem “mengko wae menawa Keris Tiron kuwi wis dicekel dening Kakang ndika, lan Lopara ngocehne tembung-tembung goroh kanggo gawe cilakane wong akeh, lagi ndika ngatonake dhiri lan nindakne apa sing dadi welinge Ki Jurudah lan Ki Prasanta sadurunge awake dhewe budhal mrene esuk mau”.

            “Inggih mBah Tambak, kula suwun sampun ngantos mangke jengandika negakaken kula” kandhane Puranta karo nyawang praupanku. Aku mung mangsuli kanthi manthukne sirah karo mesem amba. Puranta uga banjur melu mesem.

            Ing latar omahe Puranta tak sawang wong-wong sing ngenteni lelakon sing bakal kedaden, katon beda-beda praupane. Ana sebagean sing sajak seneng, ketitik saka ulate sing padha sumringah banjur padha kerep esem-eseman karo padha kancane. Nanging uga ana sing ulate katon peteng, sedhela-sedhela njengkerutne bathuk karo nggathukne alis. Lan nalika kabeneran nyawang kancane sing uga duwe sikep sing padha, sing disawang mung gedheg-gedheg nelakne bingunging atine. Sing nduweni sikep kaya mangkono iku klebu Sabekti, sapukawat andel-andele Bebau Sela sing lungguh awor karo kanca-kancane ing sacedhake pager pinggir dalan mlebu menyang regol plawangane Puranta. Sabekti sing wis ngerti letheging bebudene Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot apa dene Lopara, guneman karo kanca-kancane karo suwara sing pating klesik. Ngrasani suwara sing tanpa rupa ing plataran Kalurahan mau, uga ngrasani Walang Kayu aneh sing dumadakan nylenthik lambene Bebau Kidul.

            “Aku luwih percaya marang suwara sing tanpa rupa ing plataran Kalurahan mau” kandhane Sabekti lirih sing meh wae ora bisa dirungokne karo sing diajak guneman, ya kuwi kancane sing lungguhe cedhak karo dheweke.

            “Sing jarene Bebau Kidul suwarane Dhedhemit Jirih sing wedi getih kae mau ta Kakang?” sing diajak guneman Sabekti semaur uga lirih “aku ya ngono, aku ora percaya nek sing nyuwara mau Dhedhemit, tak kira malah suwarane Bebau Tengah, wong kae sanadyan wis rada umur nanging kasektene isih nggegirisi lho Kakang”.

            “Aku ora ngerti sapa sing nyuwara mau, nanging aku percaya nek kabeh sing dikandhakne Kyai Lopara karo murid-muride kae mesthi nek goroh. Mula mengko saupama ana unine Kyai Lopara utawa Jagabaya Bontot, utawa Bebau Kidul sing ngatut-ngatutne asmane Bebau Sela minangka wong sing didakwa melu duwe kekarepan arep mbalela marang Ki Lurah, aku arep maju. Sing ndakwa bakal tak tantang warasan. Mau aku wis rembugan karo Jidhar, Sapukawat saka Padhukuhan Tengah wakile Ki Sarana, wonge duwe tekad sing padha karo aku, arep nglabrag wong sing gawe crita goroh sing tundhone mung arep gawe lupute  Ki Bebau Tengah utawa Bebau liyane sing sasuwene iki cedhak karo Gus Puranta”.

            “Aku ya mathuk Kang, ndika ora ijen, aku lan meh kabeh Sapukawat sing dudu gaweyane Bontot apa Waruju, mesthi ngadeg bareng ndika, kanthi suwara sing padha”.

            Aku karo Puranta sing uga krungu rembug cilik klesak-klesike Sapukawat loro kuwi banjur pandeng-pandengan karo mesem. Jebul isih akeh wong Tambak sing ora percaya marang Lopara sing kondhang nduweni kasekten sing bisa njara langit.

            Dumadakan saka regol pekarangane Puranta katon ana wong pirang-pirang sing lagi teka jangkep karo gegamane dhewe-dhewe. Puranta tak ingeti, dheweke malah guneman lirih sing mung bisa tak rungokne dhewe: “…….Ki Puludan?”……”.

            Jebul tekane Puludan luwih dhsisik diweruhi dening Sabekti sing banjur ngadeg mara nyedhaki. Aku karo Puranta uga banjur melu nyedhak. Mesthi wae wong sing ana kono kuwi babar pisan ora weruh aku utawa Puranta.

            “Sapa sing kongkonan ndika mrene Ki Puludan?” karo nyedhakne lambene menyang kupinge Puludan, Sabekti takon “ndika sakanca rak wis tak kandhani aja ngaton dhisik!, iku mbebayani tumrap kaslametan ndika sakanca. Lhah… kok malah nusul mrene, apa ndika ora ngerti Ki Bebau Kidul karo Ki Jagabaya Bontot uga ana kene?”.

            “Aku sakanca njaluk pangapura Ki Sabekti” wangsulane Puludan uga nganggo suwara cilik kanthi nyedhakne lambene menyang kupinge Sabekti “mau nalika ana Kenthong Pitu disusul Daramuluk, aku sakanca ya ora nggagas nek arep nekani timbalane Ki Lurah kuwi. Malah kanca-kanca banjur tak prentah supaya mlebu menyang papan pandhelikane………”.

            “Lha kok malah saiki ndika sakanca ana kene? Apa ndika nedya mbalik arep mbala marang Bebau Kidul maneh?” Sabekti nugel rembuge Puludan.

            “Aja kleru tampa Ki Sabekti” Puludan ketok nek kaget krungu pandakwane Sabekti mangkono kuwi “aku wis ngerti yen Ki Bau Kidul lan Ki Bontot kae dudu menungsa, mokal aku sakanca sing wis ndika tulungi lan ditulung Gus Puranta arep mbalik ngawula marang setan loro kae maneh”.

            “Lha banjur ndika teka kene iki mau?”

            “Kuwi merga mau, ngepasi aku sakanca arep mlebu menyang papan pandhelikan, dumadakan ana wong tuwa loro sing durung tau tak tepungi, nyegat aku sakanca. Kaki-kaki loro kuwi kandha yen dina iki Gus Puranta wis kundur menyang tambak kene, ngasta Kyai Pantek sing ilang. Aku banjur didhawuhi dening Kaki-kaki loro kuwi supaya melu mangayubagya Gus Puranta ing daleme kene. Kajaba saka kuwi, Kaki-kaki loro mau uga kandha nek wektu iki Bebau Kidul karo Jagabaya Bontot ditambah Gurune uga wis ngerti yen Gus Puranta kundur, mula setan-setan kae banjur ngrancang arep gawe cilakane Gus Puranta. Aku sakanca banjur ditakoni, lila apa ora yen nganti Gus Puranta cilaka merga kaculikane setan-setan kae?. Nek ora lila aku dikongkon mrene kanthi gegaman sing jangkep. Mula aku banjur mrene iki mau” karo panggah klesik-klesik Puludan ngandhani Sabekti.

            Tak sawang Sabekti manthuk-manthuk sajak mudheng karo sing dikandhakne Puludan. Aku genti nyawang Puranta karo takon :

            “nDika ngerti Ki Puranta? Sapa Kaki-kaki loro sing ngandhani Puludan sakancane kuwi mau?”.

            “Sinten mBah Tambak?” Puranta takon nambong “menapa Senapati kembar saking Kraton Pangayoman, Kyai Jurudah miwah Kyai Prasanta?”.

            “Sapa maneh nek dudu wong Gerang loro sing senengane nggawek-nggawekne uwong kae?!?” wangsulanku karo ngguyu.

Puranta ya melu ngguyu krungu wangsulanku sing kaya mangkono mau. Puranta banjur taka jak mbalik nyedhaki papane Ki Lurah sing ngenteni metune Lopara saka jero omahe Puranta.

 

Ana candhake.

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...