Total Tayangan Halaman

Kamis, 23 Maret 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (062)


 

 

62.

Ing manahipun Ki Sarkara temah tuwuh raos welas lan mesakaken dhateng Nyai Sapaetun ingkang rumaos dipun siya-siya dening kakungipun menika. Ki Sarkara ugi rumaos eman menawi ta wanita ingkang kados makaten teka dipun enthengaken dening kakungipun malah ngeboti wanita sanes ingkang dereng cetha kawontenan sanyatanipun. Langkung-langkung menawi ngantos kedanan dhateng tiyang estri kados ingkang dipun cariyosaken dening Nyai Sapaetun kala wau, sepuh lan gadhah rupa ingkang boten mingsra. Ing salebeting batos Ki Sarkara maiben dhateng kakungipun Nyai Sapaetun ingkang sampun tumindak kados ingkang dipun cariyosaken Nyai Sapaetun kala wau. Lan tiyang jaler ingkang nggadhahi tumindak kados makaten kala wau boten pantes dipun aosi, boten pantes manawi ta dipun boboti.

“Nyuwun pangapunten Nyai” Ki Sarkara lajeng wicanten ing pangangkah badhe asung rigen dhateng Nyai Sapaetun “menawi kula gagas, ndika menika kalebet priyantun ingkang keliwat saking sabar. Sampun dipun damel sakit kados makaten dening kakung ndika, suprandene ndika taksih ngajeng-ajeng sih saking piyambakipun ingkang rumaos sampun boten mbetahaken ndika malih. Kula aturi inggih Nyai, prayoginipun tiyang jaler kados kakung ndika niku langkung sae menawi dipun tilar wangsul mawon, kula pitados nitik kawontenan ndika ingkang kados makaten, saupami dipun emohi dening setunggaling tiyang jaler, boten badhe kangelan pados ganti ingkang kawontenanipun nglangkungi sedaya ingkang dipun gadhahi tiyang ingkang ngemohi ndika kala wau. Nanging kula ugi nggadhahi pamanggih katresnanipun Nyai dhateng keng raka menika mila tresna ingkang suci, awit saking menika prayogi menawi ndika boten ngaya-ngaya  nyadhong sih kawlasan dhateng piyambakipun, sampun ta, menawi ndika sampun kundur malih dhateng griya, boten dangu malih keng raka mangke harak wangsul piyambak lan ngrumaosi bilih boten wonten wanita ingkang kasaenipun nglangkungi ndika”.

Kalihan wicanten makaten menika estunipun Ki Sarkara ugi ngentha-entha ing angen-angenipun, mendah begjanipun tiyang jaler ingkang saged amengku Nyai Sapaetun ingkang nggadhahi dedeg piyadeg, pakulitan, rikma, pasuryan ingkang sedaya sarwa sampurna lan boten wonten setunggal-setunggala saking peranganing saliranipun wanita menika ingkang boten damel reseping mripat ingkang sumerep. Sansaya nglambrang angen-angenipun Ki Sarkara, angen-angen ingkang rupi wenangipun tiyang jaler nggadhahi semah langkung saking setunggal. Lan saupami Sapaetun menika kadadosaken semah ingkang angka kalih ketingalipun kok inggih sae, liripun piyambakipun badhe gadhah semah kalih ingkang sae-sae sedaya. Semah ingkang sepuh inggih Nyai Sarkara ingkang samangke nembe tilem pules, ingkang kasetyan saha bekti tuwin tresnanipun dhateng ki Sarkara sakalangkung ageng. Lajeng semah ingkang angka kalih Sapaetun, ingkang mbok bilih boten dangu malih dados warandha awit sampun cetha menawi dipun emohi dening kakungipun. Inggih Sapaetun ingkang nggadhahi kasulistiyan ingkang bebasan tanpa wonten cacadipun menika.

“Menapa ingkang ndika dhawuhaken menika ketingalipun leres sanget Ki” sareng sampun radi dangu sami boten wonten ingkang gineman, Sapaetun wiwit wicanten mangsuli menapa ingkang dipun ucapaken dening Ki Sarkara “mila tiyang jaler kados tiyang jaler kula menika boten pantes menawi dipun boboti, malah samangke kula nggadhahi tekad sageda males sakit wirang kula dhateng piyambakipun. Piyambakipun sampun criyos menawi boten mbetahaken kula, mangka kula ugi kedah saged criyos menawi kula ugi boten mbetahaken piyambakipun malih. Mila menawi ing benjangipun tiyang jaler kula menika wangsul kepengin mangsuli gesang kalihan kula malih, boten badhe kula tampi, kula badhe pados tiyang jaler ingkang saged sumerep kasaenan lan purun ngimbangi katresnan kula”.

“Kula kinten menika langkung prayogi Nyai” wangsulanipun Ki Sarkara.

“Nuwun sewu Ki Sarkara menika menapa sampun nate kagungan garwa menapa taksih legan inggih?” dumadakan Nyai Sapaetun pitaken ingkang kenging kawastanan pitaken ingkang sakalangkung wantun “kula tingali ing griya menika wontenipun namung ndika piyambak Ki Sarkara”.

Dipun tlemak mawi pitakenan ingkang makaten menika, Ki Sarkara radi kaget. Ketingalipun dhayoh ingkang nembe sepisan kepanggih menika wonten raos dhateng piyambakipun. Lan Ki Sarkara boten kepengin dipun wastani dening tamunipun nggadhahi watak kados tiyang jaleripun Nyai Sapaetun ingkang remen dolanan manahipun tiyang estri. Pramila Ki Sarkara lajeng nggeret tanganipun murih uwal saking tanganipun Sapaetun. Nanging ketingalipun Sapaetun taksih dereng kepengin nguwali anggenipun gegem-gegeman tangan kalihan Ki Sarkara, mila inggih anggenipun nggegem langkung dipun kiyati, kados-kados makili suwantening manahipun murih Ki Sarkara boten nguculi anggenipun nggegem tanganipun.

“Nyuwun pangapunten Nyai” kalihan praupan ingkang radi mbrabak awit kraos rikuh Ki Sarkara suka wangsulan “bares kemawon kula menika sampun gadhah semah malah ugi sampun gadhah anak setunggal, ingkang semah saha anak kula menika sakalangkung kula tresnani bebasan nglangkungi tresna kula dhumateng nyawa kula piyambak”.

“Wadhuh…. Menawi makaten kula nyuwun pangapunten lho Ki….” Nyai Sapaetun wicanten, kalihan nguculi anggenipun nggegem tanganipun Ki Sarkara “kula kinten menawi ndika menika taksih legan”.

“Kula kedahipun ingkang nyuwun pangapunten Nyai, awit boten blaka wiwit wiwitan” wangsulanipun Ki Sarkara.

“Makaten ugi kula Ki” Nyai Sapaetun nyauti wangsulanipun Ki Sarkara “tuhu begja kemayangan pawestri ingkang sampun kawengku kakung kados ndika menika, lha samangke keng rayi saha keng putra nembe tindak pundi? Kok wiwit wau kula boten sumerep?”.

“Semah saha anak kula ketingalipun sami kekeselen Nyai” wangsulanipun Ki Sarkara “wiwit sonten sampun sami angler anggenipun tilem ing pengkeran”.

Ki Sarkara lajeng blaka menawi griya menika dede griyanipun nanging griyanipun mBah Tambak ingkang samangke nembe tindakan. Piyambakipun ugi ngaken menawi namung tiyang keplantrang lajeng mampir ing griya mriku lajeng katitipan pisan salebeting sedalu menika. Malah Ki Sarkara ugi criyos menawi manahipun taksih kalimputan ing pepeteng, jalaran dereng mangertos benjingipun badhe dhateng pundi malih, awit mila dereng mangertos papan ingkang badhe dipun tuju. Inggih papan ingkang sakintenipun saged dipun enggeni kangge nyambung gesang kalihan anak saha semahipun. Lan Ki Sarkara ugi lajeng nyuwun pangapunten malih awit kala wau sampun tumindak kirang trapsila dhateng Nyai Sapaetun boten ngilo menawi piyambakipun sampun gadhah anak saha semah sarta nembe salebeting gesang ingkang boten cetha.

“Boten dados menapa Ki Sarkara” wangsulanipun Nyai Sapaetun ingkang ugi kanthi praupan ingkang mbrabak abrit “estunipun kula ingkang lepat, inggih waleh-waleh menapa kabekta saking sampun radi dangu kula boten kasiraman dening sihing tiyang jaler, kraos ngorong gorokaning asmara kula. Mila dupi cecaketan kalihan priyantun ingkang anuju ing prana kula, sagebyaran kula supe inggih supe ingkang kula sengaja, murih saged mikat pangraos ndika. Kula inggih nyuwun pangapunten menawi kala wau ndika nyumerepi kendhoning kemben kula temah amirsani peranganing badan kula ingkang mesthinipun namung kenging kapirsanan dening tiyang jaler ingkang dados sisihan kula”.

“Inggih Nyai, mila awakipun piyambak menika titah limrah ingkang boten tebih saking manah ingkang supe saha tumindak ingkang lepat” Ki Sarkara lajeng wicanten malih “inggih mugi-mugi sasampunipun emut lan mangertos menawi tumindak ingkang kala wau pranyata boten leres, boten kumat supe malih lan mboten mangsuli tumindak ingkang nerjang kasusilan saha pepacuhing Gusti menika. Nuwun sewu, ing pengkeran dalemipun mBah Tambak menika wonten amben suwung, jejer kalihan amben ingkang dipun angge tilem anak saha semah kula, samangke Nyai kula aturi aso salira rumiyin. Kula badhe nutugaken anggen kula linggih ing jogan mriki, ngrantos rawuhipun mBah Tambak saha tamu-tamunipun ingkang kala wau miyos dhateng tepining lepen Gebyog”.

“Matur nuwun Ki Sarkara” Nyai Sapaetun suka wangsulan kalihan mesem ingkang esemipun panggah yen sinawang sepet madu “nanging kula estunipun taksih kepengin matur dhateng ndika, menawi ndika Ki Sarkara boten rumaos keganggu dening atur kula”.

“Nyai Sapaetun ngersakaken paring dhawuh menapa ?” Ki Sarkara lajeng pitaken.

“Sareng kula raos-raosaken lan kula cundhukaken kalihan lelampahan kula saha lelampahan ndika Kyai Sarkara, kok ketingalipun wonten tembung jodho antawisipun kula kalihan ndika Ki Sarkara” Nyai Sapaetun wiwit wicanten malih.

“Jodho kados pundi Nyai?” Ki Sarkara kirang tanggap kalihan wicantenipun Nyai Sapaetun “kula menika sampun gadhah semah saha anak, ingkang mokal saged kapisah kalihan kula. Malah kados-kados kula boten saged gesang menawi ngantos pepisahan kalihan anak lan semah kula, kula rencangi dados tiyang klambrangan ingkang makaten menika inggih awit kula boten saged pisah kalihan anak saha semah kula, Nyai”.

“Kula ngertos Ki Sarkara, sepinten agenging raos tresna ndika dhateng keng putra saha ingkang rayi” wangsulanipun Nyai Sapaetun sarwi sansaya nyaket malih anggenipun linggih dhateng Ki Sarkara “kula dados nggagas, mendah remen saha mulyanipun raosing penggalihipun mBakyu Sarkara ingkang sampun kawengku Ki Sarkara, priya ingkang pideksa lan kagungan penggalih ingkang wicaksana menika. Makaten inggih Ki……..”

Nyai sapaetun ngendheg anggenipun wicanten ngantos radi dangu. Temah Ki Sarkara lajeng pitaken malih :

“Lajeng kersanipun jodho ingkang ndika dhawuhaken kala wau kados pundi Nyai?”.

“Kula kalihan ndika sakulawarga menika sami Ki Sarkara, mila lajeng kula wastani jodho” wangsulanipun Nyai Sapaetun “sami-sami nembe nampi pacoban saking Gusti Ingkang Maha Agung, temah kula lan ndika sami nandhang kakirangan, namung kemawon mila benten wujuding raos kirang kala wau. Menawi nDika Ki Sarkara, inggih jalaran kecalan arta lan bandha donya ingkang rinebat dening durjana, temah rumaos kirang lan sanget ambetahaken bandha saha donya kangge nglajengaken gesang menika. Menawi kula, arta bandha donya kula boten dipun rebat dening sinten-sinten, nanging katresnaning tiyang jaler kula ingkang dipun rebat dening tiyang sanes, temah kula nandhang kekirangan ing sih saha katresnan. Dene sasampunipun kula kepanggih kalihan ndika ing griya menika, kula kados pikantuk peling bilih antawisipun kula lan ndika sakulawarga saged lepas saking panandhang kekirangan menika menawi kula lan ndika purun ngawon kangge pikantuk, purun ngelongi sakedhik saking ingkang dipun gadhahi kangge pikantuk menapa ingkang sampun ical kala wau. Dugi mriki ingkang kula aturaken menapa Ki Sarkara sampun tanggap lan kersa nindakaken lampah ngawon saha ngelongi ingkang dipun gadhahi kala wau?”.

Ki Sarkara boten tumuli suka wangsulan, malah salebeting manah lajeng ngraos ngungun. Ngungun dhateng tamu ingkang nembe dipun tepangi menika, dereng dangu kala wau nedahaken jibeging manah lajeng nangis kelara-lara, samangke sampun ewah saged wicanten lancar kados wicantenipun tiyang ingkang waskitha lan wicaksana. Menika tuhu ndadosaken Ki Sarkara rumaos gumun lan nalaripun ngosikaken manah murih sansaya ngatos-ngatos ngadhepi wanita ingkang kala wau kober ndudut raos sengsem ing manahipun menika. Menawi kala wau Ki Sarkara ngandel saha pitados ngaten kemawon kalihan ingkang dipun cariyosaken Nyai Sapaetun, samangke Ki Sarkara wiwit nggagas lan pitaken-pitaken dhateng manahipun, sinten sayektosipun wanita ingkang tuhu sulistyeng warna menika lan menapa ingkang dipun kajengaken dhateng piyambakipun ?.

“Cethanipun makaten Ki Sarkara” sareng Ki Sarkara boten tumuli suka wangsulan, Nyai Sapaetun lajeng wicanten malih “menawi wonten sarjuning penggalih ndika, Ki Sarkara boten sisah nglajengaken lampah malih, benjing enjing kula ajak wangsul dhateng griya kula ing Dhukuh Kepuhagal. Ing mrika sampun wonten griya joglo jejer kalih jangkep sapendhapanipun, wonten lumbungipun ingkang kebak pantun ingkang sampun binelahan, wonten kandhangipun ingkang isi ingah-ingahan, Mesa, Sapi, Menda, bebek, menthog, ayam miwah iwen sanesipun jangkep. Boten tebih saking griya menika wonten pategilan ingkang wiyaripun watawis sekawan bau langkung, lan ing wekdal menika nembe nedhengipun taneman gaga ingkang katanem ing pategilan menika memping kuning. Sadaya ngantos titi kalenggahan menika taksih dados gadhahan kula dede gadhahanipun tiyang jaler ingkang nate gesang kalihan kula jaragan tiyang jaler menika boten kalebet ewoning tiyang ingkang remen makarti dados tiyang tani, nanging remen makarya minangka tukang kayu saha undhagi”.

 

Ana candhake.

1 komentar:

  1. ADA TEMAN KIRIM PESAN LIWAT WHATSAPP ISINYA KALAU DI BULAN RAMADHAN INI SAYA BANYAK KEGIATAN CERITA INI BISA DITANGGUHKAN SAMPAI BULAN RAMADHAN SELESAI.
    TAPI SEMUA BERPULANG PADA SAYA KATANYA.
    PRIPUN DULUR2 ?

    BalasHapus

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...