65.
Didangu
dening Nyai Pandhanwangi kados makaten kala wau Ki Sarkara radi mbrabak
praupanipun. Awit sepisan malih piyambakipun ngrumaosi lepat dene criyos menawi
keduwung sarta rumaos sampun lepat dhateng Nyai Pandhanwangi nanging kanyatanipun
kala wau dalu Ki Sarkara boten kados tiyang ingkang purun nggagas, ketitik
inggih lajeng angler anggenipun tilem, ngantos nglindur-nglindur pisan.
“Sumurupa
Kaki” Nyai Pandhanwangi lajeng ngendika malih kasartanan esem ingkang kuwawa
nundhung raos rikuhipun Ki Sarkara “yen ndika wangsulan “inggih” kuwi cetha nek
wangsulan ndika kuwi ora padha karo kanyatan sing ana. Awit gajege mau bengi
bener kedadean kaya sing tak kandhakne sadurunge aku budhal? Ana tamu menyang
omahe mBah Tambak sing ndika tunggu kanthi melek ijen?”.
“Nuwun
sewu Nyai, kula malah bingung piyambak” Ki Sarkara lajeng caos wangsulan “mila
leres menawi kala dalu menika wonten tamu, satunggaling pawestri ingkang ngaken
nami Nyai Sapaetun, griyanipun ing Dhukuh Kepuhagal, dumugi ing dalemipun mBah
Tambak mriki awit nembe kedalon ing margi sasampunipun kekesahan saking Dhukuh Kepuhsluku,
nanging menika tamu saestu ing alaming kanyatan menapa namung ing alaming pasupenan,
kula bingung badhe mastani……..”.
“Ora
sah didedawa anggon ndika bingung Kaki” Nyai Pandhanwangi nigas rembag sarwi
gumujeng renyah “perkara Nyai Sapaetun sing ayu, sing kober gawe sengseming
rasa ndika, sing pungkasane ndika tinggal mlayu metu saka omah, kuwi kena
diarani impen nanging uga kena diarani kelakon ing alam kang nyata. Sing cetha
kepethuk ndika karo Nyai Sapaetun wiwit wiwitan nganti ndika digugah dening
mBah Tambak mau, kabeh ora ana sing kliwatan saka panyemake mBah Tambak, Ki
Jurudah, Ki Prasanta apa dene panyemakku…….”.
“Dados
Jengandika sedaya sampun uninga, sedaya ingkang sampun kedadosan lan kula
lampahi kala dalu menika, Nyai? Menapa kala dalu Nyai saha Ki Jurudah lan Ki
Prasanta tuwin mBah Tambak boten siyos lumawat dhateng tepining lepen Gebyog?” Ki Sarkara rumaos kaget wor lan ngungun awit
mireng dhawuhipun Nyai Pandhanwangi ingkang makaten kala wau.
“Mesthi
wae aku apa dene mBah Tambak sarta Kyai Jurudah lan Ki Prasanta sida menyang
pinggiring Kali Gebyog, Kaki” Nyai Pandhanwangi paring wangsulan “merga pancen
ing pinggiring kali Gebyog kono kuwi aku wong papat nindakne ayahan sing baku,
ya kuwi golek warta sing magepokan karo critane mBah Tambak, sing bakal
nguwohake putusan mBah Tambak isih kudu pancet ngenggoni papan kene iki, apa
ngalih panggonan sing ana sadhuwure Gunung Lawu kana”.
Ki
Sarkara boten enggal gineman malih, awit salebeting manahipun kecondhokan raos
ingkang sansaya gumun kemawon, magepokan kalihan ingkang dipun dhawuhaken Nyai
Pandhanwangi menika.
“Mesthine
ndika arep takon maneh” Nyai Pandhanwangi nglajengaken anggenipun ngendika “nek
aku wong papat nindakne gaweyan neng pinggire Kali Gebyog? kok uga weruh malah
bisa melu nyemak kedadeyan sing ana omah
kene mau bengi kabeh?”.
Estunipun
Ki Sarkara ugi badhe mungel makaten, nanging gandheng kala wau wonten raos
pakewet lan raos ajrih dhateng Nyai Pandhanwangi, wekasan Ki Sarkara inggih
mendel kemawon. Milih ngentosi Nyai Pandhanwangi ngendika malih.
“Tak
jarwani ya Kaki” ngendikanipun Nyai Pandhanwangi malih “tenane sing di arani
Kali Gebyog mau bengi kae ngono mung tembung sanepan, kali kuwi kena diarani
wates dene gebyog kuwi kena diarani aling-aling. Dadi aku wong papat mau satemene
midaki alam wates, pasang aling-aling
kanggo sing ora bisa ndika weruhi menyang ngendi parane aku wong papat iki mau”.
“Makaten
inggih Nyai?” sanaosa estunipun Ki Sarkara inggih boten patos mudheng kalihan
ingkang dipun dhawuhaken Nyai Pandhanwangi, nanging anggenipun caos wangsulan
kapireng kados tiyang ingkang sampun mangertos kemawon. Awit Ki Sarkara
estunipun boten mbetahaken mangertosi menapa ingkang dipun wastani wates menapa
ingkang dipun wastani aling-aling.
“Sabanjure
sawise ngaweruhi kabeh kang kedadean antarane ndika karo Nyai Sapaetun” Nyai Pandhanwangi
nglajengaken anggenipun ngendika, “aku wong papat ora ngluputake lan ora
mbenerake kang dadi sikep ndika sing ora gelem nalika ndika diajak rabi dening
Nyai Sapaetun. Mung wae ndika prelu weruh yen satemene saupama mau bengi ndika
gelem ngrabeni Sapaetun, mangka ndika temen-temen bakal klakon dadi wong sugih
tenan, merga pancen Sapaetun kae wong wadon sing sugih, turah bandha donya warisan
saka wong tuwane sing uga sugih, ndika ora arep ngambah dalan sasar kalap ing alaming
peri prayangan. nDika bisa mbaleni gaweyan lawas lan uga bisa miwiti gaweyan
anyar. Nanging pranyata ndika mau bengi ora gelem-gelem tenan ngrabeni Sapaetun.
Apa ndika saiki ora getun?. Aja kuwatir Kaki, nek ndika kepengin ngowahi apa
sing ndika putusake saka emoh dadi gelem, mangka aku saguh aweh pambiyantu
murih Nyai Sapaetun bali mrene maneh, sauntara Ki Jurudah lan Ki Prasanta sing bakal
gawe lilaning atine sisihan ndika ya Satiti
duwe maru sing jeneng Sapaetun. Kepiye Kaki?”.
Mireng
dhawuhipun Nyai Pandhanwangi ingkang makaten menika, Ki Sarkara boten patosa
kaget. Sanaosa boten badhe wantun boten pitados dhateng menapa ingkang dipun
dhawuhaken Nyai Pandhanwangi, nanging Ki Sarkara sampun manteb salebeting
manahipun boten badhe nambah semah malih sasampunipun gadhah semah Satiti
ingkang samangke sinebat Nyai Sarkara menika. Paweling saha pandonga ingkang
dipun ucapaken dening Marasepuhipun jaman badhe mengku Satiti jaman samanten
taksih kapireng dumugi sapriki. Kajawi menika, Ki Sarkara inggih sampun gadhah
dudutan bilih Nyai Sapaetun ingkang dados tamunipun kala dalu menika kalebet
pawestri ingkang boten sae menawi kadadosaken semah, kirang saged angendhaleni
panyurunging hawa nafsu mliginipun nafsu Supiyah. Pramila dupi Nyai
Pandhanwangi paring dhawuh makaten kala wau, kanthi teteg lan boten wonten raos
tidha-tidha babar pisan Ki Sarkara lajeng atur wangsulan :
“Ngaturaken
sewu gunging panuwun Nyai, mugi kauningan bilih estunipun kula sampun prasetya
dhateng semah kula saha dhateng Marasepuh kula, bilih boten badhe emah-emah
malih sasampunipun kula emah-emah kalihan Satiti, inggih semah kula menika.
Awit saking menika, badhea kados menapa kula boten badhe keduwung kalihan
ingkang sampun kula cariyosaken dhateng Nyai Sapaetun kala dalu. Mila leres menawi
salebeting manah kula kober gadhah raos sengsem ndulu kasulistyanipun Nyai
Sapaetun, langkung-langkung nalika tanpa sengaja kula sumerep, satleraman
ingkang wonten waliking pinjung. Nanging, menika inggih awit saking kalimrahan
kemawon. Malah nalika Nyai Sapaetun criyos menawi badhe anglegena ing ngajeng
kula, kula plalah mlajar nilar piyambakipun, nanging kula inggih bingung menawi
saestu kala dalu menika kula mlajar, kok ngertos-ngertos kula tilem semendhe
saka?”.
“Dadi
ndika panggah ngukuhi prasetya ndika marang Marasepuh ndika apa dene marang Nini
Satiti sisihan ndika yen ora rabi maneh kuwi mau Kaki?” Nyai Pandhanwangi
mundhut pirsa malih, kados-kados nanting tekadipun Ki Sarkara.
“Kasinggihan
Nyai” wangsulanipun Ki Sarkara cekak.
“Saupama
Nyai Sarkara uga wis ngolehi ndika palakrama maneh karo Nyai Sapaetun, apa
ndika iya panggah arep ngukuhi prasetya ndika kuwi Ngger?” Ki Prasanta gentos
ingkang mundhut pirsa dhateng Ki Sarkara.
“Mila
makaten Kyai, nyuwun pangapunten” Ki Sarkara atur wangsulan kanthi ngatos-atos “menggah
kula janji utawi prasetya ingkang kula ucapaken ing ngarsanipun Bapa Marasepuh
lan Satiti nalika samanten, boten namung kapireng dening Bapa Marasepuh saha
Satiti kemawon, nanging ugi kapiyarsa dening Gusti Ingkang Maha Pirsa, ingkang
makaten prasetya kula boten namung dhateng tiyang kalaih kasebat, nanging ugi
dhateng Gusti Allah. Pramila sanadyan saupami semah kula Satiti awit kadheseg
ing kabetahan lajeng nglilani kula pados semah malih, menika nedahaken bilih
Satiti sampun ngajak gujengan kalihan Gusti Allah, menawi Satiti kepara asung
pamrayoga murih kula semah malih, mangka ing mriku ketingal menawi Satiti badhe
njlomprongaken kula ing lampah ingkang boten leres, lampah ingkang cengkah
kalihan prasetya kula. Pramila menawi ngantos saestu Satiti suka pamrayogi
murih kula mendhet Nyai Sapaetun dados semah kula, sami kalihan Satiti sampun bosen
dados semah kula. Menawi sampun makaten pedah menapa kula nglajengaken gesang
kalih tiyang ingkang sampun bosen kalihan kula? Benten menawi semah kula lajeng
muring awit kuwatos menawi kula ngantos kayungyun dhateng Nyai Sapaetun, mangka
menika nedahaken menawi Satiti tuhu-tuhu boten badhe lila menawi ngantos kula
ucul saking piyambakipun. Mangka ing mriku badhe kula kekahi langgenging bebrayan
antawisipun kula kalihan Satiti”.
“Saiki
tak kira Nyai Pandhanwangi apa dene Ki Jurudah lan Ki Prasanta wis luwih cetha
anggone ngaweruhi kaya apa satemene Ki Sarkara iki” gentos mBah Tambak ingkang
ngendika dhateng Ki Jurudah lan Ki Prasanta “dadi saupama dipercaya ngayahi jejibahan
kaya sing didhawuhake dening Kanjeng Ratu Setyawati kae tak kira ora bakal
nguciwani. Harak inggih makaten ta Nyai Pandhanwangi?”
“Sekedhap
mBah Tambak……” ingkang suka wangsulan dhateng mBah Tambak, Nyai Pandhanwangi “kula
menapa dene Ki Jurudah lan Ki Prasanta kedah ngatos-atos salebeting nintingi
calon-calon ingkang badhe kapitados nglampahi kuwajiban ingkang dipun
dhawuhaken Kanjeng Ratu. Samangke mangga kasemak rumiyin kula badhe nutugaken
anggen kula badhe rerembagan kalihan Kaki Sarkara ingkang dipun biyantu dening
Ki Jurudah miwah Ki Prasanta menika”.
“Inggih,
inggih Nyai, kula nyuwun pangapunten dene sampun keladuk atur” mBah Tambak
lajeng kapireng asok kalepatan lan nyuwun pangapunten dhateng Nyai
Pansdhanwangi.
“Boten
dados menapa mBah Tambak, ndika boten keladuk mila menapa ingkang ndika
dhawuhaken kala wau sampun jumbuh kalihan kawontenanipun Kaki Sarkara menika”
Nyai Pandhanwangi suka wangsulan kalihan mesem.
“Saiki
aku tak genti sing nyoba takon marang Angger Sarkara” Ki Prasanta gentos
ingkang ngendika.
“Mangga
Ki Prasanta, mirunggan kemawon” Nyai Pandhanwangi mrayogakaken Ki Prasanta
ngendika.
“Matur
nuwun Nyai” Ki Prasanta suka wangsulan lajeng dhawuh dhateng Ki Sarkara “sing arep tak takokne marang ndika kuwi
sepele wae kok Ngger”.
“Inggih
Kyai” wangsulanipun Ki Sarkara “tumrap kula boten wonten barang ingkang sepele
lan boten wonten pitakenan ingkang boten saged kawangsulan, awit ingkang badhe
ndika pundhutaken pirsa menika sedaya tartamtu ingkang wonten ing angen-angen
kula”.
“Bener
Ngger” Ki Prasanta mesem, lajeng wiwit ndangu dhateng Ki Prasanta “iki mung
saupama, saupama jroning ndika lelungan sing durung cetha kang ndika tuju iki,
dumadakan ndika diendheg dening wong-wong sing durung tau ndika tepungi banjur
ndika dijaluki tulung supaya gelem nglurahi wong-wong mau, apa ndika gelem
ngendheg anggon ndika lelungan banjur nuruti panjaluke wong-wong mau madeg dadi
Lurah Ngger?”.
“Pamundhut
pirsa ingkang kalebet aeng menika Kyai” Ki Sarkara atur wangsulan kalihan mesem
wiyar “suwau sampun kula aturaken bilih sasampunipun kula mireng pitutur saha
dedongengan saking mBah Tambak, kula lajeng nggadhahi pepenginan ingkang badhe
kula udi murih pepenginan menika saged kasembadan, inggih menika mugia ing
sisa-sisaning gesang kula ing jagad padhang menika sageda migunani tumrap kula
warga saha tumrap titahing Gusti sedaya. Manawi saupami wonten ingkang mundhut
pitulungan saking kula, jiwa raga kula badhe kula udhokaken kangge mitulungi
titah kala wau, sauger pitulungan ingkang kapundhut boten cengkah kalihan
piwucaling Gusti Ingkang Maha Agung, lan salebeting asung pitulungan menika
nistha menggahing kula menawi kula ngantos gadhah pamrih kangge nyekapi
kabetahaning hawa napsu kula pribadi. Dados saupami wonten kedadosan kados ingkang jengandika dhawuhaken kala wau, mangka kula boten badhe suwala sauger samudayanipun
badhe anjog dhateng maujuding katentreman saha kaadilan tumrap sadaya titahing Gusti ingkang wonten”.
Ki
Prasanta ketingal karenan mireng wangsulanipun Ki Sarkara ingkang makaten
menika. Lajeng ngendika dhateng Nyai Pandhanwangi malih :
“Kula
kinten sampun cekap Nyai, samangke borong anggen jengandika badhe paring dhawuh
murih Angger Sarkara tumunten ambukak margi kangge Raden Bagus Suwanda, ingkang
badhe nglajengaken lelabetanipun ing pucaking Ardi Lawu, suwita dhateng Sri
Brawijaya”.
Ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar