66.
Nyai
Pandhanwangi namung mesem kemawon midhanget ngendikanipun Kyai Prasanta makaten
menika. Malah lajeng paring dhawuh dhateng Ki Sarkara malih :
“Kaki
Sarkara, sawise ndika kober leren ing papan kene sarta banjur tepung lan kumpul
karo mBah Tambak, Ki Jurudah, Ki Prasanta apa dene aku, mesthine ndika arep
nutugne anggon ndika mlaku, miling-miling panggonan sing sajake jumbuh karo
angen-angen ndika kanggo dipapani miwiti urip anyar. Aku ya ora arep takon
papan kaya apa sing jumbuh karo angen-angen ndika, mung aku makili wong papat iki,
mbok menawa ndika ora kabotan, wng papa tiki arep aweh rerigen marang ndika,
mbok menawa ndika gelem nampa lan gelem nglakoni dene menawa miturut
angen-angen ndika rerigen sing bakal tak kandhakne iki mengko ora nocogi karo
angen-angen ndika, ya ora apa-apa, ndika
wenang nampik lan aku wong papat iki ya ora arep cuwa nganti gedhene dadi gela.
Wong papat iki panggah ndhaku lan nganggep ndika saanak bojo ndika minangka
kulawarga dhewe, sanandyan rerigene ora ndika gunakne”.
Nyai
Pandhanwangi kendel sakedhap anggenipun ngendika, ketingalipun ngentosi tumanggapipun
Ki Sarkara. Sauntawis Ki Jurudah, Ki Prasanta lan mBah Tambak ugi sami kendel
boten ngendika menapa-menapa, ketingalipun sami kalihan Nyai Pandhanwangi
ngentosi tumanggapipun Ki Sarkara. Nanging Ki Sarkara boten tumunten matur
menapa-menapa, awit Ki Sarkara taksih ngentosi wujuding rerigen ingkang badhe
kadhawuhaken dening Nyai Pandhanwangi menika kados menapa?.
“Piye
Kaki?” sareng sampun sawatawis kraos sepen awit boten wonten ingkang gineman,
Nyai Pandhanwangi nunten ngambali anggenipun mundhut pirsa “ndika kabotan apa
ora saupama wong papat iki nyawiji aweh rerigen marang ndika? Lan sepisan maneh
tak kandhakne jenenge wae rerigen menawa jumbuh lan lakune nalar ndika, ndika
bisa ngecakne rerigen iki mengko, nanging menawa ora jumbuh karo angen-angen
ndika ora ndika gugu ya ora apa-apa”.
“Nyuwun
pangapunten lan ngaturaken genging panuwun Nyai Pandhanwangi saha Kyai Jurudah
lan Kyai Prasanta miwah mBah Tambak” wangsulanipun Ki Sarkara ngatos-atos “estunipun
salebeting manah, kula tansah ngajeng-ajeng pitutur saha pitedah saking
jengandika sadaya. Namung badhe kula aturaken, raosing manah kula inggih kirang
wantun, ajrih menawi pitedah ingkang kaparingaken mangke pranyata boten saged kula
lampahi boten jalaran kula ingkang lumuh nanging awit boten cundhuking pitedah
kalihan kekiyatan saha kasagedan kula”.
Nyai
Pandhanwangi miwah Kyai Jurudah lan Prasanta menapa dene mBah Tambak, ketingal
rena penggalihipun mireng wangsulan saking Ki Sarkara ingkang makaten menika.
“Awit
ngene ya Kaki” Nyai Pandhanwangi ngendika malih “rerigen sing bakal tak
kandhakne iki mengko, ing jerone ana sing isine ngongkon ndika meres tenaga,
nantang bebaya lan mbutuhake sabar lan narimaning ati sing tanpa upama, yen
bisa katindakne kanthi becik mbok menawa wae bisa dadi lanjaran nggon ndika
miwiti urip anyar ing papan sing ora adoh saka papan kene”.
“Inggih
Nyai, mugi tumuli kadhawuhna rerigen ingkang badhe kaparingaken dhateng kula”
Ki Sarkara atur wangsulan.
Nyai
Pandhanwangi kendel sakedhap lan sasampunipun nyruput unjukanipun lajeng wiwit
ngendika, Ki Jurudah lan Ki Prasanta tuwin mBah Tambak kendel tumut
midhangetaken dhawuhipun Nyai Pandhanwangi dhateng Ki Sarkara :
“Yen
ora kleru, mau bengi dhayoh ndika sing ngaku jeneng Nyai Sapaetun kandha nek
omahe ana ing Dhukuh Kepuhagal, apa ndika wis ngerti sing karan Dhukuh
Kepuhagal kuwi Kaki?”
“Ngertos
kula inggih namung dumugi ing sebutan naminipun Dhukuh kemawon. Nyai”
wangsulanipun Ki Sarkara blaka “malah menika kemawon inggih awit mireng
kojahipun Nyai Sapaetun kala dalu menika”.
“Tak
kandhani ya Kaki” Nyai Pandhanwangi nglajengaken anggenipun paring dhawuh “Dhukuh
Kepuhagal kuwi anane isih mbesuk ora biyen lan ora saiki, kuwi wae sidane
klakon ana Dhukuh Kepuhagal gumantung marang sepira pambudidaya ndika sarta
palimirmane Gusti Sing Maha Agung”.
“Nyuwun
pangapunten Nyai” Ki Sarkara ndengengekaken sirahipun kalihan nyawang dhateng
Nyai Pandhanwangi “nembe ing wiwitan kemawon kula kok sampun bingung kalihan
ingkang jengandika dhawuhaken, mugi kababarna ingkang langkung cetha magepokan
kalihan Dhukuh Kepuhagal kala wau, murih nalar kula saged mangertos”.
“Aja
seneng kandha nek bingung Kaki” Nyai Pandhanwangi ngendika kalihan gumujeng
alit, Ki Jurudah lan Prasanta namung mesem, dene mBah Tambak panggah boten ebah
boten mosik ketungkul nyemak ingkang dados pangandikanipun Nyai Pandhanwangi “awit
kandhaku mau isih ana sambunge, nek wis ketemu karo sambunge ndika mesthi bakal
ora gumun maneh”.
“Inggih
Nyai” wangsulanipun Ki Sarkara kalihan ndhingkluk “nyuwun pangapunten menawi awit
saking cupeting kawruh kula temah remen nyelani dhawuh jengandika ingkang
estunipun dereng rampung”.
“Ora
apa-apa Kaki” Nyai Pandhanwangi gumujeng renyah “ndika nyelani rembug ngono
kuwi wis lumrah, lan uga ana gunane tumrap aku apa dene ndika. Lire banjur sing
padha krungu ora mung kaya wong nonton pagelaran wayang beber, sing lagi nyemak
lakune crita sing dikojahake dening Ki Dhalang ngana kae. Lha nek ndika
kala-kala nyelani gunemku rak dadi luwih becik, aku lagi rembugan karo ndika
ora kok aku ngomong dhewe he he he”.
“Inggih
Nyai, matur nuwun sanget” Ki Sarkara atur wangsulan kalihan mesem malih, boten
siyos rumaos rikuh utawi ajrih kados wau.
“Tak
tutugne olehku kandha” Nyai Pandhanwangi ngendika malih “ora adoh saka papan
kene ana wit-witan alas sing ing kono ora ana tunggale sing jinise padha, ya
iku Wit Kepuh . Wit Kepuh kuwi katon Luwih gedhe lan luwih dhuwur tinimbang
wit-wit liyane sing ana kono. Dadi saupama diarani Kepuh kuwi sing agal dhewe
ya wis bener”.
Nyai
Pandhanwangi kendel sakedhap anggenipun ngendika. Ki Sarkara boten sumela atur,
namung lamat-lamat Ki Sarkara kengetan kalihan ngendikanipun mBah Tambak
ingkang nyariyosaken lelampahanipun Ki Puranta putranipun Ki Tambak Kapisan,
ingkang estunipun taksih trah saking Sultan Adiwijaya. Ing criyosipun mBah
Tambak kasebataken bilih Ki Puranta nate kegodha dening Dhemit Jrangkong
ingkang semendhe ing Wit Kepuh ageng awit kataman Dhuwung Kyai Pantek. Lan Ki
Puranta sampun dipun paringi pitulungan dening Nyai Pandhanwangi ingkang nalika
samanten mBah Tambak dereng tepang kalihan nami menika. Ki Sarkara badhe nyuwun
pirsa dhateng Nyai Pandhanwangi, menapa wit kepuh ingkang kadhawuhaken menika
sami kalihan Wit Kepuh ing lelampahanipun Ki Puranta ingkang kacariyosaken
dening mBah Tambak menapa Wit Kepuh sanes, nanging boten siyos, awit Ki Sarkara
rumaos pekewet manahipun. Ajrih menawi
winastan dhemen nyela-nyela.
“Satemene
alas ing laladan kono kuwi, jaman Kanjeng Sultan Pajang anyar-anyaran jumeneng
Adipati, wis didhawuhake menawa bakal ditata kanggo papan padesan pasawahan lan
pategalan lan sapa wae dikeparengake mbabat alas kono kuwi saprelu dipapani
digawe pomahan utawa didadekne lemah garapan kanggo among tani. Awit Kanjeng
Sultan sing uga titah kang anetra bathara kuwi wis pirsa menawa lemah ing sakiwa
tengene Wit Kepuh sing Agal kuwi nduweni watak sing becik saupama didadekne
kanggo olah tetanen. Dadi ya wis aran lumrah nek mau bengi Nyai Sapaetun kandha
marang ndika yen dheweke nduweni pategalan sing ambane luwih saka patang bau lan
nedheng-nedhenge tanduran pari gaga sing ana pategalan kuwi sajroning kahanan
memping kuning, lire wis ngadhepake panen”.
Ki Sarkara nembe saged nggathuk-nggathukaken
nami Dhukuh ingkang sinebut dening Nyai Sapaetun kala dalu dhukuh Kepuhagal,
nanging inggih dereng sampurna anggenipun nggathuk-nggathukaken, dados inggih
taksih mbingungaken cariyosipun Nyai Pandhanwangi menika menawi kacocogaken
kalihan ingkang dipun criyosaken Nyai Sapaetun kala dalu. Sanaosa makaten, Ki Sarkara
inggih boten wantun sumela atur, nyuwun pirsa dhateng Nyai Pandhanwangi . Ing
salebeting ciptanipun Ki Sarkara, mangke kemawon menawi ngantos rampung
anggenipun ngendika Nyai Pandhanwangi, piyambakipun panggah taksih bingung,
nembe badhe matur lan nyuwun pirsa kadospundi menggah cethanipun lelampahan.
“Saiki
lagi aku bakal ngandhakne apa sing mau tak arani rerigene wong papat sing wis
dadi siji kanggo ndika Kaki Sarkara” sasampunipun radi kathah anggenipun ngendika,
nembe Nyai Pandhanwangi badhe miwiti ndhawuhaken wosing rerigen.
Ki
Sarkara boten semaur, nanging sikepipun nedahaken bilih sampun sumadiya
mirengaken menapa ingkang badhe kadhawuhaken dening Wanita sulistyeng warni
ingkang busananipun sarwa wilis menika.
“Rerigen
sing tak tuduhne marang ndika Kaki Sarkara ya iku, ndika supaya gelem mbabat
alas sing tak kandhakne mau murih bisa dadi papan kanggo ulah tetanen, yen
anggon ndika miwiti mbabat saka cedhake wit Kepuh sing agal mau, kaserepan
tekad kang wutuh lan pambudidaya sing samurwate, dilandhesi tansah nyenyuwun
marang Gusti Kang Maha Agung, mbok menawa Dhukuh Kepuhagal ora suwe bakal
maujud, bakal ana pategalan sing jembar kanthi manekawarna tanduran kang
ngganteni papan sing saiki wujud alas kae. Mung kuwi rupane rerigen saka aku
lan Ki Jurudah saha Ki Prasanta miwah saka mBah Tambak kanggo ndika Kaki
Sarkara. Nek miturut ndika rerigen iki becik lamun ndika tindakne banjur ndika
nyaguhi apa sing dadi rerigen iki, mangka pancen kuwi sing dikarepake dening
wong papat iki. Nanging yen miturut angen-angen lan nalar ndika rerigen iki
klebu rerigen sing mung bakal njlomprongne ndika sakulawarga marang kasangsaran
lan kacintrakan, ndika wenang nampik rerigen saka aku sing makili wong telu
liyane iki. Sepisan maneh tak baleni, yen ndika gelem nindakne rerigen iki mau,
mangka sing kudu ndika lakoni sabanjure ora entheng lan ora gampang, nanging
kebak laku sing abot sing bisa gawe rekasaning jiwa lan raga. Yen ndika ora
gedhe sabare mangka ndika bakal bisa lebur tanpa dadi. Nanging yen ndika gelem
teteken tekun, mangka mesthi bakal katekan sedya ndika ngowahi papan sing maune
wujud alas banjur dadi papan padesan, pategalan apa dene pasawahan sing bakal bisa
digawe minangka lanjaraning urip ora mung ndika sakulawarga dhewe wae, nanging
uga kanggo wong akeh lan sansaya suwe sansaya akeh”.
Ngantos
dangu Ki Sarkara boten tumunten atur wangsulan dhateng Nyai Pandhanwangi
ingkang nembe kemawon ndhawuhaken ingkang dados rerigenipun mBah Tambak, Ki
Jurudah lan Kiprasanta sarta Nyai Pandhanwangi piyambak. Waunipun Ki Sarkara rumaos
eguh pratikel utawi rerigen ingkang dipun dhawuhaken dening Nyai Pandhanwangi
kala wau namung rerigen ingkang boten kalebet ing nalar, nglengkara sagedipun
kasembadan menawi piyambakipun ingkang namung tiyang badan sepata, karigenaken
mbubak wana kinarya padhukuhan lan papan
ulah tetanen. Nanging sareng Ki Sarkara emut bilih mBah Tambak menika menungsa
setengah Dewa, makaten ugi Ki Jurudah saha Ki Prasanta, malah Nyai Pandhanwangi
menika saking jinising jim menapa jinising prayangan Ki Sarkara dereng
mangertos, ingkang cetha dede panunggalanipun tiyang limrah. Ki Sarkara rumaos bombong
manahipun, tiyang sekawan menika ngaken suka rerigen dhateng piyambakipun,
tartamtu badhe asung pambiyantu. Namung kemawon tiyang sekawan menika langkung
rumiyin kepengin nodhi sepinten agenging tekad ingkang dipun gadhahi dening Ki
Sarkara salebetipun badhe nglajengaken gesang.
Inggih awit saking menika, wekasan Ki Sarkara atur wangsulan dhateng
Nyai Pandhanwangi saha Ki Jurudah lan Ki Prasanta miwah mBah Tambak :
“Kula
namung saged ngaturaken genging panuwun ingkang tanpa pepindhan dhateng Nyai
Pandhanwangi, Ki Jurudah lan Ki Prasanta tuwin mBah Tambak, ingkang tansah
menggalihaken dhateng kula. Kula Sarkara ugi ngaturaken panuwun, awit peparingipun
rerigen saking jengandika sedaya, lan kanthi pawitan raos pitados dhateng
pitulunganing Hyang Agung, rerigenipun Nyai Pandhanwangi, Kyai Jurudah lan Kyai
Prasanta saha mBah Tambak, badhe kula lampahi kanthi gambiraning manah”.
“nDika
sanggup mbabat alas Kepuhagal sakiwa tengene kuwi Kaki? Apa kira-kira ndika
bisa ngrampungi karya?” Nyai Pandhanwangi mundhut pirsa, nanging suwantenipun
kepireng nedahaken menawi penggalihipun nembe rena.
“Gadhah
kula namung tekad Nyai, lan kula pitados bilih boten wonten daya kekuwatan
ingkang dipun darbeni sok sintena kemawon ing alam donya menika, kajawi inggih
awit saking peparingipun Hyang Maha Agung. Babagan mbubak wana ingkang badhe
kula lampahi menika, kula namung saged nyenyuwun dhumateng Hyang Maha Agung
murih kasembadan ingkang kula sedya”.
Ana
candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar