67.
Nyai Pandhanwangi ketingal rena penggalihipun midhanget
ingkang dados wangsulanipun Ki Sarkara ingkang makaten menika. Makaten ugi Ki
Jurudah lan Ki Prasanta ingkang sarwi anglirik dhateng mBah Tambak, kekalihipun
ugi mesem kalihan sunaring netra ingkang nedahaken gambiraning manah. Namung
mBah Tambak ingkang ketingal boten ewah pasuryanipun.
“Ya gene ndika ora katon seneng ta mBah Tambak?” dumadakan
Ki Prasanta pitaken dhateng mBah Tambak “nyata yen Angger Sarkara iki wis katon
nek ya mung dheweke iki sing didhawuhake dening Kanjeng Ratu, sing bisa nglantarake
ndika budhal suwita lan puruita marang Kanjeng Sunan Lawu, nanging tak sawang
ndika babar pisan ora nuduhne senenging ati ndika krungu wangsulane Angger Sarkara
kang kaya mangkono kuwi mau. Ana apa satemene he mBah Tambak?”.
“Aja salah tampa Ki Prasanta” wangsulanipun mBah
Tambak ayem kemawon “wong seneng kuwi ora kudu dituduh-tuduhne, nanging nek aku
oleh blaka, satemene wektu iki rasaning atiku ana sajroning dalan simpang. Ya
kuwi, ati sing sisih tengen rumangsa seneng merga krungu kesaguhane Ki Sarkara
kaya ngono kuwi mau, nanging ati sing sisih kiwa ketuwuhan rasa kuwatir sing
aku dhewe ora ngerti sing tak kuwatirake kuwi apa. Mula, saiki aku mung arep
meneng nganti ana putusan sing cetha saka Kanjeng Ratu sawise ndika sakloron lan Nyai Pandhanwangi
atur palapuran marang panjenengane”.
“Taksih wonten jejibahan ingkang kedah ndika lampahi
mBah Tambak” Nyai Pandhanwangi numpangi rembag “ndika boten kenging namung
kendel njagakaken kula menapa dene Ki Jurudah lan Ki Prasanta, awit ing
jejibahan menika mangke malah ndika ingkang baken, kasil utawi botenipun ndika
ingkang badhe ngraosaken, kula kalihan Ki Jurudah lan Kiprasanta menika namung
dhapur nindakaken kuwajibaning kawula awit kaprentah dening ratunipun”.
“Inggih Nyai” wangsulanipun mBah Tambak “kula
nglenggana ing babagan menika, nanginhg menawi dipun nalar sepisan malih kula
lan jengandika sami menika rak inggih sami-sami nembe nglampahi kuwajibaning
kawula dhateng Gustinipun, lelantaran nindakaken dhawuh saking Kanjeng Ratu”.
“Leres mBah Tambak” Nyai Pandhanwangi suka wangsulan
kalihan mesem “inggih awit saking menika, samangke sampun kedangon, mangga
tumunten sareng-sareng tumandang. Ing prakawis kelampahan utawi botenipun Kaki Sarkara
yasa padhukuhan Kepuhagal menika, ndika Raden Bagus Suwanda kaparenga amangarsani,
Panjawat kanan lan Panjawat kering kula pasrahaken dhateng Ki Jurudah miwah Ki
Prasanta, dene kula ingkang badhe anamengi Kaki Sarkara mbok menawi wonten
bebaya lan badhe suka pitedah mbok menawi ing mangkenipun Kaki Sarkara kapengkok
ing pancabaya”.
“Inggih Nyai boten langkung ngestokaken dhawuh”
wangsulanipun mBah Tambak ingkang lajeng dhawuh dhateng Ki Sarkara “Ki Sarkara,
gandheng ndika wis nyaguhi apa sing dadi rerigene wong papat iki, ya kuwi kaya
sing wis didhawuhake dening Nyai Pandhanwangi mau, mula dina iki uga ndika tak
prentah budhal ngajak anak lan bojo ndika nggoleki Wit Kepuh sing mau didhawuhake
Nyai Pandhanwangi lan nek wis ketemu ndika wiwiti anggon ndika mbabat alas yasa
padhukuhan sing nek klakon dadi, bakal duwe jeneng Padhukuhan Kepuhagal kuwi.”
Dereng ngantos Ki Sarkara atur wangsulan dhateng mBah
Tambak, dumadakan wonten mendhung mendhung peteng ingkang nutupi langit.
Kawontenan dados peteng dhet-dhet, bledheg ing langit sami sesautan
ambal-ambalan, ndadosaken kekesing manah. Boten namung Ki Sarkara kemawon
ingkang kekes manahipun nanging kalebet Nyai Sarkara ingkang kala wau nembe
bethak lan olah-olah wonten pawon ngraos ajrih. Lajeng petrek-petrek
nguwuh-nguwuh nyeluki anakipun jaler inggih pun Pradapa, ingkang kala wau nembe
dolanan wonten plataran ngajeng griyanipun mBah Tambak. Anyarengi kepanggihipun
Pradapa ingkang dening Biyungipun nunten kaajak nyaket Ki Sarkara, jawah saking
langit wiwit dhumawah. Tanpa sranta Ki Sarkara lajeng ngajak semah lan anakipun
ngiyub, mlebet dhateng salebeting griya, murih boten kejawahan.
Ngantos sawatawis dangun jawah ingkang deresipun
prasasat kados pineres saking langit menika boten tumuli terang. Malah sansaya
dangu kawontenan ugi sansaya peteng. Sinurung dening nalurining biyung, tanganipun
kanan Nyai Sarkara angekeb badanipun Pradapa, lan tanganipun ingkang kering
keket nggondheli tanganipun Ki Sarkara. Kawontenan sansaya nggegirisi malih
sareng kajawi jawah ugi wonten angin lesus ingkang kados pinusus, temah sampun damel
wit-witan sakiwa-tengening griyanipun mBah Tambak kathah ingkang sami rebah
kasulayah. Malah ugi kapireng dening tiyang tiga ingkang kedadosan saking Bapa,
Biyunbg lan Anak menika suwanten ingkang nedahaken empyak griyanipun mBah
Tambak ugi wonten ingkang kendhang katrajang ing angin lesus.
Ki Sarkara ugi sampun boten nggagas ing pundi
mapanipun mBah Tambak , Ki Jurudah lan Ki Prasanta miwah Nyai Pandhanwangi
ingkang kala wau sami lelenggahan ing lincak ingkang wonten plataran wingking .
Inggih awit saking deresing jawah saha bantering angin tuwin suwantening
bledheg ingkang boten kendel-kendel anggenipun tetarungan. Langkung-langkung
sareng sansaya dangu anginipun sansaya santer, suwanten empyaking griya ingkang
kabur katut angin sansaya damel kekesing manah.
Inggih ing kawontenan ingkang kados makaten menika, Ki Sarkara lajeng
wicanten dhateng anak lan semahipun murih sami merem, saprelu angrencangi
anggenipun badhe nenuwun dhateng Ingkang Maha Kawasa.
“mBokmu kandhanana anakmu supaya ngeremne mripate,
semono uga kowe remna mripatmu, rewang-rewangana nggonku arep nenuwun marang
Sing Maha Agung”
“Inggih Pakmu” wangsulanipun Nyai Sarkara kaliyan
ngusap praupanipun Pradapa murih merem.
Nalika Ki Sarkara ingkang kalihan ngeremaken mripatipun
nenuwun dhumateng Gusti Allah murih kaparingan slamet menika, dhumawahing angin
sansaya kraos banteripun. Ki Sarkara ngraosaken bilih badanipun badhe kabur
katut lampahing angin, boten sranta Ki Sarkara lajeng ngrayuk semah lan
anakipun kekalihipun dipun rangkul kenceng, kanthi tekad menawi ta ngantos sami
kabur katut ing angin boten sami pepisahan anggenipun dhumawah. Saestu kados ron-roning
wit-witan, Ki Sarkara sa-anak semahipun sami kabur katut angin. Namung eloking
kawontenan, badanipun Ki Sarkara sa-anak semahipun boten nanggor wit-witan
babar pisan, kamangka menika ing tengahing wana.
Sareng sampun sawatawis katut angin, Ki Sarkara
ngraosaken menawi dening angin ingkang nggondhol raganipun, dipun dhawahaken
ing siti, sareng kalihan anak saha semahipun. Lan nalika Ki Sarkara mbikak
mripatipun malih, piyambakipun jebul sampun gumlethak ing siti ingkang benthak,
boten ketuwuhan thethukulan menapa-menapa, jembaripun watawis selangkung
jangkah mubeng. Radi dangu Ki Sarkara ingkang sampun boten ngraosaken menawi
wonten angin menapa dene jawah sarta boten mireng suwantening bledheg ingkang
sesautan, tolah-toleh, ningali kanan lan kering. Lajeng wicanten dhateng
semahipun malih :
“mBokmu, lekna mripatmu, sajake awake dhewe wis lepas
saka bebaya”
“Inggih Pakmu” wangsulanipun Nyai Sarkara sarwi mbikak
mripatipun.
“Kok aneh ?” dumadakan Nyai Sarkara ngedalaken
panglocitaning manahipun.
“Iya pancen aneh mBokmu, lelakone awake dhewe iki
wiwit wingi pancen sarwa aneh”
wangsulanipun Ki Sarkara “yen ndelok kahanane wektu, iki nuduhake yen isih esuk
ngarepake pletheking srengenge. Kamangka saka rumangsaku, nggonku jagongan karo
mBah Tambak, Ki Jurudah, Ki Prasanta lan Nyai Pandhanwangi mau sawise aku bali
saka saka sendhang, lan wektune ya isih esuk. Lha iki kok sajake wis esuk maneh”.
“Lha sakniki awake piyambak niki dhateng pundi ta
Pakmu? Lha mBah Tambak kalihan tamu-tamunipun kala wau sakniki wonten pundi? Kok
awake dhewe dumadakan wonten mriki? Kamangka wau awakipun piyambak rak sami
ngiyub ing griyanipun mBah Tambak?” Nyai Sarkara pitaken dhateng kakungipun.
“Uwis, aja takon kuwi dhisik, aku dhewe lagi bingung”
wangsulanipun Ki Sarkara waton semaur, malah lajeng ngandhani anak semahipun
murih tangi “saiki ayo awake dhewe padha tangi aja kesuwen ngglethak neng suketan
ngene iki”.
“Inggih Pakmu” wangsulanipun Nyai Sarkara ingkang
lajeng ngandhani yoganipun “ayo Nang, tangi dhisik”.
“Iya Biyung aku wis tangi kok” wangsulanipun Pradapa,
ingkang lajeng kalihan semu gumun pitake dhateng tiyang sepuhipun jaler “Bapa……?
Bapa kuwi nyengkelit apa kok katon mramong kaya mawa ?”.
Ki Sarkara kaget manahipun awit dipun takeni makaten
menika dening yoganipun, mila boten sranta lajeng noleh lempengipun ingkang
dipun tudingi dening Pradapa. Ki Sarkara wiwit wau mila boten kraos menawi
estunipun ing lempengipun wonten Dhuwung ingkang dipun sengkelit ing tagenipun.
Sareng sumerep menawi piyambakipun nyengkelit dhuwung ingkang ketingal mramong
mratandhani bilih menika dhuwung pusaka, Ki Sarkara lajeng nyepeng ukiraning
dhuwung ingkang dipun sengkelit, lajeng kaunus saking warangkanipun.
Ananging daya-daya Ki Sarkara murungaken anggenipun
badhe ningali kados menapa wujudipun dhuwung ingkang dipun sengkelit nanging
boten kamangertosan asal-usuling pusaka menika . Ing talinganipun Ki Sarkara
wonten suwanten ingkang sakalangkung cetha. Suwantenipun tiyang estri ingkang
ngemu wibawa :
“Aja kesusu selak weruh kaya apa wujude pusaka sing
ana sengkelitan ndika kuwi Kaki. Keris kuwi mung saderma digadhuhne marang
ndika. Saiki sing baku ndika kudu eling marang kesaguhan ndika temah teka ing papan kene iki. Yen ndika isih
bingung marang kahanan sing ndika alami, ndika kudu ngerti kene iki papan
ngendi luwih dhisik. Sawangen ing mburi ndika kuwi wit apa ? muga-muga kanthi
nyawang wit sing agal dhewe tinimbang wit-witan liyane ndika dadi eling apa
sing dadi kesaguhan ndika”.
Tanpa kraos, Ki Sarkara lajeng noleh dhateng wingking.
Sakala sumerep wit kepuh ingkang agengipun kinten-kinten kalih prangkulanipun
tiyang kalih. Sakala Ki Sarkara kengetan dhateng menapa ingkang dipun
ngendikakaken Nyai Pandhanwangi dhateng piyambakipun bilih piyambakipun
kaparingan rerigen murih mbabat wana ing sakiwa tengenipun Wit Kepuh Agal.
“Sokur ta Kaki yen ndika wis eling marang eguh
pratikel lan rerigen sing wis tak kandhakne marang ndika. Lan sepisan maneh aja
gampang gumunan lan aja gampang kagetan, nanging dadia wong sing pinter lan
wicaksana. Sedhela maneh bakal teka ing ngarep ndika, wong-wong sing asale saka
Padhukuhan Tambaksela. nDika ora tak lilani takon apa-apa marang wong-wong sing
ngadhep ndika kuwi, ndika kudu wangsulan sing sipate mbenerake apa sing dadi
kandhane wong-wong kuwi mengko. Wis semene dhisik mengko wae disambung maneh….
Saiki diage ndika temoni wong-wong sing suwarane wis keprungu saka kene kae”
Suwantenipun Nyai Pandhanwangi dumeling malih ing talinganipun Ki Sarkara,
paring prentah murih manggihi tiyang-tiyang ingkang criyosipun saking
Padhukuhan Tambaksela.
Mila leres, dumadakan Ki Sarkara mireng suwantenipun
tiyang kathah ingkang ketingalipun nembe mlampah tumuju dhateng papanipun mriku
niku. Ki Sarkara lajeng ngandhani semah
lan anakipun kados anggenipun mituturi Nyai Pandhanwangi dhateng piyambakipun kala
wau :
“mBokmu, kae ana suwarane wong omong-omongan. Ngertia,
wong-wong kae arep padha mrene nemoni awake dhewe. Mengko tak jaluk kowe aja
gumunan, aja kagetan, aja takon apa-apa marang wong-wong sing teka kene, cukup
aku wae sing guneman kanggo mangsuli omongane wong-wong sing arep mrene kae”.
“Inggih Pakmu” wangsulanipun Nyai Sarkara, kalihan ing
batos rumaos sansaya gumun kalihan sikepipun Ki Sarkara.
Jebul ingkang dumugi papan mriku cacahipun kathah
sanget, saklebatan dipun etang Ki Sarkara cacahipun langkung saking sedasa
tiyang. Sedaya sami sikep gegaman. Wonten ingkang mbeta Clurit, Pedhang, Tumbak
lan sanes-sanesipun. Sareng sampun dumugi ngajengipun Ki Sarkara watawis sedasa
jangkah lajeng sami mandheg. Salah setunggal saking tiyang-tiyang ingkang nembe
dugi niku lajeng majeng sajangkah, nganthukaken sirah minangka tandha kurmat,
lajeng pitaken dhateng Ki Sarkara :
Nuwun sewu, sinten jengandika niku
Kang angemu teja
Menapa ndika puniki
Ki Sarkara Pangumbara saking Pajang ?
Ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar